Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 31

Menghargai Kesempatan Isa Ndonga karo Yéhuwah

Menghargai Kesempatan Isa Ndonga karo Yéhuwah

”Muga-muga dongaku kaya dupa sing disiapké ing ngarepé Njenengan.”​—MZM. 141:2, cathetan ngisor.

LAGU 47 Ayo Ndonga Saben Dina

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa ndonga kuwi kesempatan sing luar biasa?

 NDONGA kuwi kesempatan sing luar biasa. Awaké dhéwé isa omong-omongan karo sing nggawé langit lan bumi. Wektu ndonga, awaké dhéwé ya isa nyritakké kabèh perasaané awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé ya isa ndonga kapan waé lan nganggo basa apa waé. Malah, meskipun lagi lara utawa dipenjara, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal tetep ngrungokké dongané awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga nduwé kesempatan isa ndonga karo Yéhuwah.

2. Merga menghargai kesempatan isa ndonga karo Yéhuwah, Daud piyé?

2 Raja Daud ya menghargai kesempatan isa ndonga karo Yéhuwah. Daud tau kandha, ”Muga-muga dongaku kaya dupa sing disiapké ing ngarepé Njenengan.” (Mzm. 141:1, 2, cathetan ngisor ayat 2.) Mbiyèn, dupa sing dienggo ngibadah kuwi kudu disiapké tenanan. (Pa. 30:34, 35) Kaya dupa kuwi, Daud ya mikirké tenanan apa sing arep didongakké. Awaké dhéwé mesthi péngin niru Daud bèn dongané awaké dhéwé ya nyenengké Yéhuwah.

3. Wektu ndonga karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé, lan kenapa?

3 Wektu ndonga, awaké dhéwé kudu nduduhké nèk bener-bener ngajèni Yéhuwah. Mbiyèn, Yésaya, Yèhèzkièl, Danièl, lan Yohanes éntuk wahyu sing nduduhké nèk Yéhuwah kuwi luar biasa. Mémang, wahyu sing ditampa kuwi béda-béda. Tapi, kabèh wahyu kuwi nggambarké nèk Yéhuwah dadi Raja sing lagi lungguh ing takhta. Misalé, Yésaya ndelok Yéhuwah ”lungguh ing takhtané sing dhuwur”. (Yés. 6:1-3) Yèhèzkièl ndelok nèk ing sak ubengé takhtané Yéhuwah ”ana cahaya kaya pelangi”. (Yèh. 1:26-28) Danièl ndelok ”Sing Lanjut Usia” nganggo klambi putih lan ana geni ing takhtané. (Dan. 7:9, 10) Terus, Yohanes ndelok Yéhuwah lungguh ing takhta sing diubengi pelangi sing wernané kaya zamrud. (Why. 4:2-4) Nèk ngrenungké wahyu sing ditampa karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé mesthi luwih menghargai kesempatan isa ndonga karo Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé isa ndongakké apa waé?

”KOWÉ KUDU NDONGA KAYA NGÉNÉ”

4. Saka Matius 6:9, 10, apa waé sing isa didongakké?

4 Wacanen Matius 6:9, 10. Pas Ceramah ing Gunung, Yésus ngajari murid-muridé carané ndonga. Yésus kandha, ”Kowé kudu ndonga kaya ngéné.” Bar kuwi, Yésus nyebutké apa waé sing isa didongakké. Sing pertama bèn jenengé Yéhuwah disucèkké. Sing keloro bèn Kerajaané Gusti Allah teka lan nyingkirké kabèh mungsuhé Gusti Allah. Sing ketelu bèn kepénginané Yéhuwah kelakon ing bumi. Nèk ndongakké kuwi kabèh, kuwi berarti awaké dhéwé nduduhké nèk kepénginané Yéhuwah kuwi luwih penting.

5. Awaké dhéwé isa ndongakké apa manèh?

5 Ing Matius 6:11-13, Yésus ya nyebutké apa manèh sing isa didongakké. Awaké dhéwé isa njaluk bèn Yéhuwah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé dina kuwi, ngapura dosa-dosané awaké dhéwé, mbantu awaké dhéwé bèn ora nyerah, lan nylametké awaké dhéwé saka Iblis. Nèk ndongakké kuwi kabèh, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah lan péngin nyenengké Dhèwèké.

Sedulur lanang karo bojoné isa ndongakké apa waé? (Deloken paragraf 6) *

6. Apa dongané awaké dhéwé kudu persis karo conto donga sing diajarké Yésus? Jelasna.

6 Meskipun mènèhi conto carané ndonga, tapi Yésus ora péngin murid-muridé niru persis conto donga kuwi. Malah wektu ndonga, Yésus dhéwé ya ora selalu nganggo kata-kata sing padha. Dongané Yésus sesuai karo kebutuhané wektu kuwi. (Mat. 26:39, 42; Yoh. 17:1-26) Awaké dhéwé ya isa kaya ngono. Wektu kudu nggawé keputusan, awaké dhéwé isa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. (Mzm. 119:33, 34) Wektu éntuk tugas sing angèl, awaké dhéwé isa ndonga bèn Yéhuwah mènèhi pengetahuan lan pertimbangan sing apik. (WB. 2:6) Wong tuwa isa ndongakké anak-anaké, lan anak-anak ya isa ndonga kanggo wong tuwané. Terus, awaké dhéwé ya kudu ndonga kanggo wong-wong sing dibantu sinau Alkitab lan wong-wong sing dikabari. Tapi, aja nganti isi dongané awaké dhéwé mung njaluk terus.

Awaké dhéwé isa ngucap syukur karo Yéhuwah merga apa waé? (Deloken paragraf 7-9) *

7. Wektu ndonga, kenapa awaké dhéwé kudu muji Yéhuwah?

7 Wektu ndonga, awaké dhéwé ya kudu muji Yéhuwah. Mung Yéhuwah sing pantes dipuji. Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah kuwi ”apikan lan gelem ngapura”. Dhèwèké ya ”gampang mesakké, ora gampang nesu, nduwé katresnan sing gedhé banget, lan setya”. (Mzm. 86:5, 15) Merga sipat-sipaté sing apik lan perbuatané sing luar biasa, Yéhuwah mémang pantes dipuji.

8. Kenapa awaké dhéwé kudu ngucap syukur karo Yéhuwah? (Mazmur 104:12-15, 24)

8 Sakliyané muji Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngucap syukur. Kenapa? Ana akèh sing wis diwènèhké Yéhuwah bèn awaké dhéwé isa bahagia. Misalé, Yéhuwah nyiptakké kembang sing warna-warni lan panganan sing énak-énak. Yéhuwah ya mènèhi awaké dhéwé kanca-kanca sing apikan. Tapi sakjané, isih ana akèh sing Yéhuwah wènèhké kanggo awaké dhéwé. (Wacanen Mazmur 104:12-15, 24.) Awaké dhéwé isa ngucap syukur karo Yéhuwah merga terus mènèhi arahan saka Alkitab lan harapan urip saklawasé ing Firdaus.

9. Piyé carané bèn awaké dhéwé ora lali ngucap syukur karo Yéhuwah? (1 Tésalonika 5:17, 18)

9 Tapi kadhang, awaké dhéwé lali ngucap syukur karo Yéhuwah. Terus, piyé carané bèn ora lali? Coba tulisen njenengan tau ndonga njaluk apa waé karo Yéhuwah. Terus saben kuwi dijawab, njenengan isa ndonga ngomong maturnuwun karo Yéhuwah. (Wacanen 1 Tésalonika 5:17, 18.) Awaké dhéwé mesthi seneng nèk wong liya ngomong maturnuwun karo awaké dhéwé. Yéhuwah ya kaya ngono. Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé ngucap syukur karo Dhèwèké. (Kol. 3:15) Tapi sakjané, ana alesan liyané awaké dhéwé kudu ngucap syukur karo Yéhuwah.

BERSYUKUR MERGA TEBUSAN

10. Kenapa awaké dhéwé kudu bersyukur karo Yéhuwah merga wis ngutus Yésus? (1 Pétrus 2:21)

10 Wacanen 1 Pétrus 2:21. Awaké dhéwé kudu ngucap syukur karo Yéhuwah merga wis ngutus Anaké. Saka Yésus, awaké dhéwé isa kenal Yéhuwah lan ngerti piyé carané isa nyenengké Yéhuwah. Terus nèk percaya karo korban tebusané Yésus, awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah lan dadi kancané.​—Rm. 5:1.

11. Kenapa kudu ndonga liwat Yésus?

11 Yéhuwah ngrungokké lan njawab donga sing disampèkké liwat Yésus. Yéhuwah nggunakké Yésus kanggo njawab dongané awaké dhéwé. Yésus tau ngomong, ”Apa waé sing mbok jaluk nganggo jenengku bakal tak tindakké supaya Bapak dimulyakké liwat Anak.” (Yoh. 14:13, 14) Dadi, awaké dhéwé mesthi bersyukur merga isa ndonga karo Yéhuwah liwat Yésus.

12. Apa alesan liyané awaké dhéwé kudu bersyukur karo Yéhuwah?

12 Merga ana korban tebusané Yésus, Yéhuwah isa ngapura dosané awaké dhéwé. Ing Alkitab ditulis nèk Yésus kuwi ”imam agung” sing ”lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah sing Hébat sing ana ing takhtané ing swarga”. (Ibr. 8:1) Yésus kuwi ”sing nulungi awaké dhéwé” lan ”sing ana bareng karo Bapak”. (1 Yoh. 2:1) Terus, Yésus kuwi imam agung sing ngerti kelemahané awaké dhéwé lan ”njaluk kanggo awaké dhéwé”. (Rm. 8:34; Ibr. 4:15) Kuwi sebabé, awaké dhéwé mesthi bersyukur karo Yéhuwah merga nduwé imam agung sing kaya ngono. Merga ora sampurna, awaké dhéwé butuh korban tebusané Yésus bèn isa ndonga karo Yéhuwah. Nèk ngrenungké soal kuwi, awaké dhéwé mesthi bersyukur banget karo Yéhuwah merga wis ngutus Yésus.

NDONGAKKÉ SEDULUR-SEDULUR

13. Pas bengi sakdurungé Yésus mati, piyé Yésus nduduhké nèk sayang karo murid-muridé?

13 Yésus kuwi sayang banget karo murid-muridé. Meskipun Yésus arep ngadhepi masalah sing abot, tapi Yésus tetep mikirké murid-muridé. Pas bengi sakdurungé mati, Yésus ndonga suwé banget kanggo murid-muridé. Yésus njaluk bèn Yéhuwah ”nglindhungi [murid-muridé] saka si Iblis”.​—Yoh. 17:15.

Wektu ndongakké sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa ngomong apa? (Deloken paragraf 14-16) *

14. Apa buktiné nèk awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur?

14 Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu mikirké wong liya. Dadi wektu ndonga, awaké dhéwé isa ndongakké sedulur-sedulur. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé manut karo préntahé Yésus, yaiku kudu saling menyayangi, lan bukti nèk awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur. (Yoh. 13:34) Ndongakké sedulur-sedulur kuwi ana manfaaté. Ing Alkitab disebutké, ”Dongané wong bener kuwi gedhé kekuwatané lan bener-bener isa mbantu wong liya.”​—Yak. 5:16.

15. Kenapa awaké dhéwé kudu ndongakké sedulur-sedulur?

15 Awaké dhéwé kudu ndongakké sedulur-sedulur merga sedulur-sedulur kuwi ngadhepi akèh masalah. Misalé, ana sing lara, kena bencana alam, dadi korban perang, dianiaya, utawa ngadhepi masalah liyané. Nèk njenengan kenal sedulur-sedulur sing mungkin lagi ngadhepi masalah-masalah kuwi, njenengan isa nyebutké jenengé wektu ndonga. Njenengan isa njaluk bèn Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn kuwat ngadhepi masalahé. Awaké dhéwé ya isa ndongakké sedulur-sedulur sing réla berkorban kanggo mbantu sedulur-sedulur liyané. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé bener-bener sayang karo sedulur-sedulur.

16. Kenapa awaké dhéwé kudu ndongakké sedulur-sedulur lanang sing nduwé tugas tambahan ing organisasi?

16 Awaké dhéwé ya kudu ndongakké sedulur-sedulur lanang sing nduwé tugas tambahan ing organisasi. Sedulur-sedulur kuwi mesthi seneng nèk didongakké. Mbiyèn, Rasul Paulus ya tau njaluk bèn sedulur-sedulur ndongakké dhèwèké. Rasul Paulus kandha, ”Tulung aku ya didongakké, bèn wektu aku ngomong, aku isa kendel martakké rahasia suci soal kabar apik.” (Éf. 6:19) Kaya Rasul Paulus, jaman saiki ya ana akèh sedulur-sedulur sing kerja keras ngopèni umaté Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi péngin ndonga bèn Yéhuwah mberkahi upayané sedulur-sedulur kuwi. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur kuwi.

WEKTU DIKON NDONGA ING NGAREPÉ WONG LIYA

17-18. Awaké dhéwé isa waé ndonga ing ngarepé wong liya pas apa waé, terus ndongané kudu piyé?

17 Kadhang, awaké dhéwé isa waé dikon ndonga ing ngarepé wong liya. Misalé, sedulur wédok sing dijak ngancani mulang Alkitab mungkin dikongkon ndonga. Merga durung pati kenal karo sing sinau, dhèwèké mungkin mikir nèk luwih apik ndonga penutup waé. Dadi, sedulur wédok kuwi isa nyampèkké donga sing sesuai karo kebutuhané sing sinau.

18 Conto liyané, mungkin ana sedulur lanang sing ditugasi kanggo ndonga pas pertemuan ibadah utawa pertemuan sakdurungé nginjil. Nèk ngono, sedulur kuwi kudu éling apa tujuané pertemuan kuwi. Terus, isi dongané ya aja nganti kaya mènèhi naséhat utawa nyampèkké pengumuman. Sakliyané kuwi, merga wektu kanggo ndonga lan nyanyi kuwi biasané mung limang menit, luwih apik ndongané aja terlalu ”dawa”, apa manèh nèk kuwi donga sakdurungé pertemuan ibadah.​—Mat. 6:7.

TERUS NDONGA

19. Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa tetep setya lan dislametké pas Armagédon teka?

19 Merga Armagédon wis mèh teka, awaké dhéwé kudu luwih kerep ndonga. Yésus tau kandha, ”Kowé kudu terus jaga-jaga. Kowé ya kudu terus njaluk bèn kowé isa slamet ngliwati kabèh sing wis ditentokké kudu kelakon.” (Luk. 21:36) Nèk luwih kerep ndonga, imané awaké dhéwé isa luwih kuwat lan awaké dhéwé isa tetep setya bèn sukmbèn isa dislametké pas Armagédon teka.

20. Piyé bèn dongané awaké dhéwé kaya dupa sing wangi?

20 Apa waé sing wis dirembug ing artikel iki? Awaké dhéwé mesthi péngin menghargai kesempatan isa ndonga karo Yéhuwah. Sing pertama kudu didongakké kuwi bèn jenengé Yéhuwah disucèkké lan bèn sing dikarepké Yéhuwah kelakon ing bumi. Terus, awaké dhéwé kudu ngucap syukur merga Yéhuwah wis mènèhké Anaké lan merga pamréntahané sing sukmbèn mènèhi berkah kanggo manungsa. Awaké dhéwé ya kudu ndongakké sedulur-sedulur. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ndonga bèn Yéhuwah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé saben dina lan mbantu awaké dhéwé nduwé iman sing kuwat. Nèk mikirké tenanan arep ndongakké apa, kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai kesempatan sing luar biasa isa ndonga karo Yéhuwah. Muga-muga, dongané awaké dhéwé kaya dupa sing wangi sing nggawé Yéhuwah ”seneng”.​—WB. 15:8.

LAGU 45 Sing Kuduné Tak Pikirké

^ Awaké dhéwé mesthi menghargai kesempatan isa ndonga karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ya péngin dongané awaké dhéwé kaya dupa sing wangi sing nyenengké Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas awaké dhéwé isa ndongakké apa waé. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé nèk awaké dhéwé dikon ndonga ing ngarepé wong liya.

^ GAMBAR: Suami istri sing lagi ndongakké anaké, wong tuwané sing lara, lan sing sinau Alkitab.

^ GAMBAR: Sedulur lanang sing ngucap syukur karo Yéhuwah merga tebusan, merga ciptaané Yéhuwah sing apik, lan merga panganan sing énak-énak.

^ GAMBAR: Sedulur wédok sing ndonga bèn Yéhuwah mbantu Pengurus Pusat, sedulur-sedulur sing kena bencana, lan sedulur-sedulur sing dianiaya.