Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 30

Sinau saka Ramalan soal Ula lan Keturunané Wong Wédok

Sinau saka Ramalan soal Ula lan Keturunané Wong Wédok

”Aku bakal nggawé kowé lan wong wédok kuwi mungsuhan.”​—PD. 3:15.

LAGU 15 Muji Anaké Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Sakwisé Adam karo Hawa nggawé dosa, Yéhuwah piyé? (Purwaning Dumadi 3:15)

 SAKWISÉ Adam karo Hawa nggawé dosa, Yéhuwah nyebutké ramalan soal harapan kanggo keturunané wong loro kuwi. Ramalan kuwi dicathet ing Purwaning Dumadi 3:15.​—Wacanen.

2. Kenapa ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15 kuwi penting banget?

2 Ramalan kuwi ditulis ing buku pertama ing Alkitab, lan ramalan kuwi penting banget. Kenapa? Merga ramalan sing ditulis ing Purwaning Dumadi 3:15 dadi topik utamané Alkitab lan kabèh buku liyané ing Alkitab ana hubungané karo ramalan kuwi. Ing ramalan kuwi disebutké nèk bakal ana sing nylametké manungsa lan nyingkirké Iblis karo para pengikuté. * Pas ramalan kuwi kelakon, umaté Yéhuwah mesthi bakal bahagia.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Tokoh-tokoh sing disebutké ing Purwaning Dumadi 3:15 kuwi sapa? Ramalan kuwi kelakoné piyé? Nèk sinau soal ramalan kuwi, manfaaté apa?

TOKOH-TOKOH SING DISEBUTKÉ ING RAMALAN KUWI SAPA?

4. ”Ula” kuwi sapa, lan saka ngendi awaké dhéwé ngerti?

4 Ing Purwaning Dumadi 3:14, 15 disebutké ana ”ula” lan ’keturunané’. Sakliyané kuwi, ya ana ”wong wédok” lan ”keturunané wong wédok”. Tokoh-tokoh kuwi maksudé sapa? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané saka Alkitab. * ”Ula” sing disebutké ing ramalan kuwi mesthi dudu ula tenanan. Ing Wahyu 12:9 disebutké nèk ”ula sing pertama” kuwi Sétan si Iblis. Lha terus, keturunané ula kuwi sapa?

ULA

Sétan si Iblis, sing disebut ”ula sing pertama” ing Wahyu 12:9 (Deloken paragraf 4)

5. Keturunané ula kuwi sapa?

5 Ing Alkitab, sing dimaksud keturunan kuwi ora selalu anak. Tapi, kuwi ya isa berarti wong-wong sing kelakuané niru persis wong liya nganti isa disebut anaké. Dadi, keturunané ula kuwi wong-wong lan para malaékat sing mbrontak nglawan Yéhuwah lan sengit karo umaté. Kuwi persis kaya Sétan. Mbiyèn pas jamané Nuh, ana malaékat-malaékat sing ora manut karo Yéhuwah. Terus, ya ana wong-wong sing kelakuané jahat kaya Sétan. Malaékat lan wong-wong kuwi termasuk keturunané ula.​—PD. 6:1, 2; Yoh. 8:44; 1 Yoh. 5:19; Yud. 6.

KETURUNANÉ ULA

Wong-wong lan para malaékat sing mbrontak nglawan Yéhuwah lan sengit karo umaté (Deloken paragraf 5)

6. Kok isa ”wong wédok” ing ramalan kuwi mesthi dudu Hawa?

6 Terus, ”wong wédok” ing ramalan kuwi sapa? Wong wédok kuwi dudu Hawa. Kok isa? Ing Purwaning Dumadi 3:15 disebutké nèk keturunané wong wédok kuwi bakal ”ngremuk” endhasé ula. Terus kaya sing wis dirembug mau, ula kuwi maksudé Sétan. Apa ya mungkin ana keturunané Hawa sing isa ngremuk lan nyingkirké Sétan? Mesthiné ora, ta? Nèk dudu Hawa, terus wong wédok kuwi sapa?

7. Nurut keterangan ing Wahyu 12:1, 2, 5, 10, sapa sing dimaksud wong wédok ing Purwaning Dumadi 3:15?

7 Nèk maca buku Wahyu, awaké dhéwé isa ngerti sapa sing dimaksud wong wédok ing Purwaning Dumadi 3:15. (Wacanen Wahyu 12:1, 2, 5, 10.) Ing kono disebutké nèk ing ngisoré wong wédok kuwi ana bulan lan ing sirahé ana mahkota sing digawé saka bintang 12. Wong wédok kuwi ya nglairké anak lanang yaiku Kerajaané Gusti Allah. Kerajaan kuwi ana ing swarga. Dadi, wong wédok kuwi mesthi ya ana ing swarga. Wong wédok kuwi maksudé organisasiné Yéhuwah ing swarga yaiku para malaékaté Yéhuwah sing setya.​—Gal. 4:26.

WONG WÉDOK

Organisasiné Yéhuwah ing swarga yaiku para malaékaté Yéhuwah sing setya (Deloken paragraf 7)

8. Keturunané wong wédok kuwi sapa, lan kapan dhèwèké dadi keturunané wong wédok kuwi? (Purwaning Dumadi 22:15-18)

8 Keturunané wong wédok kuwi sapa waé? Ing Alkitab disebutké nèk keturunané wong wédok kuwi saka keturunané Abraham. (Wacanen Purwaning Dumadi 22:15-18.) Tapi merga keturunané wong wédok kuwi bakal nyingkirké Sétan, mesthiné iki dudu manungsa biasa. Kaya sing ditulis ing Alkitab, Yésus mémang keturunané Abraham. (Luk. 3:23, 34) Tapi kapan Yésus dadi keturunané wong wédok mau? Pas umur 30 taun, Yésus dilantik nganggo roh suci lan dadi Anaké Gusti Allah. Merga Yésus wis dilantik, Yésus dadi keturunané wong wédok kuwi. (Gal. 3:16) Sakwisé Yésus diuripké manèh, Gusti Allah ”nggawé dhèwèké diajèni lan dihormati”. (Ibr. 2:7) Gusti Allah ya mènèhi Yésus ”kabèh wewenang ing swarga lan ing bumi”, termasuk wewenang ”kanggo nyingkirké kabèh tumindaké Iblis”.​—Mat. 28:18; 1 Yoh. 3:8.

KETURUNANÉ WONG WÉDOK

Yésus karo 144.000 sing bakal mréntah bareng karo Yésus (Deloken paragraf 8-9)

9-10. (a) Sapa manèh sing dadi keturunané wong wédok kuwi, lan kapan wong-wong kuwi dadi bagéan saka keturunané wong wédok? (b) Apa sing bakal dirembug paragraf-paragraf berikuté?

9 Ora mung Yésus sing dadi keturunané wong wédok kuwi. Rasul Paulus tau ngomong ngéné karo wong Yahudi lan sing dudu Yahudi, ”Nèk kowé duwèké Kristus, kowé bener-bener keturunané. Abraham lan kowé isa nampa warisan sing wis dijanjèkké.” (Gal. 3:28, 29) Yéhuwah nglantik wong-wong Kristen nganggo roh suciné. Mulané, wong-wong kuwi ya dadi bagéan saka keturunané wong wédok kuwi. Dadi kesimpulané, keturunané wong wédok kuwi Yésus karo 144.000 sing bakal mréntah bareng karo Yésus. (Why. 14:1) Kabèh sing dadi keturunané wong wédok kuwi mesthi péngin nduwé pandhangan sing padha lan niru Yéhuwah.

10 Awaké dhéwé kan wis ngerti tokoh-tokoh sing disebutké ing Purwaning Dumadi 3:15 kuwi sapa. Saiki, ayo ngrembug piyé ramalan kuwi kelakon lan apa manfaaté nèk sinau ramalan kuwi.

PIYÉ RAMALAN KUWI KELAKON?

11. Ramalan nèk ula bakal ngremuk ”tungkaké” keturunané wong wédok kelakoné piyé?

11 Ing Purwaning Dumadi 3:15, disebutké nèk ula ngremuk ”tungkaké” keturunané wong wédok. Kuwi kelakon pas Sétan nggunakké wong Yahudi lan wong Roma kanggo matèni Yésus. (Luk. 23:13, 20-24) Merga dipatèni, Yésus sementara ora isa ngapa-ngapa. Kuwi kaya wong sing tungkaké luka sing mungkin sementara dadi ora isa mlaku. Nganti mèh telung dina, Yésus bener-bener ora isa berbuat apa-apa.​—Mat. 16:21.

12. Kapan lan piyé carané Sétan disingkirké?

12 Bèn ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15 bener-bener kelakon kabèh, Yésus kudu diuripké manèh. Lha ngapa? Merga nurut ramalan kuwi, keturunané wong wédok kudu ngremuk endhasé ula. Mula pas dina ketelu, Yésus diuripké manèh dadi makhluk roh. Terus mengko pas wektuné, Yésus bakal bener-bener nyingkirké Sétan. (Ibr. 2:14) Yésus karo 144.000 bakal nggawé bumi iki bébas saka mungsuh-mungsuhé Gusti Allah.​—Why. 17:14; 20:4, 10. *

MANFAATÉ KANGGO AWAKÉ DHÉWÉ

13. Apa manfaaté merga ramalan iki kelakon?

13 Apa manfaaté merga ramalan iki kelakon? Yésus dadi manungsa pas teka ing bumi. Dhèwèké nduwé sipat-sipat sing padha persis kaya Yéhuwah. (Yoh. 14:9) Dadi liwat Yésus, awaké dhéwé isa sayang lan luwih kenal karo Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya isa éntuk manfaat saka ajarané Yésus lan saka carané ngarahké murid-muridé jaman saiki. Yésus ya ngandhani piyé carané bèn awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah. Sakliyané kuwi merga Yésus wis mati lan diuripké manèh, dhèwèké isa mènèhké korban tebusan sing isa ”ngresiki awaké dhéwé saka kabèh dosa”.​—1 Yoh. 1:7.

14. Apa ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15 bakal langsung kelakon kabèh? Jelasna.

14 Apa ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15 bakal langsung kelakon kabèh? Ora. Wong wédok sing disebutké ing ramalan kuwi kudu nduwé keturunan. Ula utawa Sétan ya kudu nduwé pengikut sik. Terus, wong wédok lan keturunané bakal mungsuhan karo ula lan keturunané. Saka ramalan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Sétan bakal mempengaruhi wong-wong bèn sengit karo umaté Yéhuwah. Yésus ya tau ngomong nèk murid-muridé bakal disengiti. (Mrk. 13:13; Yoh. 17:14) Kuwi bukti nèk ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15 ya kelakon jaman saiki.

15. Kenapa akèh wong saiki sengit karo umaté Yéhuwah, lan kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi?

15 Ora suwé sakwisé Yésus dadi Raja taun 1914, Sétan diuncalké saka swarga. (Why. 12:9, 12) Sétan nesu banget. Dhèwèké ngerti nèk sedhéla manèh bakal disingkirké. Dhèwèké saiki ana ing bumi lan mempengaruhi wong-wong bèn sengit karo umaté Yéhuwah. (Why. 12:13, 17) Mulané jaman saiki, akèh sing sengit karo awaké dhéwé. Tapi, awaké dhéwé ora perlu wedi. Kaya Rasul Paulus, awaké dhéwé isa yakin, ”Nèk Gusti Allah mihak awaké dhéwé, sapa sing isa menang nglawan awaké dhéwé?” (Rm. 8:31) Awaké dhéwé isa bener-bener percaya karo Yéhuwah merga ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15 sebagéan wis kelakon.

16-18. Manfaat apa sing dirasakké karo Sedulur Edward, Ursula, lan Jessica merga sinau ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15?

16 Nèk ngrenungké ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15, awaké dhéwé mesthi bakal dikuwatké bèn isa ngatasi masalah apa waé. Sedulur Edward, sing nglayani dadi utusan injil ing Guam, crita ngéné, ”Kadhang pas ngalami masalah sing abot, rasané péngin nyerah waé. Tapi, aku ngrenungké ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15. Bar ngrenungké kuwi, aku dadi tetep percaya karo Yéhuwah.” Sedulur Edward bener-bener berharap wektuné Yéhuwah nyingkirké kabèh masalah.

17 Sedulur wédok sing jenengé Ursula saka Bavaria, Jerman, ngrasakké manfaaté merga sinau ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15. Dhèwèké ngomong nèk dadi tambah yakin nèk Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah. Dhèwèké kagum merga ngerti nèk ramalan-ramalan liyané ing Alkitab ana hubungané karo ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15. Sedulur Ursula ya dadi tambah sayang karo Yéhuwah pas ngerti nèk Yéhuwah langsung bertindak bèn keturunané Adam tetep isa nduwé harapan.

18 Sedulur Jessica saka Mikronesia kandha, ”Seneng banget pas ngerti ajaran sing bener. Saka ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15, aku dadi ngerti kenapa awaké dhéwé saiki uripé susah. Yéhuwah sakjané ora péngin awaké dhéwé uripé kaya ngéné. Aku ya dadi semakin yakin nèk aku nglayani Yéhuwah, aku isa bener-bener bahagia saiki nganti saklawasé.”

19. Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk Sétan bakal bener-bener disingkirké?

19 Kaya sing dirembug ing artikel iki, awaké dhéwé wis ngerti keturunané ula karo keturunané wong wédok kuwi sapa. Terus, awaké dhéwé ya ngrembug nèk Yésus kuwi keturunané wong wédok. Kaya sing diramalké, Yésus seolah-olah wis diremuk tungkaké lan saiki dadi Raja sing ora isa mati. Sakliyané kuwi, Yéhuwah wis milih wong-wong sing bakal mréntah bareng karo Yésus ing swarga. Wong-wong kuwi ya dadi bagéan saka keturunané wong wédok. Saiki, awaké dhéwé berharap ramalan soal ula sing diremuk endhasé ya kelakon. Pas kuwi kelakon, umaté Yéhuwah mesthi seneng banget merga Sétan disingkirké. Mula, aja nyerah. Awaké dhéwé kudu terus percaya karo Yéhuwah. Liwat keturunané wong wédok, Yéhuwah bakal mberkahi ”kabèh bangsa ing bumi”.​—PD. 22:18.

LAGU 23 Kerajaané Yéhuwah Wis Mréntah

^ Ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15 ana hubungané karo ramalan-ramalan liyané ing Alkitab. Nèk sinau soal ramalan kuwi, imané awaké dhéwé isa tambah kuwat lan awaké dhéwé isa tambah yakin nèk Yéhuwah bakal nepati kabèh janjiné.

^ Deloken Lampiran B1 ”Berita Utama Alkitab” ing Alkitab Terjemahan Donya Anyar.

^ Deloken kothak ”Tokoh-Tokoh sing Disebutké ing Purwaning Dumadi 3:14, 15”.