Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Apa maksudé pas Yésus ngomong, ”Aja ngira nèk aku teka nggawa rukun”?

Yésus mulang murid-muridé bèn rukun karo kabèh wong. Tapi, dhèwèké ya tau ngomong karo murid-muridé, ”Aja ngira nèk aku teka nggawa rukun ing bumi. Aku teka ora nggawa rukun, ning nggawa pedhang. Tekaku iki nggawé wong mungsuhan. Anak lanang nglawan bapaké, anak wédok nglawan ibuné, lan mantu wédok nglawan ibu maratuwané.” (Mat. 10:34, 35) Apa maksudé omongané Yésus kuwi?

Yésus péngin saben keluarga kuwi rukun lan saling menyayangi. Tapi Yésus ngerti nèk wong-wong sing péngin dadi muridé bakal dimungsuhi wong liya, termasuk keluargané. Mula, awaké dhéwé kudu siap nèk ana keluarga sing ngécé utawa sengit karo awaké dhéwé. Wektu kuwi kelakon, isa waé awaké dhéwé dadi ora semangat manèh nglayani Yéhuwah.

Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu ”rukun karo kabèh wong”. (Rm. 12:18) Tapi, sing diwulangké Yésus isa dadi kaya ”pedhang”. Kuwi maksudé, mungkin ana keluargané awaké dhéwé sing ora seneng karo ajarané Yésus. Akibaté, awaké dhéwé ”dimungsuhi” karo wong-wong kuwi.​—Mat. 10:36.

Nèk manggon karo keluarga sing ora seiman, isa waé ora gampang. Mungkin, ana situasi sing nggawé awaké dhéwé kudu milih arep nyenengké Yéhuwah lan Yésus utawa keluarga. Misalé, piyé nèk ana sing meksa awaké dhéwé mèlu ngrayakké hari raya? Yésus ngomong, ”Sapa waé sing luwih sayang karo bapaké utawa ibuné timbang karo aku ora pantes dadi muridku.” (Mat. 10:37) Tapi, apa kuwi berarti awaké dhéwé ora éntuk sayang manèh karo keluarga bèn isa dadi muridé Yésus? Ora ngono. Yésus péngin awaké dhéwé ngerti endi sing kudu luwih diutamakké. Dadi, nèk misalé keluargané awaké dhéwé nglarang utawa sengit merga awaké dhéwé nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal tetep sayang karo wong-wong kuwi. Tapi, awaké dhéwé kudu luwih ngutamakké Yéhuwah.

Mesthi sedhih banget nèk disengiti karo keluarga. Tapi, awaké dhéwé isa ngéling-éling kata-katané Yésus iki, ”Sapa waé sing ora gelem nampa cagak hukumané lan ngetutké aku ora pantes dadi muridku.” (Mat. 10:38) Dadi, nèk awaké dhéwé disengiti karo keluarga merga sinau Alkitab, kuwi sakjané bukti nèk awaké dhéwé muridé Yésus. Terus nèk awaké dhéwé tetep apikan meskipun dimungsuhi, isa waé keluargané awaké dhéwé dadi ora sengit manèh lan malah gelem sinau Alkitab.​—1 Ptr. 3:1, 2.