Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 29

Apa Njenengan Bener-Bener Siap Ngadhepi Sengsara Gedhé?

Apa Njenengan Bener-Bener Siap Ngadhepi Sengsara Gedhé?

”Kowé kudu bener-bener siap.”​—MAT. 24:44.

LAGU 150 Bèn Dislametké Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Kenapa persiapan penting?

 SIAP-SIAP kuwi penting. Nèk wis siap sakdurungé bencana, isa slamet lan mbantu wong liya. Menurut salah siji organisasi kemanusiaan Eropa: ”Persiapan nylametké nyawa.”

2. Kenapa kudu siap-siap kanggo ngadhepi sengsara gedhé? (Matius 24:44)

2 ”Sengsara gedhé” bakal ujug-ujug teka. (Mat. 24:21) Tapi ora kabèh wong bakal kagèt. Mbiyèn Yésus wis ngandhani murid-muridé kanggo siap-siap. (Wacanen Matius 24:44.) Nèk wis siap, awaké dhéwé isa tetep setya lan mbantu wong liya kanggo ngadhepi kuwi.​—Luk. 21:36.

3. Bèn isa siap ngadhepi sengsara gedhé, ngapa kok kudu sabar, mesakké, lan nresnani?

3 Ana telu sipat sing penting bèn awaké dhéwé isa siap ngadhepi sengsara gedhé. Piyé nèk dikongkon martakké berita penghukuman terus ana sing ora seneng? (Why. 16:21) Nèk sabar nglakoni kuwi, berarti awaké dhéwé manut Yéhuwah. Kuwi bukti awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah bakal nglindhungi. Piyé nèk pas sengsara gedhé ana sedulur-sedulur sing dadi mlarat? (Hab. 3:17, 18) Nèk mesakké sedulur-sedulur, awaké dhéwé bakal mbantu. Piyé nèk pas diserang bangsa-bangsa awaké dhéwé kudu manggon bareng karo sedulur-sedulur? (Yèh. 38:10-12) Awaké dhéwé isa tetep rukun nèk nresnani sedulur-sedulur.

4. Apa buktiné nèk sabar, mesakké, lan nresnani kuwi penting?

4 Menurut Alkitab, sipat sabar, mesakké, lan nresnani kuwi penting. Menurut Roma 5:4, ”Nèk awaké dhéwé sabar, Gusti Allah bakal seneng.” Menurut Kolose 3:12, ”Awaké dhéwé kudu . . . nduwé rasa mesakké.” Menurut 1 Tésalonika 4:9, 10, ”Kowé wis diwulang Gusti Allah bèn nresnani liyané. . . . Ning, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé luwih tenanan nindakké kuwi.” Ayat-ayat kuwi kanggo wong Kristen sing wis sabar, mesakké, lan nresnani. Tapi sipat-sipat kuwi isih perlu diupayakké. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Ayo ngrembug apa buktiné wong Kristen jaman mbiyèn nduwé sipat-sipat kuwi, terus piyé carané niru. Awaké dhéwé bakal siap ngadhepi sengsara gedhé.

TETEP SABAR

5. Kok isa wong Kristen jaman mbiyèn tetep sabar pas ngadhepi masalah?

5 Wong Kristen jaman mbiyèn tetep sabar. (Ibr. 10:36) Sakliyané ngadhepi masalah saben dina, wong-wong kuwi ya ngadhepi masalah liyané. Akèh sing dianiaya, ora mung karo pemimpin agama Yahudi lan pamréntah Roma tapi ya karo keluargané dhéwé. (Mat. 10:21) Mbiyèn ya ana wong-wong murtad sing berusaha nyesatké jemaat. (Kis. 20:29, 30) Wong Kristen jaman mbiyèn tetep setya ngadhepi kuwi. (Why. 2:3) Kok isa? Merga mikirké contoné umaté Yéhuwah sing tetep sabar pas ngadhepi masalah, misalé Ayub. (Yak. 5:10, 11) Wong-wong kuwi ya ndonga lan mikirké apa manfaaté nèk terus setya.​—Kis. 4:29-31; 5:41.

6. Piyé carané niru Merita?

6 Awaké dhéwé ya isa tetep setya nèk ngrenungké conto-conto umaté Yéhuwah sing tetep sabar ngadhepi masalah. Conto-conto kuwi ana ing Alkitab lan bacaané awaké dhéwé. Merita, saka Albania, dianiaya keluargané merga dadi Seksi Yéhuwah. Tapi, dhèwèké isa tetep setya. Dhèwèké crita, ”Aku dikuwatké merga mikirké kisahé Ayub. Ayub ngalami akèh masalah lan ora ngerti sapa sing nggawé kuwi. Tapi Ayub nduwé tékad, ’Nganti aku mati, ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah.’ (Ayb. 27:5) Masalah sing tak adhepi ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo masalahé Ayub. Ora kaya Ayub, aku ngerti kenapa aku ngalami masalah iki.”

7. Meskipun saiki ora ana masalah sing abot, mulai saiki kudu piyé?

7 Cara liyané bèn isa tetep sabar, nyritakké kabèh sing dikuwatirké karo Yéhuwah. (Flp. 4:6; 1 Tés. 5:17) Mungkin, saiki masalahé durung abot. Tapi, apa njenengan selalu crita karo Yéhuwah pas jèngkèl, kesel, utawa bingung? Nèk kèt saiki kerep ndonga pas ana masalah sing sepélé, njenengan ora bakal ragu njaluk bantuané Yéhuwah. Njenengan bakal ngrasakké nèk Yéhuwah sing paling ngerti kapan lan piyé carané mbantu.​—Mzm. 27:1, 3.

SABAR

Nèk tetep sabar, pas ana masalah manèh isa ngadhepi kuwi (Deloken paragraf 8)

8. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Mira? (Yakobus 1:2-4) (Deloken gambar kanggo paragraf 8.)

8 Nèk saiki sabar pas ngadhepi masalah, sukmbèn pas sengsara gedhé isa tetep setya. (Rm. 5:3) Kok isa? Akèh sedulur sing ngrasakké dhéwé nèk tetep sabar, pas ana masalah manèh isa ngadhepi kuwi. Nèk sabar, dadi luwih percaya Yéhuwah bakal mbantu. Merga iman saya kuwat, nèk ana masalah manèh dadi isa ngatasi kuwi. (Wacanen Yakobus 1:2-4.) Mira, perintis saka Albania crita nèk dhèwèké isa tetep setya merga mbiyèn terus sabar pas ngadhepi masalah. Dhèwèké kadhang ngrasa masalahé sing paling abot. Tapi, dhèwèké ngéling-éling selama 20 taun Yéhuwah terus mbantu dhèwèké. Dhèwèké mikir, ’Aku kudu setya. Selama iki Yéhuwah wis mbantu aku, mosok aku arep nyerah?’ Awaké dhéwé ya isa mikirké piyé carané Yéhuwah mbantu bèn tetep sabar. Yéhuwah nggatèkké perjuangané awaké dhéwé lan mesthi bakal mberkahi. (Mat. 5:10-12) Sukmbèn pas sengsara gedhé, awaké dhéwé dadi wis ngerti piyé carané bèn tetep sabar lan isa terus setya.   

NDUWÉ RASA MESAKKÉ

9. Apa buktiné sedulur-sedulur ing Antiokhia Siria nduwé rasa mesakké?

9 Mbiyèn wong Kristen ing Yudéa ngalami kelaparan sing parah. Pas krungu kabar kuwi, sedulur-sedulur ing Antiokhia Siria mesthi ngrasa mesakké. Tapi kuwi ya dibuktèkké. Sedulur-sedulur ing kono ”mutuské kanggo ngirim bantuan marang sedulur-sedulur ing Yudéa”. (Kis. 11:27-30) Meskipun adoh, tapi sedulur-sedulur ing Antiokhia gelem mbantu.​—1 Yoh. 3:17, 18.

MESAKKÉ

Pas sedulur-sedulur kena bencana, awaké dhéwé isa nduduhké rasa mesakké (Deloken paragraf 10)

10. Piyé carané mbuktèkké nèk nduwé rasa mesakké kanggo sedulur-sedulur sing kena bencana? (Deloken gambar kanggo paragraf 10.)

10 Nèk ana sedulur-sedulur sing kena bencana, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk nduwé rasa mesakké. Aja meneng waé. Awaké dhéwé isa takon karo para pinituwa apa ana proyèk organisasi sing isa dibantu, isa nyumbang kanggo gawéan sak donya, utawa ndongakké sedulur-sedulur sing kena bencana. b (WB. 17:17) Misalé, taun 2020, sak donya ana luwih saka 950 Panitia Penanggulangan Bencana ditugaské kanggo ngurusi sedulur-sedulur sing terdampak COVID-19. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga ana sedulur-sedulur kuwi. Merga nduwé rasa mesakké, sedulur-sedulur kuwi mènèhi bantuan, nguwatké sedulur-sedulur, bahkan ndandani omah-omah lan Balai Ibadah.​—Bandhingna karo 2 Korintus 8:1-4.

11. Kok isa nduwé rasa mesakké nggawé Yéhuwah dipuji?

11 Nèk mbantu sedulur-sedulur bar ana bencana, kuwi bukti nèk nduwé rasa mesakké. Wong-wong liya ya isa nggatèkké kuwi. Misalé, taun 2019 ana Balai Ibadah ing Bahama sing hancur merga kena Badai Dorian. Sedulur-sedulur ndandani balai kuwi. Pas ngundang kontraktor, dhèwèké ngomong, ”Kabèh bahan, peralatan, lan wong sing kerja ora usah dibayar. Iki kabèh tak sumbangké kanggo organisasimu. Aku terkesan merga kowé gelem berkorban kanggo kanca-kancamu.” Akèh wong saiki ora kenal Yéhuwah. Tapi, wong-wong kuwi nggatèkké Seksi-Seksi Yéhuwah. Merga nduwé rasa mesakké, wong-wong isa dadi kenal karo Gusti Allah sing ”ngrasa mesakké”.—Éf. 2:4.

12. Nèk kèt saiki nduduhké rasa mesakké, apa manfaaté pas sengsara gedhé? (Wahyu 13:16, 17)

12 Kenapa pas sengsara gedhé kudu nduduhké nèk nduwé rasa mesakké? Ing Alkitab disebutké nèk wong-wong sing ora gelem ndhukung pamréntah bakal ngadhepi masalah saiki lan sukmbèn pas sengsara gedhé. (Wacanen Wahyu 13:16, 17.) Sedulur-sedulur sing ngalami kuwi butuh bantuan. Muga-muga pas Yésus teka kanggo ngakimi, dhèwèké ndelok awaké dhéwé terus nduduhké rasa mesakké lan ngundang kanggo nampa ”warisan Kerajaan”.​—Mat. 25:34-40.

TERUS NRESNANI

13. Piyé wong Kristen mbiyèn isa terus nresnani? (Roma 15:7)

13 Wong Kristen jaman mbiyèn saling nresnani. Tapi apa kuwi gampang? Sedulur-sedulur ing Roma kuwi béda-béda. Ana wong Yahudi sing kèt cilik manut karo hukum Musa. Sing liyané saka bangsa-bangsa sing budayané béda. Ana sing dadi budhak. Malah, ya ana sing nduwé budhak. Piyé sedulur-sedulur kuwi isa terus nresnani? Rasul Paulus ngandhani nèk ”kudu ramah lan apikan”. (Wacanen Roma 15:7.) Kata Yunani ”ramah lan apikan” maksudé seneng nampa tamu lan gelem kekancan. Misalé, Paulus ngandhani Filémon bèn ”ramah lan apikan” karo budhak sing melarikan diri, jenengé Onésimus. (Flm. 17) Priskila karo Akuila ”ngundang” Apolos dadi kancané, meskipun dhèwèké durung ngerti akèh soal Yésus. (Kis. 18:26) Perbedaan kuwi ora dadi masalah. Wong Kristen saling nresnani lan nampa sedulur-sedulur apa anané.

KATRESNAN

Awaké dhéwé butuh katresnané sedulur-sedulur (Deloken paragraf 15)

14. Apa buktiné nèk Anna karo bojoné nduduhké katresnan?

14 Nèk gelem kekancan karo sedulur-sedulur, kuwi bukti awaké dhéwé nresnani. Sedulur-sedulur kuwi ya mesthi bakal nresnani. (2 Kor. 6:11-13) Gatèkna pengalamané Anna karo bojoné sing dadi utusan injil ing Afrika Barat. Pas lagi waé teka, ana pandemi COVID-19. Dadi, ora isa ketemu langsung karo sedulur-sedulur. Piyé carané nduduhké katresnan? Anna karo bojoné videocall karo sedulur-sedulur lan ngomong nèk péngin luwih akrab. Sedulur-sedulur kuwi seneng merga kerep ditélpon lan di-chat. Kenapa kok Anna karo bojoné nganti kaya ngono? Anna crita, ”Aku kèlingan karo sedulur-sedulur sing apikan karo keluargaku, bahkan pas lagi susah. Aku dadi péngin niru sedulur-sedulur kuwi.”

15. Apa sing isa ditiru saka pengalamané Vanessa? (Deloken gambar kanggo paragraf 15.)

15 Sedulur-sedulur ing jemaat sipaté lan asalé ya béda-béda. Awaké dhéwé isa nresnani nèk nggatèkké sipat-sipat apiké. Vanessa ing Selandia Baru mbiyèn ngrasa angèl akrab karo sedulur-sedulur sing kepribadiané béda karo dhèwèké. Tapi dhèwèké ora ngedoh, malah terus bergaul. Kuwi mbantu dhèwèké dadi ngerti kenapa kok Yéhuwah sayang karo sedulur-sedulur. Dhèwèké crita, ”Sejak bojoku dadi pinituwa wilayah, aku ketemu karo sedulur-sedulur sing sipaté béda-béda. Aku luwih gampang akrab karo sedulur-sedulur kuwi. Aku seneng isa kenal karo sedulur sing béda-béda. Yéhuwah ya seneng, Yéhuwah sing narik sedulur-sedulur sing béda-béda kuwi dadi siji.” Nèk niru pandhangané Yéhuwah soal sedulur-sedulur, kuwi bukti nèk nresnani.​—2 Kor. 8:24.

Pas sengsara gedhé, awaké dhéwé isa dislametké nèk bersatu karo para sedulur (Deloken paragraf 16)

16. Ngapa katresnan penting pas sengsara gedhé? (Deloken gambar kanggo paragraf 16.)

16 Pas sengsara gedhé, katresnan kuwi penting. Pas kuwi kelakon, arep berlindung ing endi? Yéhuwah ngandhani umaté pas Babilon diserang, ”Umat-Ku, mlebua ing kamarmu, lan tutupen lawangé. Kowé kudu ndhelik sedhéla nganti Aku ora nesu manèh.” (Yés. 26:20) Isa waé mengko awaké dhéwé ngalami kuwi. ’Kamar’ mungkin maksudé jemaat. Pas sengsara gedhé, awaké dhéwé isa dislametké nèk bersatu karo para sedulur. Ora nduwé masalah karo sedulur-sedulur kuwi mémang wis apik. Tapi kuwi ora cukup. Awaké dhéwé kudu berupaya nresnani sedulur-sedulur mulai saiki. Awaké dhéwé slamet apa ora, isa waé bergantung karo kuwi.

SIAP-SIAP SAIKI

17. Nèk wis siap saiki, awaké dhéwé isa piyé pas sengsara gedhé?

17 Pas ”dinané Yéhuwah”, wong-wong bakal sengsara. (Zéf. 1:14, 15) Umaté Yéhuwah ya bakal sengsara. Tapi nèk siap-siap saiki, awaké dhéwé isa tetep tenang lan mbantu liyané. Awaké dhéwé isa tetep sabar pas ngadhepi masalah apa waé. Pas sedulur-sedulur susah, awaké dhéwé bakal gelem mbantu merga nduwé rasa mesakké. Awaké dhéwé ya bakal tetep bersatu karo sedulur-sedulur merga wis nresnani. Yéhuwah bakal mberkahi lan mènèhi awaké dhéwé urip saklawasé ing donya anyar sing bébas saka penderitaan.​—Yés. 65:17.

LAGU 144 Terus Diharapké

a Sedhéla manèh mèh sengsara gedhé. Bèn isa siap, awaké dhéwé kudu sabar, nduwé rasa mesakké, lan nduwé katresnan. Apa buktiné wong Kristen jaman mbiyèn nduwé sipat-sipat kuwi? Piyé carané niru? Apa manfaaté?

b Nèk péngin mèlu proyèk penanggulangan bencana, kudu ngisi sik Permohonan Sukarelawan Rancang/Bangun Setempat (DC-50) utawa Permohonan untuk Program Sukarelawan (A-19) terus nunggu diundang.