Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 31

”Kudu Kuwat, lan Aja Nyerah”

”Kudu Kuwat, lan Aja Nyerah”

”Sedulur-sedulur sing tak tresnani, kowé kudu kuwat, lan aja nyerah.”​—1 KOR. 15:58.

LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Apa maksudé awaké dhéwé dipadhakké kaya bangunan? (1 Korintus 15:58)

 TAUN 1978, ana bangunan 60 lantai sing dibangun ing Tokyo, Jepang. Padahal ing kono kerep gempa. Apa rahasiané bèn bangunané ora ambruk? Struktur bangunané kokoh tapi lentur. Awaké dhéwé ya kaya bangunan kuwi. Kok isa?

2 Awaké dhéwé kudu kuwat tapi ora kaku wektu ngetrapké hukumé Yéhuwah. (Wacanen 1 Korintus 15:58.) Awaké dhéwé ora nggampangké lan ”siap manut”, tapi ”seneng ngalah”, ora kaku. (Yak. 3:17) Mengko sing bakal dibahas piyé carané bèn isa kuwat. Terus ya bakal dibahas lima carané Sétan nyerang awaké dhéwé lan piyé carané bèn ora nyerah.

PIYÉ CARANÉ BÈN KUWAT?

3. Menurut Kisah 15:28, 29, Yéhuwah mènèhi hukum apa waé?

3 Yéhuwah selalu mènèhi hukum sing jelas kanggo umaté. (Yés. 33:22) Misalé liwat pengurus pusat jaman mbiyèn, Yéhuwah mènèhi hukum soal (1) ora nyembah brahala, mung nyembah Yéhuwah, (2) nyingkir saka getih, lan (3) hubungan sèks sing ora pantes. (Wacanen Kisah 15:28, 29.) Piyé carané manut hukumé Yéhuwah soal kuwi?

4. Apa buktiné nèk mung nyembah Yéhuwah? (Wahyu 4:11)

4 Ora nyembah brahala, mung nyembah Yéhuwah. Yéhuwah ngongkon wong Israèl mung nyembah Dhèwèké. (PT. 5:6-10) Pas digodha Sétan, Yésus ya ngomong nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah. (Mat. 4:8-10) Dadi awaké dhéwé ora nyembah brahala. Awaké dhéwé ya ora nganggep pemimpin agama, pemimpin politik, artis, lan atlét dadi idola. Awaké dhéwé péngin terus manut lan nyembah Yéhuwah ”sing nyiptakké kabèh”.​—Wacanen Wahyu 4:11.

5. Kenapa kok kudu manut préntahé Yéhuwah soal getih?

5 Manut hukumé Yéhuwah soal getih. Kenapa? Yéhuwah ngomong nèk getih kuwi nglambangké nyawa. Kuwi karunia sing berharga. (Km. 17:14) Pas ngijinké manungsa mangan kéwan, getihé ora éntuk dipangan. (PD. 9:4) Ing Hukum Musa, Yéhuwah mènèhi préntah sing padha. (Km. 17:10) Liwat pengurus pusat pas jamané wong Kristen mbiyèn, Yéhuwah ngongkon wong Kristen ’nyingkir saka getih’. (Kis. 15:28, 29) Awaké dhéwé ya manut préntahé Yéhuwah kuwi pas milih perawatan keséhatan. b

6. Apa buktiné nèk berusaha manut pathokané Yéhuwah soal sèks?

6 Manut pathokané Yéhuwah soal hubungan sèks. (Ibr. 13:4) Paulus mènèhi naséhat sing tegas kanggo ”matèni” anggota badan. Kuwi berarti berupaya tenanan bèn ora nduwé kepénginan sing salah. Awaké dhéwé ora bakal nonton utawa nglakoni apa waé sing isa marahi nindakké hubungan sèks sing ora pantes. (Kol. 3:5; Ayb. 31:1) Pas ana godhaan, awaké dhéwé bakal langsung nolak kepénginan utawa perbuatan sing isa nglarani atiné Yéhuwah.

7. Apa tékadé awaké dhéwé, lan kenapa nduwé tékad kuwi?

7 Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut ”saktulusé ati”. (Rm. 6:17) Awaké dhéwé ora bakal milih dhéwé endi hukum sing gampang dipraktèkké merga kabèh hukumé Yéhuwah bermanfaat. (Yés. 48:17, 18; 1 Kor. 6:9, 10) Awaké dhéwé mesthi péngin niru sing nulis Mazmur, ”Aku nduwé tékad terus manut karo peraturan-Mu sakjegé uripku, nganti aku mati.” (Mzm. 119:112) Tapi Sétan nyerang awaké dhéwé bèn nyerah. Apa waé carané?

SERANGANÉ SÉTAN

8. Apa waé carané Sétan nganiaya awaké dhéwé?

8 Penganiayaan. Sétan berusaha ”mangan manungsa”, nggawé awaké dhéwé ninggalké Yéhuwah. (1 Ptr. 5:8) Wong Kristen jaman mbiyèn diancam, digebugi, lan dipatèni merga tetep setya. (Kis. 5:27, 28, 40; 7:54-60) Saiki ya padha. Sedulur-sedulur ing Rusia lan negara-negara liyané dianiaya. Njenengan dhéwé mungkin ya dijahati lan diécé wong liya.

9. Kenapa kudu ati-ati karo bujukan halus? Wènèhana conto.

9 Bujukan halus. Sakliyané penganiayaan, ana manèh ”siasat liciké” Sétan. (Éf. 6:11) Gatèkna pengalamané Sedulur Bob sing kudu dioperasi. Dhèwèké ngandhani beberapa dokter nèk babar blas ora gelem ditransfusi. Dokter bedahé setuju. Tapi bengi sakdurungé operasi, dokter anestesi marani Bob pas keluargané wis mulih. Dokter kuwi ngomong nèk Bob ora bakal ditransfusi, tapi dokter tetep nyedhiakké getih sapa ngerti dibutuhké. Mungkin dokteré mikir nèk Bob bakal ngubah keputusané pas ora ana keluargané. Tapi, tékadé Bob tetep kuwat. Dhèwèké tetep ora gelem ditransfusi.

10. Kenapa pandhangané manungsa berbahaya? (1 Korintus 3:19, 20)

10 Pandhangané manungsa. Nèk niru pandhangané wong-wong umumé, suwé-suwé awaké dhéwé isa waé ninggalké Yéhuwah lan ora manut pathokané. (Wacanen 1 Korintus 3:19, 20.) ”Kawicaksanané donya” nggawé wong-wong ora manut Gusti Allah. Beberapa wong ing Pèrgamus lan Tiatira terpengaruh pandhangané wong-wong sing bejat lan nyembah brahala. Merga nganggep perbuatan kaya ngono ora salah, jemaat kuwi diwènèhi naséhat sing tegas karo Yésus. (Why. 2:14, 20) Saiki ya padha. Mungkin keluarga utawa kanca ngomongi awaké dhéwé bèn pekéwuh nganti nganggep pathokané Yéhuwah kaku. Mungkin awaké dhéwé diomongi nèk hubungan sèks sakdurungé nikah kuwi ora salah lan pathokan ing Alkitab wis ketinggalan jaman.

11. Meskipun manut hukumé Yéhuwah, aja nganti piyé?

11 Kadhang awaké dhéwé mikir nèk arahané Yéhuwah kurang terperinci. Mungkin awaké dhéwé péngin ”ngluwihi apa sing wis ditulis”. (1 Kor. 4:6) Para pemimpin agama pas jamané Yésus nggawé dosa kuwi. Hukum Musa dadi angèl diikuti merga akèh aturan sing ditambahi dhéwé. (Mat. 23:4) Arahané Yéhuwah ing Alkitab lan organisasiné wis jelas, ora perlu ditambahi manèh. (WB. 3:5-7) Awaké dhéwé mesthi ora péngin ngluwihi apa sing ditulis ing Alkitab utawa nggawé aturan dhéwé kanggo sedulur-sedulur soal keputusan pribadi.

12. Piyé carané Sétan nyesatké wong-wong nganggo ”omongan sing ora bener”?

12 Informasi sing salah. Sétan nganggo ”omongan sing ora bener” karo ”pandhangané donya iki” kanggo nyesatké wong-wong bèn padha ora rukun. (Kol. 2:8) Jaman mbiyèn, kuwi termasuk ajarané manungsa, ajaran wong Yahudi sing ora sesuai Kitab Suci, lan ajaran nèk wong Kristen isih kudu manut Hukum Musa. Kuwi nggawé wong-wong dadi ora nggolèk tuntunan saka Yéhuwah, Sumberé Kawicaksanan. Liwat berita lan internèt, Sétan nyesatké wong-wong. Kuwi termasuk téori konspirasi lan berita sing ora bener saka pemimpin politik. Awaké dhéwé wis ndelok kuwi selama pandemi COVID-19. c Tapi merga ngrungokké arahan saka organisasi, Seksi-Seksi Yéhuwah ora terpengaruh pas ana berita kaya ngono lan isa tetep tenang.​—Mat. 24:45.

13. Kenapa penyimpang perhatian kuwi berbahaya?

13 Penyimpang perhatian. Awaké dhéwé kudu ”mastèkké endi sing luwih penting”. (Flp. 1:9, 10) Nèk ora, awaké dhéwé isa ora nduwé wektu kanggo hal-hal sing penting. Nèk mentingké kegiatan saben dina, misalé mangan, ngombé, rékréasi, lan nyambut gawé, awaké dhéwé isa ora fokus nglayani Yéhuwah. (Luk. 21:34, 35) Saben dina, awaké dhéwé ya krungu berita soal démo lan masalah politik. Apa ana manfaaté ngentèkké wektu kanggo kuwi? Awaké dhéwé malah isa terpengaruh lan mulai mihak. Sétan nggunakké cara-cara kuwi kanggo nggawé awaké dhéwé nyerah. Ayo mbahas piyé carané bèn isa tetep kuwat nglawan serangané Sétan.

CARANÉ BÈN ORA NYERAH

Bèn ora nyerah, pikirna alesané gelem ngabdi lan dibaptis, sinau lan ngrenungké Alkitab, nduwé tékad sing kuwat, lan percaya karo Yéhuwah (Deloken paragraf 14-18)

14. Piyé bèn isa nduwé tékad sing kuwat kanggo ndhukung Yéhuwah?

14 Mikirké alesané gelem ngabdi lan dibaptis. Njenengan gelem dibaptis merga péngin ndhukung Yéhuwah. Coba éling-éling manèh kenapa njenengan yakin nèk sing dipelajari bener. Merga wis ngerti akèh soal Yéhuwah, njenengan dadi sayang karo Dhèwèké. Njenengan dadi nduwé iman lan péngin berubah. Njenengan mandheg saka kebiasaan sing salah lan manut karo Yéhuwah. Njenengan mesthi seneng merga Yéhuwah gelem ngapura. (Mzm. 32:1, 2) Njenengan mulai teka ing pertemuan ibadah lan mulai nginjil. Merga wis ngabdi lan dibaptis, njenengan mlaku ing dalan sing ngarah ing urip. Njenengan mesthi péngin berusaha terus mlaku ing dalan kuwi.​—Mat. 7:13, 14.

15. Apa manfaaté nèk sinau lan ngrenungké Alkitab?

15 Sinau lan ngrenungké. Wit sing akaré jero ora gampang ambruk. Saya jero akaré saya kuwat wité. Padha kaya ngono, awaké dhéwé isa kuwat nèk nduwé iman karo Yéhuwah. Saya kerep sinau lan ngrenungké Alkitab, awaké dhéwé dadi saya percaya nèk tuntunané Yéhuwah paling apik. (Kol. 2:6, 7) Coba pikirna carané Yéhuwah nuntun lan nglindhungi umaté jaman mbiyèn. Misalé pas éntuk wahyu, Yèhèzkièl nggatèkké tenanan pas malaékat ngukur bait rohani. Wektu ndelok wahyu kuwi, Yèhèzkièl dikuwatké. Awaké dhéwé ya dadi ngerti carané ndhukung ibadah sing murni. d (Yèh. 40:1-4; 43:10-12) Awaké dhéwé isa éntuk akèh manfaat nèk sinau lan ngrenungké pelajaran sing luwih jero ing Alkitab.

16. Apa manfaaté merga Bob nduwé tékad sing kuwat? (Mazmur 112:7)

16 Nduwé tékad sing kuwat. Raja Daud ngomong nèk sayang karo Yéhuwah. Kuwi dibuktèkké liwat laguné, ”Atiku percaya marang Njenengan, oh Gusti Allah.” (Mzm. 57:7) Awaké dhéwé isa nduwé tékad sing kuwat nèk percaya tenan karo Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 112:7.) Gatèkna pengalamané Bob sing disebutké sakdurungé. Pas dikandhani nèk dokteré bakal nyiapké getih kanggo jaga-jaga, Bob langsung ngomong nèk bakal langsung pindhah rumah sakit nèk nganti getihé disiapké. Bob crita, ”Aku yakin karo keputusanku. Embuh piyé mengko keadaané, aku ora bakal nyesel.”

Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé bakal tetep kuwat ora soal apa masalahé (Deloken paragraf 17)

17. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Bob? (Deloken gambar kanggo paragraf 17.)

17 Suwé sakdurungé mlebu rumah sakit, Bob wis nggawé keputusan nèk ora bakal nampa getih. Kuwi sing nggawé Bob nduwé tékad sing kuwat. Dhèwèké péngin nyenengké Yéhuwah. Dhèwèké ya sinau Alkitab lan bacaan-bacaan saka organisasi soal getih. Dhèwèké yakin nèk manut arahané Yéhuwah bakal éntuk berkah. Kaya Bob, awaké dhéwé isa nduwé tékad sing kuwat ora soal apa masalahé.

Barak karo pasukané nyerang pasukané Siséra (Deloken paragraf 18)

18. Saka kisahé Barak, kenapa kudu percaya karo arahané Yéhuwah? (Deloken gambar ing halaman 1.)

18 Percaya karo Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Barak sing menang nglawan pasukané Siséra merga percaya karo arahané Yéhuwah. Meskipun wong Israèl ora nduwé senjata, tapi Yéhuwah ngandhani Barak nèk kudu maju perang nglawan Siséra lan pasukané sing nduwé akèh senjata. (PH. 5:8) Nabi wédok Débora ngandhani Barak nèk kudu mudhun saka gunung kanggo nglawan Siséra lan pasukané sing numpak 900 kréta perang. Ing dataran rendah, kréta perangé Siséra bakal luwih gampang kanggo nyerang. Barak ngerti soal kuwi, tapi dhèwèké tetep manut. Pas pasukané Barak mudhun saka Gunung Tabor, Yéhuwah nggawé udan deres. Merga akèh lumpur, pasukané Siséra ora isa maju. Wektu kuwi, pasukané Barak nyerang lan akhiré isa menang. (PH. 4:1-7, 10, 13-16) Padha kaya ngono, awaké dhéwé isa berhasil nglawan Sétan nèk percaya karo Yéhuwah lan manut arahan saka organisasi.​—PT. 31:6.

TETEP KUWAT LAN ORA NYERAH

19. Apa tékadé njenengan?

19 Selama dina-dina terakhir, awaké dhéwé bakal terus berjuang bèn tetep kuwat. (1 Tim. 6:11, 12; 2 Ptr. 3:17) Muga-muga awaké dhéwé ora nyerah wektu ana penganiayaan, bujukan halus, pandhangané manungsa, omongan sing ora bener, lan penyimpang perhatian. (Éf. 4:14) Awaké dhéwé péngin nduwé tékad sing kuwat, sayang Yéhuwah, lan manut préntahé. Tapi, awaké dhéwé ya aja nganti kaku. Ing artikel berikuté bakal dirembug contoné Yéhuwah karo Yésus sing ora kaku.

LAGU 129 Terus Setya

a Kèt jamané Adam karo Hawa, Sétan péngin bèn wong-wong mikir nèk isa nentokké dhéwé apa sing bener lan sing salah. Sétan péngin awaké dhéwé mikir kaya ngono. Nèk nduwé pikiran kaya ngono awaké dhéwé ora bakal manut karo Yéhuwah lan organisasiné. Mengko bakal dibahas piyé carané bèn ora terpengaruh lan tetep manut karo Yéhuwah.

b Carané ngetrapké hukumé Yéhuwah soal getih, deloken buku Bahagia Saklawasé Pelajaran 39.

c Deloken artikel ing jw.org sing judhulé ”Aja Gampang Percaya karo Kabèh Informasi”.