Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Nggatèkké Wong Liya Berkahé Saklawasé

Nggatèkké Wong Liya Berkahé Saklawasé

Karo ibuku lan adhiku wédok, Pat, taun 1948

”GRÉJA Anglikan ajarané ora bener. Kowé kudu terus nggolèki ajaran sing bener.” Sejak mbahku sing mèlu gréja kuwi ngomong ngono, ibuku mulai nggolèki agama sing bener. Tapi ibuku ora gelem nampa Seksi-Seksi Yéhuwah. Nèk ana sing teka ing omahku ing Toronto, Kanada, aku dikon ndhelik. Tapi taun 1950, pas bulikku mulai sinau karo Seksi-Seksi Yéhuwah, ibuku mèlu. Sinauné ing omahé bulikku. Akhiré ibuku karo bulikku baptis.

Bapakku pendhéta ing United Church of Canada. Dadi, saben minggu aku karo adhiku dikongkon mèlu sekolah minggu. Jam 11, aku mèlu Bapak pelayanan ing gréja. Bar kuwi, aku karo adhiku mèlu Ibu ing Balai Ibadah Seksi-Seksi Yéhuwah. Jelas banget bédané.

Pertemuan Internasional Kersané Gusti Allah taun 1958 bareng karo keluarga Hutcheson

Ibuku nyritakké sing wis dipelajari karo kancané, Bob lan Marion Hutcheson, sing akhiré gelem dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Taun 1958, wong loro kuwi ngejak aku bareng karo anaké telu mèlu Pertemuan Internasional Kersané Gusti Allah selama wolung dina ing New York. Saiki aku lagi sadhar nèk keluarga kuwi akèh berkorban bèn aku isa mèlu. Tapi kuwi pengalaman sing ora bakal tak lalèkké.

SEMANGAT NGLAYANI YÉHUWAH MERGA DIGATÈKKÉ

Pas remaja aku ngingu sapi, kambing, babi, karo pitik. Makané aku péngin dadi dokter héwan. Ibuku crita soal kuwi karo salah siji pinituwa ing jemaat. Pinituwa kuwi ngélingké nèk saiki wis ”akhir jaman” lan takon karo aku, nèk aku kuliah piyé hubunganku karo Yéhuwah. (2 Tim. 3:1) Akhiré aku ora sida kuliah.

Bar lulus SMA aku isih bingung mèh ngapa. Aku nginjil saben minggu, tapi ora menikmati. Aku mikir nèk ora bakal isa dadi perintis. Bapak karo paklikku malah ngongkon aku kerja ing perusahaan asuransi ing Toronto. Paklikku nduwé jabatan ing kono, dadi gawéané tak tampa.

Aku kerep lembur. Aku ya kerep dolan karo sing dudu Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku dadi jarang nginjil lan ngibadah. Awalé aku manggon ing omahé mbahku sing dudu Seksi Yéhuwah. Tapi bar dhèwèké mati, aku pindhah.

Bob karo Marion sing mbiyèn ngejak aku mèlu pertemuan taun 1958, wis tak anggep kaya wong tuwaku dhéwé. Wong loro kuwi sing ngejak aku manggon bareng ing omahé lan sing mbantu aku semangat nglayani Yéhuwah. Taun 1960, anaké lanang sing jenengé John dibaptis bareng karo aku. Merga John mulai merintis, aku ya dadi semangat nginjil. Sedulur-sedulur nggatèkké nèk aku tambah maju. Akhiré aku dikèki tugas dadi pengawas kanggo bagéan sing saiki disebut Pertemuan Ibadah Urip lan Nginjil.

BOJO SING SEMANGAT LAN MULAI MERINTIS

Pas nikah taun 1966

Taun 1966 aku nikah karo Randi Berge, perintis sing semangat sing péngin mbantu jemaat sing luwih mbutuhké penginjil. Kami digatèkké karo pinituwa wilayah. Dhèwèké sing nyemangati aku lan ngekèki saran kanggo mbantu ing jemaat Orillia, Ontario. Dadi, kami langsung pindhah.

Pas tekan kono, aku langsung dadi perintis biasa kaya Randi. Merga dhèwèké semangat, aku ya dadi semangat. Sejak mulai dadi perintis, aku menikmati mulang wong liya nganggo Alkitab. Ana suami istri sing tak bantu nganti dadi umaté Yéhuwah. Kuwi berkah sing nyenengké banget.

AJAR BASA LIYA LAN NGUBAH PANDHANGANKU

Pas mampir ing Toronto aku ketemu karo Arnold MacNamara, salah siji pengawas ing Bètel. Dhèwèké takon apa aku isa dadi perintis istiméwa. Aku langsung njawab, ”Isa, sing penting aja ing Quebec.” Aku terpengaruh karo wong Kanada sing nganggo basa Inggris sing nduwé prasangka karo wong Kanada sing nganggo basa Prancis ing Quebec. Wektu kuwi, wong-wong ing Quebec protès karo pemerintah lan péngin merdéka saka Kanada.

Jaré Arnold, ”Saiki kantor cabang ngirim perintis istiméwa mung ing Quebec.” Dadi, aku langsung gelem. Aku wis mbatin nèk Randi mesthi ya seneng lunga mrono. Jebulé aku bener. Ternyata kuwi ya keputusan sing paling apik sing tau tak gawé.

Bar mèlu kelas basa Prancis, aku karo Randi dikancani suami istri lunga ing Rimouski, kira-kira 540 kilomèter loré Montreal. Merga lagi ajar limang minggu, basa Prancisku durung lancar. Misalé pas maca pengumuman ing pertemuan ibadah, kuduné aku ngomong nèk pas pertemuan gabungan wilayah, bakal ana sedulur-sedulur saka Austria. Tapi aku malah ngomong nèk sedulur-sedulur kuwi kaya burung unta.

”Gedung Putih” ing Rimouski

Kami berempat karo papat sedulur wédok manggon bareng karo sedulur Huberdeaus. Sedulur Huberdeaus ngontrak omah sing gedhé banget. Kami ya mèlu urunan. Omahé dicèt putih. Dadi, kami nyebut omah kuwi Gedung Putih. Sing manggon ing omah kuwi ana kira-kira wong 12 utawa 14. Merga dadi perintis istiméwa, aku karo Randi nginjilé saben ésuk, soré, lan bengi. Aku seneng banget merga selalu ana kanca nginjil, bahkan nèk nginjilé bengi pas musim dingin.

Kami dadi akrab banget nganti kaya keluarga. Kadhang kami nggawé api unggun terus masak pangsit sing isiné béda-béda. Ana sedulur sing pinter main musik. Nèk Setu bengi, kami nyanyi karo njogèd.

Selama nginjil ing Rimouski, hasilé apik banget. Lagi limang taun, ana beberapa sing sinau Alkitab sing dibaptis. Jumlahé penginjil ya tambah dadi 35.

Ing Quebec, kami sinau carané dadi penginjil sing luwih trampil. Kami ngrasakké dhéwé piyé Yéhuwah mbantu pas nginjil lan selalu nyukupi kebutuhanku. Kami ya berupaya bèn nduwé pandhangan sing bener soal wong-wong sing basané Prancis. Kami sinau budaya lan basané. Dadi, nèk ketemu wong sing budayané béda ya ora masalah.​—2 Kor. 6:13.

Ujug-ujug, kantor cabang ngongkon kami pindhah ing Tracadie, pesisir timur New Brunswick. Tapi masalahé, kami kadhung nggawé perjanjian kontrak apartemèn. Aku ya wis dikontrak sekolahan kanggo ngajar ing kono beberapa hari seminggu. Sing sinau Alkitab karo aku ya ana sing mulai dadi penginjil. Kami ya lagi mulai mbangun Balai Ibadah.

Setu Minggu kami ndonga soal kuwi. Kami dolan ing Tracadie. Ternyata, keadaan ing kono rada béda karo Rimouski. Tapi kami tetep pindhah merga Yéhuwah péngin kami mrono. Kami nguji Yéhuwah lan ngrasakké dhéwé Yéhuwah selalu mbantu. (Mal. 3:10) Merga Randi sayang Yéhuwah, réla berkorban, lan seneng guyon, rasané pindhahané ora patia abot.

Ing jemaat kuwi pinituwané mung Robert Ross. Dhèwèké merintis karo bojoné, Linda. Sakwisé nduwé anak, meréka tetep manggon ing kono. Meskipun kudu ngopèni anaké sing isih cilik, Robert karo Linda tetep semangat nginjil lan apikan. Kuwi nguwatké aku.

BERKAHÉ MERGA GELEM NGLAYANI ING ENDI WAÉ

Wilayah pertama pas musim dingin

Sakwisé nglayani dadi perintis ing Tracadie rong taun, ngerti-ngerti aku diundang dadi pinituwa wilayah. Aku nglayani pitung taun ing wilayah basa Inggris. Terus, aku nglayani ing wilayah basa Prancis ing Quebec. Pengawas distrik Quebec wektu kuwi Léonce Crépeault. a Dhèwèké selalu muji nèk aku ceramah. Tapi dhèwèké ya mesthi takon, ”Piyé carané bèn ceramahmu luwih gampang dipraktèkké?” Dhèwèké selalu nggatèkké aku. Aku dadi mikirké piyé bèn caraku mulang isa luwih jelas lan sederhana.

Tugas sing paling berkesan kuwi pas Pertemuan Internasional taun 1978 sing judhulé ”Menang Merga Iman”. Tugasku nyedhiakké panganan kanggo sedulur-sedulur. Sing teka kira-kira 80.000, lan carané nyedhiakké panganan wis béda karo mbiyèn. Peralatané anyar, panganané béda, lan carané nyedhiakké wis berubah. Kami nduwé 20 truk pendingin sing kadhang mota-mati. Kami lagi isa mlebu stadion kanggo nyepak-nyepakké peralatané tengah wengi, soalé sakdurungé dienggo acara olahraga. Kami wis kudu nguripké oven sakdurungé subuh kanggo nyiapké sarapan. Meskipun kesel, tapi sedulur-sedulur tetep kerja keras, nduduhké sipat-sipat sing apik, lan seneng guyon. Kami dadi isa kerja sama lan nganti saiki isih dadi kanca. Luar biasa banget isa ana pertemuan kaya ngono ing Quebec. Padahal, mbiyèn ing kono ana penganiayaan saka kira-kira taun 1940 nganti 1960.

Kerja bakti bareng Randi sakdurungé pertemuan ing Montreal taun 1985

Aku sinau saka pengawas-pengawas ing pertemuan-pertemuan gabungan wilayah ing Montreal. Sedulur David Splane sing saiki dadi Pengurus Pusat, tau dadi pengawas pertemuan selama setaun. Pas pertemuan berikuté, aku sing ditugaské dadi pengawas. Sedulur David sing mbantu aku.

Sakwisé 36 taun aku karo Randi nglayani dadi pinituwa wilayah, taun 2011 aku diundang dadi instruktur Sekolah kanggo Pinituwa. Selama rong taun kami kudu pindhah-pindhah. Nèk tak étung-étung kami gonta-ganti kasur nganti ping 75. Pengorbanan kuwi ora ana apa-apané nèk dibandhingké berkahé. Saben sekolahé rampung, para pinituwa mesthi bersyukur merga isa ngrasakké Pengurus Pusat bener-bener perduli.

Terus, aku dadi instruktur Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. Biasané para siswa kewalahan merga jadwalé akèh, sekolahé pitung jam, terus ana PR telung jam saben bengi, lan ana tugas papat nganti lima saben minggu. Aku karo instruktur liyané ngomong nèk ora mungkin berhasil nèk ora dibantu Yéhuwah. Aku selalu éling para siswa ora nyangka merga ternyata kesanggupané ngluwihi sing dibayangké merga percaya karo Yéhuwah.

NGGATÈKKÉ WONG LIYA BERKAHÉ SAKLAWASÉ

Merga ibuku gatèkan, beberapa sing sinau Alkitab karo dhèwèké akhiré maju. Bahkan sikapé bapakku ya berubah. Telung dina sakwisé Ibu mati, kami kagèt merga Bapak teka ing Balai Ibadah kanggo ngrungokké ceramah umum. Bapak terus teka selama 26 taun. Meskipun Bapak ora tau dibaptis, para pinituwa ngomong nèk Bapak selalu teka paling gasik pas pertemuan ibadah.

Ibuku dadi conto sing apik kanggo kabèh anaké. Telu adhiku wédok karo bojoné setya nglayani Yéhuwah. Sing loro nglayani ing kantor cabang, siji ing Portugal lan siji ing Haiti.

Saiki, aku karo Randi nglayani dadi perintis istiméwa ing Hamilton, Ontario. Pas dadi pinituwa wilayah aku seneng isa ngancani sedulur-sedulur marani manèh lan sinau Alkitab. Tapi saiki aku nduwé PAR dhéwé sing maju. Aku ya seneng bergaul karo sedulur-sedulur. Aku dadi ngerti piyé carané Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur kuwi. Aku ngrasa dikuwatké.

Aku bersyukur merga ana akèh sing nggatèkké aku. Aku péngin berupaya ”perduli banget karo” sedulur-sedulur, nyemangati bèn mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. (2 Kor. 7:6, 7) Misalé, ana siji keluarga sing ibuné, anaké lanang, karo anaké wédok merintis. Aku takon karo bapaké apa ya isa mèlu merintis. Dhèwèké ngomong nèk kudu ndhukung keluargané merintis. Terus aku takon, ”Apa kowé isa ndhukung keluargamu luwih apik daripada Yéhuwah?” Aku nyemangati dhèwèké bèn merintis. Enem sasi bar kuwi dhèwèké dadi perintis.

Aku karo Randi bakal terus nyritakké ’tumindaké Yéhuwah sing luar biasa’ ”marang generasi sakwisé aku”. (Mzm. 71:17, 18, cathetan ngisor) Muga-muga sedulur-sedulur kuwi bakal terus bahagia nglayani Yéhuwah padha kaya aku.

a Pengalamané Sedulur Léonce Crépeault dicritakké ing Warta Penting Februari 2020 halaman 26-30.