Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 32

Niru Yéhuwah sing Ora Kaku

Niru Yéhuwah sing Ora Kaku

”Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.”​—FLP. 4:5.

LAGU 89 Manut karo Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

Njenengan péngin dadi wit sing kaya apa? (Deloken paragraf 1)

1. Apa maksudé awaké dhéwé kaya wit? (Deloken gambar kanggo paragraf 1.)

 APA njenengan pernah ndelok wit klapa? Wit kuwi ora ambruk pas kena angin gedhé merga lentur. Padha kaya ngono, awaké dhéwé isa bahagia nglayani Yéhuwah nèk ora kaku. Carané, gelem nyesuaikké wektu keadaan berubah lan menghargai keputusané wong liya.

2. Sipat apa waé sing dibutuhké pas keadaan berubah, lan apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Awaké dhéwé péngin ora kaku, rendah hati, lan apikan. Ana sedulur-sedulur sing tetep bahagia meskipun keadaané berubah merga nduwé sipat-sipat kuwi. Mengko bakal dibahas pengalaman-pengalaman kuwi lan apa manfaaté merga nduwé sipat-sipat mau. Ayo mbahas dhisik contoné Yéhuwah karo Yésus sing ora kaku.

YÉHUWAH KARO YÉSUS ORA KAKU

3. Apa waé buktiné Yéhuwah ora kaku?

3 Yéhuwah disebut ’Gunung Watu’ merga hukumé ora tau berubah. (PT. 32:4) Tapi Dhèwèké ora kaku. Apa buktiné? Meskipun keadaan berubah-ubah tapi Yéhuwah gelem nyesuaikké bèn tujuané isa kelakon. Awaké dhéwé diciptakké mirip kaya Yéhuwah. Dadi awaké dhéwé ya isa nyesuaikké pas keadaan berubah. Ora soal piyé keadaané, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik merga Yéhuwah wis nyedhiakké pathokan-pathokan Alkitab.

4. Wènèhana conto nèk Yéhuwah ora kaku. (Kaimaman 5:7, 11)

4 Yéhuwah ora kaku wektu urusan karo manungsa. Hukumé Yéhuwah sampurna lan ora kaku. Misalé pas urusan karo wong Israèl, Yéhuwah ora nuntut saben wong mènèhi persembahan sing padha. Yéhuwah ngijinké wong-wong mènèhi persembahan sing sesuai karo kesanggupané.​—Wacanen Kaimaman 5:7, 11.

5. Wènèhana conto nèk Yéhuwah rendah hati lan nduwé rasa mesakké.

5 Yéhuwah ora kaku merga rendah hati lan nduwé rasa mesakké. Misalé, pas arep matèni wong-wong Sodom sing jahat. Liwat malaékaté, Yéhuwah ngongkon Lot mlayu ing dhaérah pegunungan. Tapi merga wedi, Lot njaluk bèn dhèwèké sak keluarga mlayu ing Zoar, sing sakjané arep dihancurké. Yéhuwah sakjané isa meksa Lot kanggo manut. Tapi merga rendah hati, Yéhuwah gelem nuruti Lot. (PD. 19:18-22) Yéhuwah ya nduduhké rasa mesakké karo wong Niniwé. Yéhuwah ngutus Nabi Yunus kanggo ngumumké nèk kutha kuwi bakal dihancurké merga wong-wongé jahat. Tapi merga wong Niniwé mertobat, Yéhuwah mesakké lan ora sida ngancurké kutha kuwi.​—Yun. 3:1, 10; 4:10, 11.

6. Apa waé buktiné Yésus niru Yéhuwah?

6 Kaya Yéhuwah, Yésus ya ora kaku. Misalé, ana wong wédok Fénisia sing njaluk bèn Yésus marèkké anaké wédok sing ”kesurupan roh jahat”. Padahal Yésus mung ”diutus marang wong Israèl”. Tapi merga mesakké, Yésus gelem marèkké anaké. (Mat. 15:21-28) Gatèkna conto liyané. Yésus tau ngomong, ”Sapa sing ora ngakoni aku, . . . ya ora bakal tak akoni.” (Mat. 10:33) Pas Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu, Yésus piyé? Apa Yésus ya ora ngakoni Pétrus? Yésus ngerti nèk Pétrus menyesal lan nduwé iman sing kuwat. Makané sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus lan ngyakinké nèk dhèwèké ngapura lan isih sayang karo Pétrus.​—Luk. 24:33, 34.

7. Menurut Filipi 4:5, awaké dhéwé péngin dikenal dadi wong sing piyé?

7 Yéhuwah karo Yésus ora kaku. Nèk awaké dhéwé piyé? Yéhuwah péngin awaké dhéwé ya seneng ngalah. (Wacanen Filipi 4:5.) Terjemahan liya saka ayat kuwi nyebutké, ”Wong-wong kudu ngerti nèk kowé seneng ngalah.” Coba pikirna, ’Apa wong-wong nganggep aku ora kaku lan seneng ngalah? Apa aku malah kaku, seneng meksa, lan ngèyèl? Apa aku meksa wong liya bèn nduwé pandhangan sing padha kaya sing tak pahami? Apa aku gelem ngrungokké wong liya lan ngalah waé nèk isa?’ Semakin seneng ngalah, semakin mirip karo Yéhuwah lan Yésus. Ayo mbahas piyé carané bèn isa masuk akal pas keadaan berubah, lan nduwé pandhangan sing béda karo wong liya.

PAS KEADAAN BERUBAH

8. Piyé bèn isa nyesuaikké pas keadaan berubah? (Deloken cathetan ngisor.)

8 Wong sing masuk akal isa nyesuaikké pas ana perubahan. Isa waé ana masalah sing ora disangka-sangka. Misalé lara parah, angèl nggolèk dhuwit, utawa masalah politik. (Pkh. 9:11; 1 Kor. 7:31) Awaké dhéwé ya isa waé éntuk perubahan tugas ing organisasi. Ora soal apa masalahé, awaké dhéwé isa nyesuaikké nèk (1) nampa kenyataan, (2) ora terus-terusan mikirké sing mbiyèn, (3) fokus karo sing isa dilakoni saiki, lan (4) mbantu wong liya. b Ayo ngrembug pengalamané sedulur-sedulur bèn isa ngerti carané ngetrapké kuwi.

9. Wektu ana perubahan, piyé Emanuele karo Francesca isa berhasil ngadhepi kuwi?

9 Nampa kenyataan. Emanuele karo Francesca ditugaské dadi utusan injil. Ora suwé sakwisé tekan dhaérah penugasan ana pandemi COVID-19. Dadi, wong loro kuwi ora isa ketemu langsung karo sedulur-sedulur. Ngerti-ngerti ibuné Francesca mati. Francesca péngin banget ketemu karo keluargané, tapi ora isa. Terus piyé? Saben dina Emanuele karo Francesca ndonga bareng njaluk kawicaksanan. Yéhuwah njawab dongané liwat organisasiné. Misalé, wong loro kuwi dikuwatké wektu krungu omongané sedulur lanang ing salah siji vidéo wawancara. Sedulur kuwi ngomong, ”Luwih cepet nampa kenyataan luwih cepet bahagia lan luwih cepet mbantu sedulur-sedulur.” c Emanuele karo Francesca ya berupaya luwih trampil nginjil liwat télpon lan malah nganti ana sing sinau Alkitab. Wong loro kuwi bersyukur merga ana sedulur-sedulur sing terus nggatèkké. Misalé ana sedulur wédok sing saben dina ngirim ayat Alkitab selama setaun. Nèk gelem nampa kenyataan pas ana perubahan, awaké dhéwé isa luwih bahagia.

10. Piyé Christina isa nyesuaikké pas ana perubahan?

10 Ora terus-terusan mikirké sing mbiyèn lan fokus karo apa sing isa dilakoni. Christina, sedulur wédok saka Romania sing manggon ing Jepang, kecéwa wektu jemaat basa Inggris ditutup. Tapi dhèwèké ora terus-terusan mikirké kuwi. Christina berupaya sak isa-isané kanggo ndhukung jemaat basa Jepang. Christina ya njaluk kanca kerjané mbiyèn kanggo ngajari basa Jepang. Christina njaluk tulung kancané kuwi bèn ngajari nganggo Alkitab lan brosur Bahagia Saklawasé. Ternyata kancané gelem. Christina dadi luwih lancar basa Jepang, lan kancané dadi penasaran soal isiné Alkitab. Nèk ora terus-terusan mikirké sing mbiyèn lan fokus karo apa sing isa dilakoni saiki, awaké dhéwé isa éntuk berkah.

11. Piyé suami istri kuwi isa nyesuaikké wektu ana krisis ékonomi?

11 Mbantu wong liya. Gatèkna pengalamané suami istri sing manggon ing negara sing nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah. Pas ing negarané ana krisis ékonomi, wong loro kuwi angèl nggolèk dhuwit. Terus piyé? Wong loro kuwi berupaya bèn ora boros. Timbang mikirké masalahé, wong loro kuwi sibuk mbantu wong liya kenal Yéhuwah. (Kis. 20:35) Sing lanang ngomong, ”Merga sibuk nginjil, aku dadi ora sempat mikirké masalahku. Aku dadi nduwé luwih akèh wektu kanggo nglayani Yéhuwah.” Pas keadaan berubah, aja lali nèk mbantu wong liya kuwi penting, utamané nginjil.

12. Piyé carané niru Paulus pas nginjil?

12 Pas nginjil, awaké dhéwé ora isa kaku. Awaké dhéwé ketemu karo wong sing agama, sikap, lan budayané béda-béda. Awaké dhéwé isa niru Rasul Paulus sing ora kaku. Yésus milih Paulus dadi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya”. (Rm. 11:13) Paulus nginjil karo wong Yahudi, Yunani, wong sing pendidikané dhuwur, wong sing ora sekolah, pejabat, lan raja. Paulus ngupaya sak isa-isané kanggo ”mbantu kabèh wong”. (1 Kor. 9:19-23) Dhèwèké nggatèkké tenanan budaya, latar belakang, lan agamané wong-wong sing dikabari. Paulus dadi ngerti piyé carané mbantu wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa berhasil nginjil nèk mikirké wong-wong sing dikabari lan gelem nyesuaikké apa sing diomongké.

MENGHARGAI KEPUTUSANÉ WONG LIYA

Wong sing seneng ngalah bakal menghargai pandhangané wong liya (Deloken paragraf 13)

13. Menurut 1 Korintus 8:9, apa akibaté nèk ora menghargai keputusané wong liya?

13 Nèk ora kaku, awaké dhéwé bakal menghargai keputusané wong liya. Misalé beberapa sedulur wédok seneng dandan, tapi sing liyané ora. Ana sing seneng ngombé alkohol, ana sing ora. Kabèh mesthi péngin séhat, tapi mungkin carané béda-béda. Nèk meksa wong liya bèn nduwé pandhangan sing padha kaya awaké dhéwé, sedulur-sedulur isa tersinggung lan jemaat dadi ora rukun. Sapa sing gelem kaya ngono? (Wacanen 1 Korintus 8:9; 10:23, 24) Mengko bakal dibahas loro conto carané ngetrapké pathokan Alkitab tapi tetep rukun karo sedulur-sedulur.

Wong sing seneng ngalah bakal menghargai pandhangané wong liya (Deloken paragraf 14)

14. Pathokan Alkitab apa waé sing isa dipikirké wektu milih pakaian lan penampilan?

14 Pakaian lan penampilan. Yéhuwah ora ngatur awaké dhéwé kudu nganggo klambi apa, tapi mènèhi pathokan soal kuwi. Saka pakaiané awaké dhéwé, wong-wong isa ngerti nèk awaké dhéwé ngabdi marang Gusti Allah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé masuk akal, sederhana, lan ”nduwé pertimbangan sing apik”. (1 Tim. 2:9, 10; 1 Ptr. 3:3) Awaké dhéwé mesthi ora péngin wong liya mung nggatèkké penampilané awaké dhéwé. Merga ana pathokan Alkitab, para pinituwa ora bakal nggawé aturan dhéwé soal pakaian lan gaya rambut. Misalé, para pinituwa péngin mbantu cah-cah enom sing potongan rambuté pèndèk tapi acak-acakan. Piyé para pinituwa kuwi isa mbantu tapi ora mènèhi aturan? Pinituwa wilayah ngekèki saran para pinituwa kuwi bèn ngandhani cah-cah enom, ”Nèk éntuk tugas ing ngarep terus sedulur-sedulur luwih nggatèkké penampilanmu daripada sing mbok omongké, kuwi berarti masalahé ing pakaian karo rambutmu.” Cah-cah enom dadi ngerti kudu piyé, lan para pinituwa ora perlu ngekèki aturan. d

Wong sing seneng ngalah bakal menghargai pandhangané wong liya (Deloken paragraf 15)

15. Pathokan Alkitab apa waé sing isa dipikirké wektu arep milih perawatan keséhatan? (Roma 14:5)

15 Perawatan keséhatan. Saben wong Kristen isa mutuské dhéwé arep milih perawatan keséhatan apa sing cocog. (Gal. 6:5) Ing Alkitab mung ana sithik hukum sing nyebutké soal perawatan keséhatan. Misalé ora éntuk nganggo getih lan spiritisme. (Kis. 15:20; Gal. 5:19, 20) Sakliyané kuwi pilihan pribadi. Mungkin ana sing lunga ing dokter lan sing liyané milih perawatan keséhatan alternatif. Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk perawatan keséhatan sing dipilih kuwi sing paling apik. Tapi awaké dhéwé kudu menghargai keputusané sedulur-sedulur soal perawatan keséhatan. Soal kuwi ana papat sing isa diéling-éling: (1) Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa nyingkirké penyakit. (Yés. 33:24) (2) Saben wong Kristen kudu ”bener-bener yakin” karo keputusané dhéwé. (Wacanen Roma 14:5.) (3) Aja ngakimi utawa nggawé sedulur liya dadi tersinggung. (Rm. 14:13) (4) Nresnani lan ngutamakké sedulur-sedulur timbang keputusané dhéwé. (Rm. 14:15, 19, 20) Nèk mikirké kuwi kabèh, awaké dhéwé isa akrab karo sedulur-sedulur lan jemaat bersatu.

Wong sing seneng ngalah bakal menghargai pandhangané wong liya (Deloken paragraf 16)

16. Pinituwa sing masuk akal bakal piyé karo pinituwa liyané? (Deloken gambar kanggo paragraf 16.)

16 Para pinituwa sing ora kaku isa dadi conto sing apik kanggo jemaat. (1 Tim. 3:2, 3) Dhèwèké ora bakal ngrasa sing paling bener mung merga dhèwèké sing paling tuwa timbang pinituwa liyané. Liwat roh suciné, Yéhuwah bakal nuntun saben wong ing badan pinituwa bèn ora ragu nyampèkké pendapaté. Wektu arep nggawé keputusan mungkin ora kabèh pinituwa setuju. Tapi nèk ora ana pathokan ing Alkitab sing dilanggar, sing luwih sithik bakal ngalah lan ndhukung keputusan kuwi.

BERKAHÉ NÈK DADI WONG SING ORA KAKU

17. Apa waé berkah sing ditampa nèk dadi wong sing ora kaku?

17 Awaké dhéwé isa nampa akèh berkah nèk dadi wong sing ora kaku. Kok isa? Awaké dhéwé isa akrab karo sedulur-sedulur. Jemaat ya isa rukun. Awaké dhéwé isa ketemu karo umaté Yéhuwah sing kepribadian lan budayané béda-béda. Awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah, Gusti Allah sing ora kaku.

LAGU 90 Nyemangati Liyané

a Yéhuwah karo Yésus ora kaku, lan péngin awaké dhéwé kaya ngono. Nèk ora kaku, awaké dhéwé isa luwih gampang nyesuaikké pas keadaan berubah, misalé pas lara utawa angèl nggolèk dhuwit. Jemaat ya isa rukun lan bersatu.

b Deloken artikel ”Cara Menghadapi Perubahan” ing Sadarlah! No. 4 2016.

c Deloken vidéo Wawancara karo Sedulur Dmitriy Mikhaylov ing jw.org.

d Ana naséhat sing apik soal milih pakaian lan dandanan ing buku Bahagia Saklawasé ing Pelajaran 52.