Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 30

Saya Nresnani Yéhuwah lan Wong Liya

Saya Nresnani Yéhuwah lan Wong Liya

”Awaké dhéwé kudu . . . nduduhké katresnan.”—ÉF. 4:15.

LAGU 2 Yéhuwah Jeneng-Mu

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Pas mulai sinau Alkitab njenengan dadi ngerti apa waé?

 APA njenengan isih kèlingan pas pertama kali sinau Alkitab? Njenengan mesthi seneng pas ngerti Gusti Allah nduwé jeneng. Njenengan dadi ora wedi merga ngerti Gusti Allah ora nyiksa manungsa ing neraka. Njenengan ya ora sabar ketemu manèh karo kanca lan keluargané njenengan sing wis mati lan isa urip bareng ing firdaus saklawasé.

2. Sakwisé sinau Alkitab, njenengan wis ngupayakké apa waé? (Éfésus 5:1, 2)

2 Semakin akèh sinau Alkitab, semakin njenengan sayang karo Yéhuwah. Merga sayang karo Yéhuwah, njenengan ngetrapké sing dipelajari. Njenengan nggawé keputusan sesuai pathokan ing Alkitab. Sikap lan tingkah lakuné njenengan dadi saya apik merga péngin nyenengké Gusti Allah. Kaya bocah sing niru wong tuwané, njenengan niru Gusti Allah.​—Wacanen Éfésus 5:1, 2.

3. Apa waé sing isa dipikirké?

3 Coba pikirna, ’Apa saiki rasa sayangku karo Yéhuwah luwih gedhé timbang pas aku dibaptis mbiyèn? Apa tingkah lakuku lan apa sing tak pikirké luwih mirip karo Yéhuwah? Apa aku tambah nresnani sedulur-sedulur?’ Nèk katresnané njenengan ”wis ora kaya mbiyèn manèh”, aja cilik ati. Wong Kristen jaman mbiyèn tau ngalami kuwi. Yésus ora ninggalké wong-wong kuwi. Yésus ya ora bakal ninggalké awaké dhéwé. (Why. 2:4, 7) Yésus ngerti nèk katresnané awaké dhéwé isa kuwat manèh kaya mbiyèn.

4. Apa sing mèh dirembug ing artikel iki?

4 Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané isa saya nresnani Yéhuwah lan wong liya. Terus mengko bakal dibahas apa waé berkahé.

SAYA NRESNANI YÉHUWAH

5-6. Wektu nglayani Yéhuwah, Paulus ngalami masalah apa waé, tapi kok isa dhèwèké tetep semangat nglayani Yéhuwah?

5 Paulus bahagia nglayani Yéhuwah. Tapi kuwi ora mesthi gampang. Selama pelayanané, Paulus kerep mlaku adoh banget. Ing perjalanan, Paulus kerep ngadhepi ”bahaya ing kali lan bahaya saka perampok”. Dhèwèké ya dianiaya. (2 Kor. 11:23-27) Sedulur-sedulur ing jemaat ya kadhang ora menghargai upayané Paulus.​—2 Kor. 10:10; Flp. 4:15.

6 Kok isa Paulus tetep semangat nglayani Yéhuwah? Paulus ngerti akèh sipaté Yéhuwah merga sinau saka Kitab Suci lan ngrenungké pengalamané dhéwé. Paulus dadi yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. (Rm. 8:38, 39; Éf. 2:4, 5) Dhèwèké ya dadi sayang banget karo Yéhuwah. Buktiné, Paulus terus ”nglayani wong-wong suci”.​—Ibr. 6:10.

7. Piyé carané bèn isa tambah sayang karo Yéhuwah?

7 Nèk rajin sinau Alkitab, awaké dhéwé isa tambah sayang Yéhuwah. Pas maca Alkitab, pikirna apa waé sing isa dipelajari soal Yéhuwah. Misalé, ’Saka kisah iki, apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo aku? Ngapa kok kuwi nggawé aku tambah sayang karo Yéhuwah?’  

8. Ngapa kok nèk ndonga isa tambah sayang karo Yéhuwah?

8 Njenengan isa tambah sayang karo Yéhuwah nèk kerep curhat karo Dhèwèké liwat donga. (Mzm. 25:4, 5) Yéhuwah bakal njawab. (1 Yoh. 3:21, 22) Khanh, sedulur wédok saka Asia, crita, ”Mémang merga sinau Alkitab, aku wis sayang karo Yéhuwah. Tapi aku dadi tambah sayang karo Yéhuwah wektu ngrasakké dhéwé Yéhuwah njawab donga-dongaku. Aku dadi péngin nyenengké atiné.” b

SAYA NRESNANI WONG LIYA

9. Apa buktiné Timotius terus nresnani sedulur-sedulur?

9 Beberapa taun sakwisé dadi wong Kristen, Paulus ketemu karo cah enom sing jenengé Timotius. Timotius sayang Yéhuwah lan wong liya. Paulus ngandhani jemaat-jemaat ing Filipi, ”Ora ana wong liya sing isa tak utus sing sikapé kaya dhèwèké, sing bakal tulus nggatèkké kebutuhanmu.” (Flp. 2:20) Paulus ora ngomong nèk Timotius wongé teratur utawa ceramahé apik. Tapi, Paulus terkesan merga Timotius sayang sedulur-sedulur. Jemaat-jemaat kuwi mesthi ngentèn-ngentèni Timotius teka.​—1 Kor. 4:17.

10. Apa buktiné Anna karo bojoné nresnani sedulur-sedulur?

10 Awaké dhéwé ya nggolèk cara kanggo mbantu sedulur-sedulur. (Ibr. 13:16) Gatèkna Anna, sing disebutké ing artikel sakdurungé. Bar badai sing parah, dhèwèké karo bojoné teka ing omahé sedulur liya. Atap omahé sedulur kuwi hancur merga kena badai, dadi klambiné reged kabèh. Anna crita, ”Aku ngumbahké klambiné, terus tak gosokké. Kanggoku kuwi sepélé. Tapi merga kuwi, aku karo sedulur kuwi dadi kanca akrab.” Merga nresnani sedulur-sedulur, Anna karo bojoné gelem mbantu.​—1 Yoh. 3:17, 18.

11. (a) Apa manfaaté nèk awaké dhéwé nresnani sedulur-sedulur? (b) Menurut Wulang Bebasan 19:17, nèk awaké dhéwé apikan, Yéhuwah piyé?

11 Nèk awaké dhéwé apikan, sedulur-sedulur isa ngerti awaké dhéwé ngupaya niru Yéhuwah. Awaké dhéwé mungkin ora nyangka nèk sedulur-sedulur bakal terus kèlingan karo upayané awaké dhéwé. Khanh, sing disebutké mau, isih kèlingan karo kabèh sing tau mbantu dhèwèké pas isih enom. Dhèwèké crita, ”Aku maturnuwun karo kabèh sedulur sing ngejak aku nginjil. Aku dipethuk, dijak mangan, lan diterké tekan omah. Saiki aku lagi sadhar nèk kuwi kabèh butuh upaya. Sedulur-sedulur kuwi sayang karo aku. Aku péngin isa mbales sedulur-sedulur kuwi siji-siji. Tapi, saiki aku ora ngerti sedulur-sedulur kuwi ana ing endi. Tapi Yéhuwah ngerti. Aku ndonga bèn Yéhuwah mberkahi sedulur-sedulur kuwi.” Mémang awaké dhéwé ora isa berharap sedulur-sedulur bakal mbales wektu awaké dhéwé apikan. Tapi, Yéhuwah ngerti. Bahkan nèk kanggoné awaké dhéwé kuwi sepélé, Yéhuwah nganggep kuwi korban lan utang sing kudu dibales.​—Wacanen Wulang Bebasan 19:17.

Saya akrab karo Yéhuwah, saya gedhé upayané kanggo mbantu sedulur-sedulur (Deloken paragraf 12)

12. Piyé carané sedulur lanang isa mbuktèkké nèk nresnani sedulur-sedulur ing jemaat? (Deloken gambar kanggo paragraf 12.)

12 Sedulur-sedulur lanang, piyé carané njenengan isa mbuktèkké nèk nresnani sedulur-sedulur? Jordan, sing isih enom, takon karo pinituwa piyé dhèwèké isa luwih akèh mbantu ing jemaat. Pinituwa kuwi muji merga Jordan wis apik. Terus, pinituwa kuwi mènèhi beberapa saran. Misalé, teka luwih gasik lan nyapa sedulur-sedulur, mènèhi koméntar, kerep nginjil karo kelompok nginjilé, lan nggolèk cara-cara liya kanggo mbantu sedulur-sedulur. Merga ngetrapké saran-saran kuwi, Jordan ora mung tambah trampil tapi ya tambah nresnani sedulur-sedulur. Jordan dadi ngerti, nèk ana sedulur sing dadi abdiné jemaat, dhèwèké dudu mulai mbantu tapi terus mbantu sedulur-sedulur.​—1 Tim. 3:8-10, 13.

13. Merga nresnani, Sedulur Christian piyé?

13 Piyé nèk njenengan mbiyèn nglayani dadi abdiné jemaat utawa pinituwa? Kabèh kerja keras lan katresnané njenengan ora dilalèkké Yéhuwah. (1 Kor. 15:58) Merga njenengan terus nresnani, Yéhuwah ya terus nggatèkké njenengan. Sedulur Christian ngrasa gela wektu ora dadi pinituwa manèh. Tapi dhèwèké ngomong, ”Ora soal dadi pinituwa apa ora, aku péngin terus nglayani Yéhuwah sak isa-isané merga sayang karo Dhèwèké.” Akhiré, dhèwèké dadi pinituwa manèh. Christian crita, ”Awalé aku rada wedi. Tapi merga Yéhuwah wis ngijinké aku dadi pinituwa manèh, aku bakal mènèhi sing paling apik merga sayang karo Dhèwèké lan sedulur-sedulur.”

14. Apa sing isa dipelajari saka Elena?

14 Awaké dhéwé ya nresnani wong-wong sing durung nyembah Yéhuwah. (Mat. 22:37-39) Misalé Elena, sedulur wédok saka Georgia. Dhèwèké crita, ”Mbiyèn aku semangat nginjil mung merga sayang Yéhuwah. Tapi semakin aku nresnani Yéhuwah, semakin aku nresnani wong liya. Aku nyoba mbayangké masalah apa waé sing kudu diadhepi lan topik apa sing disenengi wong-wong sing tak kabari. Saya kerep mikirké kuwi, saya gedhé kepénginanku mbantu wong-wong kuwi.”​—Rm. 10:13-15.

BERKAHÉ MERGA NRESNANI WONG LIYA

Siji sing dibantu, pira sing éntuk berkahé? (Deloken paragraf 15-16)

15-16. Kaya ing gambar, apa berkahé nèk nresnani wong liya?

15 Nèk nresnani wong liya, sing éntuk manfaat dudu mung wong kuwi. Pas pandemi COVID-19, Paolo lan bojoné mbantu akèh sedulur wédok sing wis lansia carané nginjil nganggo perangkat èlèktronik. Salah siji sedulur wédok akhiré isa berhasil ngundang sedulur-seduluré teka ing Peringatan. Ana 60 sing mèlu liwat konferénsi vidéo. Kuwi isa kelakon merga bantuané Paolo karo bojoné. Sedulur wédok kuwi nulis surat kanggo Paolo, ”Maturnuwun wis ngajari para lansia kaya aku. Aku ora bakal lali karo bantuané Yéhuwah lan bantuanmu.”

16 Paolo dadi ngerti nèk sing penting kuwi dudu pinter utawa trampil, tapi nresnani. Dhèwèké crita, ”Mbiyèn aku nglayani dadi pinituwa wilayah. Aku sadhar nèk sedulur-sedulur mungkin wis lali karo ceramahku, tapi sedulur-sedulur kuwi isih kèlingan karo bantuanku.”

17. Nèk nduduhké katresnan, sapa manèh sing éntuk manfaat?

17 Nèk nduduhké katresnan, awaké dhéwé ya éntuk manfaaté. Sedulur Jonathan saka Selandia Baru ya ngalami kuwi. Pas Setu awan, dhèwèké ndelok ana perintis panas-panasan nginjil dhèwèkan. Merga kuwi, minggu ngarepé dhèwèké ngejak perintis mau nginjil bareng pas dina Setu. Awalé Jonathan durung ngerti nèk dhèwèké bakal éntuk manfaat. Jonathan crita, ”Pas kuwi aku durung seneng nginjil. Tapi pas ngrungokké dhèwèké mulang lan hasilé ya apik, aku dadi seneng nginjil. Aku dadi nduwé kanca akrab sing mbantu aku bèn dadi seneng nginjil lan dadi tambah akrab karo Yéhuwah.”

18. Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé?

18 Yéhuwah péngin awaké dhéwé saya nresnani Dhèwèké lan wong liya. Awaké dhéwé isa saya nresnani Yéhuwah nèk maca Alkitab, ngrenungké kuwi, lan kerep ndonga. Awaké dhéwé isa tambah sayang karo sedulur-sedulur nèk kerep mbantu sedulur-sedulur. Merga saya nresnani, awaké dhéwé bakal tambah cedhak karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Yéhuwah lan sedulur-sedulur bakal dadi kanca sing ana nganti saklawasé.

LAGU 109 Tresna saka Ati

a Ora soal lagi waé utawa wis suwé nglayani Yéhuwah, kabèh isa tambah nresnani. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané isa saya nresnani Yéhuwah lan wong liya. Wektu ngrembug artikel iki, pikirna apa waé sing wis berhasil diupayakké lan apa manèh sing isa diupayakké.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.