ARTIKEL PELAJARAN 24
Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Seneng Ngapura
”Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi apikan lan gelem ngapura. Njenengan sayang banget karo wong sing njaluk tulung marang Njenengan.”—MZM. 86:5.
LAGU 42 Dongané Abdiné Gusti Allah
ISINÉ ARTIKEL IKI a
1. Ing Pengkhotbah 7:20, Raja Salomo ngomong apa?
RAJA Salomo ngomong, ”Ora ana wong bener ing bumi sing tumindaké terus apik lan ora nggawé dosa.” (Pkh. 7:20) Apa sing diomongké Salomo kuwi pancèn bener. Kabèh wong kuwi tau nggawé dosa. (1 Yoh. 1:8) Dadi, awaké dhéwé mesthi péngin bèn Yéhuwah lan wong-wong liyané gelem ngapura awaké dhéwé.
2. Piyé perasaané awaké dhéwé nèk kancané awaké dhéwé gelem ngapura?
2 Kadhang, awaké dhéwé isa nggawé kancané awaké dhéwé lara ati. Nèk wis ngono, awaké dhéwé mesthi péngin isa akrab manèh karo kancané awaké dhéwé kuwi. Dadi, awaké dhéwé bakal njaluk ngapura. Terus, piyé perasaané awaké dhéwé nèk dhèwèké gelem ngapura? Rasané mesthi seneng, ta?
3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?
3 Awaké dhéwé péngin dadi sahabaté Yéhuwah. Tapi kadhang, awaké dhéwé isa nggawé salah lan nggawé Yéhuwah sedhih. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Apa buktiné nèk Yéhuwah gelem ngapura? Kenapa carané Yéhuwah ngapura kuwi béda karo manungsa? Terus, Yéhuwah bakal ngapura wong sing kaya apa?
YÉHUWAH SENENG NGAPURA
4. Apa buktiné nèk Yéhuwah seneng ngapura?
4 Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah kuwi seneng ngapura. Misalé pas ing Gunung Sinai, Yéhuwah nduduhké karo Musa Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing kaya apa. Yéhuwah ngutus malaékat bèn ngomong, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, sabar, nduwé katresnan sing gedhé banget, mesthi nepati janjiné, nduduhké katresnan sing langgeng marang wong akèh, lan ngapura kesalahan, pelanggaran, lan dosa.” (Pa. 34:6, 7) Yéhuwah kuwi mémang Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, lan seneng ngapura wong-wong sing mertobat.—Néh. 9:17; Mzm. 86:15.
5. Merga ngerti kabèh soal awaké dhéwé, Yéhuwah piyé? (Mazmur 103:13, 14)
5 Yéhuwah kuwi Penciptané awaké dhéwé. Dhèwèké ngerti perasaan lan pikirané awaké dhéwé. Yéhuwah ya ngerti awaké dhéwé wong sing kaya apa lan ngerti apa kelemahané awaké dhéwé. (Mzm. 139:15-17) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ngerti kabèh sing wis tau awaké dhéwé alami. Yéhuwah ngerti nèk kuwi isa mempengaruhi sipat-sipaté awaké dhéwé. Mula merga ngerti kuwi kabèh, Yéhuwah dadi ngrasa mesakké lan péngin mbantu awaké dhéwé.—Mzm. 78:39; wacanen Mazmur 103:13, 14.
6. Apa buktiné nèk Yéhuwah gelem ngapura awaké dhéwé?
6 Yéhuwah gelem ngapura awaké dhéwé. Apa buktiné? Merga Adam ora manut karo Yéhuwah, kabèh keturunané dadi dosa lan akhiré mati. (Rm. 5:12) Merga kabèh keturunané ora ana sing sampurna, ora ana keturunané Adam sing isa dadi tebusan bèn manungsa isa urip saklawasé. (Mzm. 49:7-9) Tapi merga sayang, Yéhuwah nyedhiakké tebusan kanggo awaké dhéwé. Piyé carané? Ing Yohanes 3:16 disebutké nèk Yéhuwah mènèhké Yésus Anaké siji-sijiné dadi tebusan. (Mat. 20:28; Rm. 5:19) Yésus gelem sengsara nganti mati bèn wong-wong sing nduduhké iman marang dhèwèké isa urip saklawasé. (Ibr. 2:9) Mémang, Yéhuwah mesthi sedhih banget pas ndelok Yésus dipatèni. Tapi, tebusan kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah bener-bener péngin ngapura awaké dhéwé.
7. Sebutna conto ing Alkitab soal wong-wong sing diapura Yéhuwah.
7 Ing Alkitab, ana akèh conto wong-wong sing diapura Yéhuwah. (Éf. 4:32) Misalé, Raja Manasyé. Raja Manasyé iki wong sing jahat banget. Ing Alkitab disebutké nèk ”Manasyé nindakké akèh banget perkara sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, lan kuwi nglarani atiné Gusti Allah”. (2 Bb. 33:2-7) Misalé, dhèwèké nyembah allah-allah palsu lan ngobong anak-anaké dadi korban kanggo allah-allah palsu kuwi. Terus, dhèwèké ya ndèlèhké cagak suci ing baité Yéhuwah. Tapi merga Manasyé tenanan mertobat lan berubah, akhiré Yéhuwah gelem ngapura lan nggawé Manasyé dadi raja manèh. (2 Bb. 33:12, 13) Conto liyané yaiku Raja Daud. Daud tau nggawé dosa sing gedhé. Dhèwèké hubungan sèks karo wong wédok sing dudu bojoné lan matèni bojoné wong wédok kuwi. Tapi, Daud ngakoni kesalahané lan mertobat. Hasilé, Yéhuwah ngapura dhèwèké. (2 Sam. 12:9, 10, 13, 14) Saka loro conto kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah gelem ngapura wong sing mertobat. Tapi, carané Yéhuwah ngapura kuwi béda karo carané manungsa. Ayo ngrembug soal kuwi.
CARANÉ YÉHUWAH NGAPURA KUWI BÉDA KARO CARANÉ MANUNGSA
8. Kenapa Yéhuwah kuwi Hakim sing paling apik?
8 Yéhuwah kuwi ”Hakimé bumi”. (PD. 18:25) Hakim sing apik kuwi kuduné piyé? Dhèwèké kudu paham tenan soal hukum lan ngerti tenan kabèh sing kelakon sakdurungé nggawé keputusan. Yéhuwah kuwi Hakim sing kaya ngono. Dhèwèké kuwi Sing Mènèhi Hukum. (Yés. 33:22) Dadi, mung Yéhuwah sing ngerti apa sing bener lan sing salah. Terus, Yéhuwah ya ngerti kabèh sing sakjané kelakon. Kuwi sebabé, Yéhuwah kuwi Hakim sing paling apik.
9. Yéhuwah isa ngapura wong merga Dhèwèké ngerti apa waé?
9 Ora kaya hakim manungsa, Yéhuwah ngerti kabèh sing kelakon. (PD. 18:20, 21; Mzm. 90:8) Bahkan, ora ana sing isa ditutup-tutupi saka Yéhuwah. (Ibr. 4:13) Yéhuwah bener-bener ngerti kabèh soal manungsa. Yéhuwah ngerti nèk perbuatané wong isa dipengaruhi karo latar belakangé, misalé sipat-sipaté, carané wong kuwi didhidhik, lan wong-wong ing sekitaré kaya apa. Yéhuwah ya ngerti tenan isi atiné manungsa, kepénginané, lan kenapa dhèwèké isa kaya ngono. Dadi, Yéhuwah isa ngapura wong sing salah merga Dhèwèké bener-bener ngerti kabèh soal wong kuwi lan kabèh sing sakjané kelakon.
10. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi adil? (Pangandharing Torèt 32:4)
10 Yéhuwah kuwi adil lan ora mbédak-mbédakké wong. Yéhuwah ora mungkin ngapura wong merga wong kuwi penampilané apik, sugih, nduwé jabatan, utawa pinter. (1 Sam. 16:7; Yak. 2:1-4) Yéhuwah ya ora isa disuap. (2 Bb. 19:7) Terus, wektu ngadili wong, kuwi dudu merga Yéhuwah ora seneng karo wong kuwi. (Pa. 34:7) Dadi, Yéhuwah isa nggawé keputusan sing paling apik merga Dhèwèké bener-bener ngerti kabèh soal awaké dhéwé.—Wacanen Pangandharing Torèt 32:4.
11. Saka kata Ibrani sing digunakké para penulis Kitab Ibrani, awaké dhéwé isa ngerti apa soal carané Yéhuwah ngapura?
11 Para penulis Kitab Ibrani ngerti nèk carané Yéhuwah ngapura kuwi béda karo carané manungsa. Ana salah siji buku sing nyebutké soal kata Ibrani sing digunakké para penulis kuwi. Ing buku kuwi disebutké nèk ”kata Ibrani sing digunakké para penulis kuwi mung dienggo nggambarké carané Yéhuwah ngapura manungsa. Kata Ibrani kuwi ora tau dienggo nggambarké carané manungsa ngapura wong liyané”. Dadi, mung Yéhuwah sing isa bener-bener ngapura. Terus, apa hasilé nèk Yéhuwah ngapura wong sing salah?
12-13. (a) Wong sing diapura Yéhuwah bakal ngrasa piyé? (b) Apa Yéhuwah bakal ngukum manèh wong merga dosané sing mbiyèn? Jelasna.
12 Wong sing diapura Yéhuwah isa ngrasa ”seger manèh”. Kuwi artiné dhèwèké bakal ngrasa ayem lan nduwé hati nurani sing apik. Mung ”Yéhuwah” sing isa nggawé dhèwèké ngrasa kaya ngono. (Kis. 3:19) Merga wis diapura Yéhuwah, wong kuwi isa cedhak manèh karo Yéhuwah kaya sakdurungé dhèwèké nggawé dosa kuwi.
13 Nèk Yéhuwah wis ngapura wong, Dhèwèké ora bakal ngukum wong kuwi manèh merga dosané kuwi. (Yés. 43:25; Yér. 31:34) Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah bakal ”nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti adoh banget, adohé kaya wétan karo kulon”. b (Mzm. 103:12) Nèk ngrenungké kuwi, awaké dhéwé mesthi bersyukur banget karo Yéhuwah. (Mzm. 130:4) Tapi, Yéhuwah bakal bener-bener ngapura wong sing kaya apa?
YÉHUWAH NGAPURA WONG SING KAYA APA?
14. Ing paragraf-paragraf sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug apa?
14 Kaya sing wis dirembug ing paragraf-paragraf sakdurungé, Yéhuwah isa ngapura wong meskipun dosané gedhé banget. Terus, Yéhuwah kuwi Penciptané awaké dhéwé, Sing Mènèhi Hukum, lan Hakimé awaké dhéwé. Dadi wektu nggawé keputusan arep ngapura apa ora, keputusané Yéhuwah kuwi mesthi sing paling apik. Tapi, Yéhuwah bakal ngapura wong sing kaya apa?
15. Kaya sing disebutké ing Lukas 12:47, 48, Yéhuwah bakal ngapura wong sing kaya apa?
15 Yéhuwah bakal ngapura wong sing sadhar karo kesalahané. Kuwi kaya sing disebutké Yésus ing Lukas 12:47, 48. (Wacanen.) Tapi, nèk wong sengaja nggawé dosa padahal ngerti nèk kuwi salah, kuwi berarti wong kuwi wis nggawé dosa gedhé karo Yéhuwah. Isa waé Yéhuwah ora ngapura wong sing kaya ngono. (Mrk. 3:29; Yoh. 9:41) Ning kadhang, awaké dhéwé ngerti nèk sesuatu kuwi salah tapi tetep waé dilakoni. Nèk wis ngono, apa awaké dhéwé isih isa diapura? Isa. Kenapa?
16. Tenanan mertobat kuwi maksudé apa, lan kenapa awaké dhéwé kudu tenanan mertobat bèn isa diapura Yéhuwah?
16 Yéhuwah mesthi bakal ngapura wong sing tenanan mertobat. Apa maksudé? Wong sing tenanan mertobat kuwi ”pikiran lan perasaané wis berubah”. Wong kuwi menyesal merga wis berbuat salah lan ya menyesal merga ora berbuat sing bener. Wong sing tenanan mertobat kuwi ya sadhar nèk dhèwèké berbuat salah merga ora cedhak karo Yéhuwah. Mbiyèn, Manasyé karo Daud tau nggawé dosa sing gedhé. Tapi, merga wong loro kuwi tenanan mertobat, Yéhuwah gelem ngapura. (1 Raj. 14:8) Dadi, wong sing nggawé dosa kudu nduduhké nèk bener-bener menyesal karo kesalahané. Kuwi bukti nèk dhèwèké tenanan mertobat. c Tapi, sakjané ora cukup nèk mung menyesal thok. Terus, kudu piyé manèh?
17. Gelem berubah kuwi maksudé apa, lan kenapa kuwi penting? (Yésaya 55:7)
17 Nèk péngin diapura Yéhuwah, wong sing nggawé dosa ya kudu gelem berubah. Gelem berubah kuwi artiné ”mbalik”. Kuwi berarti wong sing nggawé dosa kuwi ora nggawé dosa manèh lan gelem manut karo Yéhuwah. (Wacanen Yésaya 55:7.) Tapi sing berubah kuwi ora mung perbuatané thok, pikirané ya kudu berubah. Dhèwèké kudu nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. (Rm. 12:2; Éf. 4:23) Terus, dhèwèké ya nduwé tékad ora mikirké sing salah lan ora berbuat salah manèh. (Kol. 3:7-10) Mémang, Yéhuwah bakal ngapura awaké dhéwé merga awaké dhéwé nduwé iman karo korban tebusané Yésus sing ngresiki awaké dhéwé saka kabèh dosa. Tapi, kuwi lagi isa kelakon nèk Yéhuwah wis ndelok awaké dhéwé bener-bener berubah.—1 Yoh. 1:7.
YAKIN NÈK YÉHUWAH BAKAL BENER-BENER NGAPURA
18. Apa waé sing wis dirembug ing artikel iki?
18 Dadi, apa waé sing wis dirembug ing artikel iki? Yéhuwah kuwi bener-bener Gusti Allah sing seneng ngapura. Kok isa? Sing pertama, Yéhuwah mémang gelem ngapura wong-wong. Sing keloro, Yéhuwah ngerti tenan soal awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah ya ngerti apa awaké dhéwé tenanan mertobat apa ora. Terus sing ketelu, nèk Yéhuwah ngapura, kuwi ora setengah-setengah. Kanggoné Yéhuwah kuwi kaya awaké dhéwé ora tau nggawé dosa. Hasilé, awaké dhéwé isa nduwé hati nurani sing apik lan isa nyenengké Yéhuwah.
19. Kenapa awaké dhéwé isa bahagia meskipun ora sampurna lan isih isa nggawé dosa?
19 Mémang, awaké dhéwé isih isa nggawé dosa merga ora sampurna. Tapi, awaké dhéwé isa terhibur merga ngerti nèk Yéhuwah ngrasa mesakké karo umaté. Kuwi sebabé, awaké dhéwé ora perlu terus-terusan ngrasa bersalah. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé ora sampurna lan gampang banget nggawé dosa. (Mzm. 103:8-14; 130:3) Nèk gelem manut karo préntah-préntahé Yéhuwah, awaké dhéwé isa bahagia. (Flp. 4:4-6; 1 Yoh. 3:19-22; Deloken buku Pemahaman Alkitab, Jilid 2, halaman 1055). Seneng banget nduwé Gusti Allah sing kaya ngono.
20. Apa sing bakal dirembug ing artikel berikuté?
20 Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah bakal ngapura wong-wong sing tenanan mertobat. Tapi, apa awaké dhéwé isa seneng ngapura kaya Yéhuwah? Apa carané awaké dhéwé ngapura padha karo Yéhuwah? Kenapa awaké dhéwé kudu ngerti soal kuwi? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel berikuté.
LAGU 45 Sing Kuduné Tak Pikirké
a Saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah gelem ngapura wong sing mertobat. Tapi, awaké dhéwé isa waé ngrasa ora pantes diapura. Mula ing artikel iki, bakal dibahas apa buktiné nèk Yéhuwah seneng ngapura wong-wong sing mertobat.
b Deloken buku Mendekatlah kepada Yehuwa bab 26 paragraf 9.
c KATRANGAN: ”Mertobat”. Ing Alkitab, istilah iki maksudé berubah pikiran lan ngrasa gela merga wis nindakké sing salah utawa ora nindakké sing kuduné ditindakké. Wong sing bener-bener mertobat bakal ngubah tumindaké.