Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Akèh Pelajaran lan Berkah sing Ora Tak Bayangké saka Yéhuwah

Akèh Pelajaran lan Berkah sing Ora Tak Bayangké saka Yéhuwah

PAS isih cilik, aku seneng ndelok pesawat. Aku péngin numpak pesawat lunga ing luar negeri. Tapi, kétoké kuwi ora mungkin.

Pas Perang Donya II, wong tuwaku pindhah saka Estonia ing Jerman. Aku lair ing Jerman. Ora suwé bar kuwi, keluargaku pindhah ing Kanada. Omahku cedhak kutha Ottawa. Omahé cilik, akèh pitiké. Keluargaku miskin banget, tapi isih isa sarapan endhog.

Ana Seksi Yéhuwah sing macakké Wahyu 21:3, 4 kanggo ibuku. Ibuku terharu banget nganti nangis. Bapak ibuku gelem sinau Alkitab, terus ora suwé langsung dibaptis.

Wong tuwaku ora pinter basa Inggris, tapi tetep semangat sinau soal Yéhuwah. Mèh saben Setu, bapakku nginjil bareng karo aku lan adhiku wédok, Sylvia. Padahal, benginé bapak wis kerja lembur ing pabrik nikel ing Sudbury, Ontario. Saben minggu keluargaku ya mbahas Warta Penting bareng-bareng. Bapak ibu ngajari aku bèn sayang Yéhuwah. Akhiré, taun 1956 pas umur 10 taun aku gelem dibaptis. Aku isa terus nglayani Yéhuwah merga terus mikirké bapak ibuku sing ya sayang banget karo Yéhuwah.

Bar lulus sekolah, aku malah ora semangat nglayani Yéhuwah. Aku mikir nèk dadi perintis, ora isa nggolèk dhuwit kanggo numpak pesawat ing luar negeri. Aku mulai kerja ing stasiun radio. Gawéanku nyetèlké musik. Aku seneng gawéan kuwi. Tapi kerjané bengi. Bola-bali aku ora teka ngibadah. Aku ya bergaul karo sing ora nyembah Yéhuwah. Tapi merga ngerti sing bener, akhiré aku berubah.

Aku pindhah ing Oshawa, Ontario. Ing kono aku ketemu Ray Norman, Lesli, adhiné wédok, karo perintis liyané. Wong-wong kuwi apikan. Merga ndelok wong-wong kuwi bahagia nglayani Yéhuwah, aku dadi mèlu semangat. Sasi September 1966, aku mulai dadi perintis biasa. Wektu kuwi aku seneng, uripku bahagia, tapi ngerti-ngerti keadaané berubah.

NÈK ÉNTUK TUGAS SAKA YÉHUWAH, NGAPA ORA DICOBA SIK?

Pas isih sekolah aku ndaftar kanggo kerja ing Bètel Toronto, Kanada. Pas isih merintis, aku éntuk undangan nglayani patang taun ing Bètel. Wektu kuwi aku seneng karo Lesli. Dadi, aku wedi nèk undangané tak tampa, aku ora isa ketemu manèh karo dhèwèké. Sakwisé ndonga tenanan, undangané tak tampa. Sedhih banget rasané kudu pamitan karo Lesli.

Ing Bètel aku kerja ing bagéan laundry, terus dadi sekretaris. Lesli nglayani dadi perintis istiméwa ing Gatineau, Quebec. Aku kerep mikirké Lesli, aku péngin ngerti piyé kabaré. Aku ya kerep mikirké apa wis nggawé keputusan sing bener. Tapi ngerti-ngerti, masé Lesli, Ray, ya diundang ing Bètel. Dhèwèké sak kamar karo aku. Aku isa cedhak manèh karo Lesli. Akhiré aku nikah karo Lesli ing dina terakhir penugasanku, tanggal 27 Februari 1971.

Dadi pinituwa wilayah mulai 1975

Aku karo Lesli ditugaské ing jemaat basa Prancis ing Quebec. Beberapa taun bar kuwi, aku kagèt banget merga ditugasi dadi pinituwa wilayah pas umurku isih 28 taun. Aku isih enom. Aku ngrasa ora sanggup. Tapi kata-kata ing Yérémia 1:7, 8 nguwatké aku. Lesli wis beberapa kali kecelakaan mobil. Dhèwèké ya angèl turu. Apa isa aku karo dhèwèké nglayani bareng dadi pinituwa wilayah? Lesli ngomong, ”Nèk Yéhuwah ngekèki tugas, ngapa ora dicoba sik?” Akhiré kami nampa tugas kuwi. Kami nglayani bareng dadi pinituwa wilayah selama 17 taun.

Dadi pinituwa wilayah kuwi sibuk banget. Kadhang aku ora nduwé wektu kanggo Lesli. Aku sinau pelajaran sing berharga. Dina Senèn ésuk ngerti-ngerti ana sing mencèt bèl. Pas tak bukak lawangé ora ana sapa-sapa. Mung ana kranjang isiné klasa, kèju, buah, roti, anggur sak botol, gelas, karo kertas tulisané, ”Bojomu ajaken piknik.” Dina kuwi ya cerah. Tapi aku ngomong karo Lesli nèk kudu persiapan ceramah dadi ora isa mangkat. Dhèwèké ora masalah tapi rada sedhih. Pas mèh mulai persiapan atiku ora pénak banget. Aku mikirké Éfésus 5:25, 28. Aku ngrasa Yéhuwah ngélingké aku bèn nggatèkké perasaané bojoku. Bar ndonga, aku ngomong karo Lesli, ”Ayo mangkat.” Dhèwèké seneng banget. Kami lunga ing panggonan sing indah cedhak kali, terus nggelar klasa. Dina kuwi, dina sing nyenengké banget. Aku ya isih isa persiapan ceramah.

Aku seneng dadi pinituwa wilayah. Aku nglayani saka dhaérah Newfoundland nganti British Columbia. Kepénginanku mlaku-mlaku akhiré dadi kenyataan. Sakjané aku wis kepikiran mèlu Sekolah Giléad. Tapi aku ora gelem dadi utusan injil. Aku ngrasa nèk ora memenuhi syarat. Aku ya wedi nèk ditugaské ing negara-negara ing Afrika, sing kerep perang utawa ana wabah penyakit. Aku wis seneng nglayani ing kéné.

NGERTI-NGERTI ÉNTUK TUGAS ING ESTONIA LAN NEGARA-NEGARA BALTIK

Perjalanan ing negara-negara Baltik

Taun 1992, Seksi-Seksi Yéhuwah mulai bébas nginjil manèh ing negara-negara bekas Uni Soviet. Kami ditugaské ing Estonia dadi utusan injil. Rasané kagèt banget. Tapi, kami ndongakké kuwi. Kami mikir, ’Nèk Yéhuwah wis ngekèki tugas, ngapa ora dicoba sik?’ Kami nampa tugas kuwi karo mikir, ’Untung ora ing Afrika.’

Kami langsung sinau basa Estonia. Beberapa bulan bar kuwi, kami ditugaské dadi pinituwa wilayah. Kami ngunjungi 46 jemaat lan kelompok-kelompok ing Estonia, Latvia, lan Lituania, termasuk Kaliningrad, Rusia. Kami kudu sinau basa Latvi, Lituavi, lan Rusia. Meskipun ora gampang, tapi sedulur-sedulur seneng lan mbantu aku sinau. Taun 1999, kantor cabang ing Estonia diresmèkké. Aku nglayani dadi Panitia Cabang bareng karo Toomas Edur, Lembit Reile, lan Tommi Kauko.

Kiwa: Ceramah ing pertemuan gabungan wilayah ing Lituania

Tengen: Panitia Cabang Estonia taun 1999

Aku dadi kenal karo sedulur-sedulur sing tau dibuwang ing Siberia. Meskipun dianiaya ing penjara lan kudu pisah karo keluarga, sedulur-sedulur kuwi ora putus asa. Sedulur-sedulur kuwi tetep bahagia lan semangat nginjil. Aku dadi ngerti nèk isa tetep setya meskipun ngalami masalah sing abot.

Selama bertaun-taun, kami sibuk banget lan ora tau cuti. Lesli nganti kekeselen. Wektu kuwi, kami durung ngerti nèk jebulé dhèwèké lara fibromialgia. Kami mikir nèk kudu mulih ing Kanada. Tapi aku diundang mèlu pelatihan ing Patterson, New York, Amerika Serikat. Aku ora ngerti sanggup mèlu apa ora. Bar tak dongakké, aku nampa undangané. Yéhuwah mberkahi. Pas aku mèlu pelatihan, Lesli isa berobat ing dokter. Hasilé, keadaané dadi luwih apik.

NGERTI-NGERTI DITUGASKÉ ING BENUA LIYA

Taun 2008, ngerti-ngerti aku ditélpon kantor pusat pas bengi. Aku ditakoni apa isa pindhah ing Kongo. Aku kagèt, apa manèh sésuké kudu langsung dijawab. Aku ora crita karo Lesli merga wedi mengko dhèwèké ora isa turu. Tapi ndilalah malah aku sing ora isa turu. Akhiré aku ndonga soal kuwi.

Sésuké, pas Lesli tak critani, dhèwèké ngomong, ”Nèk ora dicoba sik, piyé isa ngerti bakal menikmati nglayani ing kono apa ora.” Sakwisé 16 taun nglayani ing Estonia, akhiré kami pindhah ing Kinshasa, Kongo. Kantor cabang ing kono indah banget merga akèh tandurané. Pas tekan ing kamar, Lesli langsung ndèlèhké kartu sing kèt mbiyèn digawa saka Kanada. Ing kartu kuwi ditulis, ”Ing endi waé ditanduré, tetep metu kembangé.” Aku mulai bergaul karo sedulur-sedulur, mulai ana sing sinau Alkitab karo aku, lan aku mulai menikmati tugasku dadi utusan injil. Aku dadi tambah bahagia nglayani Yéhuwah. Aku ya ngunjungi 13 cabang liyané ing Afrika. Aku seneng isa kenal karo sedulur-sedulur sing béda-béda. Ternyata nglayani ing Afrika nyenengké banget. Aku bersyukur karo Yéhuwah.

Tak kira, aku ora bakal doyan panganan ing Kongo. Misalé, serangga. Tapi merga ndelok sedulur-sedulur menikmati, aku dadi gelem nyoba. Ternyata aku doyan.

Ing Kongo bagéan timur, ana kelompok pemberontak sing nyerang beberapa désa ing kono. Kelompok kuwi nyerang wong wédok lan anak-anak. Aku lunga mrono kanggo nguwatké sedulur-sedulur lan ngirimké bantuan. Akèh sedulur-sedulur sing ora nduwé dhuwit. Tapi, sedulur-sedulur kuwi tetep sayang karo Yéhuwah, percaya karo janjiné Yéhuwah nèk bakal diuripké manèh, lan terus ndhukung organisasi. Aku dadi mikirké apa alesanku nglayani Yéhuwah lan péngin nduwé iman sing luwih kuwat. Ana beberapa sedulur sing omahé dihancurké lan hasil panèné dirampok. Aku dadi sadhar nèk harta isa ilang ngono waé. Harta sing paling berharga kuwi hubungan karo Yéhuwah. Meskipun keadaané susah, tapi sedulur-sedulur ora tau ngeluh. Aku ya péngin niru sedulur-sedulur kuwi. Aku péngin tetep semangat meskipun ngadhepi masalah keséhatan lan masalah liyané.

Kiwa: Ceramah ing téndha pengungsian

Tengen: Mènèhi bantuan kanggo sedulur-sedulur ing Dungu, Kongo

PINDHAH ING ASIA

Taun 2013, ngerti-ngerti kami dikongkon pindhah ing kantor cabang Hong Kong. Kami ora tau kepikiran bakal nglayani ing Asia. Tapi, merga wis ngrasakké bantuané Yéhuwah selama iki, kami nampa undangané. Kami lunga saka Afrika, ninggalké kanca-kanca. Rasané sedhih banget. Kami ora ngerti mengko bakalé piyé.

Hong Kong kuwi kutha sing sibuk, lan penduduké saka negara sing béda-béda. Basané ya angèl. Tapi, aku ngrasa disambut karo sedulur-sedulur. Panganané ya énak-énak. Gawéan ing kantor cabang Hong Kong saya suwé saya akèh. Sakjané butuh panggonan sing luwih gedhé, tapi rega bangunan mundhak terus. Dadi, Pengurus Pusat mutuské bèn beberapa gawéan dikerjakké ing panggonan liya lan beberapa bangunan kantor cabang diedol. Taun 2015, kami pindhah ing Korea Selatan. Ing kono basané ya angèl. Tapi, sedulur-sedulur terus nyemangati lan ngomong nèk basa Koreaku wis lancar.

Kiwa: Pindhah ing Hong Kong

Tengen: Kantor cabang Korea

SING TAK PELAJARI

Nggolèk kanca anyar ora mesthi gampang. Tapi nèk ngundang sedulur-sedulur bèn isa bergaul, dadi luwih cepet akrab. Aku ya ngrasakké meskipun sedulur-sedulur kuwi béda-béda, tapi nèk ngobrol mesthi tetep nyambung. Yéhuwah wis ngrancang awaké dhéwé isa nduwé akèh kanca, isa terbuka, lan sayang karo akèh wong.​—2 Kor. 6:11.

Aku dadi ngerti nèk kudu nampa wong liya apa anané kaya Yéhuwah. Saben dina aku terus mikirké apa waé buktiné Yéhuwah sayang lan nuntun aku. Pas ngrasa ora berguna utawa ora dianggep karo wong liya, aku maca manèh kartu lan surat saka kanca-kancaku. Aku wis ngrasakké nèk Yéhuwah njawab donga-dongaku. Dhèwèké terus nguwatké aku.

Meskipun sibuk, aku karo Lesli dadi ngerti nèk kudu nyisihké wektu bareng-bareng. Aku ya dadi ngerti nèk nggawé salah, digawa santai waé. Apa manèh nèk sinau basa. Saben bengi aku karo Lesli mikirké apa waé sing isa disyukuri saka Yéhuwah.

Mbiyèn aku mikir nèk ora bakal isa dadi utusan injil lan nglayani ing negara liya. Tapi ora ana sing mustahil nèk dibantu Yéhuwah. Aku kèlingan kata-katané Yérémia, ”Oh Yéhuwah, Njenengan wis nggawé aku yakin.” (Yér. 20:7) Yéhuwah mènèhi akèh banget berkah sing ora isa tak bayangké. Kepénginanku numpak pesawat akhiré kelakon. Pas isih cilik, aku ora mbayangké nèk isa lunga ing negara sing béda-béda. Malah, isa nganti lima benua. Aku ya bersyukur merga Lesli terus ndhukung lan sayang karo aku.

Aku terus mikirké nèk kabèh tak lakoni merga aku sayang karo Yéhuwah. Kabèh berkah sing tak tampa saiki, ora ana apa-apané nèk dibandhingké berkah sing bakal tak tampa ing donya anyar wektu Yéhuwah ’mbukak tangané lan mènèhi kabèh sing dipéngini manungsa lan kéwan’.​—Mzm. 145:16.