Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 25

LAGU 7 Yéhuwah Gunung Watuku

Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”

Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”

”Yéhuwah kuwi urip.”MZM. 18:46.

INTI

Manfaaté terus éling nèk Gusti Allah sing awaké dhéwé layani kuwi ”Gusti Allah sing urip”.

1. Apa sing marakké awaké dhéwé terus setya nglayani Yéhuwah meskipun akèh tantangan?

 ING Alkitab disebutké nèk jaman saiki keadaané ”angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Tim. 3:1) Sakliyané ngadhepi akèh masalah kaya wong-wong umumé, umaté Yéhuwah ya ngadhepi tantangan liyané, bahkan nganti dianiaya. Apa sing marakké awaké dhéwé terus setya nglayani Yéhuwah? Alesan sing utama merga wis ngrasakké bantuané Yéhuwah lan ngerti nèk Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing urip”.—Yér. 10:10; 2 Tim. 1:12.

2. Apa maksudé Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing urip”?

2 Yéhuwah kuwi ana tenan. Dhèwèké ngerti kabèh tantangan sing awaké dhéwé adhepi lan selalu péngin mbantu. (2 Bb. 16:9; Mzm. 23:4) Nèk éling Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing urip, awaké dhéwé isa terus setya nglayani Dhèwèké ora soal tantangan sing diadhepi. Gatèkna pengalamané Raja Daud.

3. Daud ngomong, ”Yéhuwah kuwi urip.” Apa maksudé?

3 Daud bener-bener kenal lan ngendelké Yéhuwah. Wektu arep dipatèni Raja Saul lan mungsuh-mungsuh sing liyané, Daud ndonga njaluk tulung Yéhuwah. (Mzm. 18:6) Bar dongané dijawab lan dhèwèké dislametké, Daud ngomong, ”Yéhuwah kuwi urip.” (Mzm. 18:46) Apa maksudé? Daud ora mung ngomong nèk Yéhuwah kuwi ana tenan. Ana réferènsi sing nyebutké nèk Daud bener-bener yakin Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing urip, sing selalu siap nulungi umaté”. Daud wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah ngerti sing diadhepi Daud lan selalu siap nulungi. Kuwi sing marakké Daud péngin terus nglayani lan muji Yéhuwah.—Mzm. 18:​28, 29, 49.

4. Apa waé manfaaté nèk yakin Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing urip”?

4 Nèk yakin Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing urip”, awaké dhéwé bakal terus semangat nglayani Dhèwèké. Awaké dhéwé isa tetep setya meskipun ngadhepi tantangan lan gelem ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal bertékad terus akrab karo Yéhuwah.

”GUSTI ALLAH SING URIP” BAKAL NULUNGI LAN NGUWATKÉ NJENENGAN

5. Ngapa kok ora perlu wedi nèk ngadhepi tantangan? (Filipi 4:13)

5 Awaké dhéwé isa ngadhepi tantangan apa waé nèk éling Yéhuwah kuwi urip lan selalu siap nulungi. Ora ana masalah sing terlalu angèl kanggo Yéhuwah. Yéhuwah kuwi Mahakuwasa lan isa ngekèki kekuwatan bèn awaké dhéwé isa bertekun. (Wacanen Filipi 4:13.) Makané, ora perlu wedi ngadhepi tantangan apa waé. Nèk wis ngrasakké dhéwé ditulungi Yéhuwah, awaké dhéwé dadi yakin, nèk mengko ngadhepi masalah sing luwih gedhé, Yéhuwah ya bakal nulungi.

6. Apa sing dialami Daud wektu isih enom sing marakké dhèwèké luwih percaya karo Yéhuwah?

6 Gatèkna loro peristiwa sing dialami Daud sing marakké dhèwèké tambah percaya karo Yéhuwah. Wektu Daud isih enom, ana beruang lan singa sing nggondhol dombané bapaké. Tapi Daud kendel banget. Dhèwèké ngoyak beruang karo singa kuwi, terus nylametké dombané bapaké. Tapi, Daud ora mikir nèk dhèwèké isa berhasil kuwi merga kemampuané dhéwé. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah sing mbantu dhèwèké. (1 Sam. 17:​34-37) Daud ora bakal lali karo peristiwa-peristiwa kuwi. Merga ngrenungké kuwi, Daud dadi tambah yakin nèk sukmbèn dhèwèké ora bakal wedi merga ana Yéhuwah, Gusti Allah sing urip.

7. Wektu ngadhepi Goliat, apa sing dipikirké Daud, terus hasilé apa?

7 Terus pas umuré durung nganti 20, Daud lunga ing perkémahané prajurit Israèl. Ing kana, dhèwèké ndelok para prajurit Israèl kewedèn merga ana wong Filistin sing jenengé Goliat ”nantang pasukan Israèl”. (1 Sam. 17:​10, 11) Para prajurit kuwi wedi merga mung fokus karo awaké lan omongané Goliat. (1 Sam. 17:​24, 25) Tapi, nèk Daud piyé? Daud ngerti nèk sing ditantang Goliat kuwi sakjané dudu pasukan Israèl, tapi ”Gusti Allah sing urip”. (1 Sam. 17:26) Daud éling nèk Yéhuwah tau nulungi dhèwèké wektu nglawan kéwan-kéwan buas. Makané, dhèwèké yakin nèk Yéhuwah ya bakal nulungi manèh. Akhiré, Daud dadi wani nglawan Goliat lan menang.—1 Sam. 17:​45-51.

8. Bèn isa luwih percaya nèk Yéhuwah bakal selalu nulungi, apa sing isa dilakukan? (Deloken gambar.)

8 Awaké dhéwé ya isa berhasil ngadhepi tantangan nèk éling Yéhuwah, Gusti Allah sing urip, selalu siap nulungi. (Mzm. 118:6) Bèn isa tambah percaya Yéhuwah, isa mikirké sing wis dilakukan Yéhuwah mbiyèn. Wacanen kisah-kisah ing Alkitab soal piyé Yéhuwah nylametké umaté. (Yés. 37:​17, 33-37) Gatèkna artikel utawa vidéo ing jw.org sing nyritakké piyé Yéhuwah nulungi umaté jaman saiki. Terus, éling-élingen piyé Yéhuwah wis nulungi njenengan dhéwé. Tapi, piyé nèk njenengan ngrasa durung tau ngrasakké peristiwa luar biasa sing kaya dislametké saka beruang utawa singa? Kuwi ora berarti Yéhuwah ora tau nulungi njenengan. Yéhuwah wis ngundang njenengan dadi sahabaté. (Yoh. 6:44) Njenengan isa tetep setya nglayani nganti saiki kuwi merga dibantu Yéhuwah. Dadi, njaluka tulung Yéhuwah mbantu njenengan éling manèh pas Yéhuwah njawab dongané njenengan, mbantu njenengan ing wektu sing pas, lan nulungi wektu njenengan lagi susah. Nèk ngéling-éling kuwi, njenengan bakal dadi tambah yakin nèk Yéhuwah bakal terus nulungi njenengan.

Tanggepané awaké dhéwé wektu ngadhepi tantangan kuwi isa mempengaruhi perasaané Yéhuwah (Deloken paragraf 8-9)


9. Pas ngadhepi tantangan, apa sing kudu awaké dhéwé éling-éling? (Wulang Bebasan 27:11)

9 Wektu ngadhepi tantangan, awaké dhéwé kudu mikirké sing paling penting. Sétan ngomong nèk awaké dhéwé bakal ninggalké Yéhuwah nèk uripé susah. Dadi, tanggepané awaké dhéwé wektu ngadhepi tantangan kuwi isa mempengaruhi perasaané Yéhuwah. (Ayb. 1:​10, 11; wacanen Wulang Bebasan 27:11.) Nèk tetep setya, kuwi bukti awaké dhéwé sayang Yéhuwah, lan omongané Sétan kuwi ora bener. Apa njenengan lagi ngadhepi tentangan saka pamréntah, masalah ékonomi, wektu nginjil ora ana sing berminat, utawa kesulitan liyané? Nèk iya, élinga nèk kuwi sakjané kesempatané njenengan isa nggawé Yéhuwah seneng. Terus, élinga nèk Yéhuwah mesthi bakal ngekèki kekuwatan bèn njenengan isa ngadhepi tantangan apa waé.—1 Kor. 10:13.

”GUSTI ALLAH SING URIP” BAKAL MBERKAHI NJENENGAN

10. Wong-wong sing nglayani Yéhuwah bakal ngrasakké apa?

10 Yéhuwah selalu mberkahi wong-wong sing nglayani Dhèwèké. (Ibr. 11:6) Dhèwèké nggawé uripé awaké dhéwé ayem lan puas saiki, lan sukmbèn isa urip saklawasé. Awaké dhéwé isa yakin tenan nèk Yéhuwah péngin lan isa mberkahi awaké dhéwé. Mulané, awaké dhéwé péngin ngupayakké sing paling apik kanggo nglayani Yéhuwah, kaya umaté Yéhuwah jaman mbiyèn, misalé Timotius.—Ibr. 6:​10-12.

11. Ngapa kok Timotius gelem kerja keras kanggo para sedulur? (1 Timotius 4:10)

11 Wacanen 1 Timotius 4:10. Timotius percaya tenan nèk Yéhuwah bakal mberkahi dhèwèké. Makané, dhèwèké kerja keras kanggo Yéhuwah lan para sedulur. Apa waé sing dilakukan Timotius? Rasul Paulus ngongkon bèn dhèwèké berupaya luwih trampil nginjil lan mulang ing jemaat. Timotius ya dikon dadi conto kanggo sedulur-sedulur liyané, embuh sing tuwa utawa enom. Terus, Timotius ya dikèki beberapa tugas sing abot, misalé ngekèki naséhat sing tegas tapi nganggo kata-kata sing alus. (1 Tim. 4:​11-16; 2 Tim. 4:​1-5) Meskipun kadhang-kadhang kerja kerasé ora didelok utawa ora ana sing menghargai, Timotius yakin nèk Yéhuwah mesthi mberkahi dhèwèké.—Rm. 2:​6, 7.

12. Ngapa kok para pinituwa gelem kerja keras kanggo para sedulur ing jemaat? (Deloken gambar.)

12 Para pinituwa saiki ya isa yakin nèk Yéhuwah ndelok lan menghargai kerja kerasé. Sakliyané kudu nginjil, mulang, lan ngurus jemaat, akèh pinituwa sing mèlu proyèk pembangunan lan penanggulangan bencana. Terus, ya ana sing dadi anggota Kelompok Pengunjung Pasien utawa Panitia Penghubung Rumah Sakit. Para pinituwa kuwi ngerti nèk kabèh sing diupayakké kanggo jemaat sakjané kanggo Yéhuwah, dudu manungsa. Makané, meréka gelem kerja keras lan yakin tenan nèk Yéhuwah bakal mberkahi upayané meréka.—Kol. 3:​23, 24.

Gusti Allah sing urip bakal mberkahi kerja kerasé njenengan kanggo sedulur-sedulur ing jemaat (Deloken paragraf 12-13)


13. Piyé perasaané Yéhuwah soal upayané awaké dhéwé kanggo nglayani Dhèwèké?

13 Meskipun dudu pinituwa, kabèh isa ngupayakké sesuatu kanggo Yéhuwah. Yéhuwah seneng banget nèk awaké dhéwé ngupayakké sing paling apik kanggo nglayani Dhèwèké. Misalé, Dhèwèké menghargai sumbangané awaké dhéwé kanggo gawéan nginjil meskipun jumlahé ora akèh. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé berupaya njawab ing pertemuan ibadah meskipun awaké dhéwé wongé isinan. Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé ngampuni wong-wong sing marahi lara ati. Meskipun ora ana akèh sing isa dilakukan, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah menghargai upayané njenengan. Yéhuwah sayang lan bakal mberkahi njenengan.—Luk. 21:​1-4.

TERUS AKRAB KARO YÉHUWAH, GUSTI ALLAH SING URIP

14. Ngapa kok awaké dhéwé isa tetep setya nèk akrab karo Yéhuwah? (Deloken gambar.)

14 Nèk akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal dadi luwih gampang setya karo Dhèwèké. Kuwi sing dialami Yusuf. Dhèwèké langsung nolak wektu dijak hubungan sèks sing ora pantes. Yusuf akrab karo Yéhuwah lan ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih. (PD. 39:9) Nah kaya Yusuf, nèk akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé dadi ora péngin nglakoni apa waé sing isa marakké Yéhuwah sedhih. Bèn isa akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ndonga lan mempelajari Alkitab.—Yak. 4:8.

Nèk tetep akrab karo Gusti Allah sing urip, njenengan isa terus setya (Deloken paragraf 14-15)


15. Apa sing isa dipelajari saka kisahé bangsa Israèl wektu ing padhang belantara? (Ibrani 3:12)

15 Nèk mulai ora percaya karo Yéhuwah, Gusti Allah sing urip, awaké dhéwé isa dadi ora setya manèh karo Dhèwèké. Contoné, bangsa Israèl wektu ing padhang belantara. Meréka ngerti nèk Yéhuwah kuwi ana tenan. Tapi, meréka ragu apa Yéhuwah bakal ngopèni meréka. Malah meréka takon, ”Apa tenan Yéhuwah ana ing tengah-tengahé awaké dhéwé?” (Pa. 17:​2, 7) Bar kuwi, meréka mbrontak nglawan Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ora péngin kaya bangsa Israèl.—Wacanen Ibrani 3:12.

16. Apa sing isa marakké awaké dhéwé mulai ora percaya karo Yéhuwah?

16 Saiki, bèn isa terus akrab karo Yéhuwah kuwi ora gampang. Soalé, ana akèh sing ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Terus, wong-wong sing ora manut Yéhuwah uripé malah kétoké pénak. Kuwi isa mempengaruhi awaké dhéwé. Mémang, awaké dhéwé tetep percaya nèk Gusti Allah kuwi ana tenan. Tapi mungkin mulai ragu-ragu, apa Yéhuwah bakal nulungi awaké dhéwé. Sing nulis Mazmur 73 tau ngrasakké kaya ngono. Dhèwèké ndelok nèk wong-wong ing sekitaré ora manut préntahé Yéhuwah tapi uripé makmur. Akhiré, dhèwèké mulai ragu-ragu lan mikir nèk nglayani Yéhuwah kuwi ora ana gunané.—Mzm. 73:​11-13.

17. Piyé bèn isa terus akrab karo Yéhuwah?

17 Apa sing akhiré marakké sing nulis mazmur ora mikir kaya ngono manèh? Dhèwèké ngrenungké apa sing bakal dialami wong-wong sing wis ora percaya Yéhuwah. (Mzm. 73:​18, 19, 27) Dhèwèké ya mikirké manfaaté nglayani Yéhuwah. (Mzm. 73:24) Awaké dhéwé ya isa ngrenungké kabèh berkah saka Yéhuwah lan mbayangké piyé uripé awaké dhéwé nèk ora nglayani Yéhuwah. Nèk ngrenungké kuwi, awaké dhéwé dadi péngin terus setya karo Dhèwèké. Kaya sing nulis mazmur, awaké dhéwé bakal ngrasa nèk ”nyenengké banget isa nyedhak marang Gusti Allah”.—Mzm. 73:28.

18. Ngapa kok ora perlu wedi soal masa depan?

18 Awaké dhéwé isa ngadhepi tantangan apa waé ing akhir jaman iki merga nglayani ”Gusti Allah sing urip lan bener”. (1 Tés. 1:9) Yéhuwah kuwi ana tenan lan bakal selalu siap nulungi. Dhèwèké wis terbukti selalu nulungi umaté kèt mbiyèn lan bakal terus nulungi awaké dhéwé saiki. Sedhéla manèh, bakal ana sengsara gedhé. Tapi, awaké dhéwé ora bakal ngadhepi kuwi dhèwèkan merga ana Yéhuwah. (Yés. 41:10) Muga-muga awaké dhéwé isa ”dadi kendel lan kandha, ’Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi.’”—Ibr. 13:​5, 6.

LAGU 3 Kekuwatan, Harapan, lan Sing Tak Percaya