Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 23

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

Undangan Istiméwa Dadi Tamu ing Kémahé Yéhuwah

Undangan Istiméwa Dadi Tamu ing Kémahé Yéhuwah

”Kémah-Ku bakal ana ing antarané wong-wong kuwi. Aku bakal dadi Gusti Allahé.”YÈH. 37:27.

INTI

Semakin menghargai undangané Yéhuwah kanggo dadi tamu ing kémahé lan bukti nèk Yéhuwah kuwi Tuan Rumah sing apik.

1-2. Menurut Mazmur 15:​1, Yéhuwah ngundang umaté kanggo dadi apa?

 SELAMA iki, njenengan nganggep Yéhuwah kuwi apa? Ana sing nganggep Yéhuwah kuwi Bapak, Gusti Allah, utawa Kanca. Tapi, apa njenengan tau mikir nèk Yéhuwah kuwi kaya Tuan Rumah sing ngundang njenengan dadi tamuné?

2 Ing Mazmur 15:​1, Raja Daud nyebutké nèk Yéhuwah ngundang umaté sing setya dadi tamuné. Daud ngomong, ”Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu? Sapa sing éntuk manggon ing gunung-Mu sing suci?” Saka kata-katané Daud kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé isa dadi tamuné Yéhuwah, utawa dadi sahabaté. Kuwi bener-bener kesempatan sing istiméwa banget.

YÉHUWAH PÉNGIN AWAKÉ DHÉWÉ DADI TAMUNÉ

3. Sapa tamuné Yéhuwah sing pertama, lan piyé perasaané Yéhuwah lan tamuné kuwi?

3 Sakdurungé nyiptakké kabèh, Yéhuwah dhèwèkan. Tapi bar nyiptakké Anaké sing pertama, Yéhuwah dadi Tuan Rumah sing nyambut tamuné sing pertama ing kémahé. Menurut Alkitab, Yéhuwah ”seneng” banget karo Anaké. Anaké ya ”terus ngrasa seneng ing ngarepé” Yéhuwah.—WB. 8:30.

4. Sapa manèh sing diundang Yéhuwah dadi tamu ing kémahé?

4 Bar kuwi, Yéhuwah nyiptakké para malaékat. Meréka ya diundang dadi tamuné Yéhuwah. Ing Alkitab, para malaékat disebut ”anak-anaké Gusti Allah”, lan meréka seneng banget isa ana ing cedhaké Yéhuwah. (Ayb. 38:7; Dan. 7:10) Selama bertaun-taun, sing isa dadi tamuné Yéhuwah kuwi mung sing ana ing swarga. Tapi sakwisé nyiptakké manungsa, Yéhuwah ya ngundang manungsa dadi tamuné. Misalé Hénokh, Nuh, Abraham, lan Ayub. Ing Alkitab, wong-wong sing setya kuwi disebut sahabaté Yéhuwah merga ”terus nindakké sing dikarepké Gusti Allah sing bener”.—PD. 5:24; 6:9; Ayb. 29:4; Yés. 41:8.

5. Ana keterangan apa saka ramalan ing Yèhèzkièl 37:​26, 27?

5 Nganti saiki, Yéhuwah terus ngundang wong-wong kanggo dadi tamu ing kémahé. (Wacanen Yèhèzkièl 37:​26, 27.) Saka ramalané Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah péngin banget umaté sing setya nduwé hubungan sing akrab karo Dhèwèké. Yéhuwah janji arep ”nggawé perjanjian damai” karo meréka. Menurut ramalan kuwi, bakal ana wektuné wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga lan sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi dadi ”sak kelompok” ing kémahé Yéhuwah. (Yoh. 10:16) Ramalan kuwi kelakon saiki.

ORA SOAL TAMUNÉ ANA ING ENDI, YÉHUWAH NGGATÈKKÉ

6. (a) Wong isa dadi tamu ing kémahé Yéhuwah kuwi nèk piyé? (b) Kémahé Yéhuwah kuwi ana ing endi?

6 Jaman mbiyèn, kémah kuwi tempat kanggo berlindung lan istirahat. Wong sing diundang dadi tamu ing kémah mesthi bakal diurusi tuan rumahé. Wektu mutuské nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé dadi tamu ing kémahé Yéhuwah. (Mzm. 61:4) Awaké dhéwé éntuk akèh banget persediaan rohani lan isa kancanan karo wong-wong sing ya dadi tamuné Yéhuwah. Tapi kémahé Yéhuwah kuwi dudu kémah tenanan sing mung ana ing suatu tempat tertentu. Nèk njenengan lunga ing luar negri, misalé kanggo teka ing pertemuan istiméwa, njenengan bakal ketemu karo wong-wong sing ya dadi tamuné Yéhuwah. Dadi ora soal manggoné ing endi, nèk setya nglayani, awaké dhéwé isa terus dadi tamu ing kémahé Yéhuwah.—Why. 21:3.

7. Umaté Yéhuwah sing wis mati isih dadi tamu ing kémahé Yéhuwah. Kok isa? (Deloken gambar.)

7 Terus, umaté Yéhuwah sing setya sing wis mati piyé? Apa meréka isih dadi tamu ing kémahé Yéhuwah? Isih. Soalé, kanggoné Yéhuwah, meréka kuwi kaya isih urip. Yéhuwah éling banget soal meréka. Yésus njelaské, ”Soal wong mati sing diuripké manèh, Musa dhéwé tau nduduhké kuwi ing kisah soal semak berduri, yaiku wektu Musa nyebut nèk Yéhuwah kuwi ’Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub’. Dhèwèké kuwi Gusti Allahé wong urip, dudu Gusti Allahé wong mati. Nurut pandhangané Gusti Allah, kabèh wong kuwi isih urip.”—Luk. 20:​37, 38.

Umaté Yéhuwah sing setya sing wis mati, isih dadi tamu ing kémahé Yéhuwah (Deloken paragraf 7)


MANFAAT LAN SYARATÉ DADI TAMUNÉ YÉHUWAH

8. Nèk dadi tamu ing kémahé Yéhuwah, manfaaté apa?

8 Kaya tamu sing ana ing njero kémah isa istirahat lan terlindung saka bahaya, tamuné Yéhuwah ya kaya ngono. Sétan péngin nggawé awaké dhéwé ora akrab manèh karo Yéhuwah lan ora nduwé harapan. Tapi nèk dadi tamuné Yéhuwah, awaké dhéwé isa dilindhungi Yéhuwah. Apa sing saiki awaké dhéwé alami gara-gara Sétan kuwi mung sementara. (Mzm. 31:23; 1 Yoh. 3:8) Nah ing donya anyar, Yéhuwah bakal terus nglindhungi tamuné sing setya. Meréka isa terus akrab karo Dhèwèké lan malah ora bakal mati.—Why. 21:4.

9. Bèn isa terus dadi tamuné Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

9 Isa dadi tamu ing kémahé Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa banget. Awaké dhéwé isa dadi sahabaté Yéhuwah nganti saklawasé. Nah bèn isa terus dadi tamuné Yéhuwah, kudu piyé? Nèk dadi tamu ing omahé wong, njenengan mesthi bakal manut sing nduwé omah. Misalé nèk dikon nyopot sepatu sakdurungé mlebu omah, njenengan mesthi gelem, ta? Padha kaya ngono, bèn isa terus dadi tamu ing kémahé Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu manut aturané Yéhuwah. Merga sayang Yéhuwah, awaké dhéwé dadi péngin ngupaya tenanan bèn isa ”bener-bener nyenengké Dhèwèké”. (Kol. 1:10) Terus, meskipun nganggep Yéhuwah sahabat, ya kudu éling nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah lan Bapak sing kudu dihormati. (Mzm. 25:14) Awaké dhéwé péngin berupaya selalu ”rendah hati” lan ngajèni banget Yéhuwah, makané ora péngin nglakoni hal-hal sing bakal marakké Dhèwèké ora seneng.—Mi. 6:8.

YÉHUWAH ORA PILIH KASIH KARO BANGSA ISRAÈL

10-11. Apa buktiné nèk Yéhuwah ora pilih kasih karo bangsa Israèl?

10 Yéhuwah ora pilih kasih karo kabèh tamuné. (Rm. 2:11) Buktiné isa didelok saka carané Yéhuwah urusan karo bangsa Israèl ing Padhang Belantara Sinai.

11 Sakwisé mbébaské bangsa Israèl saka Mesir, Yéhuwah nglantik para imam kanggo nglayani ing tabernakel. Yéhuwah ya ngekèki wong Lèwi tugas-tugas ing tabernakel. Tapi, apa wong-wong sing nglayani ing tabernakel lan sing kémahé ing cedhak tabernakel luwih digatèkké Yéhuwah timbang liyané? Ora. Yéhuwah ora pilih kasih.

12. Menurut Pangentasan 40:​38, apa manèh buktiné nèk Yéhuwah ora pilih kasih karo bangsa Israèl? (Deloken gambar.)

12 Ora soal nglayani ing tabernakel apa ora lan kémahé ing cedhak tabernakel apa ora, kabèh wong Israèl isa dadi sahabaté Yéhuwah. Apa buktiné? Yéhuwah mastèkké bèn sing isa ndelok tugu méga lan tugu geni ing ndhuwuré tabernakel kuwi kabèh wong Israèl. (Wacanen Pangentasan 40:38.) Wektu tugu méga kuwi arep pindhah, bahkan wong-wong sing kémahé paling adoh saka tabernakel ya isa ndelok. Dadi, meréka isa siap-siap, mbongkar téndha, lan mèlu mlaku karo wong Israèl liyané. (Wi. 9:​15-23) Terus, trompèt loro saka pérak sing dienggo tandha nèk arep mulai mangkat kuwi swarané banter banget, dadi kabèh wong Israèl isa krungu. (Wi. 10:2) Dadi, ora berarti sing kémahé luwih cedhak karo tabernakel kuwi luwih akrab karo Yéhuwah timbang sing kémahé adoh saka tabernakel. Kabèh wong Israèl isa dadi tamuné Yéhuwah lan isa yakin nèk bakal didhukung lan dilindhungi Yéhuwah. Padha kaya ngono, saiki Yéhuwah ya sayang, nggatèkké, lan nglindhungi awaké dhéwé ora soal awaké dhéwé manggon ing endi.

Tabernakel sing ana ing tengah-tengah perkémahané wong Israèl kuwi bukti nèk Yéhuwah ora pilih kasih (Deloken paragraf 12)


BUKTI NÈK YÉHUWAH ORA PILIH KASIH KARO UMATÉ SAIKI

13. Apa buktiné nèk Yéhuwah ora pilih kasih karo umaté saiki?

13 Ana umaté Yéhuwah sing manggon ing cedhak kantor pusat utawa kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah. Malah, ana sing nglayani ing kantor-kantor kuwi. Meréka isa ndhukung gawéan ing kono lan akrab karo sedulur-sedulur sing nduwé wewenang. Ana manèh sing nglayani dadi pinituwa wilayah lan pelayan sepenuh waktu khusus. Tapi, nèk njenengan ora termasuk sing disebutké kuwi, njenengan isa tetep yakin nèk Yéhuwah kuwi Tuan Rumah sing sayang lan nggatèkké saben tamuné. (1 Ptr. 5:7) Kabèh umaté Yéhuwah dituntun, dilindhungi, lan éntuk persediaan rohani saka Yéhuwah.

14. Apa manèh buktiné nèk Yéhuwah ora pilih kasih?

14 Apa bukti liyané nèk Yéhuwah ora pilih kasih? Yéhuwah mastèkké bèn kabèh wong ing sak donya isa maca Alkitab. Kitab Suci asliné ditulis nganggo basa Ibrani, Aram, lan Yunani. Apa kuwi berarti wong-wong sing isa maca Alkitab nganggo basa-basa kuwi luwih akrab karo Yéhuwah timbang sing liyané? Ora.—Mat. 11:25.

15. Soal Alkitab, apa manèh buktiné nèk Yéhuwah ora pilih kasih? (Deloken gambar.)

15 Yéhuwah ora ngundang wong dadi sahabaté merga wong kuwi sekolahé dhuwur utawa ngerti basa asliné Alkitab. Sing isa ngerti isiné Alkitab kuwi kabèh wong ing sak donya, ora soal sekolah dhuwur utawa ora. Alkitab wis diterjemahké ing éwonan basa, dadi kabèh wong ing sak donya isa ngerti omongané Yéhuwah lan ngerti carané dadi sahabaté.—2 Tim. 3:​16, 17.

Alkitab wis diterjemahké ing éwonan basa. Ngapa kok kuwi bukti nèk Yéhuwah ora pilih kasih? (Deloken paragraf 15)


BÈN ISA TERUS ”DITAMPA” DADI TAMUNÉ YÉHUWAH

16. Menurut Kisah 10:​34, 35, bèn isa terus ”ditampa” dadi tamuné Yéhuwah, kudu piyé?

16 Diundang dadi tamu ing kémahé Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa banget. Yéhuwah kuwi Tuan Rumah sing paling apikan, ramah, lan murah hati. Apamanèh, Yéhuwah ya ora pilih kasih. Dhèwèké seneng ngundang sapa waé dadi tamuné, ora soal wong kuwi lanang utawa wédok, manggon ing endi, suku utawa pendidikané apa, lan umuré pira. Tapi, sing ”ditampa” dadi tamuné Yéhuwah kuwi mung wong-wong sing manut karo Dhèwèké.—Wacanen Kisah 10:​34, 35.

17. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?

17 Ing Mazmur 15:​1, Daud takon, ”Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu? Sapa sing éntuk manggon ing gunung-Mu sing suci?” Jawabané ana ing ayat-ayat berikuté saka Mazmur 15. Ing artikel berikuté ayo mbahas syarat-syaraté bèn isa terus dadi tamu ing kémahé Yéhuwah.

LAGU 32 Mèlua Yéhuwah