PENGALAMAN
Yéhuwah Selalu Ngrungokké Dongaku
WEKTU umurku sepuluh taun, aku lagi ngerti soal Yéhuwah. Tapi, aku langsung péngin ngandhani Yéhuwah kabèh sing tak pikirké lan rasakké. Dadi, bengi-bengi karo ndelok bintang-bintang, aku berlutut lan ndonga karo Yéhuwah, Gusti Allah ”sing ngrungokké donga”. (Mzm. 65:2) Sejak kuwi, aku mulai akrab karo Yéhuwah. Ayo tak critani ngapa kok aku ndonga karo Gusti Allah sing lagi waé tak kenal.
KETEMU KARO SEKSI YÉHUWAH
Aku lair tanggal 22 Desember 1929, ing Désa Noville, ing cedhak Bastogne, ing Ardennes, Belgia. Ing kono ana sanga perladangan. Pas cilik, aku nduwé akèh kenangan sing nyenengké karo wong tuwaku. Saben dina, aku karo Raymond adhiku meres susu sapi, lan ya mbantu wong tuwaku pas musim panèn. Ing désaku, kabèh wong padha seneng mbantu lan gotong royong.
Wong tuwaku, Emile lan Alice, kuwi wong Katolik sing sregep ngibadah. Saben Minggu meréka mèlu Misa. Tapi kira-kira taun 1939, ana perintis saka Inggris sing teka ing désa kami, terus nawani Bapak langganan majalah Consolation (saiki disebut Gatèkna!). Bapak langsung ngerti nèk sing disebutké ing majalah kuwi ajaran sing bener, terus mulai maca Alkitab. Pas dhèwèké ora mèlu Misa manèh, tangga-tangga sing mauné apikan dadi nesu lan nentang. Meréka meksa Bapak bèn tetep dadi Katolik lan sering ngejak debat.
Aku sedhih banget ndelok bapakku dingonokké. Makané, aku ndonga karo Gusti Allah kaya sing tak critakké ing awal artikel. Suwé-suwé, tangga-tanggaku ora meksa Bapak manèh. Aku dadi seneng banget. Aku yakin nèk Yéhuwah bener-bener ’ngrungokké dongaku’.
PAS PERANG DONYA II
Tanggal 10 Mei 1940, tentara Nazi saka Jerman mulai nyerang Belgia. Akhiré, akèh wong padha ngungsi saka Belgia. Kami sak keluarga ngungsi ing Prancis bagéan selatan. Pas perjalanan, kadhang kami kejebak ing antarané tentara Jerman lan Prancis sing lagi perang.
Pas isa mulih manèh ing perladangan, ternyata mèh kabèh barang kami wis entèk dijarah. Sing ana mung tinggal kiriké kami, yaiku Bobbie. Aku dadi mikir, ’Ngapa ya kok ana akèh perang lan kesusahan?’
Wektu kuwi kami ya dikuwatké banget merga dikunjungi karo pinituwa sing ya nglayani dadi perintis sing jenengé Sedulur Emile Schrantz. Saka Alkitab, dhèwèké njelaské ngapa kok manungsa susah lan njawab pertanyaanku sing liyané. Aku dadi tambah akrab karo Yéhuwah lan yakin nèk Dhèwèké sayang karo manungsa.
Bahkan selama masa perang, kami sak keluarga isa ketemu lan bergaul karo sedulur-sedulur seiman. Sasi Agustus 1943, Sedulur José-Nicolas Minet teka ing perladangan kami, terus nyampèkké ceramah. Dhèwèké takon, ”Apa ana sing péngin dibaptis?” Aku karo Bapakku ngacung. Terus, kami dibaptis ing kali cedhak perladangan.
Sasi Desember 1944, tentara Jerman nyerang Eropa bagéan barat. Kuwi serangan sing hébat sing terakhir selama Perang Donya II. Serangan kuwi biasa disebut Pertempuran Bulge. Perangé kuwi ing cedhak omahé kami. Dadi, kami kudu ndhelik ing ruang bawah tanah selama kira-kira sesasi. Nah wektu aku metu mèh makani ternak, perladangan kami dibom nganti atap gudhangé rusak. Pas kuwi, ing kandhang cedhakku ana tentara Amerika sing mbengok, ”Tiarap!” Aku langsung mlayu, lan tiarap ing cedhaké. Terus, dhèwèké nganggokké hèlm-é ing sirahku.
TAMBAH AKRAB KARO YÉHUWAH
Bar perang, kami isa menghubungi lan komunikasi karo sedulur-sedulur ing jemaat ing Liège, sing jaraké kira-kira 90 kilomèter saka omah kami. Akhiré, kami ya isa nggawé kelompok pelajaran Alkitab ing Bastogne. Aku mulai kerja ing kantor pajeg, terus ya sempet belajar soal hukum. Bar kuwi, aku kerja ing kantor notaris. Taun 1951, kami ngadakké pertemuan wilayah ing Bastogne. Sing teka kira-kira ana satus, termasuk sedulur perintis sing jenengé Elly Reuter. Bèn isa teka ing pertemuan kuwi, Elly numpak sepédha nganti 50 kilomèter.
Ora suwé bar kuwi, kami jatuh cinta, terus tunangan. Nah, Elly sakjané éntuk undangan kanggo mèlu Sekolah Giléad ing Amerika Serikat. Akhiré, dhèwèké nulis surat kanggo kantor pusat njelaské ngapa kok dhèwèké durung isa mèlu Sekolah Giléad. Sedulur Knorr, sing wektu kuwi mimpin ing organisasi, mbales surat kuwi. Kata-katané apikan banget. Dhèwèké berharap nèk sukmbèn kami isa mèlu Sekolah Giléad bareng. Nah, sasi Februari 1953, aku karo Elly nikah.Bar nikah, aku karo Elly teka ing Kebaktian Masyarakat Dunia Baru ing Yankee Stadium, New York. Ing kono, aku ketemu karo sedulur sing nawani aku gawéan lan ngejak aku pindhah ing Amerika Serikat. Bar ndonga karo Yéhuwah, aku karo Elly mutuské nolak tawaran kuwi. Kami balik ing Belgia kanggo ndhukung kelompok cilik ing Bastogne, sing penginjilé mung ana sepuluh. Taun 1954, kami seneng banget wektu Elly nglairké anak lanang sing jenengé Serge. Sayangé, pitung sasi bar kuwi Serge lara, terus mati. Kami sedhih banget. Kami nyritakké kabèh sing kami rasakké karo Yéhuwah liwat donga. Kami isa tetep kuwat merga nduwé harapan nèk wong mati bakal diuripké manèh.
NGLAYANI SEPENUH WAKTU
Sasi Oktober 1961, aku akhiré éntuk gawéan paruh waktu. Dadi, aku isa merintis. Tapi, dina kuwi aku ya ditélpon karo hamba cabang ing Belgia. Dhèwèké takon apa aku isa mulai nglayani dadi hamba wilayah (saiki disebut pinituwa wilayah). Aku takon, ”Sakdurungé nampa tugas iki, apa isa nèk kami merintis sik?” Ternyata kami diijinké. Bar wolung sasi merintis, sasi September 1962 aku mulai dadi pinituwa wilayah.
Sakwisé rong taun dadi pinituwa wilayah, sasi Oktober 1964 aku karo Elly diundang kanggo nglayani ing Bètel Brussels. Ing tugas sing anyar iki kami éntuk akèh berkah. Ora suwé bar Sedulur Knorr ngunjungi Bètel Brussels taun 1965, aku dilantik dadi hamba cabang. Bar kuwi, aku karo Elly diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-41. Kata-katané Sedulur Knorr 13 taun mbiyèn dadi kenyataan. Bar lulus, kami balik ing Bètel Belgia.
MBÉLA HAKÉ UMATÉ YÉHUWAH
Merga nduwé pengetahuan soal hukum, selama bertaun-taun, aku éntuk kesempatan istiméwa isa mbantu umaté Yéhuwah ing Eropa lan panggonan liyané bèn meréka isa bébas ngibadah. (Flp. 1:7) Aku dadi tau urusan karo pejabat-pejabat ing luwih saka 55 negara sing nglarang gawéané Seksi Yéhuwah. Aku ora tau nyritakké pengalamanku ing bidang hukum, tapi aku ngomong nèk aku iki mung ”abdiné Gusti Allah”. Aku selalu njaluk tuntunané Yéhuwah liwat donga. Soalé, aku ngerti nèk ”atiné raja [utawa hakim] kuwi kaya banyu ing tangané Yéhuwah. Dhèwèké isa nggawé banyu kuwi mili ing endi waé sing dikarepké”.—WB. 21:1.
Roma 13:4. Pejabat kuwi agamané Protèstan, dadi dhèwèké tertarik karo ayat kuwi. Hasilé kami isa ngobrol selama setengah jam, lan pertemuané lancar. Bahkan dhèwèké ngomong nèk menghargai kegiatané Seksi Yéhuwah.
Ana pengalaman sing menarik wektu aku ketemu karo pejabat pamréntahan ing Eropa. Aku wis bola-bali njaluk bèn isa ketemu karo dhèwèké, lan dhèwèké akhiré gelem ketemu. Tapi, pas ketemu, dhèwèké ngomong, ”Limang menit waé ya.” Terus, aku nundhuk lan ndonga. Pejabat kuwi bingung, terus takon aku lagi ngapa. Aku njawab, ”Aku lagi maturnuwun karo Gusti Allah merga isa ketemu karo abdiné.” Pejabat kuwi takon, ”Maksudé?” Terus, aku mbukakkéSelama bertaun-taun, Seksi Yéhuwah ing Eropa wis berjuang ing pengadilan kanggo ngurusi kasus soal pajeg, hak asuh anak, wajib militèr, lan liya-liyané. Aku bersyukur banget nduwé kesempatan istiméwa merga isa mèlu mbantu lan ndelok dhéwé piyé Yéhuwah mbantu awaké dhéwé menang. Nganti saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah wis menang luwih saka 140 kasus ing Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia.
MBANTU SEDULUR-SEDULUR ING KUBA
Selama taun 1990-an, aku kerja sama karo Sedulur Philip Brumley saka kantor pusat lan Sedulur Valter Farneti saka Italia, kanggo mbantu para sedulur ing Kuba bèn isa bébas ngibadah. Ing Kuba, kegiatané Seksi Yéhuwah dibatesi soalé pamréntahé éntuk informasi sing salah soal Seksi Yéhuwah. Aku nulis surat kanggo kedutaan besar Kuba ing Belgia, terus ketemu karo pejabat sing nangani masalah iki. Pas pertemuan-pertemuan sing pertama, kami wis berupaya njelaské bèn meréka ora salah paham manèh, tapi durung berhasil.
Bar ndonga njaluk petunjuk Yéhuwah, kami njaluk ijin pamréntah Kuba kanggo ngirimké 5.000 Alkitab ing Kuba. Ijiné disetujui. Alkitabé isa dikirimké lan dibagèkké kanggo para sedulur. Aku ngrasa iki berkah saka Yéhuwah. Bar kuwi, kami njaluk ijin manèh kanggo ngirimké 27.500 Alkitab. Ijin sing iki ya disetujui. Aku seneng banget isa mbantu para sedulur ing Kuba bèn isa nduwé Alkitab dhéwé.
Aku wis bola-bali lunga ing Kuba kanggo mbantu nangani masalah hukumé organisasi. Selama mbantu kuwi, aku dadi isa
nduwé hubungan sing apik karo akèh pejabat pamréntah ing Kuba.MBANTU PARA SEDULUR ING RWANDA
Taun 1994 ing Rwanda ana pembantaian suku Tutsi. Sing mati ana luwih saka sak yuta. Sayangé, ana beberapa sedulur sing ya dipatèni. Organisasi langsung ngongkon aku karo beberapa sedulur ngatur bantuan kemanusiaan ing Rwanda.
Wektu kelompok kami tekan ing Kigali, ibukotané Rwanda, kami ndelok nèk ing témboké kantor penerjemahan lan dépot lèktur ana akèh banget bekas témbakan. Kami sedhih banget wektu krungu nèk ana sedulur-sedulur sing dipatèni nganggo parang. Tapi, kami ya seneng ngrungokké piyé sedulur-sedulur padha saling nulungi. Misalé, kami ketemu sedulur saka suku Tutsi sing didhelikké ing bawah tanah nganti 28 dina karo sedulur seiman saka suku Hutu. Pas pertemuan ibadah ing Kigali, kami berupaya nguwatké lan menghibur luwih saka 900 sedulur-sedulur.
Bar kuwi, kami lunga ing Zaire (saiki disebut Republik Demokratik Kongo) kanggo nggolèki sedulur-sedulur saka Rwanda sing wis ngungsi ing kamp pengungsian cedhak kutha Goma. Merga ora ketemu-ketemu, akhiré kami ndonga njaluk tulung Yéhuwah nuntun bèn isa ketemu karo meréka. Terus bar kuwi kami papasan karo wong lanang sing lagi mlaku. Kami takon apa dhèwèké ngerti ana Seksi Yéhuwah ing kono. Dhèwèké njawab, ”Aku Seksi Yéhuwah. Ayo tak terké ing panitia penanggulangan bencana.” Bar ketemu karo panitia kuwi, kami nggawé pertemuan kanggo nguwatké luwih saka 1.600 pengungsi ing kono. Kami ya macakké surat saka Pengurus Pusat. Ing surat kuwi, Pengurus Pusat nyebutké, ”Kami selalu ndongakké kalian. Kami yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké kalian.” Para sedulur terharu banget krungu kata-kata kuwi. Kata-katané Pengurus Pusat kuwi bener-bener kelakon tenan. Saiki, ana luwih saka 30.000 Seksi Yéhuwah ing Rwanda.
PÉNGIN TERUS NGLAYANI YÉHUWAH
Sakwisé kami nikah nganti mèh 58 taun, taun 2011 bojoku mati. Aku sedhih banget. Tapi, kabèh sing tak rasakké tak critakké karo Yéhuwah, lan Yéhuwah nguwatké aku. Aku ya isa tetep semangat merga terus nginjil.
Meskipun umurku wis 90-an, saben minggu aku mesthi nginjil. Aku ya seneng isa mbantu ing Departemèn Hukum ing cabang Belgia, nyritakké pengalamanku karo sedulur liya, lan nyemangati cah-cah enom ing Bètel.
Aku pertama kali ndonga karo Yéhuwah wektu umur sepuluh taun. Kuwi wis 84 taun yang lalu. Sejak kuwi, uripku dadi bahagia banget merga isa dadi tambah akrab karo Yéhuwah. Aku bersyukur merga nganti saiki, Yéhuwah selalu ngrungokké dongaku.—Mzm. 66:19. a
a Wektu artikel iki ditulis, Sedulur Marcel Gillet wis mati tanggal 4 Februari 2023.