Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 10

”Nyingkirké Kepribadian sing Lawas”

”Nyingkirké Kepribadian sing Lawas”

”Kowé kudu nyingkirké kepribadian sing lawas lan kebiasaanmu sing mbiyèn. Kuwi dipadhakké kaya nèk kowé nyopot klambi.”​—KOL. 3:9.

LAGU 29 Péngin Terus Ngluhurké Jeneng-Mu

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kaya apa uripé njenengan sakdurungé sinau Alkitab?

 PIYÉ uripé njenengan sakdurungé sinau Alkitab? Mungkin, penampilan lan tingkah lakuné njenengan padha kaya wong-wong umumé. Njenengan ”ora nduwé harapan lan ora kenal karo Gusti Allah”. (Éf. 2:12) Mungkin njenengan ora péngin ngéling-éling kuwi manèh. Tapi sakwisé sinau Alkitab, njenengan mesthi wis berubah.

2. Sakwisé sinau Alkitab, njenengan dadi ngerti apa waé?

2 Sakwisé sinau Alkitab, njenengan ngerti nèk Gusti Allah kuwi sayang banget karo njenengan. Njenengan ya ngerti nèk bèn isa nyenengké Yéhuwah lan dadi umaté, pikiran, penampilan, lan tingkah lakuné njenengan kudu berubah. Njenengan ya kudu ngupaya bèn isa manut karo préntah-préntahé Yéhuwah.—Éf. 5:3-5.

3. Nurut Kolose 3:9, 10, Yéhuwah ngongkon apa, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Yéhuwah kuwi Penciptané awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah nduwé hak kanggo nentokké umaté kudu piyé. Dhèwèké ngongkon wong-wong sing péngin dadi umaté bèn ’nyingkirké kepribadian sing lawas lan kebiasaané sing mbiyèn’. * (Wacanen Kolose 3:9, 10.) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug telu pitakonan: (1) ”Kepribadian sing lawas” kuwi apa? (2) Kenapa Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé nyingkirké kepribadian sing lawas? (3) Piyé carané nyingkirké kepribadian sing lawas? Artikel iki khususé bakal bermanfaat kanggo wong-wong sing durung dibaptis. Tapi nèk wis dibaptis, njenengan ya isa éntuk manfaat. Njenengan bakal ngerti apa waé sing kudu diupayakké bèn isa terus nyenengké Yéhuwah.

”KEPRIBADIAN SING LAWAS” KUWI APA?

4. Wong sing nganggo ”kepribadian sing lawas” kuwi kaya apa?

4 Wong sing nganggo ”kepribadian sing lawas” kuwi pikiran lan tingkah lakuné ora cocog karo kepénginané Yéhuwah. Dhèwèké mung mikirké kepentingané dhéwé, gampang nesu, ora nduwé rasa maturnuwun, utawa sombong. Dhèwèké mungkin ya seneng nonton sing saru-saru utawa film sing isiné kekerasan. Mémang, dhèwèké nduwé sipat-sipat sing apik lan isa waé menyesal nèk nggawé salah. Tapi, dhèwèké ora gelem berubah.​—Gal. 5:19-21; 2 Tim. 3:2-5.

Bèn isa nyingkirké ”kepribadian sing lawas”, awaké dhéwé kudu mertobat lan kelakuané kudu berubah. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn ora nggawé dosa manèh. (Deloken paragraf 5) *

5. Apa wong sing ora sampurna isa nyingkirké kepribadian sing lawas? Jelasna. (Kisah 3:19)

5 Bèn isa nyingkirké kepribadian sing lawas, awaké dhéwé kudu mertobat lan kelakuané kudu berubah. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn ora nggawé dosa manèh. Tapi, kuwi ora berarti pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé mesthi bener terus. Merga ora sampurna, awaké dhéwé tetep isa nggawé salah. (Yér. 17:9; Yak. 3:2) Ning, kuwi ora dadi kebiasaan.​—Yés. 55:7; wacanen Kisah 3:19.

6. Kenapa Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé bèn mandheg saka kebiasaan sing èlèk lan nyingkirké pikiran sing salah?

6 Yéhuwah kuwi sayang banget karo awaké dhéwé lan péngin awaké dhéwé bahagia. (Yés. 48:17, 18) Kuwi sebabé, Dhèwèké ngongkon awaké dhéwé mandheg saka kebiasaan sing èlèk lan nyingkirké pikiran sing salah. Yéhuwah ngerti nèk wong sing nuruti kepénginan sing salah bakal nyusahké dhèwèké dhéwé karo wong liya. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé ngalami kuwi.

7. Nurut Roma 12:1, 2, awaké dhéwé nduwé pilihan apa?

7 Mungkin, ana keluarga utawa kanca sing ngécé merga awaké dhéwé péngin berubah. (1 Ptr. 4:3, 4) Wong-wong kuwi mungkin kandha nèk awaké dhéwé isa bébas lan ora perlu diatur-atur wong liya. Tapi, wong-wong sing ora gelem manut karo pathokané Yéhuwah sakjané ora bébas merga wong-wong kuwi gelem dipengaruhi donyané Sétan. (Wacanen Roma 12:1, 2.) Nèk njenengan milih sing endi? Tetep nganggo kepribadian sing lawas sing dipengaruhi donyané Sétan utawa manut karo Yéhuwah lan dadi wong sing luwih apik?​—Yés. 64:8.

CARANÉ ”NYINGKIRKÉ” KEPRIBADIAN SING LAWAS

8. Apa buktiné nèk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa berubah?

8 Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé butuh wektu lan upaya bèn isa berubah. (Mzm. 103:13, 14) Tapi liwat Alkitab, roh suci, lan organisasiné, Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé isa nggawé pilihan sing bener lan nduwé tékad sing kuwat bèn isa berubah. Njenengan mesthi wis ngrasakké dhukungané Yéhuwah. Saiki, ayo ngrembug piyé carané bèn isa nyingkirké kepribadian sing lawas lan akhiré isa dibaptis.

9. Apa manfaaté sinau Alkitab kanggo njenengan?

9 Sinau Alkitab. Alkitab kuwi kaya kaca. (Yak. 1:22-25) Pas maca Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti pikiran, omongan, lan tingkah laku sing ora sesuai karo kepénginané Gusti Allah. Sing ngajari njenengan Alkitab lan sedulur sing wis pengalaman isa mbantu bèn njenengan isa éntuk manfaat saka Alkitab. Misalé, sedulur-sedulur kuwi isa nduduhké ayat-ayat sing cocog karo keadaané njenengan. Saka kono, njenengan isa ngerti kelebihan lan kekurangané njenengan. Sedulur-sedulur kuwi ya isa ngajari njenengan nggolèki katrangan sing dhasaré Alkitab. Saka kono, njenengan isa ngerti piyé carané mandheg saka kebiasaan sing èlèk. Yéhuwah ya selalu siap mbantu njenengan. Yéhuwah memahami perasaané njenengan lan isa mènèhi bantuan sing pas. (WB. 14:10; 15:11) Dadi, njenengan kudu ngupaya bèn isa ndonga lan sinau Alkitab saben dina.

10. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Elie Khalil?

10 Yakin nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing paling apik. Yéhuwah mènèhi préntah kuwi demi kebaikané awaké dhéwé. Nèk manut, awaké dhéwé isa nduwé harga diri lan bakal bahagia. (Mzm. 19:7-11) Tapi, wong sing ora manut uripé bakal susah. Gatèkna pengalamané Elie Khalil. Kèt cilik, dhèwèké wis diajari Alkitab karo wong tuwané. Tapi pas remaja, Khalil akrab karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Akhiré, dhèwèké nggunakké narkoba, hubungan sèks sing ora pantes, lan nyolong. Khalil ya dadi wong sing gampang ngamuk lan kasar. Khalil kandha, ”Pokoké mbiyèn uripku ruwet banget.” Tapi, Khalil ora lali karo apa sing wis diajarké wong tuwané kèt cilik. Khalil akhiré sinau Alkitab manèh. Dhèwèké ya ngupaya mandheg saka kebiasaan sing èlèk. Akhiré, dhèwèké dibaptis taun 2000. Khalil kandha, ”Uripku saiki dadi luwih tenang lan bahagia.” * Pengalamané Khalil nduduhké nèk wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah bakal susah. Tapi, Yéhuwah tetep gelem mbantu bèn wong-wong sing kaya ngono isa berubah.

11. Yéhuwah sengit karo apa waé?

11 Sengit karo sing disengiti Yéhuwah. (Mzm. 97:10) Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah sengit karo wong sing ”sombong” lan sing ”matèni wong sing ora salah”. (WB. 6:16, 17) Yéhuwah ya sengit karo ”wong sing kejem lan seneng ngapusi”. (Mzm. 5:6) Pas jamané Nuh, akèh wong sing kaya ngono nganti bumi kebak kejahatan. Kuwi sebabé, Yéhuwah nyingkirké wong-wong sing jahat kuwi. (PD. 6:13) Gatèkna conto liyané. Liwat nabi Maléakhi, Yéhuwah ngomong nèk sengit karo wong sing sengaja nggawé rencana bèn isa megat bojoné. Yéhuwah ora gelem nampa ibadahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya bakal dihukum.​—Mal. 2:13-16; Ibr. 13:4.

Awaké dhéwé mesthi ngrasa jijik nèk dikon mangan panganan sing bosok. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya kudu ngrasa jijik karo apa sing disengiti Yéhuwah. (Deloken paragraf 11-12)

12. Apa maksudé ”sengit karo apa sing jahat”?

12 Yéhuwah péngin awaké dhéwé ”sengit karo apa sing jahat”. (Rm. 12:9) Nah, kata ”sengit” kuwi berarti bener-bener benci utawa jijik banget. Misalé, piyé nèk njenengan dikon mangan panganan sing bosok? Kuwi njijiki banget. Mbayangké thok waé isa nggawé njenengan péngin muntah. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya kudu ngrasa jijik karo apa sing disengiti Yéhuwah. Malah, mbayangké waé awaké dhéwé mesthi ya ora gelem.

13. Kenapa awaké dhéwé ora éntuk mikirké apa sing salah?

13 Aja mikirké sing salah. Nèk terus-terusan mikirké apa sing salah, awaké dhéwé isa nggawé dosa. Kuwi sebabé, Yésus ngandhani bèn awaké dhéwé aja kaya ngono. (Mat. 5:21, 22, 28, 29) Awaké dhéwé mesthi péngin nyenengké Yéhuwah, ta? Dadi nèk wis mulai mikirké apa sing salah, kuwi kudu cepet-cepet disingkirké.

14. Omongané awaké dhéwé isa nduduhké apa, lan pitakonan apa waé sing isa dipikirké?

14 Njaga omongan. Yésus ngomong, ”Kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati.” (Mat. 15:18) Dadi, omongané awaké dhéwé isa nduduhké awaké dhéwé kuwi wong sing kaya apa. Coba pikirna iki, ’Apa aku tetep jujur meskipun kuwi isa nggawé aku kena masalah? Apa aku ngupaya bèn ora nggodha wong liya sing dudu bojoku utawa ngomongké sing saru-saru? Apa omonganku isa tetep apik karo wong sing lagi nesu karo aku?’ Nah, omongan sing ora nggenah kuwi bagéan saka kepribadian sing lawas. Dadi nèk péngin nyingkirké kepribadian sing lawas, awaké dhéwé aja nganti ngomong kasar, ngapusi, lan ngomongké sing saru-saru.

15. Apa maksudé maku kepribadian sing lawas ”ing cagak”?

15 Kudu gelem berubah. Rasul Paulus nggunakké contoné Yésus kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé kudu gelem berubah. Rasul Paulus ngomong nèk kepribadiané awaké dhéwé sing lawas kudu ”dipaku ing cagak”. (Rm. 6:6) Mbiyèn, Yésus gelem dipaku ing cagak merga péngin nyenengké Yéhuwah. Padha kaya ngono, nèk péngin nyenengké Yéhuwah, kepribadiané awaké dhéwé sing lawas kudu dipaku ing cagak. Maksudé, awaké dhéwé kudu mandheg saka kebiasaan sing èlèk lan ora mikirké sing salah. Hasilé, awaké dhéwé isa nduwé hati nurani sing apik lan sukmbèn isa urip saklawasé. (Yoh. 17:3; 1 Ptr. 3:21) Élinga nèk Yéhuwah ora bakal ngubah pathokané kanggo nyenengké awaké dhéwé. Dadi, awaké dhéwé sing kudu berubah lan manut karo préntahé.​—Yés. 1:16-18; 55:9.

16. Kenapa awaké dhéwé kudu terus nglawan kepénginan sing salah?

16 Terus nglawan kepénginan sing salah. Meskipun wis dibaptis, awaké dhéwé isa tetep nduwé kepénginan sing salah. Mula, awaké dhéwé kudu terus berjuang nglawan kepénginan sing salah kuwi. Kuwi sing dialami Maurício. Ndhisik, dhèwèké homo. Tapi, dhèwèké ketemu karo Seksi Yéhuwah lan mulai sinau Alkitab. Sakwisé nggawé perubahan, dhèwèké dibaptis ing taun 2002. Mémang, Maurício wis nglayani Yéhuwah beberapa taun. Tapi, Maurício kudu terus nglawan kepénginan sing salah. Dhèwèké kandha, ”Malah nganti saiki, aku isih kudu terus berjuang bèn ora nduwé kepénginan sing salah manèh.” Maurício ora nyerah. Kenapa? Dhèwèké ngomong, ”Nèk aku terus nglawan kepénginan sing salah, aku isa nyenengké Yéhuwah.” *

17. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Nabiha?

17 Ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah. (Gal. 5:22; Flp. 4:6) Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo nyingkirké kepribadian sing lawas. Gatèkna pengalamané Nabiha. Bapaké minggat pas Nabiha umuré enem taun. Kuwi nggawé Nabiha ngrasa ora disayangi lan kecéwa banget. Akibaté, pas remaja Nabiha dadi seneng mbrontak lan gampang nesu. Terus pas umur 24, Nabiha dipenjara merga ngedol narkoba. Bar kuwi, ana Seksi Yéhuwah sing nginjil ing penjara. Terus, Nabiha mulai sinau Alkitab lan mulai nggawé perubahan. Nabiha kandha, ”Sakjané aku wis nggawé akèh perubahan, ning aku durung isa mandheg ngrokok.” Lha terus Nabiha piyé? Dhèwèké ngomong, ”Aku ndonga terus karo Yéhuwah.” Akhiré sakwisé ngupaya tenanan selama setaun luwih, Nabiha isa mandheg ngrokok. Nabiha kandha, ”Aku isa berubah merga péngin nyenengké Yéhuwah. Nèk aku waé isa, wong liya ya mesthi isa.” *

NJENENGAN MESTHI ISA BERUBAH

18. Merga dibantu roh suciné Yéhuwah, wong-wong sing mbiyèn kelakuané ora bener isa apa? (1 Korintus 6:9-11)

18 Pas jamané para rasul, wong-wong sing dipilih munggah swarga mbiyèné kelakuané ora bener. Misalé, wong-wong kuwi nindakké hubungan sèks sing ora pantes, homosèksual, lan seneng nyolong. Tapi, wong-wong kuwi isa berubah merga bantuan roh suciné Yéhuwah. (Wacanen 1 Korintus 6:9-11.) Saiki, akèh wong sing nduwé kebiasaan sing èlèk ya isa berubah sakwisé sinau Alkitab. * Pengalamané wong-wong kuwi nduduhké nèk njenengan mesthi ya isa berubah lan mandheg saka kebiasaan sing èlèk bèn akhiré isa dibaptis.

19. Apa sing bakal dirembug ing artikel berikuté?

19 Sakliyané nyingkirké kepribadian sing lawas, wong sing péngin dibaptis ya kudu nganggo kepribadian sing anyar. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nganggo kepribadian sing anyar lan pitakonan-pitakonan apa waé sing isa dipikirké wektu ngupayakké kuwi.

LAGU 41 Rungokna Aku

^ par. 5 Bèn isa dibaptis, awaké dhéwé kudu nyingkirké kepribadian sing lawas. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kepribadian sing lawas kuwi apa lan kenapa kuwi kudu disingkirké. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané nyingkirké kepribadian sing lawas. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nganggo kepribadian sing anyar, termasuk nèk wis dibaptis.

^ par. 3 KATRANGAN: ”Nyingkirké kepribadian sing lawas” kuwi maksudé mandheg saka kebiasaan sing èlèk lan nyingkirké pikiran sing ora nyenengké Yéhuwah. Kuwi kudu diupayakké sakdurungé dibaptis.—Éf. 4:22.

^ par. 10 Kisahé Elie Khalil dicritakké ing artikel ”Alkitab Mengubah Kehidupan—’Saya Harus Kembali kepada Yéhuwa’” ing Menara Pengawal 1 April 2012.

^ par. 16 Kisahé Maurício dicritakké ing artikel ”Alkitab Mengubah Kehidupan—’Mereka Baik Sekali’” ing Menara Pengawal 1 Mei 2012.

^ par. 17 Kisahé Nabiha dicritakké ing artikel ”Alkitab Mengubah Kehidupan—’Saya Menjadi Pemarah dan Agresif’” ing Menara Pengawal 1 Oktober 2012.

^ par. 18 Deloken kothak ” Kuwasané Alkitab”.

^ par. 64 GAMBAR: Nyingkirké kepribadian sing lawas kuwi padha kaya nyopot klambi. Bèn isa nyingkirké kepribadian sing lawas, awaké dhéwé kudu mandheg saka kebiasaan sing èlèk lan nyingkirké pikiran sing ora nyenengké Yéhuwah.