Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 13

Seneng Merga Ngibadah marang Yéhuwah

Seneng Merga Ngibadah marang Yéhuwah

”Yéhuwah, Gusti Allahku, mung Njenengan sing pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa.”​—WHY. 4:11.

LAGU 31 Manut karo Huwah Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Piyé carané bèn ibadahé awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah?

 APA sing njenengan pikirké wektu krungu kata ”ngibadah”? Njenengan mungkin mbayangké sedulur lanang sing lagi ndonga karo berlutut sakdurungé turu. Njenengan mungkin ya mbayangké keluarga sing kétok seneng pas sinau Alkitab bareng.

2 Ndonga karo sinau Alkitab kuwi mémang termasuk ibadah. Tapi, ibadahé awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah nèk awaké dhéwé manut karo préntah-préntahé lan ngibadah merga sayang lan menghargai Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi sayang banget karo Yéhuwah lan ngerti nèk mung Yéhuwah sing pantes disembah. Mula, awaké dhéwé péngin ngupaya sak isa-isané bèn ibadahé awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah.

3. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal nggatèkké conto-conto saka Alkitab soal wong-wong sing ibadahé nyenengké Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing termasuk ibadahé awaké dhéwé saiki. Pas ngrembug kuwi, coba gatèkna apa sing kudu diupayakké bèn ibadahé awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng. Terus, awaké dhéwé ya bakal nggatèkké kenapa awaké dhéwé isa bahagia nèk ngibadah nganggo cara sing bener.

IBADAHÉ UMATÉ YÉHUWAH ING JAMAN MBIYÈN

4. Piyé umaté Yéhuwah ing jaman mbiyèn nduduhké nèk ngajèni lan sayang karo Yéhuwah?

4 Mbiyèn, Habèl, Nuh, Abraham, lan Ayub nduduhké nèk ngajèni lan sayang karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi manut, nduduhké iman, lan mènèhké korban kanggo Yéhuwah. Ing Alkitab mémang ora dicritakké wong-wong kuwi kudu piyé bèn ibadahé isa nyenengké Yéhuwah. Tapi sing pasti, wong-wong kuwi ngupaya bèn isa mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah lan nggawé Yéhuwah seneng. Pas jamané bangsa Israèl, Yéhuwah mènèhi hukum liwat Musa. Liwat hukum kuwi, Yéhuwah mènèhi akèh peraturan bèn ibadahé wong Israèl isa nyenengké Yéhuwah.

5. Wong Kristen kudu piyé bèn ibadahé isa nyenengké Yéhuwah?

5 Hukum Musa wis ora berlaku sakwisé Yésus diuripké manèh. (Rm. 10:4) Dadi, murid-muridé Yésus kudu manut karo hukum sing anyar yaiku ”hukum Kristus”. (Gal. 6:2) Béda karo Hukum Musa, ing hukum Kristus mémang ora disebutké akèh peraturan. Tapi, wong-wong isa manut hukum Kristus nèk niru Yésus lan ngetrapké ajarané. Saiki, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa niru Yésus. Kuwi isa nyenengké Yéhuwah lan nggawé awaké dhéwé ”seger manèh” utawa bahagia.​—Mat. 11:29.

6. Piyé carané bèn isa éntuk manfaat saka artikel iki?

6 Saiki, awaké dhéwé arep ngrembug apa waé sing termasuk ibadahé awaké dhéwé. Bèn isa éntuk manfaat saka artikel iki, saben ngrembug siji bagéan, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku wis ngupayakké iki? Apa manèh sing isa tak upayakké bèn ibadahku isa luwih nyenengké Yéhuwah?’ Awaké dhéwé mesthi seneng nèk wis ngupayakké sing paling apik. Tapi, awaké dhéwé isa ndonga bèn Yéhuwah nduduhké apa manèh sing kudu diupayakké bèn ibadahé awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah.

APA WAÉ SING TERMASUK IBADAHÉ AWAKÉ DHÉWÉ?

7. Piyé perasaané Yéhuwah pas awaké dhéwé ndonga?

7 Ndonga. Ing Alkitab, donga digambarké kaya dupa sing digunakké ing tabernakel lan bait. (Mzm. 141:2) Dupa sing diobong ambuné nggawé Yéhuwah seneng. Padha kaya ngono, dongané awaké dhéwé sing tulus isa nggawé Yéhuwah ”seneng” meskipun kata-katané sederhana. (WB. 15:8; PT. 33:10) Pas ndonga, awaké dhéwé isa bersyukur karo berkah-berkahé Yéhuwah lan ngomong nèk sayang karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa nyritakké kabèh sing awaké dhéwé rasakké. Yéhuwah mesthi seneng ngrungokké dongané awaké dhéwé. Mbiyèn, dupa sing digunakké ing bait kudu disiapké tenanan. Padha kaya ngono, sakdurungé ndonga, awaké dhéwé kudu mikir dhisik apa sing arep diomongké. Nèk ngupayakké kuwi, dongané awaké dhéwé isa kaya dupa sing nggawé Yéhuwah seneng.

8. Apa salah siji cara sing paling apik kanggo muji Yéhuwah?

8 Muji Yéhuwah. (Mzm. 34:1) Awaké dhéwé isa muji Yéhuwah nèk nyritakké soal Yéhuwah lan sipat-sipaté karo wong liya. Awaké dhéwé isa kaya ngono nèk bersyukur karo Yéhuwah. Bèn isa bersyukur, awaké dhéwé kudu ngrenungké kabèh berkah-berkahé Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé isa terus muji Yéhuwah. Salah siji cara sing paling apik kanggo mènèhké ”korban pujian marang Gusti Allah” kuwi nginjil. (Ibr. 13:15) Padha kaya ndonga, awaké dhéwé ya kudu persiapan sakdurungé nginjil. Awaké dhéwé mesthi ya péngin ngupayakké sing paling apik pas mènèhké ”korban pujian”. Mula, awaké dhéwé péngin semangat pas martakké kabar apik.

9. Manfaat apa sing dirasakké umaté Yéhuwah merga teka ing pertemuan ibadah? Critakna pengalamané njenengan dhéwé.

9 Teka ing pertemuan ibadah. Mbiyèn, Yéhuwah mréntahké bèn setaun ping telu kabèh wong lanang Israèl ’ngadhep Yéhuwah ing panggonan sing dipilih’. (PT. 16:16) Pas lunga ngadhep Yéhuwah kuwi, omahé karo ladhangé wong Israèl ora ana sing njaga. Tapi, Yéhuwah janji karo wong Israèl, ”Wektu kowé lunga kanggo ngadhep Yéhuwah . . . ora bakal ana sing ngrebut tanahmu.” (Pa. 34:24) Merga percaya karo Yéhuwah, wong Israèl manut karo préntah kuwi. Hasilé, wong-wong kuwi éntuk akèh berkah. Misalé, wong-wong kuwi isa dadi tambah paham hukum-hukumé Yéhuwah, isa ngrasakké nèk Yéhuwah apikan, lan seneng merga isa ngibadah bareng karo wong-wong sing padha-padha sayang karo Yéhuwah. (PT. 16:15) Awaké dhéwé ya isa éntuk akèh manfaat nèk ngupaya sak isa-isané kanggo teka ing pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, Yéhuwah mesthi ya seneng nèk awaké dhéwé wis nyiapké koméntar sing singkat tapi isa nguwatké liyané.

10. Kenapa nyanyi kuwi bagéan sing penting kanggo ibadah?

10 Nyanyi bareng sedulur-sedulur. (Mzm. 28:7) Nyanyi kuwi dadi bagéan sing penting ing ibadahé wong Israèl. Raja Daud ya nugaské 288 wong Lèwi kanggo nyanyi ing omahé Gusti Allah. (1 Bb. 25:1, 6-8) Saiki, awaké dhéwé ya isa nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah pas nyanyi kanggo muji Dhèwèké. Mungkin, ana sing isin nèk arep nyanyi merga ngrasa nèk swarané kurang apik. Tapi coba pikirna iki. Meskipun kerep ”salah ngomong”, tapi awaké dhéwé mesthi tetep ngupaya bèn isa mènèhi koméntar ing pertemuan ibadah lan martakké kabar apik, ta? (Yak. 3:2) Padha kaya ngono, meskipun ora pinter nyanyi, awaké dhéwé isa tetep nyanyi muji Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur.

11. Nurut Mazmur 48:13, kenapa kudu nyedhiakké wektu bèn isa sinau Alkitab bareng keluarga?

11 Sinau Alkitab lan mbantu anak-anak bèn cedhak karo Yéhuwah. Pas dina Sabat, wong Israèl ora kerja. Dadi, wong Israèl isa nggunakké wektuné kanggo sinau soal Yéhuwah. (Pa. 31:16, 17) Nèk nduwé anak, wong-wong kuwi ya kudu ngajari anak-anaké soal Yéhuwah bèn ngerti nèk Yéhuwah kuwi apikan. Hasilé, wong Israèl karo keluargané luwih cedhak karo Yéhuwah. Saiki, awaké dhéwé ya kudu nyedhiakké wektu kanggo maca lan sinau Alkitab. Kuwi bagéan saka ibadah lan nggawé awaké dhéwé isa tambah cedhak karo Yéhuwah. (Mzm. 73:28) Nèk sinau Alkitab bareng karo keluarga, wong tuwa isa mbantu anak-anaké bèn cedhak karo Yéhuwah.​—Wacanen Mazmur 48:13.

12. Yéhuwah nganggep mbangun tabernakel kuwi tugas sing piyé, lan apa pelajarané kanggo awaké dhéwé?

12 Mèlu mbangun lan ngrawat panggonan ibadah. Yéhuwah nganggep tugas nggawé tabernakel lan kabèh perlengkapané kuwi tugas sing suci. (Pa. 36:1, 4) Saiki, mbangun Balai Ibadah lan bangunan-bangunan liyané duwèké organisasi ya dianggep tugas sing suci karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi maturnuwun karo sedulur-sedulur sing wis nyedhiakké wektu kanggo ndhukung gawéan kuwi. Sakliyané ndhukung proyèk pembangunan, sedulur-sedulur kuwi mesthi ya tetep nginjil. Malah, ya ana sing péngin dadi perintis. Dadi, nèk sedulur-sedulur kuwi ndaftar dadi perintis biasa lan memenuhi syarat, para pinituwa isa menyetujui permohonané. Kuwi bukti nèk para pinituwa ndhukung proyèk pembangunan ing organisasiné Yéhuwah. Tapi ora soal nduwé ketrampilan utawa ora, kabèh sing ing jemaat tetep isa mèlu ngrawat Balai Ibadah bèn bangunané tetep apik lan resik.

13. Kenapa kok awaké dhéwé gelem nyumbang kanggo ndhukung gawéan nginjil?

13 Mènèhi sumbangan. Pas teka ing perayaan taunan, wong Israèl kudu nggawa persembahan kanggo Yéhuwah sesuai karo kemampuané dhéwé-dhéwé. (PT. 16:16) Persembahan kuwi dadi bukti nèk wong Israèl bersyukur lan menghargai berkah-berkahé Yéhuwah. Piyé awaké dhéwé isa nduduhké nèk bersyukur lan menghargai berkah-berkahé Yéhuwah? Salah siji carané, awaké dhéwé isa mènèhi sumbangan kanggo mbayar pengeluaran ing jemaat lan ndhukung gawéan nginjil sak donya. Rasul Paulus ngomong ngéné, ”Nèk kowé tulus mènèhi, Gusti Allah bakal ngrasa seneng. Dhèwèké péngin bèn saben wong mènèhi sesuai karo apa sing sanggup diwènèhké, dudu sesuai karo apa sing ora sanggup diwènèhké.” (2 Kor. 8:4, 12) Meskipun sithik tapi nèk nyumbangé tulus, kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng.​—Mrk. 12:42-44; 2 Kor. 9:7.

14. Nurut Wulang Bebasan 19:17, bantuané awaké dhéwé dianggep kaya apa karo Yéhuwah?

14 Mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. Yéhuwah janji nèk bakal mberkahi wong Israèl sing gelem mbantu seduluré sing mlarat. (PT. 15:7, 10) Terus pas wong Kristen ing Filipi mbantu Paulus sing lagi dipenjara, Paulus ngomong nèk bantuané wong-wong kuwi ”kaya korban sing wangi lan nyenengké Gusti Allah”. (Flp. 4:18) Dadi, Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé gelem mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. Ing Alkitab ya disebutké nèk awaké dhéwé mbantu sedulur-sedulur kuwi padha kaya awaké dhéwé ngutangi Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 19:17.) Mungkin, ana sedulur-sedulur ing jemaat sing butuh bantuané njenengan. Apa njenengan isa mbantu sedulur-sedulur kuwi? Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé nggunakké wektu, tenaga, ketrampilan, lan dhuwité awaké dhéwé kanggo mbantu wong liya. Yéhuwah ya nganggep nèk kuwi dadi bagéan saka ibadahé awaké dhéwé.​—Yak. 1:27.

NGIBADAH MARANG YÉHUWAH NGGAWÉ BAHAGIA

15. Meskipun butuh wektu lan upaya, kenapa ngibadah marang Yéhuwah kuwi ora abot?

15 Meskipun butuh wektu lan upaya, tapi ngibadah marang Yéhuwah kuwi ora abot. (1 Yoh. 5:3) Kok isa? Awaké dhéwé nglayani Yéhuwah merga sayang karo Dhèwèké. Coba bayangna ana cah cilik sing péngin mènèhi gambar kanggo bapaké. Dhèwèké mungkin kudu nggambar selama berjam-jam bèn isa mènèhi gambar sing apik. Tapi dhèwèké ora ngeluh. Kenapa? Merga sayang karo bapaké, dhèwèké seneng isa mènèhi gambar kuwi. Padha kaya ngono, merga sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé gelem nggunakké wektu lan upaya kanggo ngibadah marang Yéhuwah.

16. Nurut Ibrani 6:10, piyé perasaané Yéhuwah karo umaté sing wis kerja keras nglayani Dhèwèké?

16 Wong tuwa sing sayang karo anak-anaké ora bakal nuntut sing padha saka anak-anaké. Wong tuwa ngerti nèk kemampuan lan keadaané saben anak kuwi béda-béda. Yéhuwah ya ngono. Yéhuwah ngerti nèk kemampuan lan keadaané umaté kuwi béda-béda. Mungkin, ana sedulur-sedulur sing isa mènèhi luwih akèh wektu lan tenaga kanggo Yéhuwah. Tapi sing liyané mungkin ora isa kaya ngono merga wis tuwa, lara, utawa nduwé tanggung jawab keluarga. Nèk ngalami kuwi, njenengan ora perlu sedhih. (Gal. 6:4) Meskipun njenengan nduwé keterbatasan, Yéhuwah ngerti nèk njenengan péngin mènèhké sing paling apik. Selama njenengan wis ngupaya nglayani Yéhuwah merga sayang karo Dhèwèké, Yéhuwah bakal seneng. Yéhuwah ora bakal lali karo kerja kerasé njenengan. (Wacanen Ibrani 6:10.) Yéhuwah péngin njenengan bahagia merga wis ngupayakké sing paling apik wektu ngibadah marang Dhèwèké.

17. (a) Sakwisé ngrembug artikel iki, awaké dhéwé kudu piyé nèk ngrasa isih ana sing kurang? (b) Critakna manfaat sing njenengan rasakké merga nglayani Yéhuwah. (Deloken  gambar ing halaman 23.)

17 Sakwisé ngrembug artikel iki, awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk isih ana sing kurang. Mungkin, awaké dhéwé isih jarang sinau Alkitab utawa isih wedi nèk arep nginjil. Terus piyé? Awaké dhéwé kudu terus ngupaya. Nèk wis kulina, biasané awaké dhéwé isa luwih menikmati lan bakal éntuk manfaat saka ibadahé awaké dhéwé. Umpamané ngéné. Ana wong sing lagi ajar main alat musik. Nèk jarang latihan, mesthi ora bakal isa-isa. Tapi nèk latihané saben dina, suwé-suwé mesthi isa luwih trampil. Bèn luwih gampang, ana sing nyaranké bèn awalé latihané beberapa menit waé. Tapi suwé-suwé, wektuné isa ditambah. Nèk wis ngrasakké manfaaté, biasané awaké dhéwé isa luwih menikmati. Nurut njenengan, piyé carané ngetrapké saran kuwi ing ibadahé awaké dhéwé?

18. Apa sing kudu diupayakké, lan apa hasilé?

18 Tujuané manungsa diciptakké kuwi kanggo nglayani Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu nglayani Yéhuwah saktulusé ati. Hasilé, uripé awaké dhéwé isa puas lan bahagia. Yéhuwah ya janji nèk umaté bakal urip saklawasé. Sukmbèn nèk kuwi wis kelakon, awaké dhéwé isa terus nglayani Yéhuwah. (WB. 10:22) Meskipun ngalami masalah, awaké dhéwé ora kuwatir merga ngerti nèk Yéhuwah bakal mbantu umaté. (Yés. 41:9, 10) Awaké dhéwé isa bahagia nèk nglayani Yéhuwah, Gusti Allah ”sing pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa” saka kabèh ciptaané.​—Why. 4:11.

LAGU 24 Ayo Munggah Gunungé Yah

^ par. 5 Yéhuwah kuwi sing nyiptakké kabèh. Dadi, awaké dhéwé kudu nyembah Yéhuwah. Tapi, ibadahé awaké dhéwé isa ditampa Yéhuwah nèk awaké dhéwé manut karo préntah-préntahé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing termasuk ibadahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa waé sing kudu diupayakké bèn ibadahé awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng lan kenapa kuwi isa nggawé awaké dhéwé bahagia.