Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 11

Carané Bèn Siap Dibaptis

Carané Bèn Siap Dibaptis

”Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?”​—KIS. 8:36.

LAGU 50 Donga Péngin Terus Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI a

Wong-wong sing sinau Alkitab dibaptis (Deloken paragraf 1-2)

1-2. Nèk durung siap dibaptis, kenapa aja putus asa? (Deloken gambar halaman 1.)

 NDUWÉ kepénginan arep dibaptis kuwi apik. Nèk njenengan wis siap lan para pinituwa wis setuju, aja ditunda-tunda manèh. Njenengan mesthi bahagia nglayani Yéhuwah.

2 Tapi, mungkin njenengan dikandhani nèk durung isa dibaptis, utawa njenengan rumangsa nèk durung siap dibaptis. Nèk ngono, terus piyé? Aja putus asa. Njenengan tetep isa berusaha bèn siap dibaptis.

”APA SING NGALANGI AKU?”

3. Pejabat Étiopia takon apa karo Filipus? (Kisah 8:36, 38)

3 Wacanen Kisah 8:36, 38. Pejabat saka Étiopia takon karo Filipus, ”Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?” Pejabat kuwi péngin banget dibaptis. Tapi, apa dhèwèké mémang wis siap?

Pejabat Étiopia péngin terus sinau soal Yéhuwah (Deloken paragraf 4)

4. Apa buktiné pejabat Étiopia mau péngin sinau luwih akèh?

4 Pejabat Étiopia kuwi ”lunga menyang Yérusalèm kanggo ngibadah”. (Kis. 8:27) Dadi dhèwèké mesthi wis mèlu agama Yahudi. Dhèwèké mesthi ya wis ngerti soal Yéhuwah saka Kitab-Kitab Ibrani. Tapi, dhèwèké tetep péngin sinau luwih akèh. Malah pas ketemu Filipus, dhèwèké lagi maca tulisané Nabi Yésaya. (Kis. 8:28) Kuwi bukti nèk pejabat mau ora mung sinau sing gampang-gampang thok.

5. Apa buktiné pejabat Étiopia mau ngetrapké sing dipelajari?

5 Pejabat kuwi nglayani Ratu Kandaké. Dhèwèké ”tugasé ngurus kabèh hartané kerajaan”. (Kis. 8:27) Dhèwèké mesthi sibuk banget. Meskipun sibuk, dhèwèké tetep nyisihké wektu kanggo ngibadah. Dhèwèké ora mung sinau thok tapi ngetrapké sing dipelajari. Mula, dhèwèké gelem lunga adoh saka Étiopia bèn isa ngibadah ing Yérusalèm. Meskipun perjalanané suwé lan biayané akèh, pejabat Étiopia mau tetep gelem berkorban kanggo Yéhuwah.   

6-7. Apa buktiné nèk pejabat Étiopia kuwi tambah sayang karo Yéhuwah?

6 Pejabat Étiopia kuwi dikandhani Filipus soal Mésias kuwi sapa. (Kis. 8:34, 35) Dhèwèké mesthi seneng banget merga ngerti Yésus mati kanggo dhèwèké. Terus bar kuwi piyé? Dhèwèké isa waé tetep dadi wong Yahudi sing diajèni wong akèh. Tapi merga sayang karo Yéhuwah lan Yésus, dhèwèké gelem dibaptis dadi muridé Yésus. Filipus ngerti nèk wong kuwi mémang wis siap. Dadi, Filipus mbaptis dhèwèké.   

7 Pejabat Étiopia mau ngomong, ”Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?” Njenengan ya isa yakin kaya ngono nèk niru pejabat Étiopia kuwi. Saiki ayo ngrembug langkah-langkahé bèn isa dibaptis, yaiku terus sinau, ngetrapké sing dipelajari, lan berupaya tambah sayang karo Yéhuwah.

TERUS SINAU

8. Menurut Yohanes 17:3, awaké dhéwé kudu piyé?

8 Wacanen Yohanes 17:3 lan cathetan ngisor. Akèh wong gelem sinau Alkitab merga maca ayat kuwi. Tapi, apa njenengan bakal terus sinau? Awaké dhéwé mesthi péngin tambah ”kenal karo . . . siji-sijiné Gusti Allah sing sejati”. (Pkh. 3:11) Malah, awaké dhéwé bakal terus sinau soal Yéhuwah nganti saklawasé. Semakin akèh sing dipelajari soal Yéhuwah, awaké dhéwé bakal saya cedhak karo Yéhuwah.​—Mzm. 73:28.

9. Bar sinau ajaran sing pertama kali awaké dhéwé sinaoni, awaké dhéwé kudu piyé?

9 Wektu sinau soal Yéhuwah, awaké dhéwé sinauné ”saka awal”. Rasul Paulus kandha nèk kuwi ”ajaran sing pertama kali awaké dhéwé sinaoni”. (Ibr. 5:12; 6:1) Kuwi dipadhakké kaya susu sing diombé bayi. Merga ngombé susu, bayi isa séhat. Dadi, ajaran sing pertama kali awaké dhéwé sinaoni kuwi ya penting. Tapi, Rasul Paulus ya ngomong nèk awaké dhéwé aja sinau sing gampang-gampang terus. Awaké dhéwé kudu gelem sinau luwih akèh saka Alkitab.

10. Ngapa ana sing ngrasa nèk sinau kuwi ora gampang?

10 Tapi ana sing ngrasa sinau kuwi ora gampang. Nèk njenengan dhéwé piyé? Pas sekolah, apa njenengan diajari carané sinau? Apa njenengan seneng sinau lan ngrasakké manfaaté? Utawa, apa njenengan ngrasa sinau kuwi marahi mumet? Ora apa-apa nèk njenengan ngrasa kaya ngono. Yéhuwah isa mbantu njenengan. Yéhuwah kuwi guru sing paling apik.

11. Apa buktiné nèk Yéhuwah ’Guru sing hébat’?

11 Yéhuwah kuwi ’Guru sing hébat’. (Yés. 30:20, 21) Dhèwèké sabar, apikan, lan pangertèn. Yéhuwah ndelok sing apik saka awaké dhéwé. (Mzm. 130:3) Dhèwèké ora tau nuntut awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi ya sing ngrancang otak. (Mzm. 139:14) Awaké dhéwé dirancang nduwé kepénginan kanggo sinau nganti sakterusé. Makané, mulai saiki awaké dhéwé ”kudu péngin” sinau omongané Gusti Allah. (1 Ptr. 2:2) Tapi, ora usah mikir sing muluk-muluk. Coba mulai nggawé jadwal sik waé bèn isa teratur maca lan sinau Alkitab. (Yos. 1:8) Nèk dibantu Yéhuwah, njenengan mesthi isa menikmati pas maca lan ngrenungké soal Yéhuwah.

12. Apa manfaaté sinau soal Yésus?

12 Coba sinau soal Yésus. Nèk bener-bener niru Yésus, awaké dhéwé isa setya nglayani Yéhuwah meskipun ngadhepi kesusahan. (1 Ptr. 2:21) Yésus tau ngomong nèk murid-muridé bakal ngadhepi masalah. (Luk. 14:27, 28) Tapi dhèwèké ya yakin murid-muridé isa setya nganti akhir kaya dhèwèké. (Yoh. 16:33) Dadi, coba pikirna carané niru Yésus saben dina.

13. Njenengan kudu terus ndonga bèn apa, lan kenapa?

13 Mung nduwé pengetahuan thok ora cukup. Tujuané awaké dhéwé sinau bèn isa tambah kenal, sayang, lan beriman karo Yéhuwah. (1 Kor. 8:1-3) Bèn imané isa luwih kuwat, njenengan ya kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. (Luk. 17:5) Yéhuwah mesthi njawab dongané njenengan kuwi. Nèk nduwé pengetahuan sing bener lan iman sing kuwat, njenengan mesthi isa nggawé keputusan sing apik.​—Yak. 2:26.

NGETRAPKÉ SING DIPELAJARI

Sesuai préntahé Yéhuwah, Nuh sak keluarga mbangun kapal lan nyiapké kabèh sing dibutuhké (Deloken paragraf 14)

14. Kenapa kok kudu ngetrapké sing dipelajari? (Deloken gambar kanggo paragraf 14.)

14 Rasul Pétrus ngandhani nèk ngetrapké sing dipelajari kuwi penting banget. Dhèwèké nyebutké kisahé Nuh. Yéhuwah ngomong karo Nuh nèk bakal nggawé banjir gedhé kanggo nyingkirké wong-wong jahat wektu kuwi. Nèk mung ngerti bakal ana banjir gedhé, apa Nuh sak keluarga isa slamet? Ing Alkitab disebutké nèk ”kapal dibangun” karo Nuh lan keluargané. (1 Ptr. 3:20) Sesuai karo préntahé Gusti Allah, Nuh sak keluarga nggawé kapal sing gedhé banget. (Ibr. 11:7) Terus Rasul Pétrus ngomong, ”Sing kelakon kuwi nglambangké baptisan sing saiki nylametké kowé.” (1 Ptr. 3:21) Dadi, upayané awaké dhéwé bèn siap dibaptis isa dipadhakké kaya Nuh sak keluarga sing mbangun kapal. Apa waé sing isa diupayakké bèn siap dibaptis?

15. Wong sing tenanan mertobat kuduné piyé?

15 Sing pertama, awaké dhéwé kudu mertobat. (Kis. 2:37, 38) Nèk tenanan mertobat, berarti kudu berubah. Apa njenengan wis ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes, ngrokok, lan misuh-misuh? (1 Kor. 6:9, 10; 2 Kor. 7:1; Éf. 4:29) Nèk durung berhasil mandheg, aja nyerah. Njenengan isa njaluk tulung karo sing ngajari Alkitab utawa para pinituwa ing jemaat. Cah-cah enom ya isa njaluk tulung karo wong tuwané. Njenengan mesthi isa mandheg saka kebiasaan sing ora nyenengké Yéhuwah bèn isa dibaptis.   

16. Apa mung sekedar teka ngibadah lan nginjil wis cukup?

16 Awaké dhéwé ya kudu rajin ngibadah lan nginjil. Pas ngibadah ya kudu mènèhi koméntar. (Ibr. 10:24, 25) Semakin kerep nginjil, awaké dhéwé mesthi semakin menikmati. (2 Tim. 4:5) Cah-cah enom, coba pikirna, ’Apa aku ndadak dikongkon wong tuwaku kanggo mangkat ngibadah utawa nginjil? Utawa apa kuwi merga karepku dhéwé?’ Nèk kowé ora perlu dipeksa, kuwi bukti kowé sayang lan menghargai Yéhuwah. Kuwi ya bukti ”nèk kowé ngabdi marang Gusti Allah”. (2 Ptr. 3:11; Ibr. 13:15) Nèk réla mènèhi kanggo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi seneng.​—Bandhingna karo 2 Korintus 9:7.   

TAMBAH NRESNANI YÉHUWAH

17-18. Njenengan kudu piyé bèn ora nyerah lan isa dibaptis, lan kenapa? (Wulang Bebasan 3:3-6)

17 Njenengan mesthi bakal ngadhepi masalah. Mungkin ana sing ngécé utawa nganiaya njenengan. (2 Tim. 3:12) Pas mèh mandheg saka kebiasaan sing èlèk, isa waé gagal. Utawa, njenengan ngrasa nèk ora mungkin isa dibaptis. Tapi, piyé carané bèn ora nyerah? Nresnani Yéhuwah.

18 Nresnani Yéhuwah kuwi penting banget. (Wacanen Wulang Bebasan 3:3-6.) Nèk nresnani Yéhuwah, njenengan isa ngatasi masalah apa waé. Ing Alkitab, dicritakké nèk Yéhuwah selalu nduduhké katresnan sing langgeng karo umaté. Mula, Yéhuwah ora tau ninggalké umaté. (Mzm. 100:5) Njenengan digawé mirip karo Yéhuwah. (PD. 1:26) Dadi, piyé carané njenengan nduduhké katresnan sing langgeng?   

Saben dina, njenengan isa bersyukur karo Yéhuwah (Deloken paragraf 19) b

19. Piyé carané bèn njenengan isa luwih bersyukur karo Yéhuwah? (Galatia 2:20)

19 Nèk ngucap syukur, kuwi bukti nèk njenengan nresnani Yéhuwah. (1 Tés. 5:18) Saben dina coba pikirna, ’Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo aku?’ Terus, njenengan isa ndonga ngomong maturnuwun karo Yéhuwah. Sebutna siji-siji berkah apa waé sing wis dirasakké saka Yéhuwah. Rasakna nèk Yéhuwah mémang sayang karo njenengan, padha kaya sing dirasakké Rasul Paulus mbiyèn. (Wacanen Galatia 2:20.) Bar kuwi njenengan isa mikirké, ’Piyé aku isa mbales Yéhuwah?’ Nèk sayang karo Yéhuwah, njenengan bakal nolak godhaan lan tetep setya karo Yéhuwah ora soal apa masalahé. Njenengan ya mesthi bakal tetep semangat wektu ngibadah lan nginjil. Saben dina njenengan isa mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah.

20. Janji arep ngabdi karo Yéhuwah kuwi maksudé apa, lan kenapa kuwi penting?

20 Merga nresnani Yéhuwah, njenengan bakal ndonga janji ngabdi karo Yéhuwah. Kuwi janji sepisan kanggo saklawasé. Sejak kuwi, njenengan dadi duwèké Yéhuwah. Njenengan janji bakal terus nglayani Yéhuwah ora soal masalah apa sing diadhepi. Mémang, nggawé keputusan penting kaya ngono kudu dipikirké tenanan. Tapi, keputusan ngabdi karo Yéhuwah kuwi keputusan sing paling apik. (Mzm. 50:14) Sétan bakal terus berusaha bèn njenengan ora sayang manèh karo Yéhuwah. Tapi aja nganti dhèwèké berhasil. (Ayb. 27:5) Nèk bener-bener sayang karo Yéhuwah, njenengan bakal terus éling karo janjiné njenengan lan berusaha bèn tambah cedhak karo Yéhuwah.

21. Bar dibaptis, njenengan kudu terus piyé?

21 Bar ndonga janji arep ngabdi karo Yéhuwah, njenengan isa ngomong karo para pinituwa nèk péngin dibaptis. Bar dibaptis, njenengan bakal terus nglayani Yéhuwah. Dadi mulai saiki, terusa berusaha bèn tambah sayang karo Yéhuwah. Nèk tambah sayang karo Yéhuwah njenengan bakal siap dibaptis. Mémang acara baptisan kuwi nyenengké banget, tapi kuwi lagi awalé. Muga-muga njenengan tambah sayang karo Yéhuwah lan Yésus nganti saklawasé.   

LAGU 135 Anak-Ku, Gawéa Seneng Ati-Ku

a Bèn isa dibaptis, alesané kudu bener. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau saka contoné pejabat Étiopia bèn isa ngerti apa waé langkah-langkahé bèn isa dibaptis.

b GAMBAR: Sedulur wédok iki ndonga ngucap syukur karo Yéhuwah.