Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cobanen Iki

Cobanen Iki

Manfaaté Bagéan ”Apa sing Anyar”

Ing jw.org, ana bagéan ”Apa sing Anyar” utawa ing JW Library® bagéan ”Terbaru”. Isiné vidéo lan bacaan sing paling anyar. Apa manfaaté bagéan kuwi?

JW Library

  • Nèk ana artikel sing anyar, bagéan ”Kumpulan Artikel” bakal diperbarui, lan kuwi muncul ing bagéan ”Terbaru”. Nèk wis muncul, isa di-download lan diwaca. Urutan artikelé sesuai karo tanggal kuwi dirilis. Sing paling ndhuwur kuwi artikel sing paling anyar.

  • Ing bagéan ”Terbaru” ya ana bacaan-bacaan liyané, misalé majalah. Bacaan-bacaan kuwi mungkin ora langsung rampung diwaca. Nèk ngono, bacaané isa ditambahké ing bagéan ”Favorit” bèn luwih gampang nèk arep maca manèh.

JW.ORG

Ana beberapa sing ora muncul ing JW Library, tapi muncul ing jw.org. Kuwi termasuk berita lan pengumuman. Dadi, aja lali mbukak bagéan ”Apa sing Anyar” ing jw.org.