Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 14

”Kabèh Wong Bakal Ngerti Nèk Kowé Kuwi Murid-muridku”

”Kabèh Wong Bakal Ngerti Nèk Kowé Kuwi Murid-muridku”

”Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.”​—YOH. 13:35.

LAGU 106 Tresna Kudu Nyata

ISINÉ ARTIKEL IKI a

Apa sing dipikirké wong-wong wektu ndelok Seksi-Seksi Yéhuwah sing saling menyayangi? (Deloken paragraf 1)

1. Sing pertama kali teka ing Balai Ibadah biasané terkesan merga apa? (Deloken gambar kanggo paragraf 1.)

 BAYANGNA ana suami istri lagi pertama kali teka ing Balai Ibadah. Wong loro kuwi terkesan merga disambut lan kabèh sing teka saling menyayangi. Pas mulih, sing wédok ngomong karo bojoné, ”Seksi Yéhuwah béda ya, wong-wongé nyenengké.”

2. Ngapa kok ana sing ora nglayani Yéhuwah manèh?

2 Meskipun saling menyayangi, Seksi-Seksi Yéhuwah ora sampurna. (1 Yoh. 1:8) Dadi, wektu tambah kenal karo sedulur-sedulur, mesthi njenengan isa ndelok sipat-sipat èlèké. (Rm. 3:23) Sayangé, ana sing ora nglayani Yéhuwah manèh mung gara-gara kuwi.

3. Murid-muridé Yésus kuwi wong-wong sing kaya apa? (Yohanes 13:34, 35)

3 Coba diwaca manèh ayat téma kanggo artikel iki. (Wacanen Yohanes 13:34, 35.) Piyé bèn wong-wong ngerti sapa murid-muridé Yésus? Menurut Alkitab, murid-muridé Yésus ora kudu sampurna, tapi kudu saling menyayangi. Yésus ya ngomong, ”Kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.” Kuwi berarti ora mung awaké dhéwé, tapi wong liya ya isa ngerti nèk murid-muridé Yésus kuwi wong-wong sing saling menyayangi.   

4. Pertanyaan apa waé sing dipikirké wong-wong?   

4 Wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah mungkin mikir, ’Kenapa kok katresnan sing dadi tandhané murid-muridé Yésus? Apa buktiné nèk Yésus nresnani murid-muridé? Apa awaké dhéwé mémang isa niru Yésus?’ Meskipun wis dibaptis, awaké dhéwé tetep perlu mikirké pertanyaan-pertanyaan kuwi. Nèk ngono, awaké dhéwé isa luwih nresnani wong liya apa manèh nèk ana sing nggawé jèngkèl.—Éf. 5:2.   

KENAPA KATRESNAN SING DADI TANDHANÉ MURID-MURIDÉ YÉSUS?

5. Apa maksudé kata-katané Yésus ing Yohanes 15:12, 13?

5 Katresnan sing diduduhké murid-muridé Yésus kuwi béda. (Wacanen Yohanes 15:12, 13.) Yésus ngomong, ”Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha-padha nresnani kaya aku wis nresnani kowé.” Kuwi berarti murid-muridé Yésus kudu nresnani nganti réla mati kanggo sedulur-seduluré. b   

6. Saka endi awaké dhéwé ngerti katresnan kuwi penting banget?

6 Yéhuwah ngandhani liwat Alkitab nèk katresnan kuwi penting banget. Akèh sing seneng karo ayat-ayat iki, ”Gusti Allah kuwi katresnan.” (1 Yoh. 4:8) ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.” (Mat. 22:39) ”Katresnan nutupi akèh banget dosa.” (1 Ptr. 4:8, cathetan ngisor) ”Katresnan kuwi ora ana entèké.” (1 Kor. 13:8) Jelas, katresnan kuwi sipat sing penting banget.

7. Kenapa Sétan ora isa nggawé agama sing anggotané kabèh saling menyayangi?

7 Tapi apa mémang isa ngerti agama endi sing bener? Kabèh agama ngakuné ngajarké sing bener, tapi ajarané kabèh béda-béda. Akèh wong dadi bingung merga Sétan nggawé akèh agama palsu. Tapi, Sétan ora isa nggawé agama sing kabèh anggotané sak donya saling menyayangi. Mung Yéhuwah sing isa, merga katresnan asalé saka Yéhuwah. (1 Yoh. 4:7) Kuwi sebabé Yésus ngandhani nèk katresnan kuwi tandhané murid-muridé.   

8-9. Apa hasilé merga Seksi-Seksi Yéhuwah saling menyayangi?

8 Kaya ramalané Yésus, wong liya isa ngerti agama sing bener merga anggotané saling menyayangi. Gatèkna pengalamané Sedulur Ian sing pertama kali teka ing pertemuan gabungan wilayah. Kuwi dianakké ing gedhung olahraga cedhak omahé. Beberapa bulan sakdurungé, dhèwèké teka ing gedhung olahraga kuwi kanggo ndelok pertandingan olahraga. Dhèwèké crita, ”Acara pertemuan gabungan wilayah béda banget karo pertandingan olahraga. Seksi-Seksi Yéhuwah sopan-sopan, klambiné rapi, lan anak-anaké gampang diatur. Wektu ketemu wong-wong kuwi, aku ngrasakké kedamaian lan kebahagiaan. Wis suwé aku péngin ngrasakké kuwi. Aku ora kèlingan babar blas kabèh ceramah sing disampèkké, tapi aku ora bakal lali sikapé Seksi-Seksi Yéhuwah.” c Seksi-Seksi Yéhuwah isa kaya ngono merga wong-wongé saling menyayangi. Merga nresnani, awaké dhéwé ngajèni lan apikan karo sedulur-sedulur.

9 Sedulur John ya nduwé pengalaman sing padha pas pertama kali teka ing pertemuan ibadah. Dhèwèké crita, ”Aku terkesan merga kabèh wong-wongé ramah. Wong-wongé wis kaya malaékat. Anggotané kabèh saling menyayangi. Aku dadi yakin nèk iki agama sing bener.” d Ana akèh banget pengalaman kaya ngono sing mbuktèkké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah agama sing bener.

10. Kapan isa mbuktèkké nèk sayang karo sedulur seiman? (Deloken cathetan ngisor.)

10 Kaya sing disebutké mau, sedulur-sedulur ora sampurna. Dadi isa waé ana sing nggawé salah. e (Yak. 3:2) Kuwi sakjané kesempatan isa mbuktèkké nèk bener-bener sayang karo sedulur-sedulur. Yésus mènèhi conto sing apik soal kuwi.​—Yoh. 13:15.

APA BUKTINÉ YÉSUS NRESNANI MURID-MURIDÉ?

Yésus tetep sabar meskipun murid-muridé nduwé sipat-sipat sing èlèk (Deloken paragraf 11-13)

11. Yakobus karo Yohanes nduwé sipat èlèk apa? (Deloken gambar kanggo paragraf 11.)

11 Yésus ora nuntut murid-muridé kudu sampurna. Dhèwèké sabar mbantu murid-muridé nglawan sipat-sipat sing èlèk. Misalé, Yakobus karo Yohanes tau ngongkon ibuné ngomong karo Yésus, bèn isa lungguh ing sebelahé Yésus ing Kerajaané. (Mat. 20:20, 21) Kuwi bukti nèk Yakobus karo Yohanes sombong.​—WB. 16:18.

12. Apa mung Yakobus karo Yohanes sing nduwé sipat-sipat èlèk? Jelasna.

12 Ora mung Yakobus karo Yohanes sing nduwé sipat-sipat èlèk. Ing Alkitab disebutké, ”Wektu krungu soal kuwi, sepuluh murid liyané nesu karo Yakobus lan Yohanes.” (Mat. 20:24) Bayangna wektu Yakobus, Yohanes, lan murid-murid liyané padu. Mungkin ana sing ngomong, ’Mémangé kowé sapa kok péngin kedudukan sing dhuwur? Sing kerja bareng karo Yésus kan ora mung kowé thok. Murid-murid liyané ya pantes éntuk kedudukan sing padha kaya kowé.’ Wektu kuwi murid-murid ora nduduhké katresnan.

13. Yésus piyé pas para rasul padu? (Matius 20:25-28)

13 Apa Yésus nesu? Ora. Yésus ora ngomong nèk arep nggolèk rasul liyané sing luwih rendah hati lan isa nresnani. Tapi Yésus tetep sabar mbantu, merga ngerti nèk murid-muridé asliné wong apik. (Wacanen Matius 20:25-28.) Yésus tetep apikan meskipun para rasul bola-bali padu soal sapa sing paling penting.​—Mrk. 9:34; Luk. 22:24.   

14. Latar belakangé murid-muridé Yésus piyé?

14 Yésus mesthi mikirké latar belakangé murid-muridé. (Yoh. 2:24, 25) Kèt cilik, wong-wong kuwi diajari karo pemimpin agama nèk kudu dadi wong sing kedudukané paling dhuwur. (Mat. 23:6) Para pemimpin agama Yahudi ya rumangsa sing bener dhéwé. f (Luk. 18:9-12) Yésus ngerti nèk murid-muridé isa waé terpengaruh karo pandhangan kaya ngono. (WB. 19:11) Makané, Yésus ora nuntut lan ora nesu wektu murid-muridé nggawé salah. Dhèwèké ngerti nèk murid-muridé asliné wong apik. Dadi, Yésus sabar mbantu murid-muridé ora sombong lan isa nresnani.

PIYÉ CARANÉ NIRU YÉSUS?

15. Apa sing isa dipelajari saka peristiwa pas para rasul padu?

15 Akèh sing isa dipelajari saka peristiwa pas rasul-rasul padu. Yakobus karo Yohanes mémang salah merga njaluk kedudukan sing luwih dhuwur. Tapi para rasul liyané ya salah merga ora berusaha bèn tetep rukun. Meskipun ngono, Yésus tetep sabar. Apa pelajarané? Mémang wong liya isa nggawé salah, tapi sing penting piyé tanggepané awaké dhéwé. Wektu ana sing nggawé jèngkèl, coba dipikirké, ’Mémangé dhèwèké ngapa, kok aku nganti jèngkèl? Apa ana sipatku sing èlèk sing kudu tak ubah? Apa mungkin dhèwèké lagi ana masalah? Bahkan nèk aku bener, isa ora nèk tak ampuni waé?’ Nèk nresnani sedulur-sedulur, kuwi bukti awaké dhéwé muridé Yésus.   

16. Apa manèh sing isa ditiru saka Yésus?

16 Nèk niru Yésus, awaké dhéwé bakal berusaha luwih kenal karo sedulur-sedulur. (WB. 20:5) Mémang Yésus isa ngerti isi atiné wong liya. Awaké dhéwé ora isa. Tapi nèk luwih kenal karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé ya isa sabar. (Éf. 4:1, 2; 1 Ptr. 3:8) Gatèkna pengalaman iki.

17. Apa hasilé merga pinituwa wilayah kuwi berusaha luwih kenal karo sedulur seiman?

17 Pinituwa wilayah sing nglayani ing Afrika Timur crita nèk ana sedulur sing njèngkèlké banget. Dhèwèké ngomong, ”Aku ora ngedohi, tapi berupaya luwih kenal karo sedulur kuwi.” Pas ngobrol-ngobrol, dhèwèké dadi ngerti piyé sedulur kuwi didhidhik karo wong tuwané mbiyèn. Pinituwa wilayah kuwi ngomong, ”Merga ngerti dhèwèké berjuang tenanan bèn isa bergaul karo sedulur-sedulur, aku dadi kagum. Malah, aku karo dhèwèké dadi akrab banget.” Nèk luwih kenal karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa luwih gampang nresnani.   

18. Apa sing isa dipikirké nèk ana sing nggawé jèngkèl? (Wulang Bebasan 26:20)

18 Kadhang, awaké dhéwé ngrasa nèk kudu mbahas masalahé karo wong sing marahi jèngkèl. Tapi sakdurungé kuwi, coba pikirna, ’Apa aku ngerti masalahé sakjané apa?’ (WB. 18:13) ’Apa mungkin dhèwèké ora sengaja?’ (Pkh. 7:20) ’Apa aku ya tau nggawé kesalahan sing padha?’ (Pkh. 7:21, 22) ’Nèk aku mbahas masalahé karo dhèwèké, masalahé rampung, apa malah tambah gedhé?’ (Wacanen Wulang Bebasan 26:20.) Sakwisé mikirké pertanyaan-pertanyaan kuwi, mungkin awaké dhéwé milih ngampuni waé.   

19. Apa tékadé njenengan?

19 Seksi-Seksi Yéhuwah wis terbukti dadi murid-muridé Yésus merga saling menyayangi. Njenengan masing-masing isa mbuktèkké dadi muridé Yésus, nèk terus nresnani sedulur-sedulur meskipun ora sampurna. Njenengan isa mbantu wong liya ngerti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi agama sing bener, bèn wong-wong kuwi gelem nglayani Yéhuwah, Gusti Allah katresnan.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

a Akèh wong gelem dadi Seksi-Seksi Yéhuwah merga ndelok awaké dhéwé saling menyayangi. Tapi merga sedulur-sedulur ora sampurna, saling menyayangi ora mesthi gampang. Awaké dhéwé bakal mbahas kenapa nresnani kuwi penting, lan piyé carané niru sikapé Yésus pas ana sing nggawé salah.

c Deloken artikel ”Akhirnya, Hidup Saya Bertujuan” ing Menara Pengawal 1 November 2012, halaman 13-14.

d Deloken artikel ”Kehidupan Saya Kelihatannya Menyenangkan” ing Menara Pengawal 1 Mei 2012, halaman 18-19.

e Sing dirembug artikel iki dudu dosa gedhé sing kudu ditangani pinituwa kaya sing dirembug ing 1 Korintus 6:9, 10.

f Belakangan ana rabi sing tau ngomong, ”Ing donya iki paling ora ana wong 30 sing bener kaya Abraham. Nèk ana 30, aku karo anakku termasuk. Nèk ana sepuluh, aku karo anakku termasuk. Nèk ana lima, aku karo anakku termasuk. Nèk mung loro, kuwi aku karo anakku. Tapi nèk mung siji, kuwi aku.”