Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 13

Ngajari Anak-Anak soal Yéhuwah Liwat Ciptaan

Ngajari Anak-Anak soal Yéhuwah Liwat Ciptaan

”Sapa sing nyiptakké bintang?”​—YÉS. 40:26.

LAGU 11 Ciptaan Muji Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Wong tuwa péngin anak-anaké piyé?

 WONG TUWA mesthi péngin mbantu anak-anaké bèn kenal lan sayang karo Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah ora kétok. Dadi, piyé carané wong tuwa mbantu anak-anak ngerti nèk Yéhuwah ana lan isa cedhak karo Dhèwèké?​—Yak. 4:8.

2. Piyé carané ngajari anak-anak soal Yéhuwah?

2 Bèn anak-anak isa cedhak karo Yéhuwah, mesthiné kudu sinau Alkitab karo wong tuwané. (2 Tim. 3:14-17) Tapi, ing Alkitab ana cara liyané manèh. Ing Wulang Bebasan disebutké ana wong tuwa sing ngajari anaké soal Yéhuwah liwat ciptaan. (WB. 3:19-21) Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané.

CARANÉ NGAJARI ANAK-ANAK LIWAT CIPTAAN

3. Wong tuwa kudu mbantu anak-anak bèn piyé?

3 Menurut Alkitab, sipat-sipaté Gusti Allah isa ”dipahami saka kabèh ciptaané”. (Rm. 1:20) Wong tuwa mesthi seneng dolan bareng karo anaké, misalé ing taman. Kuwi kesempatan kanggo mbantu anak-anak bèn ngerti sipat-sipaté Yéhuwah liwat ”kabèh ciptaané”. Tapi, piyé carané? Yésus mènèhi conto soal kuwi.

4. Piyé carané Yésus ngajari murid-muridé? (Lukas 12:24, 27-30)

4 Pas mulang murid-muridé, Yésus tau nyebutké soal manuk gagak lan kembang lili. (Wacanen Lukas 12:24, 27-30.) Sakjané Yésus isa nyebutké sembarang waé, tapi dhèwèké milih manuk karo kembang sing dingertèni karo murid-muridé. Mungkin pas ngrungokké ceramahé Yésus, murid-muridé isa ndelok manuk gagak mabur lan kembang lili thukul. Bayangna pas Yésus nduding manuk lan kembang karo njelaské pelajarané. Yéhuwah kuwi apikan lan murah hati. Nèk manuk gagak lan kembang lili diwènèhi mangan lan diwènèhi klambi, Yéhuwah mesthi ya bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé.   

5. Wong tuwa isa mulang anak-anak soal Yéhuwah liwat ciptaan apa waé?

5 Piyé carané wong tuwa niru Yésus? Njenengan isa crita soal ciptaan sing disenengi, misalé tanduran utawa kéwan. Terus, bantunen anak-anak bèn ngerti sipaté Yéhuwah saka ciptaan kuwi. Njenengan ya isa takon anak-anak tanduran utawa kéwan apa sing disenengi. Nèk njenengan mulang soal sipaté Yéhuwah saka ciptaan sing disenengi, anak-anak bakal seneng ngrungokké.

6. Piyé carané niru ibuné Christopher?

6 Apa wong tuwa kudu riset sing akèh sik nèk mèh mulang anak-anak soal ciptaan? Ora mesthi. Yésus ora njelaské manuk gagak mangané apa waé utawa piyé carané kembang lili thukul. Mémang nèk mèh crita sing njlimet karo anak-anak ora apa-apa. Tapi, kerep-kerepé sing sederhana waé wis cukup. Sedulur sing jenengé Christopher crita, ”Mbiyèn ibuku seneng ngajari aku karo adhi-adhiku soal ciptaan. Ibuku kerep takon soal ciptaan sing ana ing sekitaré. Misalé, pas ndelok gunung, ibuku takon, ’Gunungé gedhé banget ya, Yéhuwah mesthi luar biasa, ta?’ Utawa nèk ing pinggir pantai, ibuku ngomong, ’Ombaké gedhé banget ya? Yéhuwah mesthi kuwat banget.’ Meskipun pertanyaané sederhana, tapi kuwi nggawé aku mikirké Yéhuwah.”

7. Piyé bèn anak-anak mikirké soal ciptaan?

7 Pas anak-anak tambah gedhé, ajaken anak-anak mikirké soal ciptaan. Bantunen anak-anak bèn isa mikir dhéwé. Hasilé, anak-anak isa nyimpulké sipat-sipaté Yéhuwah endi sing isa dipelajari saka ciptaan. Njenengan isa nyebutké salah siji ciptaané Yéhuwah, terus takon, ”Menurutmu Yéhuwah sipaté piyé?” Njenengan mesthi seneng krungu jawabané anak-anak sing saka ati.​—Mat. 21:16.

KAPAN ISA NGAJARI ANAK-ANAK SOAL YÉHUWAH?

8. Pas ”mlaku ing dalan”, wong tuwa ing Israèl isa ngapa?

8 Wong tuwa ing Israèl dikongkon mulang anak-anaké soal Yéhuwah pas ”mlaku ing dalan”. (PT. 11:19) Ing Israèl ana akèh kéwan, manuk, lan kembang sing isa didelok pas mlaku. Dadi pas ing perjalanan, wong tuwa isa crita karo anak-anaké soal ciptaané Yéhuwah. Njenengan mesthi ya isa kaya ngono. Ayo dibahas beberapa conto sing isa ditiru.

9. Apa waé sing isa ditiru saka Punitha lan Katya?

9 Punitha sing nduwé anak loro, sing manggon ing kutha gedhé ing India crita, ”Wis tau aku sak keluarga lunga ing désa. Pas perjalanan, aku karo anak-anak ngobrol soal ciptaan. Merga dalané sepi, anak-anakku dadi luwih menikmati ciptaan.” Anak-anak mesthi ora bakal lali nèk dijak ing panggonan sing indah. Sedulur Katya saka Moldova crita, ”Pas isih cilik, aku dijak wong tuwaku lunga ing désa. Aku bersyukur merga kèt cilik diajari wong tuwaku nggatèkké ciptaan lan mikirké Yéhuwah.”

Meskipun manggon ing kutha, njenengan tetep isa mulang anak-anak soal Yéhuwah liwat ciptaan (Deloken paragraf 10)

10. Piyé nèk ora isa lunga-lunga? (Deloken kothak ” Sing Disedhiakké Organisasi”.)

10 Tapi piyé nèk ora isa lunga-lunga? Amol saka India crita, ”Ing kéné wong tuwa kudu kerja banting tulang kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Terus nèk mèh lunga-lunga ya larang. Tapi nèk pas ing taman utawa balkon omah, kuwi isa dadi kesempatan kanggo nggatèkké ciptaan lan crita soal sipat-sipaté Yéhuwah.” Sakjané ing sekitaré awaké dhéwé ana akèh ciptaan sing isa digatèkké, misalé manuk, serangga, tanduran, lan liya-liyané. (Mzm. 104:24) Karina saka Jerman ngomong, ”Ibuku seneng kembang. Pas mlaku bareng, ibuku seneng nduduhi kembang.” Njenengan ya isa nyetèlké vidéo utawa macakké buku-buku saka organisasi soal ciptaan. Njenengan mesthi isa mulang anak-anak soal Yéhuwah. Saiki ayo nggatèkké sipaté Yéhuwah apa waé sing isa dipelajari saka ciptaan.

”SIPAT-SIPAT KUWI ISA DIPAHAMI SAKA KABÈH CIPTAANÉ”

11. Piyé bèn anak-anak ngerti nèk Yéhuwah sayang manungsa?

11 Bèn anak-anak ngerti nèk Yéhuwah sayang manungsa, njenengan isa mbahas soal kéwan sing ngopèni anak-anaké. (Mat. 23:37) Njenengan ya isa nyebutké ciptaan sing jenisé macem-macem. Karina sing disebutké mau ngomong, ”Pas mlaku bareng, ibuku mandheg kanggo ndelok kembang sing indah sing bentuké lan wernané béda-béda. Kuwi bukti nèk Yéhuwah sayang manungsa. Nganti saiki aku ya isih seneng ndeloki kembang-kembang sing werna, bentuk, lan jenisé béda-béda. Aku dadi ngrasakké nèk Yéhuwah sayang manungsa.”

Rancangan badané manungsa kuwi bukti nèk Yéhuwah wicaksana (Deloken paragraf 12)

12. Piyé bèn anak-anak ngerti nèk Yéhuwah wicaksana? (Mazmur 139:14) (Deloken gambar kanggo paragraf 12.)

12 Wong tuwa ya isa mbantu anak-anak bèn ngerti nèk Yéhuwah wicaksana. (Rm. 11:33) Misalé, njenengan isa njelaské piyé kok banyu isa dadi awan. Terus awan sing akèh banget kuwi isa pindhah ing panggonan liya. (Ayb. 38:36, 37) Njenengan ya isa nyebutké nèk badané manungsa kuwi rancangan sing luar biasa. (Wacanen Mazmur 139:14.) Sedulur Vladimir crita, ”Anakku tau tiba saka sepéda terus luka. Beberapa hari bar kuwi lukané mari dhéwé. Aku karo bojoku ngomong nèk Yéhuwah wis ngrancang badané manungsa bèn isa mari dhéwé. Tapi nèk rancangané manungsa ora isa kaya ngono. Misalé, bar mobil tabrakan mobilé ora isa mulus dhéwé. Anakku dadi ngerti nèk Yéhuwah wicaksana banget.”

13. Piyé bèn anak-anak ngerti nèk Yéhuwah kuwat banget? (Yésaya 40:26)

13 Langit sak isiné kuwi bukti nèk Yéhuwah kuwat banget. (Wacanen Yésaya 40:26.) Ajaken anak-anak kanggo ndelok langit karo mikirké soal Yéhuwah. Sedulur Tingting saka Taiwan crita, ”Pas cilik, aku dijak kémah karo ibuku. Terus pas bengi, aku ndelok bintang-bintang ing langit. Ibuku ngomong nèk Yéhuwah kuwi kuwat banget merga isa nyiptakké bintang-bintang. Wektu kuwi kanca-kancaku ngojok-ojoki aku bèn ora manut Yéhuwah. Aku dadi wedi. Tapi merga ndelok ciptaan, aku dadi yakin nèk Yéhuwah sanggup mbantu aku wektu ana masalah. Sakwisé kuwi, aku dadi péngin ngerti luwih akèh soal Yéhuwah lan nduwé tékad sing kuwat kanggo nglayani Yéhuwah.”

14. Piyé bèn anak-anak ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bahagia?

14 Saka ciptaan, kétok nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bahagia lan péngin umaté ya bahagia. Menurut para ilmuwan, kabèh kéwan termasuk manuk lan iwak seneng dolanan. (Ayb. 40:20) Apa anaké njenengan seneng wektu ndelok tingkahé kéwan-kéwan, misalé hamster sing muter-muter utawa kirik sing guling-guling? Wektu anak-anak seneng ndelok tingkahé kéwan, ngomonga nèk Yéhuwah péngin anak-anak bahagia.​—1 Tim. 1:11.

MENIKMATI CIPTAAN BARENG SAK KELUARGA

Wektu menikmati alam, anak-anak mungkin luwih gelem crita (Deloken paragraf 15)

15. Piyé bèn wong tuwa ngerti isi atiné anak-anak? (Wulang Bebasan 20:5) (Deloken gambar kanggo paragraf 15.)

15 Kadhang anak-anak ora gelem crita soal masalahé karo wong tuwa. Nèk ngono, wong tuwa kudu berupaya ngerti isi atiné anak-anak. (Wacanen Wulang Bebasan 20:5.) Coba ajaken lunga kanggo menikmati alam. Nèk situasiné tenang, anak-anak bakal luwih leluasa crita karo wong tuwa. Sedulur Masahiko saka Taiwan ngomong, ”Pas munggah gunung utawa mlaku ing pinggir pantai karo anak-anak, biasané suasanané santai. Anak-anak dadi leluasa crita lan aku dadi ngerti perasaané.” Katya, sing disebutké mau, ya ngomong, ”Bar mulih sekolah, aku dijak ibuku lunga ing taman. Merga ing kono tenang, aku dadi luwih leluasa crita soal masalahku ing sekolah lan masalah liyané.”

16. Piyé carané bèn keluarga isa menikmati ciptaan bareng-bareng?

16 Pas menikmati ciptaan bareng-bareng, keluarga isa dadi tambah akrab. Ing Alkitab disebutké nèk ana ”wektu kanggo ngguyu” lan ”wektu kanggo mlumpat-mlumpat”. (Pkh. 3:1, 4, cathetan ngisor) Yéhuwah wis nyedhiakké akèh panggonan sing indah ing bumi. Akèh keluarga seneng ndelok alam ing pedésaan, munggah gunung, utawa lunga ing pantai. Anak-anak ya seneng mlayu-mlayu ing taman, ndelok kéwan, utawa kecèh ing kali. Ana akèh kesempatan kanggo menikmati ciptaan bareng karo anak-anak.

17. Ngapa kok wong tuwa kudu ngajari anak-anak soal ciptaan?

17 Ing donya anyar, awaké dhéwé ora bakal wedi karo kabèh kéwan lan kéwan ya ora bakal wedi karo awaké dhéwé. (Yés. 11:6-9) Awaké dhéwé isa menikmati ciptaan nganti saklawasé. (Mzm. 22:26) Tapi, aja ngentèni nganti donya anyar sik kanggo ngajari anak-anak soal ciptaan. Nèk kèt saiki wis ngajari anak-anak soal Yéhuwah liwat ciptaan, anak-anak bakal niru Raja Daud sing ngomong, ”Oh Yéhuwah, ciptaan-Mu kuwi akèh banget.”​—Mzm. 104:24.

LAGU 134 Anak-Anak Hadiah saka Yéhuwah

a Akèh wong tuwa sing wis ngajari anak-anaké soal Yéhuwah liwat ciptaan. Pas wis gedhé, anak-anak kuwi dadi nduwé iman sing kuwat. Nèk njenengan nduwé anak, piyé carané niru?