Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 10

Ngapa Kudu Dibaptis?

Ngapa Kudu Dibaptis?

”Saben wong ing antaramu kudu dibaptis.”​—KIS. 2:38.

LAGU 34 Setya lan Manut Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Pas ana acara baptisan, biasané suasanané piyé, lan apa sing mèh dibahas ing artikel iki?

 APA njenengan tau ndelok acara baptisan? Sing arep dibaptis semangat njawab loro pertanyaan kanggo calon baptis. Kabèh keluarga lan kancané seneng banget. Pas metu saka banyu, kabèh tepuk tangan, lan sing dibaptis kétok bahagia. Saben minggu ana akèh banget sing dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.

2 Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa saiki wis kepikiran arep dibaptis? Nèk iya, kuwi bukti njenengan wong ”sing nggolèk tuntunané Yéhuwah”. (Mzm. 14:1, 2) Artikel iki khusus kanggo njenengan. Tapi nèk njenengan wis dibaptis, artikel iki ya isa nguwatké tékadé njenengan kanggo terus setya nglayani Yéhuwah. Saiki ayo ngrembug telu alesané awaké dhéwé gelem nglayani Yéhuwah.

SENENG KARO APA SING BENER

Kèt mbiyèn nganti saiki, Sétan terus ngapusi wong-wong bèn mikir èlèk soal Yéhuwah (Deloken paragraf 3-4)

3. Kenapa umaté Yéhuwah seneng karo apa sing bener? (Mazmur 119:128, 163)

3 Yéhuwah péngin umaté ”seneng nindakké sing bener”. (Za. 8:19) Yésus ya péngin murid-muridé seneng karo apa sing adil. (Mat. 5:6) Kuwi berarti, kudu selalu berbuat sing bener menurut pandhangané Yéhuwah. Njenengan mesthi péngin kaya ngono. Njenengan sengit karo kabèh sing ora bener lan ora seneng ngapusi. (Wacanen Mazmur 119:128, 163.) Sing seneng ngapusi kuwi Sétan, penguasané donya iki. (Yoh. 8:44; 12:31) Sétan ngapusi akèh wong bèn mikir sing èlèk soal Yéhuwah. Dhèwèké ngomong nèk Yéhuwah ora perduli karo manungsa lan ora mènèhi sing apik kanggo manungsa. (PD. 3:1, 4, 5) Nganti saiki, Sétan terus mengaruhi wong-wong. Wong-wong sing ora ”seneng nindakké sing bener” bakal dipengaruhi Sétan dadi wong sing bejat.​—Rm. 1:25-31.

4. Apa buktiné Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing setya”? (Deloken gambar kanggo paragraf 3-4.)

4 Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing setya”, dadi Dhèwèké selalu ngajarké sing bener karo umaté. (Mzm. 31:5) Umaté dadi ora kapusan manèh karo Sétan. Yéhuwah ya ngajari umaté bèn jujur. Hasilé, umaté dadi tenang uripé lan nduwé harga diri. (WB. 13:5, 6) Kabèh sing diajarké Yéhuwah ana manfaaté. (Yés. 48:17) Njenengan mesthi péngin terus berbuat sing bener menurut pandhangané Yéhuwah. (Mat. 6:33) Njenengan péngin wong liya ngerti nèk Yéhuwah sing bener lan Sétan tukang ngapusi. Piyé carané?

5. Piyé carané mbuktèkké nèk njenengan seneng karo apa sing bener?

5 Njenengan mesthi nduwé tékad kaya ngéné, ’Aku péngin mbuktèkké Yéhuwah sing bener lan Sétan sing salah. Aku péngin terus manut karo Yéhuwah merga Dhèwèké sing berhak mréntah.’ Piyé carané mbuktèkké tékadé njenengan kuwi? Ndongaa janji arep nglayani Yéhuwah saklawasé terus dibaptis. Merga seneng karo apa sing bener, njenengan mesthi gelem dibaptis.   

NRESNANI YÉSUS KRISTUS

6. Sesuai karo Mazmur 45:4, apa sebabé njenengan sayang karo Yésus?

6 Ngapa kok njenengan sayang karo Yésus? Beberapa alesané ana ing Mazmur 45:4. (Wacanen.) Yésus mbéla apa sing bener, mbéla keadilan, lan dhèwèké ya rendah hati. Kuwi sebabé njenengan sayang karo Yésus. Njenengan mesthi terkesan wektu Yésus mbéla apa sing bener. (Yoh. 18:37) Tapi apa buktiné Yésus rendah hati?

7. Menurut njenengan kenapa Yésus rendah hati?

7 Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké rendah hati. Misalé, Yésus péngin Yéhuwah waé sing dipuji, dudu dhèwèké. (Mrk. 10:17, 18; Yoh. 5:19) Tapi, kok isa Yésus rendah hati? Merga dhèwèké sayang lan niru Yéhuwah sing ya rendah hati. (Mzm. 18:35; Ibr. 1:3) Njenengan mesthi seneng nèk ndelok wong rendah hati. Dadi, njenengan mesthi sayang lan péngin niru Yésus.

8. Ngapa awaké dhéwé seneng Yésus kuwi rajané awaké dhéwé?

8 Yésus kuwi raja sing paling apik. Yéhuwah dhéwé sing nglatih lan milih Yésus dadi raja. (Yés. 50:4, 5 ) Yésus ya réla berkorban. (Yoh. 13:1) Kuwi sebabé awaké dhéwé sayang karo Yésus. Wong-wong sing sayang karo Yésus bakal manut préntahé. (Yoh. 14:15) Yésus nganggep wong-wong sing kaya ngono sahabat-sahabaté. (Yoh. 15:14, 15) Seneng banget rasané isa dadi sahabaté Yésus.

9. Apa persamaané baptisané Yésus karo baptisané murid-muridé?

9 Yésus ngongkon bèn murid-muridé dibaptis. (Mat. 28:19, 20) Yésus ya dibaptis. Baptisané Yésus karo baptisané murid-muridé mémang béda. (Deloken kothak ” Bédané Baptisané Yésus karo Murid-muridé”.) Tapi, ya ana persamaané. Baptisané Yésus dadi bukti nèk sejak kuwi dhèwèké bakal terus nindakké kepénginané Yéhuwah. (Ibr. 10:7) Padha kaya ngono, pas dibaptis awaké dhéwé mbuktèkké karo wong-wong nèk bakal terus ngutamakké Yéhuwah. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé niru Yésus.

10. Kenapa njenengan sayang karo Yésus, lan merga sayang njenengan bakal piyé?

10 Njenengan mesthi wis ngerti akèh soal Yésus. Njenengan ngerti nèk Yésus kuwi Anaké Yéhuwah siji-sijiné, lan sing dipilih Yéhuwah dadi raja. Yésus kuwi rendah hati lan bener-bener niru Bapaké. Pas ing bumi, Yésus mènèhi mangan akèh wong, menghibur sing susah, lan marèkké sing lara. (Mat. 14:14-21) Yésus ya mimpin jemaat Kristen jaman saiki. (Mat. 23:10) Terus isih akèh berkah liyané sing sukmbèn bakal dirasakké pas Yésus mréntah bumi. Kuwi sebabé njenengan sayang karo Yésus. Mula njenengan péngin niru dhèwèké. (Yoh. 14:21) Nèk niru Yésus, njenengan bakal terus ngutamakké Yéhuwah lan dibaptis.

NRESNANI YÉHUWAH

11. Kenapa njenengan dibaptis?

11 Tapi apa alesan utama njenengan dibaptis? Yésus ngomong, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, nggunakké kabèh pikiranmu, lan nggunakké kabèh kekuwatanmu.” (Mrk. 12:30) Kuwi mesthi sing njenengan rasakké. Njenengan mesthi nresnani Yéhuwah saktulusé ati.

Kabèh sing apik asalé saka Yéhuwah (Deloken paragraf 12-13)

12. Kenapa njenengan sayang karo Yéhuwah? (Deloken gambar kanggo paragraf 12-13.)

12 Ana akèh alesané awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah. Yéhuwah kuwi ”sing mènèhi urip” lan sing mènèhi kabèh ”hadiah sing apik lan sing sampurna”. (Mzm. 36:9; Yak. 1:17) Kabèh sing apik sing awaké dhéwé nikmati asalé saka Yéhuwah.

13. Kenapa tebusan kuwi hadiah sing paling berharga saka Yéhuwah?

13 Tebusan kuwi hadiah sing paling berharga saka Yéhuwah. Kok isa? Soalé Yéhuwah karo Yésus cedhak banget. Yésus tau ngomong nèk ”Bapak nresnani aku” lan ”aku nresnani Bapak”. (Yoh. 10:17; 14:31) Yéhuwah karo Yésus wis bareng-bareng nganti milyaran taun. (WB. 8:22, 23, 30) Coba bayangna wektu Yéhuwah ndelok Yésus sengsara nganti mati. Yéhuwah mesthi sedhih banget. Tapi Yéhuwah sayang karo manungsa termasuk njenengan. Mulané, Yéhuwah réla masrahké anaké bèn kabèh manungsa isa urip saklawasé. (Yoh. 3:16; Gal. 2:20) Kuwi sing nggawé awaké dhéwé sayang banget karo Yéhuwah.

14. Piyé carané njenengan isa bahagia?

14 Nèk luwih kenal Yéhuwah, njenengan mesthi dadi tambah sayang karo Dhèwèké. Njenengan ya mesthi péngin cedhak karo Yéhuwah nganti sakterusé. Yéhuwah péngin njenengan nggawé seneng atiné. (WB. 23:15, 16) Tapi piyé carané? Kuwi kétok saka omongan lan perbuatané njenengan. Nèk manut karo Yéhuwah kuwi bukti nèk bener-bener sayang karo Dhèwèké. (1 Yoh. 5:3) Hasilé, njenengan mesthi bahagia.   

15. Piyé carané mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah?

15 Piyé carané mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah? Pertama, njenengan isa ndonga janji ngabdi karo Yéhuwah. (Mzm. 40:8) Terus, bèn wong-wong isa ngerti nèk njenengan saiki nglayani Yéhuwah, njenengan kudu dibaptis. Kaya sing dibahas ing awal artikel iki, acara baptisan mesthi nyenengké banget. Bar dibaptis, njenengan urip kanggo Yéhuwah. (Rm. 14:8; 1 Ptr. 4:1, 2) Mémang kuwi keputusan sing penting banget. Dadi, wajar nèk njenengan mikirké kuwi tenanan. Tapi njenengan mesthi bahagia nèk dibaptis.

16. Nurut Mazmur 41:12, apa berkahé nèk terus nglayani Yéhuwah?

16 Yéhuwah kuwi seneng mènèhi. Ora soal sepira akèhé sing njenengan wènèhké kanggo Yéhuwah, Yéhuwah bakal mènèhi luwih akèh. (Mrk. 10:29, 30) Njenengan bakal bahagia lan puas meskipun urip ing donya sing jahat iki. Njenengan isa ngrasakké kuwi nganti saklawasé. Njenengan isa nglayani lan nresnani Yéhuwah nganti sakterusé. Bahkan njenengan isa urip saksuwéné Yéhuwah urip, yaiku saklawasé.​—Wacanen Mazmur 41:12.

17. Njenengan isa mènèhi apa kanggo Yéhuwah?

17 Yéhuwah sing nyiptakké langit bumi sak isiné. Dhèwèké nduwé sak kabèhé. Tapi Yéhuwah ora meksa wong-wong nglayani Dhèwèké. Dadi nèk njenengan gelem nglayani Yéhuwah, njenengan mènèhi sesuatu sing Yéhuwah ora nduwé. (Ayb. 1:8; 41:11; WB. 27:11) Kuwi isa nggawé njenengan bahagia. Merga sayang karo Yéhuwah, njenengan mesthi péngin dibaptis.   

AJA NUNDA-NUNDA

18. Njenengan isa mikirké apa?

18 Gelem dibaptis apa ora kuwi keputusané njenengan dhéwé. Tapi coba dipikir, ’Kenapa aku ora ndang dibaptis?’ (Kis. 8:36) Kaya sing wis dirembug mau, ana telu alesan kenapa awaké dhéwé gelem dibaptis. Pertama, merga seneng karo apa sing bener. Coba dipikir, ’Apa aku péngin ndelok sukmbèn kabèh wong jujur lan berbuat sing bener?’ Keloro, merga sayang karo Yésus. Coba dipikir, ’Apa aku gelem Yésus dadi rajaku lan niru dhèwèké?’ Ketelu, merga sayang karo Yéhuwah. Coba renungna, ’Apa aku gelem nglayani Yéhuwah bèn isa nyenengké Dhèwèké?’ Nèk jawabané iya, kenapa kok ora ndang dibaptis?​—Kis. 16:33.

19. Kenapa aja nunda-nunda dibaptis? Wènèhana perumpamaan. (Yohanes 4:34)

19 Nèk njenengan ragu arep dibaptis, coba pikirna perumpamaané Yésus iki. (Wacanen Yohanes 4:34.) Yésus madhakké nglayani Yéhuwah kaya mangan. Mangan ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. Nèk diwènèhi panganan sing énak, njenengan ora mungkin nolak, ta? Padha kaya ngono, manut karo Yéhuwah ana manfaaté. Yéhuwah péngin awaké dhéwé dibaptis. (Kis. 2:38) Merga ngerti nèk dibaptis ana manfaaté, njenengan mesthi péngin dibaptis, ta?

20. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?

20 Kenapa ana sing ora ndang dibaptis? Ana sing ngrasa durung siap. Mémang, dibaptis kuwi keputusan sing paling penting. Dadi, kudu dipikirké tenanan. Tapi nèk wis ana rencana arep dibaptis, piyé carané bèn njenengan isa siap? Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

a Kabèh sing lagi sinau Alkitab bakal nggawé keputusan sing penting, yaiku dibaptis. Ngapa kok gelem dibaptis? Ana telu alesané. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki. Terus ya bakal dibahas piyé uripé awaké dhéwé sakwisé dibaptis.