Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 9

LAGU 75 Utus Aku

Apa Njenengan Siap Nggawé Janji Ngabdi karo Yéhuwah?

Apa Njenengan Siap Nggawé Janji Ngabdi karo Yéhuwah?

”Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah merga Dhèwèké wis apikan karo aku?”MZM. 116:12.

INTI

Carané luwih akrab karo Yéhuwah bèn akhiré gelem nggawé janji ngabdi lan dibaptis.

1-2. Sakdurungé dibaptis kudu ngapa sik?

 SELAMA limang taun iki, ana luwih saka sak yuta sing dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Akèh-akèhé wis diajari soal Alkitab ”kèt bayi” kaya Timotius jaman mbiyèn. (2 Tim. 3:​14, 15) Sing liyané mungkin sinau Alkitab pas wis gedhé utawa pas wis tuwa. Misalé, beberapa taun lalu, ana wong wédok sing sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, dibaptis pas umur 97.

2 Nèk njenengan saiki lagi sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah utawa wong tuwané njenengan Seksi Yéhuwah, apa njenengan ya péngin dibaptis? Nèk iya, kuwi cita-cita sing apik banget. Tapi sakdurungé dibaptis, kudu nggawé janji ngabdi sik karo Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas apa maksudé nggawé janji ngabdi. Terus, ngapa kok ora perlu ragu-ragu nggawé janji ngabdi lan dibaptis nèk mémang wis siap.

NGGAWÉ JANJI NGABDI KUWI MAKSUDÉ APA?

3. Sebutna conto ing Alkitab wong-wong sing dipilih Yéhuwah kanggo ngabdi.

3 Menurut Alkitab, wong sing ngabdi karo Yéhuwah kuwi berarti wis dipisahké utawa dipilih kanggo nduwé tugas khusus. Mbiyèn, Israèl kuwi bangsa sing dipilih kanggo dadi duwèké Yéhuwah sing istiméwa. Tapi, ana beberapa wong Israèl sing khusus dipilih Yéhuwah kanggo tugas tertentu. Contoné Harun. Dhèwèké nganggo ”tandha sing suci” yaiku lèmpèngan mengkilap saka emas sing dipasang ing ngarep serbané. Kuwi bukti nèk Harun wis dipilih kanggo dadi imam agungé bangsa Israèl. (Km. 8:9) Wong Nazir ya dipisahké kanggo ngabdi karo Yéhuwah. Istilah ”wong Nazir” kuwi saka kata Ibrani nazir sing artiné ”Wong sing Dipisahké”, utawa ”Wong sing Ditetapké kanggo Ngabdi”. Wong Nazir kudu manut aturan sing digawé khusus kanggo meréka ing Hukum Musa.—Wi. 6:​2-8.

4. (a) Nggawé janji ngabdi kuwi artiné apa? (b) Apa maksudé ”nolak kepénginané dhéwé”? (Deloken gambar.)

4 Wektu nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, njenengan berarti milih dadi muridé Yésus lan ngutamakké karepé Gusti Allah. Yésus ngomong, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé.” (Mat. 16:24) Kata-kata ”nolak kepénginané dhéwé” ing basa Yunaniné isa berarti ”uripé wis ora dienggo diri sendiri”. Kuwi berarti, nèk wis janji arep ngabdi karo Yéhuwah, njenengan kudu nolak apa waé sing ora cocog karo karepé Yéhuwah. (2 Kor. 5:​14, 15) Misalé, ora ”hubungan sèks sing ora pantes”. (Gal. 5:​19-21; 1 Kor. 6:18) Apa kuwi marakké urip dadi susah? Nèk sayang Yéhuwah lan yakin kabèh préntahé ana manfaaté, ora nglakoni sing ora cocog karo karepé Yéhuwah kuwi ora marahi susah. (Mzm. 119:97; Yés. 48:​17, 18) Sedulur Nicholas ngomong, ”Ana sing nganggep nèk pathokané Yéhuwah kuwi kaya penjara. Tapi ya ana sing nganggep nèk kuwi kaya krangkèng sing nglindhungi saka singa.”

Njenengan nganggep pathokané Yéhuwah kuwi kaya penjara utawa kaya krangkèng sing isa nglindhungi njenengan saka singa? (Deloken paragraf 4)


5. (a) Piyé carané nggawé janji ngabdi? (b) Apa bédané janji ngabdi karo dibaptis? (Deloken gambar.)

5 Nggawé janji ngabdi kuwi carané piyé? Liwat donga, njenengan ngomong nèk mung arep nyembah Yéhuwah lan ngutamakké Dhèwèké. Kuwi ya berarti janji nèk bakal terus sayang karo Yéhuwah ’saktulusé ati, sepenuh jiwa, nggunakké kabèh pikiran, lan nggunakké kabèh kekuwatan’. (Mrk. 12:30) Janji ngabdi kuwi mung antarané njenengan karo Yéhuwah thok. Tapi pas dibaptis, wong-wong dadi ngerti nèk njenengan wis nggawé janji ngabdi. Yéhuwah nganggep janji ngabdi kuwi serius, makané kudu ditepati.—Pkh. 5:​4, 5.

Nggawé janji ngabdi kuwi berarti janji karo Yéhuwah nèk mung bakal nyembah lan ngutamakké Dhèwèké (Deloken paragraf 5)


ALESANÉ GELEM NGGAWÉ JANJI NGABDI

6. Gelem nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah kuwi kuduné merga apa?

6 Alesan utamané kuwi merga sayang karo Yéhuwah. Rasa sayangé kuwi dhasaré merga wis nduwé ”pengetahuan sing bener” soal Yéhuwah lan sing Dhèwèké karepké. (Kol. 1:9) Merga wis sinau Alkitab, njenengan yakin nèk (1) Yéhuwah kuwi ana tenan, (2) Alkitab kuwi omongané Gusti Allah, lan (3) Yéhuwah nggunakké organisasiné bèn sing Dhèwèké karepké kelakon.

7. Apa waé sing kudu diupayakké sakdurungé nggawé janji ngabdi?

7 Sakdurungé nggawé janji ngabdi, kudu wis ngerti ajaran dhasar ing Alkitab lan tingkah lakuné sesuai karo pathokan ing Alkitab. Terus ya kudu berupaya ngandhani wong-wong soal Yéhuwah lan Alkitab. (Mat. 28:​19, 20) Merga semakin menyayangi Yéhuwah, akhiré dadi péngin mung nglayani Yéhuwah thok. Nèk menyayangi Yéhuwah saktulusé ati, njenengan ora bakal nggawé janji ngabdi lan dibaptis mung merga mèlu-mèlu kanca. Utawa, mung merga péngin nyenengké sing ngajari Alkitab utawa wong tuwané njenengan.

8. Apa manèh alesané wong gelem nggawé janji ngabdi? (Mazmur 116:​12-14)

8 Nèk mikirké kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah, njenengan mesthi bakal bersyukur lan péngin nggawé janji ngabdi. (Wacanen Mazmur 116:​12-14.) Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah kuwi Sumberé ”saben hadiah sing apik lan sing sampurna”. (Yak. 1:17) Hadiah sing paling berharga saka Yéhuwah kuwi tebusané Yésus. Kuwi sing marakké awaké dhéwé isa akrab karo Yéhuwah lan nduwé harapan urip saklawasé. (1 Yoh. 4:​9, 10, 19) Nah, merga wis dikèki tebusan lan berkah-berkah liyané saka Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi dadi péngin nggunakké urip kanggo nglayani Yéhuwah. (PT. 16:17; 2 Kor. 5:15) Kuwi sing dibahas ing buku Bahagia Saklawasé Pelajaran 46, nomer 4. Ing kono ya ana vidéo telung menit sing judhulé Mènèhi Hadiah marang Gusti Allah.

APA NJENENGAN SIAP NGGAWÉ JANJI NGABDI LAN DIBAPTIS?

9. Ngapa kok nggawé janji ngabdi kuwi kudu dipikirké tenanan lan dudu merga kepeksa?

9 Apa njenengan ngrasa nèk durung siap nggawé janji ngabdi lan dibaptis? Mungkin merga ngrasa nèk durung isa ngetrapké kabèh pathokané Yéhuwah, utawa ngrasa imané durung pati kuwat. (Kol. 2:​6, 7) Ora kabèh sing sinau Alkitab isa nggawé kemajuan sing padha. Ana sing isa cepet, tapi ya ana sing butuh wektu luwih suwé. Terus, ora mesthi nèk wis tekan umur tertentu, cah-cah enom mesthi siap dibaptis. Dadi, aja mbandhing-mbandhingké karo wong liya. Njenengan kudu ngerti apa sing kudu njenengan upayakké.—Gal. 6:​4, 5.

10. Nèk saiki durung siap nggawé janji ngabdi lan dibaptis, njenengan kudu piyé? (Deloken kothak ” Kanggo Cah-Cah Enom sing Wong Tuwané Seksi Yéhuwah”.)

10 Nèk saiki njenengan ngrasa durung siap nggawé janji ngabdi, aja mandheg kanggo ngupayakké kuwi. Njenengan isa ndonga njaluk Yéhuwah mbantu bèn njenengan siap nggawé janji ngabdi. (Flp. 2:13; 3:16) Njenengan isa yakin nèk dongané bakal dirungokké lan dijawab Yéhuwah.—1 Yoh. 5:14.

NGAPA KOK ANA SING RAGU-RAGU?

11. Piyé Yéhuwah mbantu umaté bèn tetep setya?

11 Ana wong-wong sing sakjané wis siap nggawé janji ngabdi lan dibaptis, tapi isih ragu-ragu. Mungkin meréka mikir, ’Mengko nèk bar kuwi aku nggawé dosa sing gedhé, terus ditokké saka jemaat piyé?’ Nèk njenengan ngrasa kaya ngono, aja kuwatir merga Yéhuwah bakal ngekèki bantuan apa waé bèn njenengan isa ’tumindak apik lan isa bener-bener nyenengké Dhèwèké’. (Kol. 1:10) Yéhuwah ya bakal ngekèki kekuwatan bèn isa nglakoni sing bener. Ana akèh sing wis dibantu Yéhuwah. Kuwi sebabé, sing ditokké saka jemaat jumlahé mung sithik. (1 Kor. 10:13) Yéhuwah mesthi bakal selalu mbantu umaté bèn isa tetep setya.

12. Piyé bèn aja nganti nglakoni dosa sing gedhé?

12 Merga ora sampurna, manungsa gampang kegodha kanggo nglakoni sing salah. (Yak. 1:14) Ana sing ngomong nèk perasaan lan perbuatan kuwi ora isa dikendhalèni. Tapi sakjané ora ngono. Njenengan selalu nduwé pilihan. Bahkan, nèk pas nduwé kepénginan sing salah, njenengan isa milih arep nolak utawa nuruti kepénginan kuwi. Nah, piyé bèn aja nganti nglakoni sing salah? Carané, ndonga saben dina, rajin pelajaran pribadi, teka ing pertemuan ibadah, lan rajin nginjil. Nèk kuwi kabèh terus diupayakké, njenengan bakal isa tetep setya karo Yéhuwah. Terus, ya aja lali nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan bèn ora nuruti kepénginan sing salah.—Gal. 5:16.

13. Apa sing isa ditiru saka Yusuf?

13 Bèn luwih gampang kanggo tetep setya karo Yéhuwah, njenengan isa mutuské sik kudu piyé nèk ana godhaan. Ing Alkitab ana conto wong-wong sing ora sampurna tapi isa nolak godhaan. Meréka isa melakukan kuwi merga kèt awal wis bertékad kanggo tetep setya. Contoné Yusuf. Dhèwèké bola-bali digodha karo bojoné Potifar. Tapi kèt awal, Yusuf wis bertékad kanggo tetep setya, lan sakdurungé ana godhaan, dhèwèké wis ngerti kudu piyé. Makané pas ana godhaan, Yusuf isa nolak. Ing Alkitab disebutké nèk Yusuf ”ora gelem”. Malah dhèwèké ngomong, ”Ora mungkin aku jahat banget kaya ngono lan nggawé dosa marang Gusti Allah.”—PD. 39:​8-10.

14. Piyé bèn isa nolak godhaan?

14 Piyé bèn isa tetep setya kaya Yusuf? Kèt saiki, kudu ngerti arep piyé pas ana godhaan. Apa waé sing ora disenengi Yéhuwah kudu langsung ditolak, bahkan aja nganti dipikirké. (Mzm. 97:10; 119:165) Nèk wis ngerti sik kudu piyé, njenengan bakal luwih gampang nolak godhaan.

15. Apa buktiné nèk ”tenanan nggolèki” Yéhuwah? (Ibrani 11:6)

15 Mungkin njenengan wis ngerti nèk sing dipelajari saka Alkitab kuwi sing bener, lan njenengan ya péngin nglayani Yéhuwah saktulusé ati. Tapi, piyé nèk isih ngrasa durung siap nggawé janji ngabdi lan dibaptis? Njenengan isa niru contoné Raja Daud. Dhèwèké ngomong karo Yéhuwah, ”Oh Gusti Allah, deloken isi atiku, lan deloken aku iki wong sing kaya apa. Tulung deloken pikiranku sing marahi aku kuwatir. Tulung deloken apa aku nduwé kepénginan kanggo nindakké sing salah, lan tuntunen aku ing dalan sing langgeng.” (Mzm. 139:​23, 24) Nèk berupaya bèn isa nggawé janji ngabdi lan dibaptis, kuwi bukti njenengan ”tenanan nggolèki Yéhuwah”. Upaya kuwi mesthi bakal diberkahi Yéhuwah.—Wacanen Ibrani 11:6.

TERUS NYEDHAK KARO YÉHUWAH

16-17. Meskipun wong tuwané wis Seksi Yéhuwah, menurut Yohanes 6:​44, wong isa dadi umaté Yéhuwah merga apa?

16 Yésus ngomong nèk wong isa dadi muridé kuwi merga ditarik Yéhuwah. (Wacanen Yohanes 6:44.) Kuwi luar biasa. Soalé kuwi berarti Yéhuwah nganggep njenengan ”umaté sing istiméwa”, utawa ”duwèké sing berharga”.—PT. 7:​6, lan cathetan ngisor.

17 Kanggo cah-cah enom sing wong tuwané Seksi Yéhuwah, apa kowé tau ngrasa nèk kowé nglayani Yéhuwah mung merga wong tuwamu wis nglayani Yéhuwah, dudu merga ditarik Yéhuwah? Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.” (Yak. 4:8; 1 Bb. 28:9) Dadi, sing ditarik Yéhuwah kuwi saben wong, dudu saben keluarga utawa kelompok. Makané, nèk kowé gelem nyedhak karo Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal nyedhak karo kowé.—Bandhingna 2 Tésalonika 2:13.

18. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté? (Mazmur 40:8)

18 Nèk gelem nggawé janji ngabdi lan dibaptis, kuwi sakjané bukti njenengan niru Yésus. Yésus gelem manut karo kabèh sing dikarepké Bapaké. (Wacanen Mazmur 40:8; Ibr. 10:7) Ing artikel berikuté bakal dibahas piyé bèn isa tetep setya nglayani Yéhuwah sakwisé dibaptis.

APA JAWABANÉ?

  • Nggawé janji ngabdi kuwi artiné apa?

  • Ngapa kok nèk bersyukur karo Yéhuwah kuwi isa marakké wong dadi péngin nggawé janji ngabdi?

  • Piyé bèn aja nganti nggawé dosa sing gedhé?

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat