Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENJELASAN ING ALKITAB

Diampuni Sakdurungé Ana Tebusan

Diampuni Sakdurungé Ana Tebusan

Dosa-dosané awaké dhéwé isa diampuni kuwi mung merga korban tebusané Yésus. (Éf. 1:7) Tapi ing Alkitab disebutké, ”[Gusti Allah] kuwi sabar lan gelem ngapura dosa-dosa sing ditindakké ing jaman mbiyèn”, maksudé sakdurungé Yésus mati dadi tebusan. (Rm. 3:25) Nèk dosa sing dilakukan sakdurungé ana korban tebusan diampuni Yéhuwah, apa kuwi sesuai karo pathokané Yéhuwah soal keadilan?

Yéhuwah janji nèk bakal ana ’keturunan’ sing nylametké wong-wong sing beriman karo Dhèwèké lan percaya janjiné. Wektu ngucapké janji kuwi, kanggoné Yéhuwah tebusan kuwi seolah-olah wis dibayar. (PD. 3:15; 22:18) Yéhuwah yakin banget nèk ing wektu sing wis ditentokké, Yésus bakal gelem dadi tebusan. (Gal. 4:4; Ibr. 10:​7-10) Pas ing bumi, Yéhuwah ngekèki Yésus wewenang kanggo ngampuni dosa meskipun Yésus durung mati dadi tebusan. Yésus isa ngampuni dosané wong-wong sing percaya karo dhèwèké merga dhèwèké ngerti nèk dosané wong-wong kuwi bakalé diampuni nganggo korban tebusané.—Mat. 9:​2-6.