Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 13

LAGU 127 Bantu Aku Nyenengké Ati-Mu

Piyé Bèn Isa Yakin Nèk Yéhuwah Seneng karo Njenengan?

Piyé Bèn Isa Yakin Nèk Yéhuwah Seneng karo Njenengan?

”Kowé . . . nggawé Aku seneng.”LUK. 3:22.

INTI

Carané bèn isa yakin nèk Yéhuwah seneng karo njenengan.

1. Umaté Yéhuwah isa waé ragu-ragu soal apa?

 ING Alkitab disebutké, ”Yéhuwah seneng karo umaté.” (Mzm. 149:4) Kuwi mesthi marakké kabèh umaté dadi ngrasa ayem. Tapi merga cilik ati, ana sing ragu-ragu terus mikir, ’Apa tenan Yéhuwah seneng karo aku?’ Jaman mbiyèn, ana umaté Yéhuwah sing setya, sing ya tau ngrasa kaya ngono.—1 Sam. 1:​6-10; Ayb. 29:​2, 4; Mzm. 51:11.

2. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé piyé?

2 Menurut Alkitab, manungsa sing ora sampurna isa disenengi Yéhuwah nèk meréka beriman karo Yésus lan dibaptis. (Yoh. 3:16) Dibaptis kuwi bukti nèk wis mertobat lan janji nèk bakal terus nglakoni karepé Gusti Allah. (Kis. 2:38; 3:19) Kuwi isa marakké Yéhuwah seneng, soalé kuwi berarti awaké dhéwé péngin akrab karo Dhèwèké. Nèk terus ngupayakké sing paling apik kanggo nepati janji ngabdi, Yéhuwah bakal seneng karo awaké dhéwé lan nganggep awaké dhéwé kanca akrabé.—Mzm. 25:14.

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Tapi, ngapa kok kadhang ana sing ngrasa nèk Gusti Allah ora seneng? Piyé Yéhuwah mbuktèkké nèk Dhèwèké seneng karo awaké dhéwé? Terus, piyé bèn isa yakin nèk Yéhuwah mémang seneng karo awaké dhéwé?

NGAPA KOK ANA SING NGRASA NÈK YÉHUWAH ORA SENENG?

4-5. Bahkan pas ngrasa ora berharga, awaké dhéwé isa percaya soal apa?

4 Ana sedulur-sedulur sing kèt cilik ngrasa ora berharga. (Mzm. 88:15) Misalé, Sedulur Adrián crita, ”Aku ora tau ngrasa berharga. Pas cilik, aku tau ndonga bèn keluargaku isa urip ing Firdaus. Tapi, aku dhéwé ngrasa nèk aku ora mungkin isa mlebu Firdaus.” Sedulur Tony, sing keluargané dudu Seksi Yéhuwah, crita, ”Wong tuwaku ora tau ngomong nèk sayang utawa bangga karo aku. Aku dadi ngrasa nèk aku ora bakal isa nggawé wong tuwaku seneng.”

5 Wektu ngrasa ora berharga, isa éling nèk Yéhuwah sing wis narik awaké dhéwé. (Yoh. 6:44) Yéhuwah luwih ngerti lan isa ndelok sifat-sifat apiké awaké dhéwé, bahkan sing mungkin ora awaké dhéwé sadhari. (1 Sam. 16:7; 2 Bb. 6:30) Dadi, nèk Yéhuwah ngomong awaké dhéwé berharga, ya kudu percaya.—1 Yoh. 3:​19, 20.

6. Piyé perasaané Paulus wektu mikirké dosané mbiyèn?

6 Ana sedulur-sedulur sing isih ngrasa bersalah merga dosa sing tau digawé pas durung sinau Alkitab. (1 Ptr. 4:3) Bahkan, sedulur-sedulur sing terus setya nglayani Yéhuwah ya isih kudu berjuang ngatasi kelemahané. Apa njenengan tau ngrasa nèk Yéhuwah ora ngampuni dosané njenengan? Nèk iya, pikirna contoné umaté Yéhuwah sing ya tau ngrasa kaya ngono. Misalé, Rasul Paulus tau cilik ati merga mikirké kesalahan lan kelemahané. (Rm. 7:24) Mémang, Paulus wis mertobat lan dibaptis. Tapi, dhèwèké tetep ngrasa ”sing paling ora penting ing antarané para rasul” lan ”sing paling dosa”.—1 Kor. 15:9; 1 Tim. 1:15.

7. Meskipun tau nggawé dosa, njenengan isa yakin soal apa?

7 Yéhuwah janji bakal ngampuni nèk awaké dhéwé mertobat. (Mzm. 86:5) Dadi meskipun wis nggawé dosa, nèk bener-bener menyesal lan ora mbalèni manèh kesalahané, awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah wis ngampuni.—Kol. 2:13.

8-9. Nèk ngrasa upayané ora bakal cukup kanggo nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé kudu piyé?

8 Awaké dhéwé mesthi péngin ngupayakké sing paling apik wektu nglayani Yéhuwah. Tapi, ana sing ngrasa nèk upayané ora bakal cukup kanggo nggawé Yéhuwah seneng. Sedulur Amanda crita, ”Aku ngrasa nèk ngupayakké sing paling apik kuwi berarti kudu selalu ngekèki luwih akèh kanggo Yéhuwah. Makané, aku dadi ngupayakké hal-hal sing sakjané aku ora sanggup. Nah pas gagal, aku dadi kecéwa karo diri sendiri lan mikir nèk Yéhuwah mesthi ya kecéwa karo aku.”

9 Nèk kuwi sing njenengan rasakké, isa éling nèk Yéhuwah kuwi ora seneng nuntut. Dhèwèké ora tau ngongkon awaké dhéwé nglakoni sesuatu sing awaké dhéwé ora sanggup. Yéhuwah menghargai apa waé upayané awaké dhéwé nèk kuwi wis sing paling apik. Terus, pikirna conto ing Alkitab soal wong-wong sing tenanan nglayani Yéhuwah. Misalé, selama bertaun-taun Rasul Paulus nginjil ing endi-endi nganti éwonan kilomèter. Hasilé, ana akèh jemaat sing anyar. Tapi, pas dhèwèké ora isa akèh nginjil kaya sakdurungé, apa kuwi nggawé Yéhuwah dadi ora seneng? Ora. Merga Paulus terus ngupayakké sing paling apik, Yéhuwah mberkahi dhèwèké. (Kis. 28:​30, 31) Padha kaya ngono, sing paling penting kanggo Yéhuwah kuwi nèk awaké dhéwé tulus nglayani Dhèwèké, meskipun sing isa diupayakké saiki ora isa akèh kaya mbiyèn. Saiki, ayo mbahas cara-carané Yéhuwah mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé.

PIYÉ YÉHUWAH MBUKTÈKKÉ NÈK SENENG KARO AWAKÉ DHÉWÉ?

10. Yéhuwah ”ngomong” nèk seneng karo awaké dhéwé kuwi carané piyé? (Yohanes 16:27)

10 Ngekèki Alkitab. Yéhuwah kerep ngandhani nèk Dhèwèké seneng lan sayang karo umaté. Ing Alkitab, ping loro dicritakké nèk Yéhuwah ngomong Yésus kuwi Anaké sing disayangi lan Yéhuwah seneng karo Yésus. (Mat. 3:17; 17:5) Nah nèk saiki piyé? Mémang, Yéhuwah ora ngomong secara langsung, tapi ”ngomongé” liwat Alkitab. Pas maca omongané Yésus kanggo murid-muridé, awaké dhéwé isa mbayangké Yéhuwah ”ngomong” kaya ngono karo awaké dhéwé. (Wacanen Yohanes 16:27.) Soalé, sifat-sifaté Yésus padha kaya Yéhuwah.—Yoh. 15:​9, 15.

Yéhuwah mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé liwat akèh cara (Deloken paragraf 10)


11. Nèk lagi ngadhepi masalah, ngapa kok kuwi ora berarti Yéhuwah wis ora seneng karo awaké dhéwé? (Yakobus 1:12)

11 Ngekèki sing awaké dhéwé butuhké. Yéhuwah seneng nulungi umaté, misalé ngopèni saben dina. Kadhang, mémang Yéhuwah meneng waé pas umaté ngadhepi masalah, kaya sing dialami Ayub. (Ayb. 1:​8-11) Tapi, kuwi ora berarti Gusti Allah ora seneng karo awaké dhéwé. Malah, kuwi isa dadi kesempatan awaké dhéwé mbuktèkké nèk bener-bener sayang lan percaya Yéhuwah. (Wacanen Yakobus 1:12.) Awaké dhéwé bakal ngrasakké nèk Yéhuwah tetep sayang lan terus ndhukung.

12. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Dmitrii?

12 Gatèkna pengalamané Sedulur Dmitrii ing Asia. Dhèwèké kélangan gawéan, lan nganti berbulan-bulan durung éntuk gawéan sing anyar. Merga tetep percaya Yéhuwah, Dmitrii malah dadi luwih kerep nginjil. Tapi, berbulan-bulan bar kuwi, dhèwèké isih tetep durung éntuk gawéan. Terus, dhèwèké malah lara parah nganti mung isa turonan ing kasur. Dhèwèké mulai ngrasa ora berguna lan mikir nèk Yéhuwah ya wis ora seneng karo dhèwèké. Terus, anaké wédok ngekèki Dmitrii kertas sing isiné ayat Yésaya 30:​15, ”Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo Aku, kowé bakal dadi kuwat.” Anaké ngomong, ”Nèk Bapak sedhih, Bapak isa ngéling-éling ayat iki.” Dmitrii akhiré sadhar nèk keluargané isih isa mangan, nduwé klambi, lan nduwé tempat tinggal kuwi merga Yéhuwah. Dmitrii ngomong, ”Aku mung kudu tetep tenang lan terus percaya karo Yéhuwah.” Nèk njenengan ya ngadhepi masalah kaya Dmitrii, njenengan isa percaya nèk Yéhuwah perduli lan bakal mbantu njenengan.

Yéhuwah mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé liwat akèh cara (Deloken paragraf 12) a


13. Yéhuwah isa mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé kuwi liwat sapa, lan piyé carané?

13 Liwat sedulur seiman. Yéhuwah isa mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur seiman. Misalé, pas awaké dhéwé cilik ati, Yéhuwah isa nggawé bèn ana sedulur seiman sing ngekèki kata-kata sing nguwatké. Ana sedulur wédok ing Asia sing tau ngalami kuwi. Dhèwèké kélangan gawéan lan lara parah. Terus, bojoné nggawé dosa gedhé lan ora dadi pinituwa manèh. Sedulur kuwi crita, ”Aku ora ngerti ngapa kok aku ngalami kuwi kabèh. Aku ngira aku wis nggawé kesalahan lan marakké Yéhuwah nesu.” Sedulur kuwi ndonga karo Yéhuwah. Piyé Yéhuwah mbuktèkké nèk tetep sayang karo sedulur kuwi? Sedulur kuwi crita, ”Para pinituwa ngandhani nèk Yéhuwah isih sayang karo aku.” Tapi bar kuwi, dhèwèké ragu-ragu manèh, terus akhiré ndonga karo Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Dina kuwi, aku éntuk surat saka beberapa sedulur ing jemaat. Pas tak waca, aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah ngrungokké aku.” Saka pengalaman kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah mbuktèkké seneng karo awaké dhéwé liwat omongan sing nguwatké saka para sedulur.—Mzm. 10:17.

Yéhuwah mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé liwat akèh cara (Deloken paragraf 13) b


14. Yéhuwah mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé kuwi liwat apa manèh?

14 Yéhuwah ya mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé liwat naséhat sing disampèkké sedulur seiman. Misalé, mbiyèn Yéhuwah nuntun Rasul Paulus kanggo nulis 14 surat kanggo sedulur seimané. Ing surat-surat kuwi, Paulus ngekèki naséhat sing tegas tapi kata-katané alus. Ngapa kok Yéhuwah nuntun Paulus bèn ngekèki naséhat kuwi? Yéhuwah kuwi kaya Bapak sing perduli. Makané, Dhèwèké ngandhani ”anaké sing disayangi”. (WB. 3:​11, 12) Dadi, nèk ana sing ngekèki naséhat saka Alkitab, kuwi ora berarti Yéhuwah ora seneng karo awaké dhéwé. Malah, kuwi bukti nèk Yéhuwah isih sayang. (Ibr. 12:6) Apa manèh buktiné nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé?

BUKTI LIYANÉ NÈK YÉHUWAH SENENG KARO AWAKÉ DHÉWÉ

15. Yéhuwah ngekèki roh suciné kanggo sapa, lan kuwi isa marakké awaké dhéwé yakin soal apa?

15 Yéhuwah ngekèki roh suciné kanggo wong-wong sing Dhèwèké senengi. (Mat. 12:18) Pikirna, ’Apa saiki aku nduwé sifat-sifat apik hasil saka dituntun roh suci?’ Apa saiki dadi luwih sabar timbang sakdurungé kenal Yéhuwah? Sakjané, semakin njenengan kerep nduduhké sifat-sifat sing dihasilké roh suci, njenengan isa semakin yakin nèk Yéhuwah seneng karo njenengan.—Deloken kothak ” Wong sing Dituntun Roh Suci Bakal Nduwé . . .

Piyé bèn isa ngerti buktiné nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé? (Deloken paragraf 15)


16. Sapa sing dipasrahi Yéhuwah tugas kanggo martakké kabar apik, lan kuwi marakké njenengan ngrasa piyé? (1 Tésalonika 2:4)

16 Yéhuwah masrahi wong-wong sing Dhèwèké senengi tugas kanggo martakké kabar apik. (Wacanen 1 Tésalonika 2:4.) Gatèkna pengalamané Sedulur Jocelyn. Suatu hari, Jocelyn tangi turu tapi ora semangat. Dhèwèké crita, ”Ésuk kuwi aku ngrasa ora berguna. Tapi dina kuwi jadwalku nginjil, terus aku kan ya merintis. Makané aku ndonga lan mangkat nginjil.” Pas nginjil, Jocelyn ketemu karo Mary. Mary gelem dijak sinau Alkitab. Beberapa bulan bar kuwi, Mary crita nèk pas Jocelyn teka ing omahé, Mary lagi waé bar ndonga njaluk bantuané Gusti Allah. Jocelyn crita, ”Rasané kaya krungu Yéhuwah ngomong, ’Aku seneng karo kowé.’” Mémang, ora kabèh wong bakal gelem ngrungokké kabar apik. Tapi, nèk wis ngupayakké sing paling apik, awaké dhéwé isa yakin nèk wis nggawé Yéhuwah seneng.

Piyé bèn isa ngerti buktiné nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé? (Deloken paragraf 16) c


17. Saka pengalamané Vicky soal tebusan, apa sing isa njenengan pelajari? (Mazmur 5:12)

17 Sing bakal ngrasakké manfaat saka tebusan kuwi wong-wong sing disenengi Yéhuwah. (1 Tim. 2:​5, 6) Tapi, piyé nèk meskipun wis beriman karo korban tebusan lan wis dibaptis njenengan isih ngrasa nèk Yéhuwah ora seneng karo njenengan? Élinga nèk awaké dhéwé kudu luwih percaya karo Yéhuwah timbang perasaané dhéwé. Kanggoné Yéhuwah, wong-wong sing beriman karo korban tebusan kuwi wis dianggep bener lan Yéhuwah janji bakal mberkahi. (Wacanen Mazmur 5:12; Rm. 3:26) Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Vicky. Bar ngrenungké soal tebusan, Vicky ngomong, ”Aku dadi sadhar nèk selama iki Yéhuwah wis mbuktèkké nèk sayang karo aku. . . . Tapi aku malah seolah-olah ngomong, ’Yéhuwah ora mungkin isa sayang karo wong kaya aku. Korban tebusané Yésus ya ora cukup kanggo nebus dosa-dosaku.’” Merga ngrenungké soal tebusan, Vicky mulai ngrasakké manèh disayangi Yéhuwah. Nèk ngrenungké soal tebusan, awaké dhéwé ya bakal ngrasa disayangi Yéhuwah lan ngerti nèk Dhèwèké seneng karo awaké dhéwé.

Piyé bèn isa ngerti buktiné nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé? (Deloken paragraf 17)


18. Nèk terus sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

18 Meskipun wis berupaya ngetrapké sing wis dibahas ing artikel iki, kadhang isa waé awaké dhéwé ragu-ragu manèh lan mikir, ’Apa tenan Yéhuwah seneng karo aku?’ Nèk kuwi kelakon, kudu éling nèk Yéhuwah seneng karo ”wong-wong sing terus nresnani Dhèwèké”. (Yak. 1:12) Makané, ayo terus nyedhak karo Yéhuwah, lan nggolèki bukti-bukti nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé. Terusa éling, nèk Yéhuwah ”cedhak karo awaké dhéwé”.—Kis. 17:27.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok ana sing kadhang ngrasa nèk Yéhuwah ora seneng?

  • Apa waé carané Yéhuwah mbuktèkké nèk seneng karo awaké dhéwé?

  • Apa manèh buktiné nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé?

LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu

a PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang

b PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang

c PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang