Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 10

LAGU 13 Ayo Niru Yésus

”Terus Ngetutké” Yésus Sakwisé Dibaptis

”Terus Ngetutké” Yésus Sakwisé Dibaptis

”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé, kudu saben dina mikul cagak hukumané, lan terus ngetutké aku.”LUK. 9:23.

INTI

Kudu piyé bèn awaké dhéwé kabèh, terutama sing lagi waé dibaptis, isa terus nepati janji ngabdi lan setya nglayani Yéhuwah.

1-2. Apa waé berkahé sakwisé dibaptis?

 ISA dibaptis lan dadi anggota keluargané Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa banget, soalé isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Daud ngomong karo Yéhuwah, ”Wong sing mbok pilih lan mbok jak nyedhak marang Njenengan bèn isa manggon ing omah-Mu mesthi bakal bahagia.”—Mzm. 65:4.

2 Ora sembarang wong isa dadi anggota keluargané Yéhuwah. Kaya sing dibahas ing artikel sakdurungé, Yéhuwah mung gelem cedhak karo wong-wong sing mbuktèkké nèk péngin cedhak karo Dhèwèké. (Yak. 4:8) Wektu nggawé janji ngabdi lan dibaptis, kuwi berarti njenengan nyedhak karo Yéhuwah. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal ”ngesokké berkah kaya udan nganti ora ana manèh sing kekurangan”.—Mal. 3:10; Yér. 17:​7, 8.

3. Menurut Pengkhotbah 5:​4, 5, wong sing wis nggawé janji ngabdi lan dibaptis nduwé tanggung jawab apa?

3 Dibaptis kuwi lagi langkah awal nglayani Yéhuwah. Bar dibaptis, isih kudu ngupaya tenanan nepati janji ngabdi lan terus setya karo Yéhuwah, meskipun ana tantangan utawa godhaan. (Wacanen Pengkhotbah 5:​4, 5.) Terus, merga dadi muridé Yésus, ya kudu manut kabèh préntahé lan niru teladané. (Mat. 28:​19, 20; 1 Ptr. 2:21) Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki.

”TERUS NGETUTKÉ” YÉSUS MESKIPUN ANA TANTANGAN

4. Apa maksudé murid-muridé Yésus ”mikul cagak hukumané”? (Lukas 9:23)

4 Bar dibaptis kuwi ora berarti uripé bébas masalah. Malah, Yésus jelas-jelas ngomong nèk murid-muridé bakal ”mikul cagak hukumané” saben dina. (Wacanen Lukas 9:23.) Kuwi ora berarti murid-muridé bakal menderita terus. Tapi maksudé Yésus kuwi, sakliyané éntuk berkah, murid-muridé ya bakal ngadhepi tantangan. Malah, tantangané ya ana sing abot banget.—2 Tim. 3:12.

5. Nèk gelem berkorban, apa waé berkah sing dijanjèkké Yésus?

5 Merga ngutamakké Yéhuwah, mungkin njenengan wis ngadhepi tantangan saka keluarga utawa réla kanggo urip sederhana. (Mat. 6:33) Yakina nèk Yéhuwah mesthi menghargai pengorbanané njenengan kuwi. (Ibr. 6:10) Yésus tau ngomong, ”Sapa waé sing wis ninggalké omahé, kakangé, mbakyuné, adhiné, ibuné, bapaké, anaké, utawa ladhangé merga aku lan merga kabar apik, bakal nampa ping 100 luwih akèh ing jaman saiki. Wong kuwi bakal nampa luwih akèh omah, kakang, mbakyu, adhi, ibu, anak, lan ladhang, senajan karo ngalami aniaya. Terus, ing jaman sukmbèn wong kuwi ya bakal nampa urip saklawasé.” (Mrk. 10:​29, 30) Mungkin njenengan ya wis ngrasakké dhéwé omongané Yésus kuwi. Njenengan nampa berkah sing luwih akèh timbang sing njenengan korbanké.—Mzm. 37:4.

6. Ngapa kok sakwisé dibaptis isih kudu berjuang nglawan ”kepénginan sing salah”?

6 Merga isih ora sampurna, bahkan sakwisé dibaptis, njenengan isih kudu nglawan ”kepénginan sing salah”. (1 Yoh. 2:16) Kadhang njenengan mungkin ngrasa kaya Paulus sing ngomong, ”Ing njero atiku, aku seneng banget karo hukumé Gusti Allah. Ning, aku ngerti nèk ing njero awakku ana hukum liya sing nglawan hukum sing nguwasani pikiranku lan nggawé aku dadi tawanan hukum dosa sing ana ing njero awakku.” (Rm. 7:​22, 23) Berjuang nglawan kepénginan sing salah kuwi isa waé marakké putus asa. Tapi nèk éling wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, njenengan bakal luwih gampang nolak godhaan. Kok isa?

7. Nèk wis nggawé janji ngabdi, ngapa kok kuwi isa marakké njenengan luwih gampang setya karo Yéhuwah?

7 Wektu nggawé janji ngabdi, sakjané njenengan wani nolak kepénginané njenengan dhéwé. Kuwi termasuk cita-cita, utawa apa waé sing isa marakké Yéhuwah ora seneng. (Mat. 16:24) Dadi, mengko nèk ana tantangan utawa godhaan, njenengan wis langsung ngerti nèk sing paling penting kuwi tetep setya karo Yéhuwah. Njenengan wis ora perlu mikir-mikir manèh. Tékadé njenengan mung péngin nyenengké Yéhuwah. Wektu ngadhepi tantangan sing abot, mungkin njenengan kaya Ayub, sing tegas ngomong, ”Ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah”.—Ayb. 27:5.

8. Nèk ngrenungké janji ngabdi, ngapa kok kuwi isa marakké njenengan luwih gampang nolak godhaan?

8 Njenengan ya bakal luwih wani nolak godhaan nèk ngrenungké janji ngabdiné njenengan. Misalé, merga éling wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, njenengan ora bakal mulai nggodha bojoné wong liya. Nèk kèt awal ora nduwé perasaan-perasaan kaya ngono, njenengan ora perlu susah-susah nyingkirké perasaan sing ora pantes. Njenengan isa ’ngedohi kelakuané wong jahat’.—WB. 4:​14, 15.

9. Nèk ngrenungké janji ngabdi, njenengan bakal nggawé keputusan apa soal gawéan?

9 Piyé nèk njenengan ditawani gawéan sing marakké njenengan ora isa rutin ngibadah? Wis mesthi kuwi bakal ditolak. Bahkan sakdurungé ditawani, nèk wis bertékad ora gelem nampa gawéan sing marakké ora isa ngibadah, ya ora bakal mikir, ’Ya wis gawéan iki tak tampa waé, soal urusan ibadah mengko pikir kèri.’ Njenengan isa niru contoné Yésus. Kèt awal, tékadé Yésus kuwi arep nyenengké Bapaké. Nah, nèk tékadé njenengan ya péngin nyenengké Yéhuwah, njenengan bakal wani nolak apa waé sing marakké Yéhuwah ora seneng.—Mat. 4:10; Yoh. 8:29.

10. Bèn njenengan isa ”terus ngetutké” Yésus sakwisé dibaptis, Yéhuwah bakal mbantu apa?

10 Nèk ana tantangan lan godhaan, kuwi isa dadi kesempatan mbuktèkké nèk njenengan bertékad ”terus ngetutké” Yésus. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu. Ing Alkitab disebutké, ”Gusti Allah mesthi bakal nepati janjiné. Dhèwèké ora bakal meneng waé pas kowé digodha ngluwihi apa sing isa mbok tanggung. Malah, Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn kowé isa sabar ngadhepi godhaan kuwi.”—1 Kor. 10:13.

PIYÉ BÈN ISA ”TERUS NGETUTKÉ” YÉSUS?

11. Apa salah siji cara sing apik kanggo ”ngetutké” Yésus? (Deloken gambar.)

11 Yésus semangat banget nglayani Yéhuwah. Dhèwèké ya rajin ndonga bèn isa tetep akrab karo Yéhuwah. (Luk. 6:12) Ing Filipi 3:​16, awaké dhéwé dikon ”terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki”. Kuwi berarti, salah siji cara sing paling apik kanggo ”ngetutké” Yésus sakwisé dibaptis kuwi ngupayakké apa waé sing isa marakké dadi luwih akrab karo Yéhuwah. Ana akèh umaté Yéhuwah sing berupaya bèn isa luwih akèh nglayani. Misalé, mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah utawa pindhah ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil. Nèk njenengan isa nggawé rencana-rencana kaya ngono, ya upayakna. (Kis. 16:9) Tapi nèk saiki ora isa, piyé? Aja cilik ati utawa ngrasa ora berguna. Sing paling penting kuwi, njenengan tetep setya karo Yéhuwah. (Mat. 10:22) Yéhuwah seneng banget nèk njenengan ngupayakké sing paling apik sesuai karo kemampuan lan situasiné njenengan.Mzm. 26:1.

Sakwisé dibaptis, gawéa rencana-rencana sing isa marakké njenengan tambah akrab karo Yéhuwah (Deloken paragraf 11)


12-13. Nèk saiki wis mulai ora semangat, njenengan kudu piyé? (1 Korintus 9:​16, 17) (Deloken kothak ” Terus Mlayu Nganti Akhir”.)

12 Piyé nèk semangaté njenengan saiki wis ora kaya mbiyèn manèh? Mungkin dongané wis ora sepenuh hati utawa wis ora menikmati nginjil lan maca Alkitab. Nèk bar dibaptis njenengan tau ngrasakké kaya ngono, aja nganggep nèk njenengan wis ora éntuk roh suciné Yéhuwah. Merga ora sampurna, semangaté awaké dhéwé isa munggah mudhun. Nah, nèk pas ora semangat, njenengan isa niru contoné Rasul Paulus. Meskipun dhèwèké berupaya niru Yésus, kadhang Paulus ya ora semangat. (Wacanen 1 Korintus 9:​16, 17.) Dhèwèké ngomong, ”Nèk aku nindakké kuwi merga kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi.” Dadi, meskipun kadhang-kadhang ora semangat, Paulus bertékad kanggo tetep ngrampungké tugasé.

13 Dadi, aja nggawé keputusan mung merga nuruti perasaan. Bahkan meskipun lagi ora semangat, kudu bertékad tetep nglakoni sing bener. Nèk terus nglakoni sing bener, mengko suwé-suwé isa dadi semangat manèh. Sing pasti, bèn isa terus ngetutké Yésus sakwisé dibaptis kuwi kudu rutin pelajaran pribadi, ndonga, ngibadah, lan nginjil. Nèk njenengan terus setya nglayani Yéhuwah, sedulur-sedulur bakal dikuwatké lan dadi semangat.—1 Tés. 5:11.

TERUS MAJU SAKWISÉ DIBAPTIS

14. Menurut 2 Korintus 13:​5, sakwisé dibaptis apa sing kudu terus dipikirké, lan apa alesané?

14 Sakwisé dibaptis, coba pikirna piyé kebiasaané njenengan kanggo ndonga, maca Alkitab, ngibadah, lan nginjil. Awaké dhéwé pénginé ora mung rutin nglakoni kuwi, tapi ya berupaya bèn isa luwih menikmati lan éntuk luwih akèh manfaat saka kegiatan-kegiatan kuwi. (Wacanen 2 Korintus 13:5.) Misalé, isa mikirké pertanyaan-pertanyaan: ’Apa aku isa njelaské ajaran dhasar Alkitab? Piyé bèn aku isa luwih menikmati nginjil? Apa dongaku spésifik lan isiné mbuktèkké nèk aku bener-bener percaya karo Yéhuwah? Apa aku rajin teka ngibadah? Pas ngibadah, apa aku konsèntrasi lan semangat mèlu njawab?’

15-16. Apa sing isa njenengan pelajari saka pengalamané Robert?

15 Awaké dhéwé ya kudu ngerti kelemahané awaké dhéwé. Sedulur Robert crita, ”Pas umur 20, ana kanca kerjaku wédok sing ngejak aku dolan ing omahé. Jaréné omahé lagi sepi lan ora ana sapa-sapa. Aku ora langsung nolak, tapi mung golèk-golèk alesan. Meskipun akhiré tak tolak lan tak jelaské alesané, tapi aku ora tegas sejak awal.” Sakjané, Robert wis apik merga akhiré nolak ajakan kuwi. Tapi Robert ngomong, ”Pas kuwi, aku ora kaya Yusuf sing isa langsung nolak bojoné Potifar. (PD. 39:​7-9) Aku menyesal merga wektu kuwi ndadak kesuwèn mikiré. Merga peristiwa iki, aku dadi ngerti nèk aku kudu luwih akrab manèh karo Yéhuwah.”

16 Kaya Robert, awaké dhéwé ya isa mikirké, ’Pas ana godhaan, apa aku isa langsung cepet nolak?’ Nèk ternyata isih ana sing kudu diupayakké, aja putus asa. Merga saiki ngerti kelemahané, njenengan malah dadi nduwé kesempatan kanggo memperbaiki kuwi. Njenengan isa ndonga karo Yéhuwah lan berupaya bèn luwih bertékad manèh kanggo manut Yéhuwah.—Mzm. 139:​23, 24.

17. Merga Robert tetep setya, apa pengaruhé kanggo Yéhuwah?

17 Robert crita manèh, ”Bar ajakané tak tolak, kanca kerjaku kuwi ngomong, ’Wah, kowé lulus. Sakjané aku mung ngetès kowé thok.’ Aku takon maksudé apa. Dhèwèké ngomong nèk dhèwèké nduwé kanca sing mbiyèné Seksi Yéhuwah. Nah, kancané kuwi ngomong nèk kabèh Seksi Yéhuwah kuwi sakjané munafik. Kétoké ing ngarep apik, tapi kelakuané ora nggenah. Makané dhèwèké ngetès aku. Aku seneng banget isa nggawé jenengé Yéhuwah diluhurké.”

18. Apa tékadé njenengan sakwisé dibaptis? (Deloken kothak ” Sèri Artikel sing Bermanfaat”.)

18 Wektu nggawé janji ngabdi lan dibaptis, kuwi bukti nèk njenengan péngin selalu ngluhurké jenengé Yéhuwah. Ora soal apa waé tantangan utawa godhaan sing diadhepi, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ngerti lan bakal mberkahi upayané njenengan kanggo tetep setya. Yéhuwah bakal nulungi njenengan liwat roh suciné. (Luk. 11:​11-13) Hasilé, njenengan bakal isa ”terus ngetutké” Yésus sakwisé dibaptis.

APA JAWABANÉ?

  • Apa maksudé murid-muridé Yésus ”saben dina mikul cagak hukumané”?

  • Bèn isa ”terus ngetutké” Yésus sakwisé dibaptis, kudu piyé?

  • Nèk ngrenungké janji ngabdi, ngapa kok kuwi isa marakké njenengan dadi luwih gampang kanggo tetep setya?

LAGU 89 Manut karo Yéhuwah