Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 11

LAGU 129 Terus Setya

Terus Setya Nglayani Yéhuwah Meskipun Ana sing Marakké Kecéwa

Terus Setya Nglayani Yéhuwah Meskipun Ana sing Marakké Kecéwa

’Kowé ngalami akèh kesusahan merga jenengku.’—WHY. 2:3.

INTI

Meskipun ana akèh sing marakké kecéwa, awaké dhéwé isa terus setya nglayani Yéhuwah.

1. Apa waé berkahé merga dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah?

 KEADAAN ing akhir jaman iki saya suwé saya ora karuan. Tapi, awaké dhéwé bersyukur merga isa dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah. Yéhuwah wis ngekèki sedulur seiman sing rukun lan seneng nulungi. (Mzm. 133:1) Yéhuwah ya mbantu bèn keluargané awaké dhéwé isa bahagia. (Éf. 5:33–6:1) Terus, Yéhuwah ya ngekèki naséhat lan tuntunan bèn awaké dhéwé isa ayem lan ora terlalu kuwatir.

2. Bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah, kudu piyé lan ngapa?

2 Bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah kuwi kudu ngupaya tenanan, soalé kuwi ora gampang. Isa waé wong liya marakké awaké dhéwé kecéwa. Utawa, merga ping bola-bali nggawé kesalahan, awaké dhéwé dadi kecéwa karo diri sendiri. Dadi, piyé bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah meskipun (1) kecéwa karo sedulur seiman, (2) kecéwa karo bojo, lan (3) kecéwa karo diri sendiri? Ing artikel iki bakal dibahas conto-conto saka Alkitab lan piyé carané niru.

NÈK DIKECÉWAKKÉ SEDULUR SEIMAN

3. Tantangan apa sing diadhepi umaté Yéhuwah?

3 Tantangané. Ana sedulur seiman sing mungkin sifaté njèngkèlké. Terus, ya ana sing tau njahati utawa nggawé kecéwa. Sakliyané kuwi, para pinituwa ya isa waé nggawé kesalahan. Gara-gara kuwi kabèh, ana sing akhiré dadi ragu nèk iki organisasiné Yéhuwah. Meréka ora gelem ”bersatu”, malah akhiré wegah bergaul utawa ngibadah manèh. (Zéf. 3:9) Apa kaya ngono kuwi bener? Ing Alkitab ana sing tau ngalami kaya ngono. Ayo mbahas contoné.

4. Apa waé tantangan sing diadhepi Rasul Paulus?

4 Conto ing Alkitab. Rasul Paulus kerep dikecéwakké sedulur-sedulur seimané. Misalé, pas awal-awal dhèwèké dadi muridé Yésus, ana akèh sing ora percaya lan malah wedi karo dhèwèké. (Kis. 9:26) Terus, ana sedulur-sedulur sing ngrasani dhèwèké lan marakké wong liya ya dadi ora percaya karo dhèwèké. (2 Kor. 10:10) Paulus ya tau ndelok ana pinituwa sing nggawé keputusan sing ora apik. (Gal. 2:​11, 12) Bahkan Markus, sing akrab karo dhèwèké, ya tau marakké dhèwèké kecéwa banget. (Kis. 15:​37, 38) Paulus ngerti nèk sedulur-sedulur seiman kuwi ora sampurna. Tapi kuwi ora marakké Paulus dadi kecéwa terus, nganti akhiré ngedohi meréka. Paulus tetep nduwé pandhangan sing positif soal sedulur-sedulur seimané lan terus setya nglayani Yéhuwah. Kok isa dhèwèké kaya ngono?

5. Menurut Kolose 3:​13, 14, apa sing marakké Paulus gelem ngampuni lan ora ngedohi sedulur seimané? (Deloken gambar.)

5 Paulus sayang karo sedulur-sedulur seimané. Makané, dhèwèké ora mikirké kekurangané meréka, tapi mikirké sifat-sifat apiké. Merga sayang, Paulus ya gelem ngampuni sedulur-sedulur, kaya sing dhèwèké tulis ing Kolose 3:​13, 14. (Wacanen.) Misalé, pas perjalanan utusan injilé sing pertama, Paulus ditinggal Markus. Meskipun sakjané kecéwa, Paulus ora nesu terus. Buktiné, wektu nulis surat kanggo jemaat ing Kolose, Paulus muji Markus. Dhèwèké ngomong nèk Markus kuwi kanca kerja ”sing menghibur” Paulus. (Kol. 4:​10, 11) Pas dipenjara ing Roma, Paulus khususé njaluk bèn Markus teka kanggo mbantu dhèwèké. (2 Tim. 4:11) Paulus gelem ngampuni lan ora ngedohi sedulur seimané. Apa pelajarané?

Paulus tau jèngkèl karo Markus, tapi dhèwèké ora nesu terus. Bar kuwi, dhèwèké ya gelem kerja sama karo Markus (Deloken paragraf 5)


6-7. Bèn isa terus menyayangi para sedulur, apa waé sing isa dipikirké? (1 Yohanes 4:7)

6 Pelajarané. Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus berupaya menyayangi sedulur-sedulur. (Wacanen 1 Yohanes 4:7.) Nèk ana sedulur sing njèngkèlké utawa nglarani ati, awaké dhéwé kudu yakin nèk sakjané niaté meréka ora kaya ngono. Meréka ya isih berjuang bèn isa nglakoni sing bener. (WB. 12:18) Meskipun umaté kerep nggawé salah, Yéhuwah tetep sayang karo meréka. Dhèwèké ora nesu terus, tapi tetep gelem dadi kancané. (Mzm. 103:9) Yéhuwah wis ngampuni awaké dhéwé, mulané awaké dhéwé ya péngin ngampuni liyané.—Éf. 4:32–5:1.

7 Akhir donya iki wis tambah cedhak, mula kudu luwih akrab karo para sedulur. Nèk ana masalah, ya kudu ndang dirampungké. Apamanèh, sukmbèn pas dianiaya utawa malah nganti dipenjara, awaké dhéwé luwih butuh sedulur-sedulur. (WB. 17:17) Gatèkna pengalamané Josep, a pinituwa ing Spanyol. Josep karo beberapa sedulur dipenjara merga nolak wajib militèr. Josep crita, ”Merga ing penjara manggoné bareng terus, suwé-suwé dadi kétok sifat asliné sing isa marakké jèngkèl. Makané, kami kudu luwih sabar lan seneng ngampuni. Kuwi sing marakké kami isa tetep rukun lan saling nglindhungi. Apamanèh, ing kana ana akèh tahanan sing ora nyembah Yéhuwah. Pas kuwi, pernah tanganku ceklèk, terus di-gips, makané aku ora isa apa-apa dhéwé. Tapi, ana siji sedulur sing gelem ngumbahké klambiku lan kerep nulungi aku. Aku isa ngrasakké kasih sayangé para sedulur sing pas kuwi bener-bener tak butuhké.”

NÈK DIKECÉWAKKÉ BOJO

8. Apa waé tantangan sing diadhepi wong sing nikah?

8 Tantangané. Ora ana pernikahan sing sampurna. Ing Alkitab jelas-jelas disebutké nèk ”wong sing nikah bakal ngalami akèh kesusahan”. (1 Kor. 7:28) Lha ngapa? Soalé loro-loroné isih ora sampurna, terus sifat lan selérané ya béda. Sakliyané kuwi, merga béda budaya lan latar belakang, isa waé bar nikah dadi ngerti sifat-sifat asliné. Kuwi isa dadi masalah. Nèk ana masalah, kuduné suami istri kerja sama kanggo ngrampungi masalah kuwi, soalé isa waé loro-loroné sing salah. Tapi kenyataané, ana akèh sing malah saling nyalahké. Bahkan, ana sing mikir nèk solusiné pisahan utawa pegatan waé. Tapi, apa kuwi mémang solusi sing bener? b Ing Alkitab ana wong wédok sing tetep setya karo bojoné meskipun bojoné jahat banget. Ayo ngrembug kisahé.

9. Tantangan apa sing diadhepi Abigail?

9 Conto ing Alkitab. Abigail nikah karo Nabal. Menurut Alkitab, Nabal kuwi wongé kasar lan jahat. (1 Sam. 25:3) Nduwé bojo kaya Nabal mesthi marakké uripé Abigail dadi susah banget. Nah, sakjané Abigail nduwé kesempatan kanggo bébas saka bojoné. Wektu kuwi, Nabal ngrèmèhké Daud lan anak buahé, padahal Daud kuwi calon raja ing Israèl. Akhiré, Daud péngin matèni Nabal. (1 Sam. 25:​9-13) Abigail isa waé mlayu bèn Daud sida matèni Nabal. Tapi, dhèwèké malah njaluk bèn Nabal aja dipatèni. (1 Sam. 25:​23-27) Apa sing marakké Abigail njaluk kaya ngono?

10. Meskipun perkawinané ora bahagia, apa sing mungkin marakké Abigail tetep bertahan?

10 Abigail sayang karo Yéhuwah lan manut pathokané Yéhuwah soal perkawinan. Mungkin dhèwèké ya ngerti préntahé Yéhuwah wektu Adam dikèki bojo. (PD. 2:24) Abigail ngerti nèk kanggoné Yéhuwah, perkawinan kuwi suci. Dhèwèké péngin nggawé Yéhuwah seneng. Makané, dhèwèké berupaya tenanan bèn isa nylametké keluargané, termasuk bojoné. Dhèwèké langsung nyegah Daud bèn ora matèni Nabal. Malah, dhèwèké ya gelem njaluk ngapura padahal ora salah. Yéhuwah mesthi sayang karo Abigail sing kendel lan ora mikirké kepentingané dhéwé. Apa sing isa dipelajari saka contoné Abigail?

11. (a) Menurut Éfésus 5:​33, wong sing nikah kuduné piyé? (b) Apa sing njenengan pelajari saka pengalamané Karmen? (Deloken gambar.)

11 Pelajarané. Yéhuwah ngongkon bèn wong sing nikah aja nganti pisah, meskipun bojoné kuwi wongé angèl disenengké. Yéhuwah mesthi seneng nèk suami karo istri gelem kerja sama ngrampungké masalah, saling menyayangi, lan ngajèni. (Wacanen Éfésus 5:33.) Gatèkna pengalamané Karmen. Bar enem taun nikah, Karmen mulai sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, terus dibaptis. Karmen crita, ”Bojoku ora seneng aku dadi Seksi Yéhuwah. Dhèwèké nesu merga ngrasa nèk wektuku saiki entèk dienggo Yéhuwah. Dhèwèké ngunèk-unèkké aku, lan malah ngancem arep ninggalké aku.” Tapi, Karmen tetep bertahan. Selama 50 taun, dhèwèké terus berupaya tenanan ngajèni lan menyayangi bojoné. Karmen crita manèh, ”Suwé-suwé, aku dadi luwih memahami perasaané bojoku lan dadi ngerti carané ngomong sing apik karo dhèwèké. Merga perkawinan kuwi suci kanggo Yéhuwah, aku berupaya tenanan kanggo mempertahankan perkawinanku. Merga aku sayang Yéhuwah, aku ora tau kepikiran kanggo ninggalké bojoku.” c Dadi, nèk ing perkawinané njenengan ana masalah, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal ndhukung lan mbantu bèn njenengan isa tetep setya karo bojo.

Apa sing isa dipelajari suami istri saka Abigail? (Deloken paragraf 11)


NÈK KECÉWA KARO DIRI SENDIRI

12. Bar nggawé dosa gedhé, isa waé dadi ngrasa piyé?

12 Tantangané. Nèk bar nggawé dosa gedhé, wong isa waé dadi patah semangat. Menurut Alkitab, kuwi isa marakké ’susah banget lan sengsara’. (Mzm. 34:18) Selama bertaun-taun, Sedulur Robi wis berupaya bèn isa memenuhi syarat dadi abdiné jemaat. Tapi sakwisé dadi abdiné jemaat, dhèwèké nggawé dosa gedhé lan ngrasa nèk wis mengkhianati Yéhuwah. Robi crita, ”Wektu kuwi hati nuraniku rasané ora pénak banget. Perasaanku kacau. Aku ndonga karo nangis-nangis. Aku ngrasa nèk Yéhuwah wis ora gelem ngrungokké aku manèh merga aku wis nggawé Dhèwèké kecéwa.” Bar nggawé dosa gedhé, wong isa ngrasa putus asa banget nganti mikir nèk Yéhuwah wis ninggalké dhèwèké. Dhèwèké ya isa dadi ngrasa nèk ora ana gunané manèh nglayani Yéhuwah. (Mzm. 38:4) Apa kuwi sing njenengan rasakké? Ayo ngrembug tokoh ing Alkitab sing tetep setya nglayani Yéhuwah meskipun tau nggawé dosa gedhé.

13. Rasul Pétrus nggawé kesalahan-kesalahan apa, terus akhiré dhèwèké nggawé dosa gedhé apa?

13 Conto ing Alkitab. Bengi sakdurungé Yésus mati, Rasul Pétrus nggawé beberapa kesalahan sing akhiré marakké dhèwèké nggawé dosa gedhé. Sing pertama, merga terlalu percaya diri, Pétrus ngomong nèk dhèwèké bakal tetep setya karo Yésus meskipun sing liyané ora. (Mrk. 14:​27-29) Sing keloro, pas ing Taman Gètsemani, Pétrus bola-bali dikon Yésus bèn jaga-jaga, tapi dhèwèké malah keturon. (Mrk. 14:​32, 37-41) Sing ketelu, pas meréka digrudug wong sing arep matèni Yésus, Pétrus malah mlayu ninggalké Yésus. (Mrk. 14:50) Akhiré, Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. Dhèwèké bahkan sumpah nèk ora kenal Yésus. Kuwi dosa sing gedhé. (Mrk. 14:​66-71) Bar sadhar nèk wis nggawé dosa gedhé, Pétrus dadi putus asa, sedhih banget, lan hancur, mungkin merga ngrasa bersalah. (Mrk. 14:72) Bayangna piyé perasaané Pétrus pas beberapa jam bar kuwi, Yésus dipatèni. Pétrus mesthi ngrasa kecéwa banget karo diri sendiri.

14. Apa sing marakké Pétrus isa terus setya nglayani Yéhuwah? (Deloken gambar.)

14 Apa sing marakké Pétrus isa terus setya nglayani Yéhuwah? Dhèwèké ora ngedoh saka murid-murid liyané. Dhèwèké marani meréka, lan meréka mesthi nguwatké Pétrus. (Luk. 24:33) Sakliyané kuwi, bar diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus kanggo nguwatké dhèwèké. (Luk. 24:34; 1 Kor. 15:5) Yésus ya ora nyalahké Pétrus, tapi Pétrus malah dipercaya tanggung jawab sing gedhé. (Yoh. 21:​15-17) Pétrus ngerti nèk wis nggawé dosa sing gedhé, tapi dhèwèké ora terus-terusan putus asa. Soalé, Yésus terus nyemangati dhèwèké. Murid-murid liyané ya terus ndhukung Pétrus. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Pétrus?

Yésus bola-bali nyemangati Pétrus bèn terus nglayani Yéhuwah, kaya sing dicritakké ing Yohanes 21:​15-17 (Deloken paragraf 14)


15. Menurut Mazmur 86:5 lan Roma 8:​38, 39, Yéhuwah péngin awaké dhéwé yakin soal apa? (Deloken gambar.)

15 Pelajarané. Yéhuwah péngin awaké dhéwé yakin nèk Dhèwèké sayang lan siap ngampuni. (Wacanen Mazmur 86:5; Roma 8:​38, 39.) Ngrasa salah lan kecéwa sakwisé nggawé dosa kuwi wajar. Tapi, aja nganti mikir nèk Yéhuwah wis ora sayang utawa ora gelem ngampuni. Pas ngrasa kaya ngono, kudu ndang nggolèk bantuan. Robi, sing disebutké mau, crita, ”Aku nganti nggawé dosa gedhé kuwi merga pas ana godhaan aku ora ngendelké Yéhuwah, tapi ngendelké kekuwatanku dhéwé.” Bar kuwi, Robi langsung njaluk bantuané pinituwa. Robi crita manèh, ”Pas dibantu para pinituwa, aku dadi ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo aku. Para pinituwa ya sayang karo aku lan ngyakinké nèk Yéhuwah ora ninggalké aku.” Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah sayang banget lan gelem ngampuni nèk awaké dhéwé gelem mertobat, nggolèk bantuan, lan bener-bener berupaya ora mbalèni kesalahan. (1 Yoh. 1:​8, 9) Hasilé, awaké dhéwé bakal terus setya nglayani Yéhuwah meskipun tau nggawé kesalahan.

Pas dikuwatké para pinituwa, njenengan dadi yakin soal apa? (Deloken paragraf 15)


16. Ngapa kok njenengan péngin terus setya nglayani Yéhuwah?

16 Nglayani Yéhuwah ing akhir jaman iki mémang ora gampang. Tapi, Yéhuwah menghargai lan gelem mbantu bèn awaké dhéwé isa terus setya meskipun kecéwa karo diri sendiri utawa wong liya. Nèk sedulur seiman marakké tersinggung, awaké dhéwé isa terus menyayangi lan ngampuni meréka. Nèk sayang Yéhuwah lan manut pathokané soal perkawinan, pas ana masalah mesthi bakal dirampungké bareng-bareng. Terus nèk nggawé dosa, mesthi bakal nggolèk bantuan, percaya Yéhuwah sayang lan gelem ngampuni, lan terus setya. Ana akèh berkah sing bakal ditampa nèk ’ora nyerah nindakké apa sing apik’.—Gal. 6:9.

PIYÉ BÈN ISA TERUS SETYA NGLAYANI YÉHUWAH MESKIPUN . . .

  • dikecéwakké sedulur seiman?

  • dikecéwakké bojo?

  • kecéwa karo diri sendiri?

LAGU 139 Bayangna Donya Anyar

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b Menurut Alkitab, wong sing wis nikah sakjané ora éntuk pisah. Tapi nèk mémang kudu pisahan, loro-loroné ora éntuk nikah manèh karo wong liya. Nah, situasi apa waé sing mungkin marakké wong dadi mutuské kanggo pisahan? Deloken Cathetan 4 ”Pisah karo Bojoné” ing buku Bahagia Saklawasé.

c Nèk péngin ngerti conto liyané, deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Aja Percaya Nèk Donya Iki Isa Mènèhi Kedamaian—Darrel lan Deborah Freisinger.