Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 20

Carané Bèn Donga Luwih Bermakna

Carané Bèn Donga Luwih Bermakna

”Critakna kabèh perasaanmu marang Dhèwèké.”​—MZM. 62:8.

LAGU 45 Sing Kuduné Tak Pikirké

ISINÉ ARTIKEL IKI a

Awaké dhéwé isa terus ndonga karo Yéhuwah lan njaluk tuntunané kapan waé (Deloken paragraf 1)

1. Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé? (Deloken gambar kanggo paragraf 1.)

 WEKTU lagi sedhih lan bingung, awaké dhéwé ngerti isa crita karo sapa. Yéhuwah péngin awaké dhéwé crita karo Dhèwèké liwat donga. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ”terus ndonga”. (1 Tés. 5:17) Nèk ana apa-apa, awaké dhéwé isa ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah. (WB. 3:5, 6) Yéhuwah ora mbatesi awaké dhéwé isa ndonga ping pira.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Awaké dhéwé mesthi seneng isa ndonga karo Yéhuwah. Tapi kadhang wektuné ora ana utawa dongané mung ngono-ngono waé. Untungé Yéhuwah mènèhi akèh saran soal donga ing Alkitab. Ing artikel iki bakal dirembug piyé carané Yésus isa nyisihké wektu kanggo ndonga. Mengko ya bakal dibahas apa waé sing isa didongakké bèn dongané luwih bermakna.

YÉSUS NYISIHKÉ WEKTU KANGGO NDONGA

3. Pas ing swarga, Yésus isa ngerti soal apa?

3 Yésus ngerti nèk Yéhuwah nganggep dongané awaké dhéwé berharga. Pas isih ing swarga, Yésus ndelok dhéwé pas Yéhuwah njawab dongané umaté. Misalé, Yésus ndelok dhéwé Yéhuwah njawab dongané Hana, Daud, Èlia, lan liyané. (1 Sam. 1:10, 11, 20; 1 Raj. 19:4-6; Mzm. 32:5) Makané Yésus ngajari murid-muridé bèn ndonga lan yakin nèk dongané bakal dijawab.​—Mat. 7:7-11.

4. Kenapa Yésus dadi conto sing apik soal ndonga?

4 Yésus dadi conto sing apik soal ndonga. Selama ing bumi Yésus kerep banget ndonga. Yésus kudu nyisihké wektu kanggo ndonga merga dhèwèké sibuk banget lan digolèki akèh wong. (Mrk. 6:31, 45, 46) Dhèwèké tangi ésuk-ésuk bèn isa ndonga. (Mrk. 1:35) Yésus ya tau ndonga sewengi muput wektu arep nggawé keputusan sing penting. (Luk. 6:12, 13) Sakdurungé mati, Yésus ya bola-bali ndonga bèn isa ngrampungké tugasé sing abot.​—Mat. 26:39, 42, 44.   

5. Piyé carané niru Yésus?

5 Ora soal sibuké kaya apa, Yésus selalu nduwé wektu kanggo ndonga. Nèk niru Yésus, mungkin awaké dhéwé isa tangi luwih ésuk utawa turu luwih bengi bèn isa ndonga. Kuwi bukti nèk menghargai kesempatan isa ndonga. Sedulur wédok sing jenengé Lynne bersyukur merga isa ndonga karo Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Pas aku ngerti nèk isa ndonga kapan waé, aku ngrasa Yéhuwah dadi sahabatku. Aku péngin dongaku luwih bermakna.” Awaké dhéwé mesthi nduwé tékad sing padha. Ayo ngrembug apa waé sing isa didongakké.

SING ISA DIDONGAKKÉ

6. Menurut Wahyu 4:10, 11, Yéhuwah pantes nampa apa?

6 Muji Yéhuwah. Liwat wahyu sing ditampa, Yohanes tau ndelok pinituwa 24 sujud nyembah Yéhuwah ing swarga. Wong-wong kuwi ngomong nèk Yéhuwah ”pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa”. (Wacanen Wahyu 4:10, 11.) Para malaékat sing bareng-bareng karo Yéhuwah ing swarga ya isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Merga ngerti sipat-sipaté Yéhuwah, para malaékat muji Yéhuwah.​—Ayb. 38:4-7.

7. Apa waé sing isa dipuji saka Yéhuwah?

7 Awaké dhéwé ya péngin muji Yéhuwah pas ndonga. Critakna ngapa kok njenengan sayang karo Yéhuwah. Pas maca Alkitab, gatèkna sipat-sipaté Yéhuwah sing berkesan kanggoné njenengan. (Ayb. 37:23; Rm. 11:33) Terus pas ndonga, critakna piyé perasaané njenengan soal sipat-sipaté Yéhuwah. Njenengan ya isa muji Yéhuwah merga wis mbantu njenengan lan sedulur-sedulur sak donya. Yéhuwah terus ngopèni awaké dhéwé.​—1 Sam. 1:27; 2:1, 2.   

8. Apa waé sing isa disyukuri? (1 Tésalonika 5:18)

8 Bersyukur. Ana akèh sing isa disyukuri. (Wacanen 1 Tésalonika 5:18.) Menurut Alkitab kabèh sing apik asalé saka Yéhuwah. (Yak. 1:17) Dadi, apa waé sing menurut njenengan apik isa disyukuri. Misalé, njenengan isa bersyukur wektu ndelok ciptaan sing indah. Njenengan ya isa bersyukur merga wis dikèki urip, nduwé keluarga, kanca, lan nduwé harapan. Njenengan ya isa bersyukur merga dadi kancané Yéhuwah.

9. Ngapa kok kudu terus mikirké berkah saka Yéhuwah?

9 Mungkin awaké dhéwé kudu berupaya bèn isa ngerti apa sing isa disyukuri saka Yéhuwah. Akèh wong saiki ora seneng bersyukur. Sing dipikirké mung kepénginané thok, tapi ora bersyukur karo apa sing wis diduwèni. Nèk mulai mikir ngono, dongané awaké dhéwé isa waé isiné mung njaluk thok. Bèn ora ngono, terus pikirna kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah lan sampèkna kuwi liwat donga.​—Luk. 6:45.

Awaké dhéwé isa tetep kuwat wektu ngadhepi masalah nèk seneng bersyukur (Deloken paragraf 10)

10. Apa manfaaté merga Kyung-sook seneng bersyukur? (Deloken gambar kanggo paragraf 10.)

10 Awaké dhéwé isa tetep kuwat ngadhepi masalah nèk seneng bersyukur. Kuwi sing dialami sedulur wédok sing jenengé Kyung-sook. Pengalamané ditulis ing Menara Pengawal 15 Januari 2015. Dhèwèké kena kanker paru-paru. Dhèwèké ngomong, ”Aku dadi ngrasa putus asa. Rasané ora nduwé harapan. Aku wedi banget.” Kok isa dhèwèké tetep kuwat? Saben bengi sakdurungé turu, Kyung-sook munggah ing ndhuwur omah. Dhèwèké ndonga bersuara ing ruangan terbuka lan ndongakké limang hal sing isa disyukuri dina kuwi. Dhèwèké dadi ngrasa dikuwatké lan tambah sayang karo Yéhuwah. Dhèwèké dadi ngerti kuwi carané Yéhuwah mbantu umaté sing lagi ngadhepi masalah. Dhèwèké ya ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah terus mbantu. Dhèwèké dadi sadhar nèk ana luwih akèh berkah sing isa disyukuri daripada masalah ing uripé. Kaya Kyung-sook, sakjané ana akèh sing isa disyukuri meskipun awaké dhéwé lagi ngadhepi masalah. Nèk bersyukur karo Yéhuwah liwat donga, awaké dhéwé isa tetep tenang lan kuwat.   

11. Ngapa kok murid-muridé Yésus kudu kendel sakwisé Yésus munggah swarga?

11 Bèn kendel wektu nginjil. Sakdurungé munggah swarga, Yésus ngongkon murid-muridé nginjil ”ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi”. (Kis. 1:8; Luk. 24:46-48) Ora suwé bar kuwi, para pemimpin Yahudi nyekel Pétrus karo Yohanes terus digawa ing Sanhèdrin. Wong loro kuwi dilarang nginjil, bahkan diancam. (Kis. 4:18, 21) Terus, Pétrus karo Yohanes piyé?

12. Kaya sing ditulis ing Kisah 4:29, 31, para murid piyé?

12 Pétrus karo Yohanes njawab, ”Nèk nurut njenengan, Gusti Allah kuwi péngin awaké dhéwé manut karo Gusti Allah utawa manut karo njenengan? Mangga njenengan putuské dhéwé. Ning kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.” (Kis. 4:19, 20) Bar Pétrus karo Yohanes dibébaské, para murid ndonga karo Yéhuwah, ”Tulung bantu budhak-budhak-Mu iki, yaiku aku lan para sedulur, bèn isa terus kendel ngumumké omongan-Mu.” Yéhuwah njawab dongané murid-murid.​—Wacanen Kisah 4:29, 31.   

13. Apa sing isa ditiru saka Jin-hyuk?

13 Awaké dhéwé isa niru para murid sing tetep nginjil meskipun dilarang karo pamréntah. Gatèkna pengalamané Sedulur Jin-hyuk, sing dipenjara merga ora gelem mèlu perang. Ing penjara, dhèwèké dikongkon ngurusi para tahanan sing ditahan dhèwèkan. Tapi dhèwèké ora éntuk crita soal Alkitab. Dhèwèké ndonga bèn ngerti isa ngomong apa lan kendel saben ana kesempatan kanggo nginjil. (Kis. 5:29) Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah njawab dongaku. Aku isa kendel lan ngerti kudu ngomong apa. Aku isa mulai mandhu sinau Alkitab ing ngarep sèl penjara. Sinauné mung limang menit. Nèk bengi aku nulis surat. Sésuké surat-surat kuwi tak kèkké tahanan liyané.” Kaya Jin-hyuk, awaké dhéwé ya isa ndonga karo Yéhuwah bèn isa kendel lan ngerti kudu ngomong apa pas nginjil.

14. Piyé nèk ngadhepi masalah? (Mazmur 37:3, 5)

14 Bèn isa ngadhepi masalah. Awaké dhéwé mungkin lara, déprèsi, ditinggal mati wong sing disayangi, ngalami masalah ing keluarga, dianiaya, utawa ngalami masalah liyané. Wis ngono awaké dhéwé isih ngadhepi pandemi lan perang. Nèk ngono critakna perasaané njenengan karo Yéhuwah. Crita waé kaya nèk lagi crita karo sahabat. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ”bakal tumindak kanggo kepentinganmu”.​—Wacanen Mazmur 37:3, 5.

15. Kok isa nèk ndonga, njenengan dadi ”sabar ngadhepi kesusahan”? Wènèhana conto.

15 Awaké dhéwé isa terus ”sabar ngadhepi kesusahan” nèk terus ndonga. (Rm. 12:12) Yéhuwah ngerti njenengan ngalami masalah apa. Dhèwèké ”ngrungokké dongané” njenengan. (Mzm. 145:18, 19) Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Kristie. Umuré 29 taun lan dhèwèké nglayani dadi perintis. Ngerti-ngerti dhèwèké lara parah. Dhèwèké nganti déprèsi. Wis ngono, ibuné lara nganti mèh mati. Kristie crita, ”Saben dina aku ndonga tenanan karo Yéhuwah bèn isa kuwat. Aku berjuang bèn isa rutin teka ngibadah lan sinau Alkitab. Wektu rasané ora sanggup manèh, aku ndonga karo Yéhuwah. Aku ngerti Yéhuwah ora tau ninggalké aku. Dhèwèké selalu menghibur aku. Mémang, aku ora langsung mari. Tapi, Yéhuwah njawab dongaku. Aku isa tenang lan ngrasa ayem.” Aja lali, Yéhuwah ngerti ”carané nylametké wong sing ngabdi marang Dhèwèké saka cobaan”.​—2 Ptr. 2:9.

Bèn isa nolak kepénginan sing salah, (1) ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah, (2) ngedohi kabèh sing ora apik, lan (3) nyedhaka karo Yéhuwah (Deloken paragraf 16-17)

16. Ngapa kok butuh bantuané Yéhuwah kanggo nolak kepénginan sing salah?

16 Bèn isa nolak kepénginan sing salah. Merga ora sampurna, awaké dhéwé terus berjuang nglawan kepénginan sing salah. Kuwi tambah angèl merga awaké dhéwé dipengaruhi Sétan. Salah sijiné, liwat hiburan sing ora apik. Nèk nonton hiburan kaya ngono, suwé-suwé awaké dhéwé isa mikirké sing salah. Kuwi ana pengaruhé kanggo kepribadiané awaké dhéwé lan awaké dhéwé isa nggawé dosa sing gedhé.​—Mrk. 7:21-23; Yak. 1:14, 15.   

17. Sakwisé ndonga, awaké dhéwé kudu piyé? (Deloken gambar kanggo paragraf 17.)

17 Bèn isa nolak kepénginan sing salah, awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah. Pas ngajari murid-muridé ndonga, Yésus ngomong, ”Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha, lan slametna aku saka Iblis.” (Mat. 6:13) Yéhuwah péngin mbantu awaké dhéwé. Tapi, awaké dhéwé ya kudu njaluk bantuané Yéhuwah. Sakwisé ndonga, awaké dhéwé mesthi péngin berusaha bèn ora nonton, ngrungokké, utawa maca hiburan saka donyané Sétan. (Mzm. 97:10) Awaké dhéwé isa mikirké sing bener nèk sinau Alkitab, teka ngibadah, lan mèlu nginjil. Awaké dhéwé mesthi isa nglawan kepénginan sing salah merga Yéhuwah janji ora bakal meneng waé nèk awaké dhéwé digodha ngluwihi apa sing isa ditanggung.​—1 Kor. 10:12, 13.

18. Apa tékadé awaké dhéwé?

18 Merga saya suwé keadaan saya susah, awaké dhéwé kudu luwih kerep ndonga bèn isa terus setya karo Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé kudu nyisihké wektu kanggo ndonga. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ’nyritakké kabèh perasaan marang Dhèwèké’. (Mzm. 62:8) Wektu ndonga, njenengan isa muji Yéhuwah, bersyukur, njaluk bèn kendel wektu nginjil, njaluk bantuané Yéhuwah kanggo ngatasi masalah, lan nolak kepénginan sing salah. Aja nganti lali ndonga. Tapi, piyé Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé? Kuwi bakal dirembug ing artikel berikuté.

LAGU 42 Dongané Abdiné Gusti Allah

a Awaké dhéwé mesthi péngin ndonga saka ati kaya nèk omong-omongan karo sahabat. Tapi, kadhang ora nduwé wektu kanggo ndonga. Kadhang ya ora ngerti mèh ndonga apa. Lha terus kudu piyé?