Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 21

Carané Yéhuwah Njawab Dongané Njenengan

Carané Yéhuwah Njawab Dongané Njenengan

”Awaké dhéwé isa yakin nèk bakal nampa apa sing dijaluk awaké dhéwé, merga awaké dhéwé wis njaluk marang Dhèwèké.”​—1 YOH. 5:15.

LAGU 41 Rungokna Aku

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Awaké dhéwé isa waé mikir apa?

 APA njenengan tau mikir, ’Apa Yéhuwah njawab dongaku?’ Kuwi wajar. Sedulur-sedulur liyané ya tau mikir kaya ngono, apa manèh nèk ana masalah. Pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa waé ora sadhar nèk Yéhuwah wis njawab donga.

2 Saiki ayo mbahas kenapa awaké dhéwé isa yakin Yéhuwah njawab dongané umaté. (1 Yoh. 5:15) Mengko ya bakal dibahas kenapa kok kaya-kayané Yéhuwah ora njawab dongané awaké dhéwé lan piyé carané Yéhuwah njawab donga.

YÉHUWAH NJAWAB DONGA NGANGGO CARA SING ORA DISANGKA-SANGKA

3. Kenapa Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga?

3 Yéhuwah sayang banget lan nganggep awaké dhéwé berharga. (Hag. 2:7; 1 Yoh. 4:10) Kuwi sebabé Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga njaluk bantuané. (1 Ptr. 5:6, 7) Yéhuwah péngin mbantu awaké dhéwé bèn tetep cedhak karo Dhèwèké lan tetep kuwat pas ana masalah.

Yéhuwah njawab dongané umaté. Yéhuwah nylametké Daud saka mungsuh-mungsuhé (Deloken paragraf 4)

4. Saka endi awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah njawab dongané umaté? (Deloken gambar kanggo paragraf 4-5.)

4 Ing Alkitab, kerep disebutké nèk Yéhuwah njawab dongané umaté. Misalé Raja Daud. Daud kerep arep dipatèni karo mungsuh-mungsuhé. Dhèwèké ndonga karo Yéhuwah njaluk tulung. Daud tau ndonga, ”Oh Yéhuwah, rungokna dongaku. Rungokna wektu aku njaluk tulung. Tulung jawab aku merga Njenengan adil lan setya.” (Mzm. 143:1) Yéhuwah nylametké Daud. (1 Sam. 19:10, 18-20; 2 Sam. 5:17-25) Daud yakin nèk ”Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké”. Awaké dhéwé ya isa yakin soal kuwi.​—Mzm. 145:18.

Yéhuwah njawab dongané umaté. Yéhuwah mènèhi Paulus kekuwatan bèn isa tetep setya (Deloken paragraf 5)

5. Apa carané Yéhuwah njawab donga selalu kaya sing dikarepké umaté? Wènèhana conto. (Deloken gambar kanggo paragraf 4-5.)

5 Kadhang, carané Yéhuwah njawab donga ora sesuai kaya sing awaké dhéwé karepké. Kuwi sing dialami karo Rasul Paulus. Paulus tau njaluk karo Gusti Allah bèn nyingkirké ’eri ing njero dagingé’. Ping telu Paulus ndonga soal kuwi. Apa Yéhuwah njawab dongané Paulus? Iya. Tapi carané Yéhuwah njawab ora kaya sing dikarepké Paulus. Yéhuwah ora nyingkirké masalahé, tapi mènèhi Paulus kekuwatan bèn isa tetep setya nglayani Yéhuwah.​—2 Kor. 12:7-10.

6. Kenapa kok awaké dhéwé kadhang ngrasa nèk Yéhuwah ora njawab dongané awaké dhéwé?

6 Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk carané Yéhuwah njawab donga ora sesuai kaya sing awaké dhéwé karepké. Tapi, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah ngerti cara sing paling apik kanggo mbantu. Yéhuwah ”isa nindakké luwih akèh timbang sing dijaluk utawa dipikirké awaké dhéwé”. (Éf. 3:20) Kuwi sebabé Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé nganggo cara sing ora disangka-sangka.

7. Kenapa isa waé isi dongané awaké dhéwé berubah? Wènèhana conto.

7 Pas ngerti apa karepé Yéhuwah, isa waé isi dongané awaké dhéwé ya berubah. Gatèkna pengalamané Sedulur Martin Poetzinger. Ora suwé sakwisé nikah, Sedulur Poetzinger dipenjara ing kamp konsèntrasi Nazi. Awalé, dhèwèké ndonga karo Yéhuwah bèn isa bébas saka kono kanggo ngurus bojoné lan nginjil manèh. Tapi sakwisé rong minggu, dhèwèké ora bébas-bébas. Terus dhèwèké ndonga manèh, ”Yéhuwah, Njenengan péngin aku piyé?” Dhèwèké ya mulai mikirké sedulur-sedulur sing dipenjara bareng. Sedulur-sedulur kuwi mesthi nguwatirké bojo lan anaké. Sedulur Poetzinger ndonga manèh, ”Yéhuwah maturnuwun kanggo tugas anyarku. Tulung bantunen aku bèn isa nguwatké sedulur-sedulur.” Selama sangang taun dipenjara, dhèwèké terus nguwatké sedulur-sedulur.

8. Awaké dhéwé isa yakin soal apa?

8 Awaké dhéwé yakin nèk kabèh kepénginané Yéhuwah bakal kelakon sesuai wektu sing wis ditentokké. Liwat Kerajaané, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing nggawé awaké dhéwé menderita, misalé bencana alam, penyakit, lan kematian. (Dan. 2:44; Why. 21:3, 4) Tapi saiki sing mréntah donya kan Sétan. b (Yoh. 12:31; Why. 12:9) Nèk Yéhuwah nyingkirké kabèh masalahé awaké dhéwé saiki, kaya-kayané Sétan dadi penguasa sing apik. Kuwi sebabé awaké dhéwé kudu sabar ngentèni nganti Yéhuwah nepati kabèh janjiné. Yéhuwah bakal terus mbantu awaké dhéwé. Saiki ayo mbahas piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé.

CARANÉ YÉHUWAH NJAWAB DONGA

9. Piyé carané Yéhuwah mbantu pas awaké dhéwé arep nggawé keputusan? Wènèhana conto.

9 Mènèhi kawicaksanan. Yéhuwah janji bakal mènèhi kawicaksanan bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik. Sakdurungé nggawé keputusan sing penting, misalé arep nikah apa ora, awaké dhéwé butuh kawicaksanan saka Yéhuwah. (Yak. 1:5) Gatèkna pengalamané Maria, sedulur wédok sing durung nikah. c Dhèwèké bahagia dadi perintis biasa. Terus dhèwèké ketemu karo sedulur lanang. Dhèwèké crita, ”Aku karo dhèwèké tambah cedhak. Suwé-suwé aku karo dhèwèké dadi ana perasaan. Aku ngerti nèk kudu nggawé keputusan. Makané aku ndonga tenanan soal kuwi. Aku butuh tuntunané Yéhuwah. Tapi aku ya ngerti nèk Yéhuwah ora bakal nggawèkké keputusan kanggo aku.” Yéhuwah njawab dongané Maria. Yéhuwah mènèhi Maria kawicaksanan. Piyé carané? Pas maca bacaan-bacaan saka organisasi, Maria nemu artikel sing cocog. Dhèwèké ya ngrungokké naséhaté ibuné sing ya nglayani Yéhuwah. Maria dadi ngerti kudu piyé. Akhiré dhèwèké nggawé keputusan sing apik.

Piyé Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé kekuwatan? (Deloken paragraf 10)

10. Menurut Filipi 4:13, Yéhuwah bakal mènèhi umaté apa? Wènèhana conto. (Deloken gambar kanggo paragraf 10.)

10 Mènèhi kekuwatan. Yéhuwah bakal mènèhi awaké dhéwé kekuwatan bèn isa ngatasi masalah. (Wacanen Filipi 4:13.) Gatèkna piyé carané Yéhuwah mbantu Sedulur Benjamin. Kèt cilik, Benjamin karo keluargané manggon ing téndha-téndha pengungsian ing Afrika. Benjamin crita, ”Aku ndonga njaluk kekuwatan bèn isa terus nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah njawab dongaku. Yéhuwah mènèhi aku rasa ayem, mbantu aku bèn kendel nginjil, lan nyedhiakké bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab. Merga maca pengalamané sedulur-sedulur lan carané Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur kuwi, aku dadi bertékad péngin terus setya karo Yéhuwah.”   

Apa njenengan tau ngrasakké bantuané Yéhuwah liwat sedulur-sedulur? (Deloken paragraf 11-12) d

11-12. Piyé Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur? (Deloken gambar kanggo paragraf 11-12.)

11 Liwat sedulur-sedulur. Wektu dadi korban tebusan, Yésus mati nganggo cara sing isa nggawé wong liya mikir nèk dhèwèké ngèlèk-èlèk Yéhuwah. Yésus ora péngin wong liya mikir kaya ngono. Makané Yésus ndonga tenanan karo Yéhuwah bèn ora mati nganggo cara kuwi. Tapi piyé carané Yéhuwah njawab dongané Yésus? Yéhuwah ngutus salah siji malaékaté kanggo nguwatké Yésus. (Luk. 22:42, 43) Yéhuwah ya isa nguwatké awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur sing nélpon utawa teka ing omahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi péngin nguwatké sedulur-sedulur nganggo ”omongan sing apik”.​—WB. 12:25.

12 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Miriam. Beberapa minggu sakwisé bojoné mati, Miriam isih sedhih banget. Pas ing omah dhèwèkan, Miriam nangis ora mandheg-mandheg. Dhèwèké butuh kanca sing isa dijak crita. Miriam ngomong, ”Aku ora kuwat nélpon sapa-sapa. Dadi, aku ndonga karo Yéhuwah. Pas isih ndonga karo nangis, télponku muni. Ternyata kuwi kancaku. Dhèwèké kuwi pinituwa.” Miriam dihibur karo pinituwa kuwi lan bojoné. Miriam yakin nèk Yéhuwah sing nggawé pinituwa kuwi nélpon dhèwèké.

Piyé Yéhuwah nggawé wong liya mbantu awaké dhéwé? (Deloken paragraf 13-14)

13. Wènèhana conto piyé Yéhuwah mbantu awaké dhéwé liwat wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké.

13 Liwat wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. (WB. 21:1) Yéhuwah mbantu umaté liwat wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Misalé, Yéhuwah nggawé Raja Artahsasta bèn ngijinké Néhémia bali ing Yérusalèm kanggo mbangun manèh kutha. (Néh. 2:3-6) Saiki, Yéhuwah ya isa mbantu awaké dhéwé liwat wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké.   

14. Kanggoné njenengan, apa sing berkesan saka pengalamané Soo Hing? (Deloken gambar kanggo paragraf 14.)

14 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Soo Hing. Anaké nduwé beberapa gangguan méntal. Ngerti-ngerti anaké tiba, terus luka parah. Soo Hing karo bojoné nganti metu saka gawéan bèn isa ngurus anaké. Suwé-suwé dhuwité entèk. Soo Hing ngrasa nèk dhèwèké wis ora kuwat manèh. Terus, dhèwèké njaluk tulung karo Yéhuwah liwat donga. Dokter sing ngurusi anaké mbantu Soo Hing karo bojoné. Soo Hing dibantu karo pamréntah lan disedhiakké kontrakan sing murah. Soo Hing crita, ”Aku ngrasa nèk Yéhuwah mbantu aku lan bojoku. Aku yakin Yéhuwah kuwi ’Sing ngrungokké donga’.”​—Mzm. 65:2.  

NDUWÉ IMAN BÈN ISA NAMPA JAWABANÉ YÉHUWAH

15. Piyé Yoko isa ngerti nèk dongané wis dijawab?

15 Yéhuwah ora selalu njawab dongané awaké dhéwé nganggo cara sing luar biasa. Tapi, jawabané Yéhuwah mesthi sesuai karo sing awaké dhéwé butuhké bèn isa tetep setya. Dadi, gatèkna carané Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé. Sedulur wédok sing jenengé Yoko awalé ngrasa nèk Yéhuwah ora njawab dongané. Dhèwèké mulai nyathet kabèh sing tau dijaluk. Pas maca manèh cathetané, dhèwèké dadi sadhar nèk Yéhuwah wis njawab mèh kabèh dongané. Malah dhèwèké lali nèk tau njaluk kuwi. Dadi, kerep-kerepa ngéling-éling piyé Yéhuwah njawab donga-dongané njenengan.​—Mzm. 66:19, 20.

16. Apa buktiné awaké dhéwé nduwé iman? (Ibrani 11:6)

16 Nèk nduwé iman, awaké dhéwé bakal nampa jawabané Yéhuwah ora soal piyé jawabané. (Wacanen Ibrani 11:6.) Gatèkna pengalamané Mike karo bojoné, Chrissy. Wong loro kuwi péngin isa nglayani ing Bètel. Mike crita, ”Selama bertaun-taun aku karo bojoku wis bola-bali ndaftar, terus ya ndongakké kuwi. Tapi ora tau diundang.” Mike karo Chrissy yakin nèk Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo wong loro kuwi. Mike karo Chrissy terus nglayani dadi perintis biasa ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil lan mbantu ing proyèk-proyèk pembangunan. Saiki Mike dadi pinituwa wilayah. Mike ngomong, ”Yéhuwah ora selalu njawab dongaku nganggo cara sing tak karepké. Tapi sakjané, Yéhuwah wis njawab dongaku, malah luwih apik saka sing tak bayangké.”

17-18. Menurut Mazmur 86:6, 7, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

17 Wacanen Mazmur 86:6, 7. Daud yakin nèk Yéhuwah ngrungokké lan njawab dongané. Awaké dhéwé ya isa yakin soal kuwi. Pengalaman-pengalaman ing artikel iki ngyakinké awaké dhéwé nèk Yéhuwah bakal mènèhi kawicaksanan lan kekuwatan bèn isa tetep setya. Dhèwèké ya isa mbantu awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur utawa wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké.

18 Carané Yéhuwah njawab donga ora selalu padha kaya sing dikarepké. Tapi, Yéhuwah mesthi njawab. Kuwi mesthi tepat waktu lan sesuai karo sing dibutuhké. Dadi, terusa ndonga lan yakina nèk Yéhuwah bakal ngopèni njenengan. Yéhuwah bakal ”mènèhi kabèh sing dipéngini” njenengan ing donya anyar.​—Mzm. 145:16.

LAGU 46 Nuwun Yéhuwah

a Yéhuwah bakal njawab dongané awaké dhéwé nèk kuwi sesuai karo kepénginané. Pas ana masalah, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep setya karo Dhèwèké. Ayo mbahas piyé carané Yéhuwah njawab donga.

b Bèn isa ngerti kenapa Yéhuwah ngijinké Sétan mréntah donya iki, deloken artikel ”Terus Mikirké bab sing Paling Penting” ing Warta Penting Juni 2017.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d GAMBAR: Sedulur wédok karo anaké dadi pengungsi. Sedulur-sedulur nyambut lan mènèhi bantuan.