Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 23

Njaga ”Geni saka Yah” Tetep Murub

Njaga ”Geni saka Yah” Tetep Murub

”[Katresnan] kuwi kaya geni sing gedhé banget, geni saka Yah.”​—KID. 8:6.

LAGU 131 Sing Yéhuwah Dadèkké Siji

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Menurut Alkitab, katresnan sing sejati kuwi kaya apa?

 KATRESNAN ”kuwi kaya geni sing gedhé banget, geni saka Yah. Banyu sing mbludag ora isa matèni katresnan, banyu kali ya ora isa ngilangi katresnan”. b (Kid. 8:6, 7) Kuwi katresnan sing sejati. Saka ayat kuwi, njenengan isa yakin nèk nresnani bojo nganti saklawasé kuwi ora mustahil.

2. Piyé bèn suami istri isa terus saling menyayangi?

2 Suami istri isa terus menyayangi bergantung karo upayané. Misalé ngéné, api unggun isa terus murub bergantung dikèki kayu terus apa ora. Padha kaya ngono, suami istri isa terus saling menyayangi nèk loro-loroné berupaya. Kadhang kuwi ora gampang, isa waé ana masalah ékonomi, lara, utawa kudu nggedhèkké anak. Nèk njenengan wis nikah, piyé carané bèn ”geni saka Yah” terus murub? Ing artikel iki bakal dibahas telu cara bèn suami istri isa tambah cedhak lan bahagia. c

TAMBAH AKRAB KARO YÉHUWAH

Kaya Yusuf lan Maria, suami istri kudu akrab karo Yéhuwah (Deloken paragraf 3)

3. Ngapa kok suami istri kudu akrab karo Yéhuwah bèn isa saling menyayangi? (Pengkhotbah 4:12) (Deloken gambar kanggo paragraf 3.)

3 Bèn ”geni saka Yah” isa terus murub, suami istri kudu akrab karo Yéhuwah. Apa hubungané? Suami istri sing akrab karo Yéhuwah bakal manut préntahé. Nèk manut préntahé, suami istri isa ngatasi masalahé. (Wacanen Pengkhotbah 4:12.) Wong sing akrab karo Yéhuwah bakal niru sipaté, misalé sabar, apikan, lan gelem ngapura. (Éf. 4:32–5:1) Suami istri sing nduwé sipat-sipat kaya ngono bakal luwih gampang kanggo saling menyayangi. Sedulur wédok sing jenengé Lena, sing wis nikah luwih saka 25 taun ngomong, ”Luwih gampang kanggo sayang lan ngajèni wong sing akrab karo Yéhuwah.”   

4. Ngapa Yéhuwah milih Yusuf karo Maria dadi wong tuwané Yésus?

4 Gatèkna conto iki. Wektu Yéhuwah arep milih sapa sing dadi wong tuwané Yésus, sakjané Yéhuwah isa milih wong liya saka keturunané Daud. Tapi kenapa Yéhuwah milih Yusuf karo Maria? Soalé Yusuf karo Maria ngutamakké lan akrab karo Yéhuwah. Piyé carané niru Yusuf karo Maria?

5. Piyé carané suami niru Yusuf?

5 Yusuf selalu manut arahané Yéhuwah. Kuwi sebabé dhèwèké dadi suami sing apik. Paling ora ping telu Yéhuwah ngekèki arahan, lan Yusuf langsung manut meskipun kuwi ora gampang. (Mat. 1:20, 24; 2:13-15, 19-21) Merga manut, Yusuf isa nglindhungi lan ngopèni Maria. Maria mesthi dadi tambah sayang lan ngajèni Yusuf. Piyé suami isa niru Yusuf? Pas arep nggawé keputusan, golèkana saran saka Alkitab. d Nèk njenengan langsung mraktèkké saran kuwi meskipun ora gampang, kuwi bukti nèk njenengan sayang karo bojoné njenengan. Hubungané njenengan ya bakal tambah akrab. Ana sedulur wédok saka Vanuatu, sing wis nikah luwih saka 20 taun crita, ”Aku dadi luwih ngajèni bojoku, merga pas bojoku nggawé keputusan dhèwèké selalu nggolèk lan ngetrapké arahané Yéhuwah. Aku dadi ora kuwatir lan percaya wektu dhèwèké nggawé keputusan.”

6. Piyé carané istri niru Maria?

6 Maria dhéwé ya akrab karo Yéhuwah. Dhèwèké ora bergantung karo Yusuf. Maria ngerti tenan isiné Kitab Suci. e Dhèwèké ya ngrenungké kuwi. (Luk. 2:19, 51) Kuwi sebabé Maria dadi istri sing apik. Saiki ana akèh istri sing niru Maria, misalé Emiko. Dhèwèké crita, ”Sakdurungé nikah, aku rajin sinau Alkitab. Tapi sakwisé nikah, sing ndonga kan bojoku, sing mandhu ibadah keluarga ya bojoku. Aku dadi bergantung karo dhèwèké. Tapi aku sadhar nèk hubunganku karo Yéhuwah kuwi tanggung jawabku dhéwé. Mula aku nyisihké wektu kanggo ndonga, maca Alkitab, lan ngrenungké kuwi.” (Gal. 6:5) Para istri, nèk njenengan saya akrab karo Yéhuwah, bojoné njenengan mesthi saya bangga lan sayang karo njenengan.​—WB. 31:30.

7. Piyé carané suami istri niru Maria karo Yusuf?

7 Yusuf karo Maria ya kerja sama bèn isa tambah akrab karo Yéhuwah. Wong loro kuwi ngerti nèk ngibadah bareng sak keluarga kuwi penting. (Luk. 2:22-24, 41; 4:16) Mungkin kuwi ora gampang apa manèh pas anak-anaké tambah akèh. Tapi Yusuf karo Maria dadi conto sing apik kanggo suami istri jaman saiki. Nèk njenengan nduwé anak, mungkin répot nèk mèh teka ing pertemuan ibadah utawa angèl nèk mèh rutin ibadah keluarga. Mungkin luwih angèl manèh kanggo sinau lan ndonga bareng karo bojoné njenengan. Tapi wektu ngibadah bareng, hubungané njenengan karo Yéhuwah lan bojoné njenengan isa dadi tambah akrab. Dadi ngibadah bareng kuwi penting banget.   

8. Nèk lagi ora akur, piyé bèn suami istri isa tetep ibadah keluarga?

8 Tapi piyé nèk njenengan lagi ora akur? Mungkin males nèk mèh ibadah keluarga. Nèk ngono, coba mbahas topik sing singkat sing disenengi loro-loroné. Hasilé njenengan bakal tambah sayang karo bojoné njenengan lan péngin terus ngibadah bareng-bareng.   

NYISIHKÉ WEKTU BARENG-BARENG

9. Ngapa suami istri kudu nyisihké wektu bareng-bareng?

9 Suami istri isa tetep sayang nèk nyisihké wektu karo bojoné. Nèk ngono, suami istri isa ngerti piyé perasaané lan apa sing dipikirké. (PD. 2:24) Gatèkna pengalamané Lilia karo Ruslan sing wis nikah luwih saka 15 taun. Lilia ngomong, ”Sakwisé nikah, aku karo bojoku dadi sadhar nèk ternyata angèl kanggo nggolèk wektu bèn isa bareng-bareng, saben dina kudu kerja, resik-resik, lan ngurus anak. Nèk aku karo bojoku ora nyisihké wektu kanggo bareng-bareng, suwé-suwé isa dadi ora akrab.”

10. Piyé carané ngetrapké naséhat ing Éfésus 5:15, 16?

10 Piyé bèn isa nduwé wektu kanggo bareng-bareng karo bojoné? Cobanen nggawé jadwal. (Wacanen Éfésus 5:15, 16.) Sedulur Uzondu saka Nigeria crita, ”Pas nggawé jadwal, aku ya mikirké kapan wektuné aku isa berduaan karo bojoku. Kuwi sing tak utamakké.” (Flp. 1:10) Sedulur Anastasia, bojoné pinituwa wilayah ing Moldova, ya nduwé jadwal sing apik. Dhèwèké crita, ”Nèk bojoku lagi ngerjakké tugasé, kegiatan sing isa tak kerjakké dhéwé ya tak kerjakké sik. Dadi pas bojoku wis rampung, aku nduwé wektu kanggo bareng-bareng karo bojoku.” Tapi piyé nèk njenengan bener-bener sibuk?

Suami istri isa bareng-bareng pas ngapa waé? (Deloken paragraf 11-12)

11. Akuila karo Priskila bareng-bareng pas ngapa waé?

11 Suami istri isa niru Akuila lan Priskila sing dadi conto kanggo wong Kristen jaman mbiyèn. (Rm. 16:3, 4) Ing Alkitab ora ana akèh keterangan soal Akuila lan Priskila. Tapi sing pasti wektu mbantu wong liya, kerja, lan nginjil, Akuila kerja sama karo Priskila. (Kis. 18:2, 3, 24-26) Malah ing Alkitab, Akuila karo Priskila selalu disebutké bareng-bareng.

12. Piyé carané bèn suami istri nduwé wektu kanggo bareng-bareng? (Deloken gambar kanggo paragraf 12.)

12 Piyé carané niru Akuila lan Priskila? Coba pikirna kegiatan apa sing isa dikerjakké bareng-bareng. Misalé, Akuila karo Priskila nginjil bareng. Apa njenengan isa nggawé jadwal bèn isa nginjil bareng karo bojo? Akuila karo Priskila ya kerja bareng. Mungkin gawéané njenengan ora padha karo bojoné njenengan. Tapi pas resik-resik omah, apa kuwi isa dikerjakké bareng-bareng? (Pkh. 4:9) Pas mbantu bojoné njenengan, njenengan isa kerja sama lan ngobrol. Gatèkna pengalamané Robert karo Linda sing wis nikah luwih saka 50 taun. Robert crita, ”Terus terang waé aku karo bojoku ora nduwé wektu kanggo dolan bareng. Tapi pas aku ngisahi piring, bojoku mèlu ngelapi. Nèk aku ngresiki taman, bojoku ya ngéwangi. Aku dadi seneng banget. Merga ngapa-ngapa bareng, aku dadi luwih sayang lan akrab karo bojoku.”   

13. Bèn isa akrab kudu piyé?

13 Meskipun wis bareng-bareng, durung mesthi isa akrab. Sedulur wédok saka Brasil crita, ”Merga sibuk, isa waé awaké dhéwé mikir nèk wis ngluangké wektu merga manggon sak omah. Tapi ternyata mung manggon sak omah bareng-bareng kuwi durung cukup. Aku kudu nggatèkké bojoku.” Sedulur Bruno karo bojoné, Tayz, saling nggatèkké. Bruno ngomong, ”Pas wong loro, ora ana sing nyekel HP. Dadi isa ngobrol bareng.”

14. Piyé nèk njenengan ora seneng ngluangké wektu bareng?

14 Tapi piyé nèk njenengan ora seneng ngluangké wektu bareng karo bojoné njenengan? Mungkin merga hobiné béda utawa nèk ngobrol malah padu. Coba pikirna soal api unggun mau. Bèn geniné isa tambah gedhé, kudu dikèki kayu sing cilik-cilik sik bar kuwi lagi dikèki kayu sing gedhé. Padha kaya ngono, cobanen mulai ngluangké wektu sedhéla sik. Mungkin isa nggolèk kegiatan sing disenengi loro-loroné, sing ora marahi padu. (Yak. 3:18) Suwé-suwé njenengan isa luwih seneng pas ngluangké wektu bareng.

SALING NGAJÈNI

15. Ngapa ngajèni kuwi penting?

15 Saling ngajèni kuwi penting banget. Kuwi kaya oksigén sing nggawé geni ing api unggun isa terus murub. Nèk ora ana oksigén geniné bakal mati. Padha kaya ngono, nèk suami istri ora saling ngajèni, suwé-suwé hubungané ya dadi ora akrab. Suami istri kudu kerja sama bèn tetep saling menyayangi. Dadi sing dipikirké ora mung soal, ’Aku wis ngajèni bojoku’, tapi ’Apa bojoku wis ngrasa diajèni?’ Penny karo Aret wis nikah luwih saka 25 taun. Penny crita, ”Nèk aku karo bojoku saling ngajèni, suasana ing omah dadi nyenengké. Aku karo bojoku dadi leluasa kanggo crita merga padha-padha gelem ngrungokké.” Piyé bèn bojoné njenengan ngrasa diajèni? Gatèkna contoné Abraham karo Sara.

Suami kudu ngrungokké tenanan bojoné. Kuwi bukti nèk suami ngajèni bojoné (Deloken paragraf 16)

16. Piyé carané niru Abraham? (1 Pétrus 3:7) (Deloken gambar kanggo paragraf 16.)

16 Abraham ngajèni Sara. Abraham gelem ngrungokké pas Sara nyampèkké pendapat lan mikirké perasaané Sara. Misalé pas Sara tertekan, Sara crita karo Abraham. Malah, Sara nyalahké Abraham. Apa Abraham nesu? Ora. Abraham ngerti nèk Sara kuwi selalu ndhukung dhèwèké. Abraham gelem ngrungokké lan ngatasi masalahé. (PD. 16:5, 6) Piyé carané niru Abraham? Para suami mémang nduwé wewenang kanggo nggawé keputusan. (1 Kor. 11:3) Tapi sakdurungé nggawé keputusan, coba pikirna pendapaté bojoné njenengan, apa manèh nèk keputusan kuwi bakal ana pengaruhé kanggo dhèwèké. (1 Kor. 13:4, 5) Terus pas bojoné njenengan lagi sedhih lan péngin crita, apa njenengan gelem ngrungokké? (Wacanen 1 Pétrus 3:7.) Angela karo Dmitry wis nikah mèh 30 taun. Angela crita apa sing nggawé dhèwèké ngrasa diajèni bojoné, ”Dmitry selalu gelem ngrungokké pas aku lagi jèngkèl utawa pas aku lagi péngin crita. Dhèwèké sabar, bahkan pas omonganku ora pénak dirungokké.”

17. Piyé carané niru Sara? (1 Pétrus 3:5, 6)

17 Sara ya ngajèni Abraham. Sara selalu ndhukung keputusané Abraham. (PD. 12:5) Misalé, Abraham tau arep njamu tamu sing ujug-ujug teka. Sara ngerti-ngerti dikongkon Abraham kanggo nggawé roti akèh banget. (PD. 18:6) Sara langsung manut. Para istri, njenengan ya isa ndhukung keputusané bojoné njenengan. Hasilé, hubungané njenengan karo bojoné njenengan isa dadi luwih akrab. (Wacanen 1 Pétrus 3:5, 6.) Dmitry, sing disebutké mau, crita ngapa kok dhèwèké ngrasa diajèni bojoné, ”Angela selalu ndhukung keputusanku. Terus nèk hasilé ternyata ora apik, Angela ora tau nyalahké.” Luwih gampang nresnani nèk ngrasa diajèni.

18. Apa hasilé nèk terus saling menyayangi?

18 Sétan terus berupaya bèn njenengan ora sayang karo bojoné njenengan. Sétan ngerti nèk wis ora saling menyayangi, suwé-suwé ya isa adoh saka Yéhuwah. Tapi katresnan sing sejati ora bakal mati. Muga-muga rasa tresnané njenengan padha kaya sing disebutké ing Kidung Agung. Terusa berupaya kanggo ngutamakké Yéhuwah bareng-bareng, ngluangké wektu, lan saling ngajèni. Njenengan mesthi isa ngluhurké Yéhuwah, sumberé katresnan, lan katresnané njenengan isa tambah kuwat nganti saklawasé.

LAGU 132 Aku Kowé Dadi Siji

a Perkawinan kuwi hadiah saka Yéhuwah. Kuwi hubungan sing istiméwa, merga sakwisé nikah suami istri bakal saling menyayangi. Tapi kadhang rasa sayang kuwi isa berkurang. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané bèn suami istri isa tambah bahagia lan tambah sayang karo bojoné.

b Katresnan sing sejati sing ora ana entèké kuwi disebut ”geni saka Yah” merga kuwi asalé saka Yéhuwah.

c Saran-saran ing artikel iki ya isa ditrapké meskipun bojoné njenengan dudu Seksi Yéhuwah.​—1 Kor. 7:12-14; 1 Ptr. 3:1, 2.

d Misalé, golèkana saran-saran ing kumpulan artikel ”Bantuan kanggo Keluarga” ing jw.org utawa JW Library®.