ARTIKEL PELAJARAN 18
LAGU 1 Sifat-sifaté Yéhuwah
Percaya karo ”Hakimé Bumi” sing Ora Kejem
”Apa mungkin Hakimé bumi tumindak ora adil?”—PD. 18:25.
INTI
Yéhuwah bakal adil lan ora kejem karo wong-wong sing ora bener sing wis mati.
1. Saka jawabané Yéhuwah kanggo Abraham, awaké dhéwé dadi ngerti soal apa?
LIWAT malaékat, Gusti Allah ngandhani Abraham nèk Dhèwèké bakal musnahké wong-wong ing Sodom lan Gomora. Meskipun percaya karo Yéhuwah, kanggoné Abraham, kuwi sesuatu sing ora masuk akal. Makané dhèwèké takon, ”Apa Njenengan bener-bener bakal matèni wong sing bener bareng karo wong sing jahat? . . . Apa mungkin Hakimé bumi tumindak ora adil?” Yéhuwah tetep sabar ngandhani Abraham. Saka jawabané Yéhuwah kuwi, awaké dhéwé saiki ya dadi ngerti nèk Gusti Allah ora bakal musnahké wong sing bener.—PD. 18:23-33.
2. Ngapa kok awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah ora mungkin kejem lan ora mungkin salah wektu ngadili?
2 Yéhuwah kuwi luwih wicaksana timbang manungsa. Makané awaké dhéwé ora selalu isa paham ngapa kok Yéhuwah nggawé keputusan tertentu. Rasul Paulus tau ngomong, ”Keputusané Gusti Allah . . . ora isa bener-bener dipahami.” (Rm. 11:33) Tapi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora kejem lan ora mungkin salah wektu ngadili. Soalé, ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah ”ndelok piyé atiné” manungsa. (1 Sam. 16:7) Malah, Dhèwèké bener-bener ngerti ”isi atiné saben manungsa”.—1 Raj. 8:39; 1 Bb. 28:9.
3-4. Kaya Abraham, awaké dhéwé isa waé kepikiran pertanyaan apa, lan apa sing bakal dibahas ing artikel iki? (Yohanes 5:28, 29)
3 Meskipun ngerti nèk keputusané Yéhuwah selalu bener, kaya Abraham, awaké dhéwé isa waé mikir, ’Apa ana harapan kanggo wong-wong sing wis dihukum Yéhuwah kaya wong-wong ing Sodom lan Gomora? Apa sukmbèn meréka bakal diuripké manèh pas ”Gusti Allah nguripké wong-wong sing ora bener”?’—Kis. 24:15.
4 Saiki, ayo diéling-éling manèh sing awaké dhéwé ngertèni soal ajaran wong mati diuripké manèh. Durung suwé iki, ana pemahaman sing diperjelas soal apa maksudé ”diuripké kanggo urip saklawasé” lan ”diuripké kanggo diadili”. a (Wacanen Yohanes 5:28, 29, cathetan ngisor.) Nah, kuwi sebabé, ana beberapa pemahaman sing ya kudu disesuaikké. Kuwi bakal dibahas ing artikel iki lan artikel berikuté. Saiki, ayo mbahas sik apa sing awaké dhéwé ngerti lan ora ngerti soal keputusané Yéhuwah wektu ngadili.
SING AWAKÉ DHÉWÉ ORA NGERTI
5. Soal wong Sodom lan Gomora sing dihukum Yéhuwah, mbiyèn awaké dhéwé ngertiné apa?
5 Mbiyèn ing publikasi tau dibahas soal piyé Yéhuwah ngadili wong-wong sing ora bener. Wektu kuwi dijelaské nèk wong-wong sing dihukum Yéhuwah, kaya wong-wong Sodom lan Gomora, ora bakal diuripké manèh. Tapi, bar dipelajari luwih akèh lan ndonga tenanan, ternyata durung tentu kaya ngono. Lha ngapa?
6. (a) Sebutna conto kisah ing Alkitab soal Yéhuwah ngadili wong sing ora bener. (b) Apa sing ora disebutké ing Alkitab?
6 Ing Alkitab ana beberapa kisah sing nyritakké piyé Yéhuwah ngadili wong-wong sing ora bener. Misalé, pas jamané Nuh, Yéhuwah ngukum kabèh wong kecuali Nuh lan keluargané nganggo Banjir Gedhé. Yéhuwah ya mbantu bangsa Israèl ngalahké pitu bangsa ing tanah Kanaan. Terus, Yéhuwah ya tau ngongkon malaékat siji matèni 185.000 tentara Asiria. (PD. 7:23; PT. 7:1-3; Yés. 37:36, 37) Apa berarti wong-wong kuwi bakal mati saklawasé lan ora bakal diuripké manèh? Awaké dhéwé ora ngerti. Soalé, ing Alkitab ora ana keterangan sing isa dadi dhasar kanggo nyimpulké kuwi. Ana hal-hal sing awaké dhéwé ora ngerti. Apa waé kuwi?
7. Soal wong-wong sing mati pas Banjir Gedhé lan wong-wong sing dikalahké bangsa Israèl ing Kanaan, apa sing awaké dhéwé ora ngerti? (Deloken gambar.)
7 Ing kisah-kisah sing disebutké mau, awaké dhéwé ora ngerti Yéhuwah ngadiliné saben wong kuwi piyé. Awaké dhéwé ya ora ngerti apa wong-wong sing wis mati kuwi tau éntuk kesempatan kenal Yéhuwah lan bertobat. Mémang ing Alkitab disebutké nèk Nuh kuwi ”wong sing martakké apa sing bener”. (2 Ptr. 2:5) Tapi ora ana keterangan nèk selama mbangun kapal sing gedhé kuwi, Nuh ya wis berupaya ngandhani saben wong ing bumi soal Banjir Gedhé. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya ora ngerti apa saben wong jahat ing Kanaan wis éntuk kesempatan kanggo sinau soal Yéhuwah lan bertobat.
8. Soal wong-wong ing Sodom lan Gomora, apa sing awaké dhéwé ora ngerti?
8 Lha terus, soal wong-wong ing Sodom lan Gomora sing dihukum Yéhuwah piyé? Mémang, ing kono ana Lot, wong sing bener. Tapi awaké dhéwé ora ngerti apa Lot wis ngandhani saben wong ing kono soal Yéhuwah. Meréka mémang jahat. Tapi, apa kuwi merga meréka ora ngerti sing bener? Coba élinga peristiwa pas wong-wong ing kutha kuwi arep memperkosa tamu-tamuné Lot. Ing Alkitab disebutké nèk ing antarané wong-wong kuwi malah ana sing isih enom. (PD. 19:4; 2 Ptr. 2:7) Yéhuwah tau ngomong karo Abraham nèk ing kutha kuwi ora ana wong sing bener, bahkan sepuluh waé ora ana. (PD. 18:32) Dadi, keputusané Yéhuwah kanggo ngukum wong-wong kuwi wis bener. Tapi apa berarti sukmbèn wong-wong kuwi ora ana siji-sijia sing bakal diuripké manèh? Nah, kuwi sing awaké dhéwé ora ngerti.
9. Soal Salomo, apa sing awaké dhéwé ora ngerti?
9 Ing Alkitab, ana kisahé wong-wong sing mauné bener tapi akhiré dadi wong sing ora bener. Contoné Raja Salomo. Salomo wis kenal Yéhuwah lan ngerti nèk kudu nyembah Dhèwèké. Salomo ya diberkahi Yéhuwah. Tapi bar kuwi, Salomo malah mulai nyembah déwa-déwa. Kuwi marakké Yéhuwah nesu banget. Selama atusan taun, bangsa Israèl ya menderita merga dosané Salomo kuwi. Tapi ing Alkitab disebutké nèk pas mati, Salomo ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”, termasuk karo Raja Daud sing setya. (1 Raj. 11:5-9, 43, cathetan ngisor; 2 Raj. 23:13) Nah merga disebutké kaya ngono, apa kuwi dadi jaminan nèk Salomo wis mesthi bakal diuripké manèh? Ora. Alkitab ora nyebutké kaya ngono. Ana sing mikir nèk Salomo bakal diuripké manèh merga ing Alkitab disebutké, ”Nèk wong wis mati, wong kuwi wis dibébaské saka dosané.” (Rm. 6:7) Ya, ayat kuwi mémang bener. Tapi, kuwi ora berarti mung merga wis mati, wong dadi nduwé hak kanggo diuripké manèh. Dadi, ora kabèh wong sing wis mati mesthi bakal diuripké manèh. Harapan isa diuripké manèh kuwi hadiah saka Yéhuwah. Yéhuwah ngekèkké kuwi mung kanggo wong-wong sing Dhèwèké péngin bèn nglayani Dhèwèké saklawasé. (Ayb. 14:13, 14; Yoh. 6:44) Apa Salomo bakal nampa hadiah kuwi? Awaké dhéwé ora ngerti. Sing ngerti mung Yéhuwah. Sing awaké dhéwé ngerti, kabèh keputusané Yéhuwah mesthi bener.
SING AWAKÉ DHÉWÉ NGERTI
10. Menurut Yèhèzkièl 33:11, apa Yéhuwah seneng ngukum mati wong? (Deloken gambar.)
10 Wacanen Yèhèzkièl 33:11. Wektu ngadili manungsa, sakjané piyé perasaané Yéhuwah? Padha kaya sing ditulis Yèhèzkièl, Rasul Pétrus ngomong, ”Yéhuwah . . . ora péngin ana wong sing disingkirké.” (2 Ptr. 3:9) Saka kata-kata kuwi awaké dhéwé ngerti apa? Nèk bener-bener ora ana alesan sing kuwat, Yéhuwah ora bakal ngukum mati utawa nyingkirké wong kanggo saklawasé. Yéhuwah kuwi ora kejem. Malah, Dhèwèké bakal sak isa-isané nduduhké rasa mesakkéné.
11. Sapa sing wis jelas ora bakal diuripké manèh, lan ngertiné saka endi?
11 Apa awaké dhéwé ngerti sapa sing wis jelas ora bakal diuripké manèh? Ing Alkitab mung disebutké beberapa conto. b Saka kata-katané Yésus, jelas nèk Yudas Iskariot ora bakal diuripké manèh. (Mrk. 14:21; deloken Yohanes 17:12 lan keterangan tambahané.) Yudas sengaja nglawan Yéhuwah lan Yésus. (Deloken Markus 3:29 lan keterangan-keterangan tambahané.) Yésus ya tau ngomong nèk beberapa pemimpin agama sing nentang dhèwèké ya ora bakal diuripké manèh. (Mat. 23:33; deloken Yohanes 19:11 lan keterangan tambahan ”orang”.) Terus, Rasul Paulus ya ngélikké nèk wong murtad sing ora bertobat ya ora bakal diuripké manèh.—Ibr. 6:4-8; 10:29.
12. Apa buktiné nèk Yéhuwah ora kejem? Kèkana conto-contoné.
12 Kaya sing wis dibahas ing paragraf-paragraf awal, Yéhuwah kuwi ora kejem lan ”ora péngin ana wong sing disingkirké”. Ayo nggatèkké buktiné nèk Yéhuwah ora kejem bahkan karo wong-wong sing wis nggawé dosa gedhé. Raja Daud nggawé beberapa dosa gedhé. Misalé, laku jina lan matèni wong. Tapi Daud bertobat, makané Yéhuwah ngampuni dhèwèké. (2 Sam. 12:1-13) Raja Manasyé ya mèh sakjegé uripé perbuatané jahat banget. Tapi meskipun jahaté kaya ngono, wektu Manasyé bertobat, Yéhuwah gelem ngampuni lan ngrasa mesakké karo dhèwèké. (2 Bb. 33:9-16) Conto-conto kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah ora kejem. Dhèwèké selalu péngin nduduhké rasa mesakké karo umaté sing menyadari kesalahané lan gelem bertobat. Wong-wong kuwi sukmbèn bakal diuripké manèh.
13. (a) Ngapa kok Yéhuwah nduduhké rasa mesakké karo wong Niniwé? (b) Yésus ngomong apa soal wong Niniwé?
13 Awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah nduduhké rasa mesakké karo wong Niniwé. Yéhuwah ngomong karo Yunus, ”Aku wis ndelok nèk wong-wong ing kono jahat banget.” Tapi pas wong Niniwé bertobat, Yéhuwah gelem ngampuni meréka. Malah pas Yunus nesu merga Yéhuwah ngampuni, Yéhuwah ngélingké Yunus nèk wong-wong Niniwé kuwi ”ora ngerti endi sing bener lan sing salah”. (Yun. 1:1, 2; 3:10; 4:9-11) Kuwi bukti nèk Yéhuwah luwih gampang ngrasa mesakké timbang Yunus. Yésus nggunakké kisahé wong Niniwé kanggo ngajari nèk Yéhuwah kuwi adil lan ora kejem. Yésus ngomong nèk wong Niniwé sing bertobat bakal ”diuripké manèh” ing ”Dina Pengadilan”.—Mat. 12:41.
14. Apa maksudé wong Niniwé bakal ”diuripké kanggo diadili”?
14 Kuwi maksudé apa? Yésus tau ngomong nèk sukmbèn ana wong-wong sing ”diuripké kanggo diadili”. (Yoh. 5:29, cathetan ngisor) Maksudé Yésus kuwi pas Pamréntahan Sèwu Tauné. Wektu kuwi, ”wong-wong sing bener lan sing ora bener” bakal diuripké manèh. (Kis. 24:15) Apa maksudé wong sing ora bener ”bakal diuripké kanggo diadili”? Maksudé, bar wong-wong kuwi diuripké manèh, meréka bakal diajari sing bener. Terus, Yéhuwah lan Yésus bakal ndeloki apa meréka gelem manut lan ngetrapké sing dipelajari kuwi. Kuwi ya termasuk wong-wong Niniwé sing diuripké manèh. Nèk wektu kuwi meréka mutuské ora gelem nglayani Yéhuwah, meréka bakal mati manèh. (Yés. 65:20) Tapi, wong-wong sing gelem nglayani Yéhuwah bakal éntuk kesempatan kanggo urip saklawasé.—Dan. 12:2.
15. (a) Ngapa kok ora éntuk nyimpulké nèk wong Sodom lan Gomora sukmbèn ora bakal ana sing diuripké manèh? (b) Kata-kata ing Yudas 7 kuwi sakjané maksudé apa? (Deloken kothak ” Maksudé Kata-Kata ing Yudas 7”.)
15 Soal wong Sodom lan Gomora, Yésus ya tau ngomong nèk ”ing Dina Pengadilan” keadaané wong Sodom lan Gomora bakal luwih apik timbang wong-wong sing wis nolak dhèwèké lan ajarané. (Mat. 10:14, 15; 11:23, 24; Luk. 10:12) Apa omongané Yésus kuwi hiperbol, mung kanggo nduduhké èlèké wong-wong sing wis nolak dhèwèké wektu kuwi? c Ora. Élinga, pas Yésus ngomong nèk wong Niniwé bakal diuripké kanggo diadili, maksudé kuwi wong Niniwé bakal bener-bener diuripké manèh. Padha kaya ngono, wektu Yésus ngomong nèk wong Sodom lan Gomora bakal diadili ”ing Dina Pengadilan”, kuwi maksudé meréka bakal bener-bener diuripké manèh. Nah, ”Dina Pengadilan” sing disebutké Yésus pas ngomongké wong Sodom lan Gomora karo pas ngomongké wong Niniwé kuwi padha. Yésus ya ngomong, ”Wong-wong sing tumindaké èlèk bakal diuripké kanggo diadili.” (Yoh. 5:29, cathetan ngisor) Wong Niniwé karo wong-wong ing Sodom lan Gomora sakjané kelakuané padha-padha ora nggenah. Tapi bédané, nèk wong Niniwé éntuk kesempatan kanggo bertobat, nèk wong Sodom lan Gomora durung. Dadi kétoké, sukmbèn ana wong-wong Sodom lan Gomora sing diuripké manèh lan nduwé kesempatan belajar soal Yéhuwah lan Yésus.
16. Menurut Yérémia 17:10, apa dhasaré Yéhuwah wektu mutuské wong arep diuripké manèh apa ora?
16 Wacanen Yérémia 17:10. Saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa? Wektu ngadili wong, Yéhuwah ”mriksa ati lan mriksa pikiran”. Nah wektu mutuské wong arep diuripké manèh apa ora, Yéhuwah ndeloki ”tumindaké”. Mémang nèk kudu tegas, Yéhuwah bakal tegas. Tapi, Yéhuwah ya selalu péngin nduduhké rasa mesakkéné. Dadi, awaké dhéwé ora éntuk nyimpulké nèk wong ora bakal diuripké manèh, kecuali awaké dhéwé ngerti tenan merga disebutké ing Alkitab.
’HAKIMÉ BUMI BAKAL TUMINDAK ADIL’
17. Apa harapané kanggo wong-wong sing wis mati?
17 Kèt Adam lan Hawa mèlu-mèlu Sétan mbrontak nglawan Yéhuwah, ana milyaran manungsa sing mati. ”Kematian” bener-bener dadi ”mungsuh” sing medèni. (1 Kor. 15:26) Lha terus, apa harapan kanggo wong-wong sing wis mati kuwi? Ana 144.000 muridé Yésus sing setya sing bakal diuripké manèh kanggo urip saklawasé ing swarga. (Why. 14:1) Sakliyané kuwi, ”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener”, yaiku umaté sing setya lan sayang karo Yéhuwah. Nèk selama Pamréntahan Sèwu Tauné Kristus lan pas ujian sing terakhir meréka tetep setya, meréka bakal urip saklawasé. (Dan. 12:13; Ibr. 12:1) Wektu Pamréntahan Sèwu Tauné Kristus, Yéhuwah ya bakal nguripké manèh wong-wong ”sing ora bener”, yaiku sing durung éntuk kesempatan nglayani Yéhuwah lan wong-wong sing ”tumindaké èlèk”. Meréka bakal dikèki kesempatan kanggo bertobat lan nglayani Yéhuwah. (Luk. 23:42, 43) Tapi, wong-wong sing jahat banget, sing mbrontak nglawan Yéhuwah lan ora gelem manut karepé, ora bakal diuripké Yéhuwah manèh.—Luk. 12:4, 5.
18-19. (a) Menurut Yésaya 55:8, 9, apa sing marakké awaké dhéwé yakin nèk keputusané Yéhuwah wektu ngadili kuwi ora mungkin salah? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?
18 Apa sing marakké awaké dhéwé yakin nèk wektu ngadili wong, keputusané Yéhuwah kuwi mesthi bener? Kaya sing dipahami Abraham, Yéhuwah kuwi ”Hakimé bumi” sing sampurna, wicaksana, lan ora kejem. Dhèwèké wis nglatih Anaké lan ngekèki tanggung jawab kanggo ngadili. (Yoh. 5:22) Yéhuwah lan Yésus isa ngerti isi atiné saben manungsa. (Mat. 9:4) Makané wektu ngadili saben wong, meréka bakal ’tumindak adil’.
19 Ayo terus percaya karo Yéhuwah lan yakin nèk keputusané ora bakal salah. Sing pantes ngadili kuwi mung Yéhuwah, dudu awaké dhéwé. (Wacanen Yésaya 55:8, 9.) Makané, soal ngadili, awaké dhéwé percaya waé karo Yéhuwah lan Yésus. Yésus, sing bakal dadi Raja, bener-bener niru Yéhuwah sing adil lan ora kejem. (Yés. 11:3, 4) Lha terus, piyé Yéhuwah lan Yésus ngadili wong-wong selama sengsara gedhé? Apa sing awaké dhéwé ora ngerti, lan apa sing awaké dhéwé ngerti? Pertanyaan-pertanyaan kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.
LAGU 57 Ora Perlu Pilih-Pilih
b Soal Adam, Hawa, lan Kain, deloken Tirunen Imané, Bab 1, halaman 10, cathetan ngisor.
c Hiperbol kuwi maksudé kata kiasan sing dilebih-lebihké sing digunakké kanggo nandheské sesuatu. Omongané Yésus soal wong Sodom lan Gomora kuwi tenanan, dudu hiperbol.