Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Aku Péngin Isa Bener-Bener Bahagia

Aku Péngin Isa Bener-Bener Bahagia

PAS kuwi, aku isih berlayar ing Laut Tengah. Aku kagèt banget merga jebulé kapalku bocor lan banyuné sing mlebu akèh banget. Bar kuwi, ana badai. Merga wedi, aku ndonga. Padahal, aku wis suwé banget ora ndonga. Sakdurungé critaku tak lanjutké, ayo tak critani sik pengalamanku pas isih remaja lan kenapa kok aku isa numpak kapal kuwi.

Pas umurku pitung taun, pas isih manggon ing Brasil

Aku lair ing Belanda taun 1948. Taun 1949, keluargaku pindhah ing São Paulo, Brasil. Wong tuwaku rajin ing gréja. Saben dina, keluargaku maca Alkitab bareng sakwisé makan malam. Terus taun 1959, keluargaku pindhah ing Amerika Serikat lan manggon ing Massachusetts.

Wong tuwaku nduwé anak enem. Mula, bapakku kudu kerja keras bèn isa nyukupi kebutuhan keluarga. Bapakku tau dadi sales, ndandani jalan raya, lan akhiré kerja ing perusahaan penerbangan internasional. Pas bapakku kerja ing kono, keluargaku seneng banget merga isa mèlu jalan-jalan ing luar negri.

Pas isih SMA, aku kerep mikir, ’Nèk wis lulus, aku mèh apa ya?’ Kanca-kancaku ana sing lanjut kuliah lan ya ana sing dadi tentara. Tapi, aku ora gelem dadi tentara merga aku iki wongé ora seneng gelut, apa manèh mèlu perang. Dadi, aku mutuské lanjut kuliah bèn ora usah dadi tentara. Tapi sakjané, aku péngin isa mbantu wong liya merga aku ngrasa nèk kuwi isa nggawé aku bahagia.

PAS KULIAH

Selama bertahun-tahun, aku péngin ngerti piyé carané bèn isa bahagia

Aku penasaran karo asal mulané manungsa. Dadi pas kuliah, aku milih jurusan antropologi. Ing kono, dosèn-dosèné ngajari évolusi lan mahasiswané dikongkon percaya soal kuwi. Tapi nurutku, sing diajarké dosèn-dosènku kuwi kadhang ora masuk akal lan malah ora ana buktiné.

Pas aku kuliah, aku karo kanca-kancaku ora didhidhik bèn dadi wong sing apik. Malah, dosèné ngandhani nèk mahasiswané éntuk berbuat apa waé bèn nilainé apik. Aku ya kerep pésta karo kanca-kancaku lan mulai nggunakké narkoba. Awalé aku seneng, tapi kuwi ora suwé. Aku mikir, ’Sakjané bèn isa bahagia kuwi kudu piyé, ta?’

Terus, aku pindhah ing Boston lan ndaftar kuliah ing kono. Kanggo mbayar kuliahku, aku nyambi kerja nèk pas liburan. Kanca kerjaku ana sing Seksi Yéhuwah. Kuwi pertama kaliné aku ketemu Seksi Yéhuwah. Kancaku kuwi njelaské ramalan sing ditulis ing Danièl bab 4. Ing kono dicritakké soal wit gedhé sing ditegor lan dijarké nganti ”pitung taun”. Terus, dhèwèké ngomong nèk saiki wis akhir jaman. (Dan. 4:13-17) Aku sadhar nèk aku terus-terusan mbahas Alkitab karo dhèwèké lan percaya karo Alkitab, mengko aku kudu dadi wong sing apik. Mula, aku mulai ngedohi dhèwèké.

Ing kampus, aku mèlu pelatihan bèn isa mèlu kegiatan kemanusiaan ing Amerika Selatan. Tak kira, kuwi isa nggawé aku bahagia. Tapi jebulé ora. Merga kecéwa, akhiré aku mandheg kuliah pas akhir semèster.

PENGALAMANKU ING NEGARA-NEGARA LIYA

Sasi Mei 1970, aku pindhah ing Amsterdam, Belanda, bèn isa kerja ing perusahaan penerbangan panggonané kerja bapakku mbiyèn. Merga kerja ing kono, aku isa lunga ing Afrika, Amerika, Eropa, lan Asia. Aku dadi sadhar nèk negara-negara ing kono jebulé ya ngalami masalah sing abot lan durung ana jalan keluaré. Merga isih péngin mbantu wong liya sing susah, aku mutuské balik ing Amerika Serikat lan kuliah manèh ing universitas sing padha ing Boston.

Meskipun wis kuliah, aku tetep ora ngerti piyé carané bèn isa bahagia. Merga bingung, aku takon karo salah siji profésor sing dadi dosènku. Terus dhèwèké malah ngomong, ”Lha nèk ngono, ngapa kok kowé kuliah? Mandheg waé ta.” Aku ora nyangka nèk dhèwèké bakal njawab kaya ngono. Bar kuwi, aku langsung mandheg kuliah.

Terus, aku gabung ing kelompok sing wong-wongé péngin bébas tapi ora gelem ndhukung perang lan ngakuné cinta damai. Aku karo kanca-kancaku saka kelompok kuwi pindhah-pindhah saka Amerika Serikat nganti tekan Acapulco, Meksiko. Aku karo kanca-kancaku ya kerep kumpul karo wong-wong sing senengé sak karepé dhéwé. Kétoké, wong-wong kuwi uripé isiné mung seneng-seneng thok lan ora tau ngrasa kuwatir. Aku mèlu kaya ngono merga tak pikir kuwi isa nggawé aku bahagia. Tapi jebulé ora. Aku dadi sadhar nèk wong-wong kuwi sakjané ora jujur lan ora isa dipercaya.

BERLAYAR BÈN ISA BAHAGIA

Aku karo Tom berlayar nggolèk pulau terpencil

Pas kuwi, aku kepikiran manèh karo cita-citaku pas cilik. Aku péngin isa berlayar tekan endi-endi. Tapi, aku pénginé dadi kaptèn kapalé. Bèn kuwi isa kelakon, aku kudu nduwé kapal dhéwé. Merga kancaku sing jenengé Tom ya nduwé kepénginan sing padha, mula aku karo dhèwèké mutuské arep berlayar keliling dunia. Aku péngin nggolèk pulau terpencil sing pemandangané apik bèn aku isa bébas ngapa waé ing kono.

Aku karo Tom lunga ing Arenys de Mar, Spanyol, cedhaké kutha Barcelona. Ing kono ana kapal sing dawané 9,4 mèter sing dijenengi Llygra. Kapal kuwi tak tuku, terus tak dandani bèn isa dienggo berlayar. Merga aku karo Tom mikir nèk berlayaré ora perlu cepet-cepet, mula mesiné tak copot, terus panggonané kuwi tak enggo ndèlèh wadhah banyu ngombé. Bèn isa mandheg ing pelabuhan cilik, kapalé tak pasangi dayung loro sing dawané limang mèter. Sakwisé kapalé rampung, aku karo Tom berlayar ing Kepulauan Seychelles, sing ana ing Samudra Hindia. Rencanané, aku bakal léwat pesisir kuloné Afrika lan ngliwati Tanjung Harapan ing Afrika Selatan. Bèn isa nentokké arah, aku ndelok rasi bintang, péta, buku-buku, lan nganggo alat-alat liyané sing sederhana. Aku nggumun kok wektu kuwi isa ora kesasar.

Pas ing tengah perjalanan, aku sadhar nèk kapalé ora isa dienggo berlayar adoh. Kapalé bocor lan banyu sing mlebu akèh banget. Kaya sing tak sebutké ing awal critaku mau, merga ana badai aku dadi wedi banget. Terus aku ndonga, padahal wis bertahun-tahun aku ora ndonga. Pas ndonga, aku janji nèk aku slamet aku bakal ngupaya luwih kenal karo Gusti Allah. Akhiré badainé mandheg lan janjiku kuwi tak tepati.

Sakwisé kuwi, aku mulai maca Alkitab. Pas kuwi, aku isih ing Laut Tengah. Aku lungguh ing kapalku karo ndelok iwak-iwak lan laut sing luas. Kuwi nyenengké banget. Pas bengi, aku ya isa ndelok galaksi Bima Sakti. Kuwi nggawé aku kagum lan tambah yakin nèk ana Gusti Allah sing perduli karo manungsa.

Sakwisé beberapa minggu berlayar, aku karo Tom tekan ing Alicante, Spanyol. Rencanané kapalé mèh tak dol bèn isa tuku kapal sing anyar. Tapi jebulé, kapalé ora payu-payu merga wis bekas, ora ana mesiné, bocor manèh. Tapi, aku seneng merga isa nduwé kesempatan kanggo maca Alkitab.

Suwé-suwé, aku dadi sadhar nèk Alkitab kuwi kaya buku panduan sing isa nggawé awaké dhéwé bahagia. Ing Alkitab ya ana aturan sing jelas soal apa sing bener lan sing salah. Tapi aku bingung, kenapa akèh wong sing ngaku Kristen, termasuk aku dhéwé, ora gelem manut Alkitab.

Aku péngin isa berubah. Dadi, aku ora nganggo narkoba manèh. Aku ya mikir nèk mesthiné ana wong-wong sing bener-bener manut karo Alkitab, lan aku péngin ketemu karo wong-wong kuwi. Mula, aku ndonga manèh karo Gusti Allah bèn isa ketemu karo wong-wong sing kaya ngono.

NGGOLÈKI AGAMA SING BENER

Bèn isa ngerti endi agama sing bener, aku nggolèki agama sing manut karo Alkitab. Pas lagi jalan-jalan ing Alicante, aku ndelok akèh tempat ibadah. Tapi merga akèh-akèhé nganggo patung, aku ngerti nèk kuwi mesthi dudu agama sing bener.

Pas Minggu awan, aku lungguh ing bukit sing ngadhep ing pelabuhan karo maca Yakobus 2:1-5. Ing kono disebutké nèk awaké dhéwé ora éntuk pilih kasih karo wong sugih. Pas balik ing kapalku, aku ngliwati bangunan sing kétoké kaya tempat ibadah. Ing ngarepé ana tulisané ”Balai Kerajaan Saksi-Saksi Yehuwa”.

Dadi, aku mlebu mrono merga péngin ngerti piyé tanggepané wong-wong ing kono nèk ketemu karo aku. Wektu kuwi, aku bréwoken, cèkèran, lan nganggo kathok jeans suwèk-suwèk. Terus, ana wong lanang sing ngejak aku lungguh ing sebelahé ibu-ibu. Ibu-ibu kuwi apikan banget lan mbantu aku mbukak ayat Alkitab sing disebutké karo sing ceramah. Sakwisé acarané rampung, wong-wong padha marani lan nyalami aku. Aku ora nyangka nèk wong-wong ing kono bakal apikan karo aku. Terus, ana wong lanang sing ngundang aku ing omahé bèn isa diskusi Alkitab. Merga maca Alkitabku durung rampung, aku ngomong nèk dhèwèké bakal tak kandhani nèk aku wis siap. Tapi sakwisé kuwi, aku teka terus ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah.

Beberapa minggu sakwisé kuwi, aku dolan ing omahé wong lanang sing ngundang aku mau. Kabèh pertanyaanku dijawab nganggo Alkitab. Minggu ngarepé, dhèwèké mènèhi aku sak tas pakaian sing isih apik-apik. Dhèwèké ngomong nèk sing nduwé pakaian kuwi lagi dipenjara merga manut karo préntahé Alkitab nèk ora éntuk mèlu perang lan kudu saling menyayangi. (Yés. 2:4; Yoh. 13:34, 35) Aku dadi yakin nèk iki agama sing tak golèki, sing wong-wongé manut karo Alkitab. Saiki, aku wis ora péngin nggolèk pulau terpencil manèh. Tapi, aku péngin luwih ngerti soal Alkitab. Dadi, aku balik ing Belanda.

NGGOLÈK GAWÉAN

Sakwisé patang dina perjalanan, aku tekan ing kutha Groningen, Belanda. Ing kono, ana beberapa tukang kayu. Pas nglamar kerja ing salah siji tukang kayu, aku dikon ngisi formulir. Ing formulir kuwi, aku dikon nyebutké apa agamaku. Terus, tak tulis ”Seksi Yéhuwah”. Pas sing nduwé maca kuwi, wajahé langsung berubah. Terus dhèwèké ngomong nèk bakal ngubungi aku. Tapi nyatané, dhèwèké ora tau ngubungi aku.

Bar kuwi, aku nglamar kerja ing tukang kayu liyané. Terus, aku ditakoni soal ijazahku lan pengalaman kerjaku. Aku ngomong nèk aku tau ndandani kapal kayu. Aku ora nyangka nèk bakal langsung ditampa kerja ing kono. Wongé ngomong, ”Kowé isa langsung kerja dina iki. Tapi ana syaraté. Aku ki Seksi Yéhuwah. Dadi, aku péngin manut karo Alkitab. Aku wegah nèk kowé nggawé masalah ing kéné.” Aku langsung njawab, ”Lho, aku iki ya Seksi Yéhuwah.” Tapi, wektu kuwi kan aku isih bréwoken lan rambutku gondrong. Dadi, dhèwèké ngerti nèk aku dudu Seksi Yéhuwah. Mula dhèwèké ngomong, ”Nèk kowé péngin dadi Seksi Yéhuwah, ya kowé kudu sinau Alkitab sik karo aku.” Aku seneng isa sinau Alkitab manèh. Saiki aku ngerti kenapa kok aku ra ditampa ing tukang kayu sing pertama. Iki jawabané Yéhuwah kanggo donga-dongaku. (Mzm. 37:4) Aku kerja ngéwangi sedulur kuwi nganti setaun. Aku ya sinau Alkitab karo dhèwèké. Terus, aku dibaptis sasi Januari 1974.

AKHIRÉ URIPKU BAHAGIA

Sesasi sakwisé dibaptis, aku mulai merintis. Kuwi nggawé aku bener-bener bahagia. Sesasi sakwisé merintis, aku pindhah ing Amsterdam kanggo mbantu kelompok basa Spanyol sing lagi waé dibentuk. Aku seneng isa mbantu wong-wong sinau Alkitab nganggo basa Spanyol lan Portugis. Terus Mei 1975, aku diundang nglayani dadi perintis istiméwa.

Bar kuwi, ana perintis istiméwa sing jenengé Ineke sing mèlu ngibadah ing jemaatku. Dhèwèké ngejak siji wong Bolivia sing sinau Alkitab karo dhèwèké merga péngin ngenalké wong kuwi karo sedulur-sedulur sing isa basa Spanyol. Merga padha-padha péngin luwih kenal, aku karo Ineke mulai surat-suratan. Saka kono, aku dadi ngerti nèk aku karo dhèwèké nduwé cita-cita sing padha. Akhiré, aku nikah karo Ineke taun 1976 lan bareng-bareng nglayani dadi perintis istiméwa. Terus taun 1982, aku karo Ineke diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-73. Aku kagèt lan seneng banget pas ditugaské ing Afrika Timur. Ing kono, kami ditugaské selama limang taun ing Mombasa, Kenya. Taun 1987, aku ditugaské ing Tanzania. Wektu kuwi, kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah ing kono wis ora dilarang manèh karo pamréntah. Aku karo Ineke nglayani ing kono selama 26 taun, lan sakwisé kuwi ditugaské manèh ing Kenya.

Aku karo bojoku bener-bener bahagia merga isa mbantu wong-wong ing Afrika Timur sinau Alkitab

Mbantu wong sing rendah hati sinau Alkitab kuwi bener-bener nggawé aku bahagia. Misalé pas nginjil ing panggonan umum, aku ketemu karo wong lanang. Sakwisé tak wènèhi loro majalah, dhèwèké ngomong, ”Nèk wis tak waca kabèh, terus aku kon ngapa?” Minggu berikuté, dhèwèké langsung mulai sinau Alkitab karo aku nganggo buku Saudara Dapat Hidup Kekal dalam Firdaus di Bumi sing lagi waé diterbitké ing basa Swahili. Dhèwèké kuwi wong pertama sing sinau Alkitab karo aku ing Mombasa. Setaun sakwisé kuwi, dhèwèké dibaptis lan dadi perintis biasa. Nganti saiki, dhèwèké karo bojoné wis mbantu luwih saka 100 wong sinau Alkitab nganti dibaptis.

Aku karo Ineke wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah mberkahi umaté bèn bener-bener bahagia

Pas pertama kali ngerti saka Alkitab piyé carané bèn isa bahagia, aku ngrasa kaya pedagang sing nemu mutiara sing berharga sing ngedol kabèh sing diduwèni bèn isa nuku mutiara kuwi. (Mat. 13:45, 46) Saiki, aku ya péngin mbantu wong liya bèn ngerti piyé carané bèn isa bahagia. Aku karo bojoku wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah mberkahi umaté bèn bener-bener bahagia.