Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 47

Apa Imané Njenengan Bakal Tetep Kuwat?

Apa Imané Njenengan Bakal Tetep Kuwat?

”Kowé ora usah kuwatir. Kowé kudu nduwé iman.”​—YOH. 14:1.

LAGU 119 Aku Kudu Nduwé Iman

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Awaké dhéwé isa kuwatir soal apa?

 PAS mbayangké agama palsu dihancurké, serangané Gog saka Magog, lan perang Armagédon, awaké dhéwé mungkin mikir, ’Pas kuwi kelakon, apa aku isa tetep setya karo Yéhuwah, ya?’ Nèk njenengan tau mikir ngono, saran-saran ing artikel iki bakal bermanfaat. Sing dadi ayat téma ing artikel iki kuwi kata-katané Yésus sing dicathet ing Yohanes 14:1. Ing kono Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kowé ora usah kuwatir. Kowé kudu nduwé iman.” Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé ora bakal terlalu kuwatir karo apa sing bakal kelakon sukmbèn.

2. Piyé carané bèn tetep nduwé iman sing kuwat, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Piyé carané bèn tetep nduwé iman sing kuwat? Awaké dhéwé isa mikirké piyé tanggepané awaké dhéwé wektu ana masalah. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti apa manèh sing kudu diupayakké bèn imané awaké dhéwé dadi luwih kuwat. Nèk awaké dhéwé isa ngatasi masalah kuwi, imané awaké dhéwé isa dadi luwih kuwat. Hasilé, sukmbèn pas ana masalah manèh, awaké dhéwé isa ngatasi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug naséhaté Yésus kanggo murid-muridé bèn nduwé iman sing luwih kuwat. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané ngetrapké naséhaté Yésus lan kenapa kuwi isa mbantu awaké dhéwé bèn ora kuwatir karo apa sing bakal kelakon sukmbèn.

NDUWÉ IMAN PAS NGADHEPI MASALAH ÉKONOMI

Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé bakal terus ngutamakké Kerajaané Gusti Allah meskipun ana masalah ékonomi (Deloken paragraf 3-6)

3. Nurut Matius 6:30, 33, awaké dhéwé butuh iman pas ngadhepi apa?

3 Para kepala keluarga mesthi péngin isa nyukupi kebutuhan keluargané. Tapi, kuwi ora mesthi gampang. Misalé, ana sedulur-sedulur sing ditokké saka gawéané lan durung éntuk gawéan manèh meskipun wis ngupaya nggolèk sing anyar. Sing liyané mungkin kudu mandheg saka gawéané merga gawéané ora sesuai karo pathokané Alkitab. Nèk ngalami kuwi, awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat lan percaya nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhan keluargané awaké dhéwé. Kuwi salah siji naséhaté Yésus kanggo murid-muridé pas nyampèkké Ceramah ing Gunung. (Wacanen Matius 6:30, 33.) Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé bakal isa ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Terus pas awaké dhéwé ngrasakké bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé dadi saya cedhak karo Yéhuwah lan imané awaké dhéwé dadi tambah kuwat.

4-5. Pas ana masalah, Miguel piyé, lan apa buktiné Yéhuwah mbantu Miguel karo keluargané?

4 Gatèkna pengalamané Sedulur Miguel Castro saka Venezuela. Awalé Miguel nduwé kebon dhéwé, lan saka kono dhèwèké isa nyukupi kebutuhan keluargané. Tapi bar kuwi, ana wong-wong sing nggawa senjata sing teka lan Miguel karo keluargané diusir saka kono. Merga ngalami kuwi, Miguel dadi kuwatir piyé carané isa nyukupi kebutuhan keluargané. Miguel ngomong, ”Kebonku saiki ora amba kaya mbiyèn. Kuwi waé nyéwa. Dadi, saben ésuk aku ndonga bèn Yéhuwah nyukupi kebutuhan keluargaku dina iki.” Meskipun situasiné angèl, Miguel lan keluargané tetep nduwé iman sing kuwat karo Yéhuwah. Buktiné, Miguel sak keluarga teratur teka ngibadah lan nginjil. Miguel karo keluargané nganggep nèk nglayani Yéhuwah kuwi penting banget, lan Yéhuwah nyukupi kabèh kebutuhané.

5 Miguel karo bojoné, yaiku Yurai, isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah. Misalé, kantor cabang lan sedulur-sedulur mbantu nyedhiakké kebutuhané Miguel lan keluargané. Terus, ya ana sedulur-sedulur sing mbantu Miguel bèn éntuk gawéan. Yéhuwah ora ninggalké Miguel karo keluargané. Hasilé, imané Miguel karo keluargané dadi tambah kuwat. Sakwisé nyritakké piyé carané Yéhuwah mbantu keluargané, Yoselin, anaké wédok Miguel sing mbarep, ngomong ngéné, ”Aku terharu merga Yéhuwah terus mbantu keluargaku. Yéhuwah kuwi sahabatku, lan aku yakin nèk Dhèwèké bakal mbantu aku.” Yoselin ya kandha, ”Masalah iki wis nggawé keluargaku dadi luwih siap nèk sukmbèn ana masalah sing luwih abot.”

6. Piyé carané bèn imané njenengan isa tetep kuwat pas ngalami masalah ékonomi?

6 Nèk saiki lagi ngadhepi masalah ékonomi, njenengan mesthi kuwatir. Tapi, njenengan isa nggunakké kesempatan iki kanggo nguwatké imané njenengan. Njenengan isa ndonga karo Yéhuwah. Terus, njenengan isa maca lan ngrenungké kata-katané Yésus sing dicathet ing Matius 6:25-34. Njenengan ya isa nggatèkké pengalamané sedulur-sedulur sing tetep semangat nglayani lan sing dicukupi kebutuhané karo Yéhuwah. (1 Kor. 15:58) Kuwi kabèh bakal nggawé njenengan tambah yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan kaya Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur kuwi. Yéhuwah ngerti apa sing njenengan butuhké lan ngerti piyé carané nyukupi kuwi. Nèk wis ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah, imané njenengan bakal dadi luwih kuwat. Njenengan ya bakal isa ngatasi nèk sukmbèn ana masalah-masalah sing luwih abot.​—Hab. 3:17, 18.

NDUWÉ IMAN PAS NGADHEPI MASALAH SING ABOT KAYA ”ANGIN GEDHÉ”

Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé bakal isa ngatasi masalah sing abot sing kaya ”angin gedhé” (Deloken paragraf 7-11)

7. Nurut Matius 8:23-26, kenapa Yésus ngomong nèk murid-muridé kurang iman?

7 Pas Yésus numpak prau karo murid-muridé, ujug-ujug ana angin gedhé ing laut. (Wacanen Matius 8:23-26.) Prauné diterjang ombak lan klebon banyu. Tapi, pas kuwi Yésus lagi turu. Merga wedi, murid-muridé nggugah Yésus. Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ngapa kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.” Yésus nggunakké kesempatan kuwi kanggo mbantu murid-muridé bèn nduwé iman sing luwih kuwat. Kuduné murid-muridé kuwi sadhar nèk Yéhuwah isa nglindhungi Yésus karo murid-muridé. Apa pelajarané? Nèk nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé isa ngadhepi masalah sing abot sing kaya ”angin gedhé”.

8-9. Anel ngadhepi masalah abot apa, lan apa sing nggawé dhèwèké isa ngadhepi kuwi?

8 Gatèkna pengalamané sedulur wédok saka Puerto Rico sing jenengé Anel. Pas taun 2017, ana Badai Maria ing Puerto Rico. Akibaté, omahé Anel hancur. Terus gara-gara badai kuwi, Anel ya dadi ora isa kerja. Anel ngomong, ”Awalé aku kuwatir banget. Tapi aku ndonga lan masrahké rasa kuwatirku karo Yéhuwah. Aku ya ngupaya nggolèk jalan keluar kanggo masalahku.” Dadi meskipun ngadhepi masalah sing abot, tapi imané Anel malah luwih kuwat.

9 Anel ya ngomong nèk dhèwèké isa ngadhepi masalahé merga manut karo arahan. Anel kandha, ”Merga manut karo arahan organisasi, aku isa tetep tenang. Yéhuwah mbantu aku liwat sedulur-sedulur. Sedulur-sedulur kuwi nyemangati lan mènèhi kabèh sing tak butuhké.” Anel ya ngomong, ”Yéhuwah mènèhi luwih akèh timbang sing tak jaluk. Kuwi nggawé aku semakin percaya karo Yéhuwah.”

10. Pas ngalami masalah sing abot sing kaya ”angin gedhé”, njenengan kudu piyé?

10 Apa njenengan saiki lagi ngadhepi masalah sing abot sing kaya ”angin gedhé”? Mungkin njenengan bar kena bencana alam utawa lagi sedhih banget merga lara parah lan ora ngerti kudu piyé. Meskipun kuwatir, njenengan kudu terus percaya karo Yéhuwah. Ndongaa karo Yéhuwah. Terus, coba renungna manèh bantuané Yéhuwah sing wis njenengan tampa. (Mzm. 77:11, 12) Kuwi bakal nggawé njenengan tetep cedhak karo Yéhuwah, lan imané njenengan dadi tambah kuwat. Terus, njenengan bakal yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké njenengan.

11. Kenapa awaké dhéwé kudu manut arahan saka organisasiné Yéhuwah?

11 Anel mau nyebutké nèk pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé kudu manut arahan. Dadi, awaké dhéwé kudu percaya karo wong-wong sing dipercaya Yéhuwah lan Yésus. Meskipun awaké dhéwé nganggep arahan kuwi ora masuk akal, ning nèk manut, Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé. Gatèkna kisahé umaté Yéhuwah sing dicathet ing Alkitab sing wis slamet merga manut karo arahan. (Pa. 14:1-4; 2 Bb. 20:17) Nèk ngrenungké conto-conto kuwi, awaké dhéwé luwih gampang nèk arep manut arahan saka organisasiné Yéhuwah. (Ibr. 13:17) Hasilé, awaké dhéwé ora bakal wedi karo sengsara gedhé sing sedhéla manèh bakal kelakon.​—WB. 3:25.

NDUWÉ IMAN PAS DIJAHATI WONG LIYA

Terus ndonga bèn imané awaké dhéwé isa tetep kuwat (Deloken paragraf 12)

12. Pas dijahati wong liya, awaké dhéwé kudu piyé bèn isa terus nduduhké iman sing kuwat? (Lukas 18:1-8)

12 Yésus ngerti nèk murid-muridé bakal dibenci karo wong liya. Kuwi sebabé, Yésus nyritakké perumpamaan soal randha sing bola-bali marani hakim sing ora wedi karo Gusti Allah lan ora perduli karo wong liya. Randha kuwi njaluk bèn hakim kuwi nggawé keputusan sing adil kanggo dhèwèké. Randha kuwi yakin nèk dhèwèké njaluk terus, hakim kuwi bakal mènèhi keadilan. Akhiré, hakim kuwi gelem mbantu. Apa pelajarané? Yéhuwah kuwi adil. Yésus kandha, ”Nèk wong-wong pilihané Gusti Allah sambat awan lan bengi marang Gusti Allah, mosok Gusti Allah ora bakal mènèhi keadilan?” (Wacanen Lukas 18:1-8.) Terus Yésus ya ngomong, ”Wektu Anaké manungsa teka, apa dhèwèké bakal nemokké iman sing kaya ngono ing bumi?” Pas dijahati wong liya, awaké dhéwé kudu sabar lan ora nyerah kaya randha ing perumpamaané Yésus. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé nduwé iman sing kuwat. Merga nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu terus ndonga. Hasilé, Yéhuwah isa waé njawab dongané awaké dhéwé nganggo cara sing ora disangka-sangka.

13. Critakna pengalamané Vero.

13 Gatèkna pengalamané Vero saka Republik Demokratik Kongo sing bojoné dudu Seksi Yéhuwah. Pas désané diserang karo tentara, Vero, bojoné, lan anaké wédok sing umuré 15 taun mlayu saka kono. Pas ing tengah dalan, Vero sak keluarga dicegat karo tentara lan diancam arep dipatèni. Merga wedi, Vero nangis. Tapi, anaké wédok ndonga nganggo swara banter lan bola-bali nyebut jenengé Yéhuwah. Sakwisé anaké Vero ndonga, komandané tentara kuwi takon, ”Ndhuk, sapa sing ngajari kowé ndonga?” Anaké Vero njawab, ”Ibuku, Pak. Ibu nggunakké Matius 6:9-13 kanggo ngajari aku ndonga.” Terus, komandan kuwi ngomong, ”Kowé karo wong tuwamu tak bébaské Ndhuk. Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu nglindhungi kowé.”

14. Apa sing isa waé nggawé awaké dhéwé dadi kurang percaya karo Yéhuwah, lan piyé carané bèn isa tetep nduwé iman sing kuwat?

14 Pengalamané Vero nduduhké nèk ndonga kuwi penting banget. Tapi nèk dongané ora langsung dijawab, awaké dhéwé isa dadi kurang percaya karo Yéhuwah. Nèk ngono, awaké dhéwé isa niru randha ing perumpamaané Yésus. Terusa ndonga. Percayaa nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké lan bakal njawab dongané awaké dhéwé ing wektu sing pas. Terusa njaluk roh suciné Yéhuwah. (Flp. 4:13) Sedhéla manèh, Yéhuwah bakal mènèhi akèh berkah nganti awaké dhéwé ora éling manèh karo kesusahan sing tau dialami. Nèk tetep sabar lan percaya karo Yéhuwah pas ngadhepi masalah, imané awaké dhéwé bakal luwih kuwat lan sukmbèn bakal isa ngadhepi masalah sing luwih abot.​—1 Ptr. 1:6, 7.

NDUWÉ IMAN PAS LAGI SEDHIH

15. Kaya sing disebutké ing Matius 17:19, 20, murid-muridé Yésus ngalami masalah apa?

15 Wektu kuwi murid-muridé Yésus ora isa ngusir roh jahat, padahal biasané isa. (Wacanen Matius 17:19, 20.) Apa sebabé? Yésus ngomong nèk murid-muridé kuwi kurang iman. Yésus ya ngomong nèk nduwé iman, kabèh masalah bakal isa diatasi termasuk masalah-masalah sing gedhéné kaya gunung. Saiki, awaké dhéwé ya isa waé ngalami masalah sing kétoké ora isa diatasi. Kuwi isa nggawé sedhih. Terus, awaké dhéwé kudu piyé?

Merga nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé isa tetep semangat nglayani Yéhuwah meskipun lagi sedhih (Deloken paragraf 16)

16. Apa buktiné nèk Geydi nduwé iman sing kuwat, lan apa hasilé?

16 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Geydi saka Guatemala. Dhèwèké sedhih banget merga bojoné, yaiku Edi, dipatèni pas mulih saka pertemuan ibadah. Tapi merga nduwé iman sing kuwat, Geydi isa tetep sabar. Geydi crita, ”Aku ndonga lan nyritakké kabèh perasaanku karo Yéhuwah. Kuwi nggawé aku dadi luwih tenang. Aku ya ngrasakké dhukungané Yéhuwah liwat keluarga lan sedulur-sedulur ing jemaat. Aku ngupaya bèn isa kerep nginjil. Kuwi nggawé aku tetep semangat lan ora terus-terusan sedhih. Saka pengalaman iki, aku dadi yakin nèk ora soal apa sing bakal kelakon sukmbèn, Yéhuwah, Yésus, lan organisasiné bakal mbantu aku bèn isa ngatasi kuwi.”

17. Awaké dhéwé kudu piyé pas ngadhepi masalah-masalah sing isa nggawé sedhih?

17 Apa njenengan lagi sedhih merga ditinggal mati karo wong sing disayangi? Nèk ngono, njenengan isa maca kisahé wong-wong sing diuripké manèh sing dicathet ing Alkitab. Kuwi bakal nggawé njenengan luwih yakin nèk wong sing wis mati isa diuripké manèh. Apa njenengan lagi sedhih merga ana anggota keluarga sing ditokké saka jemaat? Nèk ngono, njenengan isa ngrenungké ayat-ayat Alkitab sing nduduhké nèk Yéhuwah ngukum wong dosa demi manfaaté wong kuwi dhéwé. Ora soal apa masalahé, ngupayaa bèn tetep nduwé iman sing kuwat. Critakna perasaané njenengan karo Yéhuwah. Tetepa cedhak karo sedulur-sedulur ing jemaat. (WB. 18:1) Meskipun isa sedhih manèh utawa malah nganti nangis nèk kèlingan manèh masalahé njenengan, tapi njenengan kudu tetep semangat nglayani Yéhuwah. (Mzm. 126:5, 6) Njenengan kudu teratur teka ngibadah, nginjil, lan maca Alkitab. Terus pikirna berkah-berkahé Yéhuwah sing bakal njenengan tampa ing masa depan. Nèk ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah, imané njenengan bakal dadi luwih kuwat.

”BANTUNEN BÈN IMANKU ISA LUWIH KUWAT”

18. Njenengan kudu piyé nèk jebulé njenengan durung bener-bener percaya karo Yéhuwah?

18 Sakwisé mikirké piyé tanggepané njenengan pas ana masalah, mungkin njenengan dadi sadhar nèk jebulé njenengan durung bener-bener percaya karo Yéhuwah. Nèk ngono, njenengan kudu terus ngupaya bèn isa nduwé iman sing kuwat. Kaya para rasulé Yésus, njaluka bantuané Yéhuwah ’bèn imané [njenengan] isa luwih kuwat’. (Luk. 17:5) Terus, pikirna pengalamané sedulur-sedulur sing wis dirembug ing artikel iki. Kaya Miguel lan Yurai, renungna kabèh bantuané Yéhuwah sing wis njenengan tampa. Kaya anaké Vero lan Anel, terusa ndonga, khususé pas ngalami masalah sing abot. Kaya Geydi, njenengan ya isa percaya nèk Yéhuwah isa mbantu njenengan liwat keluarga lan kanca-kanca. Nèk ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah lan tetep sabar wektu ngadhepi masalah, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ya bakal mbantu njenengan pas sukmbèn ana masalah.

19. Yésus yakin soal apa, lan njenengan isa yakin soal apa?

19 Yésus ngerti nèk kadhang murid-muridé isih kurang iman. Tapi, Yésus yakin Yéhuwah bakal mbantu murid-muridé bèn tetep setya meskipun ana masalah. (Yoh. 14:1; 16:33) Yésus yakin nèk pas sengsara gedhé, wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé bakal nduwé iman sing kuwat lan akhiré dislametké. (Why. 7:9, 14) Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan bèn tetep nduwé iman sing kuwat pas sengsara gedhé kelakon. Mula kèt saiki, ngupayaa bèn nduwé iman sing kuwat.​—Ibr. 10:39.

LAGU 118 Tulung Kuwatna Imanku

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi péngin bèn donyané Sétan ndang dihancurké. Tapi, awaké dhéwé mungkin kuwatir apa imané awaké dhéwé bakal tetep kuwat pas kuwi kelakon. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pengalamané sedulur-sedulur lan saran-saran sing isa ditrapké bèn imané awaké dhéwé isa luwih kuwat.