Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 44

Katresnané Yéhuwah sing Langgeng kanggo Njenengan

Katresnané Yéhuwah sing Langgeng kanggo Njenengan

”Katresnané sing langgeng ana saklawasé.”​—MZM. 136:1, cathetan ngisor.

LAGU 108 Tresnané Yéhuwah Saklawasé

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Yéhuwah ngongkon umaté bèn apa?

 YÉHUWAH nganggep nèk katresnan sing langgeng kuwi sipat sing penting. (Hos. 6:6) Yéhuwah péngin bèn umaté ya nduduhké katresnan sing langgeng. Liwat Nabi Mikha, Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé bèn ”nresnani katresnan sing langgeng”. (Mi. 6:8, ctn.) Tapi bèn isa nduduhké kuwi, awaké dhéwé kudu ngerti sik apa sing dimaksud katresnan sing langgeng.

2. Apa sing dimaksud katresnan sing langgeng?

2 Istilah ”katresnan sing langgeng” sing ana ing Alkitab diterjemahké saka kata Ibrani khesedh sing disebutké luwih saka ping 200 ing tèks asliné. Ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, kuwi kerep-kerepé diterjemahké dadi ”katresnan”, ”apikan”, ”setya”, lan ”rasa sayang”. Ing ”Daftar Istilah Alkitab” sing ana ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, katresnan sing langgeng artiné ”katresnan sing diduduhké merga wis janji, setya, lan nduwé ikatan sing kuwat. Istilah iki kerep digunakké kanggo nduduhké katresnané Gusti Allah marang manungsa. Ning, Alkitab ya kandha nèk manungsa ya isa nduduhké katresnan iki marang wong liya”. Yéhuwah kuwi conto sing paling apik soal nduduhké katresnan sing langgeng. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur.

YÉHUWAH NDUWÉ ”KATRESNAN SING LANGGENG SING GEDHÉ BANGET”

3. Yéhuwah ngomong apa karo Musa?

3 Ora suwé sakwisé Israèl metu saka Mesir, Yéhuwah nduduhké karo Musa Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing kaya apa. Yéhuwah kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, sabar, nduwé katresnan sing langgeng sing gedhé banget, mesthi nepati janjiné, nduduhké katresnan sing langgeng marang wong akèh, lan ngapura kesalahan, pelanggaran, lan dosa.” (Pa. 34:6, 7, cathetan ngisor ayat 6.) Kata-kata kuwi nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing luar biasa. Kok isa?

4-5. (a) Apa Yéhuwah mung nduwé katresnan sing langgeng thok? Jelasna. (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

4 Yéhuwah ngomong nèk Dhèwèké nduwé ”katresnan sing langgeng sing gedhé banget. Yéhuwah ya disebut kaya ngono ing beberapa ayat liyané. (Wi. 14:18, ctn.; Mzm. 86:15, ctn.; 103:8, ctn.; Yl. 2:13, ctn.; Yun. 4:2, ctn.) Ing Alkitab, mung Yéhuwah sing disebut kaya ngono. Awaké dhéwé mesthi seneng isa nglayani Gusti Allah sing nduwé katresnan sing langgeng sing gedhé banget. Dadi, sipat kuwi penting banget kanggo Yéhuwah. Mula Daud ngomong, ”Oh Yéhuwah, katresnan-Mu sing langgeng nganti tekan langit. . . . Katresnan-Mu sing langgeng kuwi berharga banget. Manungsa nggolèk perlindungan ing ngisoré sayap-Mu.” (Mzm. 36:5, 7, ctn.) Kaya Daud, awaké dhéwé mesthi ya nganggep katresnané Yéhuwah sing langgeng kuwi penting banget.

5 Bèn isa luwih paham apa sing dimaksud katresnan sing langgeng, awaké dhéwé bakal ngrembug loro pitakonan iki: (1) Yéhuwah nduduhké katresnan sing langgeng karo sapa? (2) Apa manfaaté katresnané Yéhuwah sing langgeng kanggo awaké dhéwé?

YÉHUWAH NDUDUHKÉ KATRESNAN SING LANGGENG KARO SAPA?

6. Yéhuwah nduduhké katresnan sing langgeng karo sapa?

6 Yéhuwah ora nduduhké katresnan sing langgeng marang kabèh wong. Yéhuwah mung nduduhké kuwi karo wong-wong sing cedhak karo Dhèwèké. Yéhuwah kuwi setya karo umaté. Dhèwèké péngin umaté sukmbèn isa bahagia ing donya anyar, lan Yéhuwah bakal terus nresnani umaté.

Yéhuwah sayang karo kabèh wong termasuk karo sing ora nglayani Dhèwèké (Deloken paragraf 7) *

7. Apa buktiné nèk Yéhuwah mémang nresnani kabèh wong?

7 Yéhuwah mémang nresnani kabèh wong. Yésus kandha karo Nikodémus, ”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.”​—Yoh. 3:1, 16; Mat. 5:44, 45.

Saka kata-katané Raja Daud lan Nabi Danièl, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng karo wong-wong sing kenal, wedi, tresna, lan manut karo Dhèwèké (Deloken paragraf 8-9)

8-9. (a) Kenapa Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng karo wong-wong sing nglayani Dhèwèké? (b) Awaké dhéwé bakal ngrembug apa?

8 Tapi kaya sing disebutké mau, Yéhuwah nduduhké katresnan sing langgeng mung karo umaté. Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi nèk nggatèkké kata-katané Raja Daud lan Nabi Danièl. Daud kandha, ”Tulung Njenengan terus nduduhké katresnan sing langgeng marang wong-wong sing kenal Njenengan.” (Mzm. 36:10, ctn.) Dhèwèké ya ngomong, ”Katresnané Yéhuwah sing langgeng marang wong sing wedi marang Dhèwèké bakal ana saklawasé.” (Mzm. 103:17, ctn.) Terus Danièl ngomong, ’Yéhuwah Gusti Allah sing bener nduduhké katresnané sing langgeng marang wong sing nresnani lan manut préntahé.’ (Dan. 9:4) Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah nduduhké katresnan sing langgeng karo wong-wong sing nglayani Dhèwèké, merga wong-wong kuwi kenal, wedi, tresna, lan manut karo Yéhuwah. Mung wong-wong sing bener-bener manut karo kepénginané Yéhuwah sing isa ngrasakké kuwi.

9 Mémang, sakdurungé awaké dhéwé nglayani Yéhuwah, Yéhuwah wis nresnani awaké dhéwé. (Mzm. 104:14) Ning sakwisé awaké dhéwé dadi umaté, Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng karo awaké dhéwé. Yéhuwah tau ngomong ngéné, ”Aku bakal terus nduduhké katresnan sing langgeng marang kowé.” (Yés. 54:10, ctn.) Daud ya tau ngrasakké katresnané Yéhuwah sing langgeng. Mula dhèwèké ngomong, ”Kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah ngajèni umaté sing setya.” (Mzm. 4:3) Merga ngerti soal kuwi, terus awaké dhéwé kudu piyé? Sing nulis Kitab Mazmur tau ngomong ngéné, ”Wong sing wicaksana bakal nggatèkké tenanan kabèh iki lan mikirké tenanan katresnan sing langgeng saka Yéhuwah.” (Mzm. 107:43, ctn.) Sesuai karo ayat kuwi, ayo awaké dhéwé ngrembug piyé carané Yéhuwah nduduhké katresnan sing langgeng lan apa manfaaté kanggo awaké dhéwé.

MANFAATÉ KANGGO AWAKÉ DHÉWÉ

Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng mung karo wong-wong sing nglayani Dhèwèké (Deloken paragraf 10-16) *

10. Apa manfaaté merga ngerti nèk katresnané Yéhuwah sing langgeng ana saklawasé? (Mazmur 31:7, ctn.)

10 Katresnané Yéhuwah sing langgeng ana saklawasé. Ing Mazmur 136:1 disebutké ngéné, ”Ucapna syukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké apikan. Katresnané ana saklawasé.” Ing Mazmur 136, istilah ”katresnané ana saklawasé” dibalèni nganti ping 26. Kaya sing disebutké ing cathetan ngisor ayat 1, istilah kuwi sakjané ya isa diterjemahké dadi ”katresnané sing langgeng ana saklawasé”. Kuwi nduduhké nèk katresnané Yéhuwah sing langgeng ora bakal berubah. Terus, nèk maca ayat-ayat ing Mazmur 136 kuwi, awaké dhéwé mesthi kagum karo carané Yéhuwah sing terus nduduhké katresnané sing langgeng. Awaké dhéwé mesthi seneng merga ngerti nèk Yéhuwah bakal terus nresnani awaké dhéwé, termasuk nèk awaké dhéwé lagi ngadhepi masalah. Apa manfaaté? Meskipun ngadhepi masalah, awaké dhéwé bakal tetep semangat nglayani Yéhuwah merga ngerti nèk Yéhuwah bakal terus nresnani awaké dhéwé.​—Wacanen Mazmur 31:7, lan cathetan ngisor.

11. Kenapa Yéhuwah gelem ngapura? (Mazmur 86:5, ctn.)

11 Merga katresnané sing langgeng, Yéhuwah gelem ngapura. Nèk ana wong dosa sing gelem mertobat lan ora mbalèni manèh kesalahané, Yéhuwah bakal ngapura wong kuwi. Yéhuwah gelem kaya ngono merga katresnané sing langgeng. Daud tau ngomong ngéné, ”Dhèwèké ora ngukum sesuai karo dosané awaké dhéwé lan ora mbales sesuai karo kesalahané awaké dhéwé.” (Mzm. 103:8-11) Sakwisé nggawé dosa, Daud sedhih banget lan terus-terusan ngrasa bersalah. Tapi, Yéhuwah ”gelem ngapura” Daud. (Wacanen Mazmur 86:5, lan cathetan ngisor.) Kenapa? Kaya sing disebutké ing dongané Daud, Yéhuwah gelem ngapura merga Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng karo wong-wong sing njaluk ngapura.

12-13. Nèk njenengan terus-terusan ngrasa bersalah merga dosané sing mbiyèn, njenengan kudu piyé?

12 Nèk nggawé dosa, awaké dhéwé mémang kudu menyesal. Nèk menyesal, awaké dhéwé mesthi gelem njaluk ngapura lan berubah. Ning, ana wong-wong sing terus-terusan ngrasa bersalah merga dosané sing mbiyèn. Wong-wong kuwi ngrasa nèk Yéhuwah ora bakal ngapura meskipun wis mertobat. Nèk kuwi sing njenengan rasakké, élinga nèk Yéhuwah gelem ngapura merga katresnané sing langgeng marang njenengan.

13 Apa manfaaté? Ing Alkitab disebutké nèk ”getihé Anaké [Gusti Allah], yaiku Yésus, ngresiki awaké dhéwé saka kabèh dosa”. (1 Yoh. 1:7) Kuwi sebabé, awaké dhéwé isa nduwé hati nurani sing apik wektu nglayani Yéhuwah meskipun ora sampurna. Mémang, awaké dhéwé isih isa nggawé kesalahan lan kuwi isa waé nggawé awaké dhéwé ngrasa ora pantes nglayani Yéhuwah. Ning, élinga nèk Yéhuwah gelem ngapura nèk awaké dhéwé mertobat. Gatèkna kata-katané Daud iki, ”Katresnané sing langgeng marang wong sing wedi marang Dhèwèké kuwi kaya langit sing luwih dhuwur timbang bumi. Dhèwèké nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti adoh banget, adohé kaya wétan karo kulon.” (Mzm. 103:11, 12, cathetan ngisor ayat 11.) Dadi, Yéhuwah bakal ”bener-bener ngapura” wong sing mertobat.​—Yés. 55:7.

14. Daud nggambarké katresnané Yéhuwah sing langgeng kaya apa?

14 Merga katresnané sing langgeng, Yéhuwah nglindhungi umaté bèn tetep setya. Daud tau ndonga ngéné karo Yéhuwah, ”Njenengan kuwi kaya panggonan kanggo ndhelik. Njenengan bakal nglindhungi aku wektu aku susah. Njenengan nggawé aku seneng lan sorak-sorak merga Njenengan mbébaské aku. . . . Yéhuwah bakal nduduhké katresnan sing langgeng karo wong sing percaya marang Dhèwèké.” (Mzm. 32:7, 10, cathetan ngisor ayat 10.) Ing jaman Alkitab, ana témbok sing dibangun ngubengi kutha kanggo nglindhungi penduduké. Kaya témbok sing nglindhungi kutha, Yéhuwah ya nglindhungi awaké dhéwé merga katresnané sing langgeng. Piyé carané Yéhuwah nglindhungi? Pertama, Yéhuwah narik awaké dhéwé bèn cedhak karo Dhèwèké. Terus, Yéhuwah ya nglindhungi awaké dhéwé saka apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé ora cedhak manèh karo Yéhuwah.​—Yér. 31:3.

15. Kenapa Yéhuwah dipadhakké kaya panggonan berlindung lan bèntèng?

15 Daud ya tau ngomong ngéné soal Yéhuwah, ”Njenengan kuwi panggonanku berlindung sing aman lan Gusti Allah sing nduduhké katresnan sing langgeng marang aku.” (Mzm. 59:17, ctn.) Daud ya tau ngomong, ”Dhèwèké bèntèngku, lan Dhèwèké nduduhké katresnan sing langgeng marang aku. Dhèwèké kuwi panggonanku berlindung sing aman lan sing nylametké aku. Dhèwèké tamèngku lan perlindunganku.” (Mzm. 144:2, ctn.) Kenapa Daud madhakké Yéhuwah kaya panggonan berlindung sing aman lan bèntèng? Ora soal manggon ing endi, nèk awaké dhéwé terus nglayani Yéhuwah, Yéhuwah bakal nglindhungi bèn awaké dhéwé tetep cedhak karo Dhèwèké. Yéhuwah gelem kaya ngono merga katresnané sing langgeng. Ing Mazmur 91, ya ana kata-kata sing padha, yaiku, ’Aku bakal ngomong karo Yéhuwah, ”Njenengan kuwi panggonanku berlindung lan bèntèngku.”’ (Mzm. 91:1-3, 9, 14) Musa ya percaya nèk Yéhuwah bakal nglindhungi umaté. (Mzm. 90:1) Sakdurungé mati, Musa ngomong ngéné, ”Saka jaman mbiyèn, Gusti Allah sing nglindhungi, Dhèwèké bakal ndhukung kowé nganggo kekuwatané sing ana saklawasé.” (PT. 33:27) Saka kata-katané Musa kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

16. Nèk percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa yakin soal apa? (Mazmur 136:23)

16 Awaké dhéwé isa tenang nèk percaya Yéhuwah bakal nglindhungi awaké dhéwé. Ning kadhang, awaké dhéwé isa ngrasa putus asa utawa terus-terusan sedhih. Nèk awaké dhéwé ngalami kuwi, Yéhuwah piyé? (Wacanen Mazmur 136:23.) Yéhuwah bakal nguwatké awaké dhéwé bèn awaké dhéwé semangat manèh. (Mzm. 28:9; 94:18) Apa manfaaté? Nèk percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bener-bener perduli lan bakal nglindhungi ora soal awaké dhéwé manggon ing endi.

YAKIN NÈK YÉHUWAH BAKAL TERUS NDUDUHKÉ KATRESNANÉ SING LANGGENG

17. Awaké dhéwé isa yakin apa soal Yéhuwah? (Mazmur 33:18-22, cathetan ngisor ayat 18 lan 22.)

17 Kaya sing dirembug mau, nèk pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa terus setya nglayani Dhèwèké. (2 Kor. 4:7-9) Kuwi sesuai karo sing diomongké Nabi Yérémia, yaiku, ”Merga katresnané Yéhuwah sing langgeng, awaké dhéwé ora dipatèni. Rasa mesakké sing Njenengan duduhké ya ora ana entèké.” (KP. 3:22) Sakliyané kuwi, Alkitab ya kandha, ”Yéhuwah terus ndelok lan nglindhungi wong-wong sing wedi marang Dhèwèké, sing ngarep-arep katresnané Dhèwèké sing langgeng.” Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal terus nduduhké katresnané sing langgeng.​—Wacanen Mazmur 33:18-22, lan cathetan ngisor ayat 18 lan 22.

18-19. (a) Apa sing wis dirembug ing artikel iki? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel berikuté?

18 Kaya sing wis dirembug ing artikel iki, Yéhuwah mémang nresnani kabèh manungsa. Ning, Yéhuwah gelem nduduhké katresnané sing langgeng nèk awaké dhéwé gelem nglayani Yéhuwah. Merga katresnané sing langgeng, Yéhuwah bakal nguwatké, mbantu bèn awaké dhéwé tetep cedhak karo Dhèwèké, lan nepati janjiné ing masa depan. Yéhuwah péngin awaké dhéwé dadi sahabaté nganti saklawasé. (Mzm. 46:1, 2, 7) Dadi, ora soal masalah apa sing lagi awaké dhéwé adhepi, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa terus setya nglayani Dhèwèké.

19 Awaké dhéwé wis ngrembug piyé Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng karo awaké dhéwé. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé nduduhké kuwi karo sedulur-sedulur. Piyé carané? Artikel berikuté bakal ngrembug soal kuwi.

LAGU 136 Yéhuwah Mesthi Mberkahi

^ par. 5 Apa sing dimaksud katresnan sing langgeng? Yéhuwah nduduhké katresnan sing langgeng karo sapa? Apa manfaaté kanggo awaké dhéwé? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur.

^ par. 53 GAMBAR: Yéhuwah nresnani kabèh wong. Buktiné, Yéhuwah mènèhi matahari, udan, lan tanduran. Terus merga tresna banget karo manungsa, Yéhuwah ya gelem ngorbanké Anaké yaiku Yésus bèn dadi tebusan.

^ par. 61 GAMBAR: Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng mung marang umaté. Kuwi sebabé, Yéhuwah bakal terus nresnani, gelem ngapura, lan nglindhungi umaté bèn isa tetep setya karo Dhèwèké.