Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 45

Nduduhké Katresnan sing Langgeng karo Sedulur-Sedulur

Nduduhké Katresnan sing Langgeng karo Sedulur-Sedulur

”Duduhna katresnan sing langgeng lan rasa mesakké karo wong liya.”​—ZA. 7:9, cathetan ngisor.

LAGU 107 Niru Tresnané Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Kenapa awaké dhéwé kudu nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur?

 AWAKÉ DHÉWÉ kudu nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur. Kenapa? Ing Alkitab disebutké ngéné, ”Muga-muga kowé terus setya lan nduduhké katresnan sing langgeng. . . . Nèk kuwi mbok tindakké, Gusti Allah lan manungsa bakal seneng karo kowé, lan kowé bakal dikenal dadi wong sing nduwé pemahaman.” (WB. 3:3, 4, lan cathetan ngisor ayat 3.) Terus Alkitab ya kandha, ”Wong lanang sing nduduhké katresnan sing langgeng bakal éntuk keuntungan.” (WB. 11:17, ctn.) Sakliyané kuwi, ing Alkitab ya disebutké, ”Wong sing ngupaya nindakké sing bener lan nduduhké katresnan sing langgeng bakal dadi wong sing bener, diajèni, lan terus urip.”​—WB. 21:21, ctn.

2 Kaya sing disebutké ing ayat-ayat mau, ana telu alesan kenapa awaké dhéwé kudu nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur. Pertama, kuwi nyenengké Gusti Allah. Keloro, nduduhké katresnan sing langgeng kuwi ana manfaaté. Misalé, awaké dhéwé isa terus cedhak karo sedulur-sedulur. Ketelu, awaké dhéwé bakal éntuk berkah yaiku urip saklawasé. Kuwi sebabé, awaké dhéwé kudu manut karo kata-katané Yéhuwah, yaiku, ”Duduhna katresnan sing langgeng lan rasa mesakké marang wong liya.”​—Za. 7:9, ctn.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Katresnan sing langgeng kudu diduduhké karo sapa? Apa sing isa dipelajari saka buku Rut soal katresnan sing langgeng? Piyé carané nduduhké katresnan sing langgeng? Apa berkahé nèk nduduhké katresnan sing langgeng?

KATRESNAN SING LANGGENG KUDU DIDUDUHKÉ KARO SAPA?

4. Piyé carané niru Yéhuwah? (Markus 10:29, 30)

4 Kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, Yéhuwah nduduhké katresnané sing langgeng mung karo wong-wong sing nresnani lan nglayani Yéhuwah. (Dan. 9:4) Awaké dhéwé mesthi péngin ’niru Gusti Allah merga [awaké dhéwé] anak-anaké sing ditresnani’. (Éf. 5:1) Kuwi sebabé, awaké dhéwé péngin terus nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur.​—Wacanen Markus 10:29, 30.

5-6. Sebutna conto sing nduduhké katresnan sing langgeng kuwi béda karo apikan.

5 Nèk ngerti apa maksudé katresnan sing langgeng, awaké dhéwé bakal luwih gampang nduduhké sipat kuwi karo sedulur-sedulur. Bèn luwih paham, ayo awaké dhéwé mbahas apa bédané kuwi karo apikan.

 6 Ing Alkitab, ana conto wong-wong sing apikan. Misalé, wektu kuwi, kapal sing ditumpaki Paulus hancur merga kena badai ing cedhak Pulau Malta. Tapi, kabèh penumpangé kapal kuwi isa slamet tekan pantai. Terus, penduduk ing pulau kuwi mbantu Paulus karo penumpang liyané meskipun ora kenal. (Kis. 28:2, 7) Meskipun apikan, apa kuwi artiné penduduk Pulau Malta nduduhké katresnan sing langgeng? Ora. Wong-wong kuwi mung sekedar apikan lan péngin mbantu wong-wong sing lagi susah.

7-8. (a) Kenapa umaté Yéhuwah gelem nduduhké katresnan sing langgeng? (b) Apa manfaaté nèk ngrembug kisahé Rut, Naomi, karo Boaz?

7 Kaya sing wis dirembug ing  paragraf 6, mung sekedar apikan karo nduduhké katresnan sing langgeng kuwi béda. Apa bédané? Gatèkna contoné Daud. Daud nduduhké katresnan sing langgeng karo Yonatan, meskipun bapaké Yonatan péngin matèni Daud. Sakwisé Yonatan mati, Daud tetep nduduhké katresnan sing langgeng karo Yonatan. Buktiné, Daud gelem ngopèni anaké Yonatan yaiku Méfibosyèt. Kenapa kok Daud gelem kaya ngono? Merga Daud sayang karo Yonatan. Iki bédané nduduhké katresnan sing langgeng karo mung sekedar apikan.​—1 Sam. 20:9, 14, 15, lan cathetan ngisor ayat 14 lan 15; 2 Sam. 4:4; 8:15; 9:1, 6, 7, lan cathetan ngisor ayat 1 lan 7.

8 Saiki, ayo ngrembug kisahé Rut, Naomi, karo Boaz. Saka kono, awaké dhéwé bakal ngerti piyé carané nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur ing jemaat. *

SING ISA DIPELAJARI SAKA BUKU RUT

9. Kenapa Naomi nganti nganggep nèk Yéhuwah sing nggawé dhèwèké susah?

9 Ing buku Rut, ana kisahé Naomi, Rut mantuné, lan Boaz sing isih seduluran karo bojoné Naomi. Merga ana kelaparan ing Israèl, Naomi, bojoné, lan anaké lanang loro pindhah ing Moab. Pas ing Moab, bojoné mati. Terus, anaké lanang loro nikah karo wong Moab. Tapi, akhiré loro-loroné ya mati. (Rut 1:3-5; 2:1) Saking sedhihé, dhèwèké nganggep nèk Yéhuwah sing wis nggawé dhèwèké susah. Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah wis ngukum aku.” Terus dhèwèké ya ngomong, ”Sing Mahakuwasa wis nggawé uripku sengsara banget. . . . Yéhuwah wis nglawan aku, lan Sing Mahakuwasa wis nggawé aku cilaka.”​—Rut 1:13, 20, 21.

10. (a) Apa Yéhuwah nesu merga omongané Naomi? Jelasna. (b) Piyé carané Yéhuwah mbantu Naomi?

10 Meskipun Naomi ngomong kaya ngono, tapi Yéhuwah ora nesu. Yéhuwah memahami perasaané Naomi. Yéhuwah ngerti nèk ”wong wicaksana isa édan merga ditindhes”. (Pkh. 7:7) Tapi, Naomi tetep kudu dibantu bèn isa ngerti nèk Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké. (1 Sam. 2:8) Liwat Rut, Yéhuwah mbantu bèn Naomi semangat manèh. Rut nduduhké katresnan sing langgeng lan mbantu Naomi bèn ora terus-terusan sedhih. Rut ya mbantu Naomi bèn ngerti nèk Yéhuwah isih sayang karo dhèwèké. Piyé carané niru Rut?

11. Kenapa sedulur-sedulur gelem mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké?

11 Bèn isa nduduhké katresnan sing langgeng, awaké dhéwé kudu mbantu sedulur-sedulur sing lagi sedhih. Rut mbantu wektu Naomi ngadhepi masalah. Saiki, ya akèh sedulur sing kaya Rut. Merga sayang, sedulur-sedulur kuwi ngupaya sak isa-isané bèn isa mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. (WB. 12:25; 24:10) Iki sesuai karo naséhaté Paulus ing 1 Tésalonika 5:14 yaiku, ”Aku njaluk bèn kowé . . . menghibur wong sing cilik ati, mbantu wong sing lemah, lan sabar karo kabèh wong.”

Nèk ana sedulur-sedulur sing lagi sedhih, awaké dhéwé isa ngrungokké wektu dhèwèké nyritakké perasaané (Deloken paragraf 12)

12. Biasané, apa cara sing paling apik kanggo mbantu sedulur sing lagi nduwé masalah?

12 Nèk ana sedulur-sedulur sing lagi sedhih, awaké dhéwé isa ngrungokké wektu dhèwèké lagi nyritakké perasaané lan nduduhké nèk awaké dhéwé sayang karo dhèwèké. Biasané, kuwi cara sing paling apik kanggo mbantu sedulur sing lagi nduwé masalah. Yéhuwah seneng nèk njenengan mbantu sedulur-sedulur sing lagi susah. (Mzm. 41:1) Wulang Bebasan 19:17 kandha, ”Nèk wong apikan karo wong mlarat, kuwi nggawé Yéhuwah utang karo wong sing apikan kuwi, lan Dhèwèké bakal mbales tumindaké wong mau.”

Meskipun Orpa milih balik ing Moab, Rut péngin terus ngancani Naomi, ibu maratuwané. Rut kandha, ”Menyang endi njenengan lunga, aku bakal mèlu.” (Deloken paragraf 13)

13. Piyé tanggepané Rut karo Orpa wektu dikongkon Naomi balik ing Moab, lan apa buktiné nèk Rut nduduhké katresnan sing langgeng? (Deloken gambar ing halaman 1.)

13 Apa manèh sing dibutuhké bèn isa nduduhké katresnan sing langgeng? Gatèkna apa sing kelakon sakwisé bojo lan anak-anaké Naomi mati. Pas krungu nèk ”Yéhuwah nggatèkké manèh umaté lan mènèhi mangan umaté”, Naomi péngin balik ing Yéhuda. (Rut 1:6) Awalé, mantu-mantuné ngancani Naomi. Tapi ing perjalanan, Naomi ngongkon mantu-mantuné nganti ping telu bèn balik ing Moab. Terus piyé? Alkitab ngomong, ”Orpa ngambung ibu maratuwané, terus lunga. Ning, Rut tetep karo Naomi.” (Rut 1:7-14) Keputusané Orpa kuwi sakjané ora salah, merga dhèwèké mung manut karo omongané Naomi. Tapi, Rut tetep ngancani Naomi meskipun sakjané dhèwèké isa balik ing Moab. Rut gelem kaya ngono merga dhèwèké sayang karo Naomi. (Rut 1:16, 17) Rut réla berkorban, lan kuwi bukti nèk dhèwèké nduduhké katresnan sing langgeng karo Naomi. Piyé carané niru Rut?

14. (a) Apa buktiné nèk sedulur-sedulur nduduhké katresnan sing langgeng? (b) Nurut Ibrani 13:16, piyé carané nggawé Yéhuwah seneng?

14 Bèn isa nduduhké katresnan sing langgeng, awaké dhéwé kudu gelem berkorban. Kèt mbiyèn, umaté Yéhuwah seneng nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur seimané meskipun durung kenal. Misalé, pas ana sedulur-sedulur sing kena bencana alam, sedulur-sedulur liyané langsung mbantu. Terus nèk ana sedulur sing kurang mampu, sedulur-sedulur liyané ing jemaat langsung nggolèk cara kanggo mbantu sedulur kuwi. Merga réla berkorban, sedulur-sedulur kuwi niru wong Kristen ing Makédonia ing jaman mbiyèn. Malah, sedulur-sedulur kuwi gelem mènèhi bantuan ”ngluwihi kesanggupané” bèn isa mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. (2 Kor. 8:3) Yéhuwah mesthi seneng banget karo sedulur-sedulur sing murah hati kuwi.​—Wacanen Ibrani 13:16.

CARANÉ NDUDUHKÉ KATRESNAN SING LANGGENG

15-16. Apa buktiné nèk Rut ora nyerah mbantu Naomi?

15 Apa waé sing isa dipelajari saka kisahé Rut karo Naomi? Ayo nggatèkké beberapa contoné.

16 Aja gampang nyerah. Pas Rut arep ngancani balik ing Yéhuda, Naomi awalé nolak. Tapi, Rut ora nyerah. Hasilé, ”wektu ngerti nèk Rut meksa mèlu dhèwèké, Naomi ora ngongkon Rut mulih manèh”.​—Rut 1:15-18.

17. Kenapa awaké dhéwé ora péngin gampang nyerah wektu mbantu sedulur-sedulur?

17 Carané ngetrapké: Awaké dhéwé kudu sabar lan aja gampang nyerah nèk arep mbantu sedulur sing lagi nduwé masalah. Mungkin ana sedulur sing nolak bantuané awaké dhéwé, padahal sakjané mbutuhké. Ning merga péngin nduduhké katresnan sing langgeng, awaké dhéwé mesthi péngin terus ngupaya mbantu dhèwèké. (Gal. 6:2) Awaké dhéwé mesthi berharap sedulur kuwi sukmbèn gelem nampa bantuané awaké dhéwé.

18. Rut mesthi sedhih gara-gara apa?

18 Aja gampang tersinggung. Pas wis tekan Bètlehèm, Naomi ketemu karo tangga-tanggané. Terus Naomi ngomong, ”Wektu aku lunga, aku ora kekurangan apa-apa, ning Yéhuwah nggawé aku bali tanpa nggawa apa-apa.” (Rut 1:21) Bayangna perasaané Rut wektu krungu omongané Naomi kuwi. Rut wis akèh mbantu Naomi. Rut wis nangis bareng lan menghibur Naomi. Rut ya gelem mlaku adoh ngancani Naomi tekan Bètlehèm. Tapi Naomi malah ngomong, ”Yéhuwah nggawé aku bali tanpa nggawa apa-apa.” Naomi ngomong kaya ngono seolah-olah ora ana sing mbantu dhèwèké. Omongané Naomi mesthi nggawé Rut sedhih. Tapi, Rut tetep ngancani Naomi.

19. Bèn isa mbantu sedulur sing lagi strès, awaké dhéwé kudu piyé?

19 Carané ngetrapké: Merga lagi nduwé akèh masalah utawa strès, mungkin ana sedulur sing omongané nggawé lara ati, padahal awaké dhéwé wis ngupaya mbantu dhèwèké. Ning, aja gampang tersinggung. Awaké dhéwé kudu terus mbantu dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa ndonga karo Yéhuwah bèn isa ngerti carané mbantu dhèwèké.​—WB. 17:17.

Piyé carané para pinituwa niru Boaz? (Deloken paragraf 20-21)

20. Kenapa Rut isa terus semangat ndhukung Naomi?

20 Nguwatké sedulur-sedulur. Rut wis nduduhké katresnané sing langgeng karo Naomi. Tapi, Rut ya butuh dikuwatké. Yéhuwah nguwatké Rut liwat Boaz. Boaz ngomong karo Rut, ”Muga-muga Yéhuwah mbales kabèh tumindakmu. Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl mènèhi kowé upah sing gedhé merga kowé wis nggolèk perlindungan ing ngisor sayapé.” Terus Rut ngomong karo Boaz, ”Njenengan wis menghibur lan nentremké aku.” (Rut 2:12, 13) Kata-katané Boaz mau mesthi nentremké lan nyemangati Rut bèn terus ndhukung Naomi.

21. Para pinituwa kudu piyé nèk ana sedulur-sedulur sing wis apikan? (Yésaya 32:1, 2)

21 Carané ngetrapké: Sedulur-sedulur sing wis nduduhké katresnan sing langgeng kadhang ya butuh dikuwatké. Boaz muji Rut wektu ngerti nèk Rut apikan karo Naomi. Saiki, para pinituwa ya isa muji sedulur-sedulur sing wis apikan lan sing gelem mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. Kuwi mesthi isa nyemangati sedulur-sedulur kuwi bèn isa terus ndhukung sedulur-sedulur liyané.​—Wacanen Yésaya 32:1, 2.

BERKAHÉ NÈK NDUDUHKÉ KATRESNAN SING LANGGENG

22-23. Apa buktiné nèk sikapé Naomi berubah, lan kenapa? (Mazmur 136:23, 26)

22 Boaz ora mung muji Rut, ning ya mènèhi akèh panganan kanggo Rut lan Naomi. (Rut 2:14-18) Sakwisé nampa kuwi, Naomi ngomong, ”Muga-muga wong kuwi diberkahi Yéhuwah, sing terus nduduhké katresnan sing langgeng marang wong sing isih urip lan sing wis mati.” (Rut 2:20a, ctn.) Sikapé Naomi wis berubah. Mauné, Naomi sedhih banget lan ngomong, ”Yéhuwah wis nglawan aku.” Tapi saiki Naomi ngomong, ”Yéhuwah . . . terus nduduhké katresnan sing langgeng.” Kenapa sikapé Naomi isa berubah?

23 Naomi akhiré sadhar nèk Yéhuwah ora tau ninggalké dhèwèké. Liwat Rut, Yéhuwah ndhukung Naomi pas dhèwèké balik ing Yéhuda. (Rut 1:16) Naomi ya ngrasakké dhukungané Yéhuwah pas Boaz, ”wong sing nduwé hak nebus” Rut lan Naomi, mènèhi akèh panganan. * (Rut 2:19, 20b) Naomi mungkin mikir, ’Saiki aku sadhar nèk Yéhuwah ora tau ninggalké aku. Pas aku nduwé masalah, Yéhuwah terus ndhukung aku.’ (Wacanen Mazmur 136:23, 26.) Naomi mesthi bersyukur merga Rut karo Boaz terus mbantu dhèwèké. Rut karo Boaz mesthi ya seneng banget merga Naomi semangat manèh nglayani Yéhuwah.

24. Kenapa awaké dhéwé péngin terus nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur?

24 Apa sing isa awaké dhéwé pelajari saka kisahé Rut, Naomi, lan Boaz? Saka kisah kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti piyé carané nduduhké katresnan sing langgeng. Awaké dhéwé kudu mbantu sedulur-sedulur sing nduwé masalah. Awaké dhéwé ya kudu gelem berkorban bèn isa mbantu sedulur-sedulur kuwi. Terus, para pinituwa kudu nyemangati lan muji sedulur-sedulur sing wis apikan karo sedulur-sedulur liyané. Nèk sedulur sing nduwé masalah kuwi akhiré semangat manèh nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi seneng banget. (Kis. 20:35) Mula, awaké dhéwé péngin terus nduduhké katresnan sing langgeng, merga awaké dhéwé péngin nyenengké lan niru Yéhuwah, Gusti Allah sing ”nduwé katresnan sing langgeng sing gedhé banget”.​—Pa. 34:6, ctn.; Mzm. 33:22.

LAGU 130 Kudu Seneng Ngampuni

^ par. 5 Yéhuwah péngin awaké dhéwé nduduhké katresnan sing langgeng karo sedulur-sedulur. Awaké dhéwé isa luwih paham soal katresnan sing langgeng nèk nggatèkké contoné umaté Yéhuwah jaman mbiyèn. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau kisahé Rut, Naomi, lan Boaz.

^ par. 8 Bèn luwih paham sing arep dirembug ing paragraf-paragraf berikuté, njenengan isa maca sik buku Rut bab 1 lan 2.

^ par. 23 Bèn isa ngerti apa maksudé Boaz kuwi wong sing nduwé hak nebus, deloken buku Tirunen Imané ing bab 5 sing judhulé ”Wong Wadon kang Becik”.