Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 46

Suami Istri​Utamakna Yéhuwah

Suami Istri​Utamakna Yéhuwah

”Yéhuwah kuwi kekuwatanku. . . . Aku bener-bener percaya marang Dhèwèké.”​—MZM. 28:7.

LAGU 131 Sing Yéhuwah Dadèkké Siji

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Kenapa sedulur sing lagi waé nikah kudu manut karo Yéhuwah? (Mazmur 37:3, 4) (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

 NÈK njenengan sedhéla manèh arep nikah utawa lagi waé nikah, njenengan mesthi berharap bakal terus bahagia karo pasangané njenengan. Tapi, wong sing wis nikah tetep isa nduwé masalah. Terus, mesthi ya ana keputusan-keputusan sing kudu digawé karo suami istri. Carané suami istri ngadhepi masalah lan nggawé keputusan isa mempengaruhi masa depané. Nèk manut karo Yéhuwah, njenengan karo bojoné njenengan isa bahagia. Tapi nèk ora manut, isa waé njenengan karo bojoné njenengan dadi tambah susah.​—Wacanen Mazmur 37:3, 4.

2 Mémang, artikel iki khususé kanggo sedulur-sedulur sing lagi waé nikah. Tapi, kabèh sing wis nikah ya isa éntuk manfaat saka artikel iki. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kisahé Raja Yéhosyafat, Nabi Yésaya karo bojoné, Priskila karo Akuila, lan Pétrus karo bojoné. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug pengalamané sedulur-sedulur sing wis nikah. Saka kono, suami istri isa ngerti piyé carané nggawé keputusan sing apik bèn perkawinané bahagia.

KEPUTUSAN PENTING SING KUDU DIGAWÉ SUAMI ISTRI

Apa sing isa nggawé njenengan dadi ora isa nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah? (Deloken paragraf 3-4)

3-4. Keputusan penting apa sing kudu digawé karo sedulur-sedulur sing lagi waé nikah?

3 Nèk njenengan lagi waé nikah, mungkin wong tuwa utawa seduluré njenengan ngongkon bèn ndang nduwé anak. Terus, mungkin ya ana kanca utawa keluarga sing ngongkon tuku omah sak perabotané bèn uripé njenengan luwih nyaman. Wong-wong kuwi mungkin mikir nèk wong sing wis nikah mémang kuduné kaya ngono.

4 Nèk ora ngati-ati, njenengan isa waé nggawé keputusan sing nyebabké njenengan dadi nduwé akèh utang. Nèk wis ngono, njenengan karo bojoné njenengan mungkin kudu kerja keras bèn isa nglunasi utang kuwi. Terus, njenengan mungkin dadi ora nduwé wektu kanggo sinau Alkitab pribadi, ibadah keluarga, utawa nginjil. Sakliyané kuwi, njenengan utawa bojoné njenengan isa waé dadi ora teratur teka ing pertemuan ibadah merga kudu lembur. Njenengan mungkin kaya ngono bèn isa éntuk dhuwit luwih akèh utawa bèn ora ditokké saka gawéan. Akibaté, njenengan karo bojoné njenengan dadi ora isa nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah. Padahal nèk ora nduwé utang, kuwi mungkin isa kelakon lan perkawinané njenengan isa luwih bahagia.

5. Saka pengalamané Klaus karo Marisa, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

5 Wong-wong percaya nèk kudu nduwé dhuwit akèh bèn isa bahagia. Tapi, akèh pengalaman nduduhké nèk kuwi klèru. Misalé, gatèkna pengalamané Klaus karo Marisa. * Sakwisé nikah, wong loro kuwi kerja keras merga péngin nduwé dhuwit akèh lan uripé nyaman. Tapi meskipun isa tuku barang-barang sing dipénginké, wong loro kuwi tetep ora bahagia. Klaus kandha, ”Aku karo bojoku ora nduwé rencana bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah. Meskipun dhuwitku akèh, tapi masalahku ya akèh. Akibaté, aku karo bojoku dadi strès.” Mungkin saiki njenengan ya kaya ngono. Tapi njenengan ora perlu sedhih. Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané wong liya bèn isa nggawé keputusan sing apik. Saiki, ayo nggatèkké apa sing isa dipelajari para suami saka pengalamané Raja Yéhosyafat.

PERCAYA KARO YÉHUWAH KAYA RAJA YÉHOSYAFAT

6. Kenapa keputusané Yéhosyafat wektu ngadhepi masalah sesuai karo Wulang Bebasan 3:5, 6?

6 Para suami, apa njenengan tau ngrasa kuwatir merga tanggung jawabé njenengan dadi kepala keluarga? Nèk ngono, njenengan isa sinau saka Raja Yéhosyafat. Dhèwèké péngin nglindhungi rakyaté bèn ora diserang mungsuh. Dadi, dhèwèké mbangun bèntèng kanggo nglindhungi kutha Yéhuda lan nglumpukké pasukan sing jumlahé luwih saka 1.160.000. (2 Bb. 17:12-19) Bar kuwi, pasukan saka Moab, Ammon, lan dhaérah pegunungan Séir teka arep nyerang wong Yéhuda. (2 Bb. 20:1, 2) Terus Yéhosyafat piyé? Dhèwèké njaluk bantuané Yéhuwah. Kuwi sesuai karo naséhat ing Wulang Bebasan 3:5, 6. (Wacanen.) Dongané Yéhosyafat sing dicathet ing 2 Babad 20:5-12 nduduhké nèk dhèwèké rendah hati lan bener-bener percaya karo Yéhuwah. Terus Yéhuwah piyé?

7. Piyé carané Yéhuwah njawab dongané Yéhosyafat?

7 Yéhuwah njawab dongané Yéhosyafat liwat wong Lèwi sing jenengé Yahazièl. Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu siap-siap ing panggonanmu, tetep ngadeg, lan deloken piyé Yéhuwah nylametké kowé.” (2 Bb. 20:13-17) Nèk ngadeg thok pas perang, apa ya mungkin isa menang? Mémang, préntah kuwi disampèkké liwat Yahazièl. Tapi sakjané, sing ngongkon kaya ngono kuwi Yéhuwah. Terus Yéhosyafat piyé? Dhèwèké bener-bener percaya lan manut karo Yéhuwah. Buktiné, sing dikongkon ing barisan paling ngarep kuwi dudu prajurit sing paling kuwat, tapi malah para penyanyi sing ora nggawa senjata. Terus, Yéhuwah nepati janjiné karo Yéhosyafat lan ngalahké pasukan mungsuh.​—2 Bb. 20:18-23.

Sedulur-sedulur sing lagi waé nikah isa terus ngutamakké Yéhuwah nèk ndonga lan sinau Alkitab (Deloken paragraf 8, 10)

8. Apa sing isa dipelajari para suami saka Raja Yéhosyafat?

8 Para suami, njenengan isa sinau saka Raja Yéhosyafat. Merga péngin dadi kepala keluarga sing bertanggung jawab, njenengan mesthi wis kerja keras bèn isa nglindhungi lan nyukupi kebutuhan keluargané njenengan. Pas ana masalah, mungkin njenengan ngrasa nèk isa ngrampungi masalah kuwi dhéwé. Ning aja ngono. Njenengan kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Sakliyané ndonga dhéwé, njenengan ya kudu ndonga bareng karo bojoné njenengan. Terus, njenengan ya kudu manut karo tuntunané Yéhuwah. Bèn isa ngerti tuntunané Yéhuwah, njenengan kudu sinau Alkitab lan nggolèk saran-saran saka bacaan sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah. Tapi meskipun keputusané njenengan wis sesuai karo pathokané Alkitab, mungkin ana sing nganggep nèk keputusané njenengan kuwi klèru. Wong-wong kuwi mungkin ngomong nèk sing isa nggawé keluargané njenengan bahagia kuwi ya dhuwit. Ning élinga contoné Raja Yéhosyafat. Dhèwèké percaya tenan karo Yéhuwah, lan kuwi kétok saka keputusané. Nèk Yéhuwah mbiyèn ora ninggalké Yéhosyafat, Yéhuwah ya ora bakal ninggalké njenengan. (Mzm. 37:28; Ibr. 13:5) Terus, suami istri kudu piyé manèh bèn keluargané isa bahagia?

NGANGGEP NÈK NGLAYANI YÉHUWAH KUWI SING PALING PENTING KAYA NABI YÉSAYA KARO BOJONÉ

9. Kenapa Nabi Yésaya karo bojoné isa dadi conto sing apik kanggo suami istri jaman saiki?

9 Nabi Yésaya lan bojoné nganggep nèk nglayani Yéhuwah kuwi penting banget. Kaya Yésaya, bojoné Yésaya mungkin ya dikongkon nyampèkké ramalané Gusti Allah, merga dhèwèké disebut ”nabi wédok”. (Yés. 8:1-4) Dadi, Nabi Yésaya karo bojoné bareng-bareng nglayani Yéhuwah. Iki conto sing apik kanggo suami istri.

10. Kenapa sinau ramalané Alkitab isa nyemangati suami istri bèn ngupaya sak isa-isané nglayani Yéhuwah?

10 Njenengan karo bojoné njenengan ya kudu nganggep nèk nglayani Yéhuwah kuwi sing paling penting. Njenengan karo bojoné njenengan isa nduwé iman sing kuwat nèk sinau ramalané Alkitab. Wektu nggatèkké nèk ramalané mesthi kelakon, njenengan dadi tambah yakin karo janji-janjiné Yéhuwah. * (Tit. 1:2) Terus, njenengan ya isa mikirké piyé carané bèn isa mèlu nggawé ramalané Alkitab kelakon. Misalé, Yésus tau ngramalké nèk kabar apik bakal diwartakké ing kabèh wilayah ing bumi sakdurungé donyané Sétan dihancurké. (Mat. 24:14) Dadi, njenengan karo bojoné njenengan isa mikirké piyé carané bèn isa ndhukung gawéan nginjil. Nèk percaya karo ramalané Alkitab lan janji-janjiné Yéhuwah, njenengan karo bojoné njenengan bakal ngupaya sak isa-isané nglayani Yéhuwah.

NGUTAMAKKÉ GAWÉAN NGINJIL KAYA PRISKILA KARO AKUILA

11. Meskipun ngadhepi masalah, tapi Priskila karo Akuila piyé, lan apa buktiné?

11 Suami istri isa sinau saka pengalamané Priskila karo Akuila, wong Yahudi sing wis dadi wong Kristen. Wong loro kuwi mauné manggon ing Roma. Merga wis nduwé gawéan dadi tukang nggawé kémah, mesthiné wong loro kuwi uripé wis kepénak. Tapi merga Kaisar Klaudius ngongkon kabèh wong Yahudi lunga saka Roma, akhiré wong loro kuwi pindhah ing Korintus. Kuwi artiné wong loro kuwi ora isa ketemu manèh karo kanca-kancané lan kudu nggolèk tempat tinggal karo pelanggan sing anyar. Tapi meskipun ana masalah, wong loro kuwi tetep ngutamakké gawéan nginjil. Buktiné, wong loro kuwi nyemangati lan mbantu jemaat ing Korintus bareng karo Paulus. Bar kuwi, wong loro kuwi pindhah ing kutha liya kanggo mbantu gawéan nginjil. (Kis. 18:18-21; Rm. 16:3-5) Wong loro kuwi mesthi bahagia banget merga isa bareng-bareng ngutamakké gawéan nginjil.

12. Saka pengalamané Russell karo Elizabeth, apa manfaaté nèk suami istri wis ngrembug cita-cita sing péngin diupayakké?

12 Kaya Priskila karo Akuila, suami istri ya kudu ngutamakké gawéan nginjil. Kuwi sebabé, sedulur-sedulur sing lagi pacaran isa ngrembug karo pasangané cita-cita apa sing arep diupayakké sakwisé nikah. Nèk nggawé keputusan bareng, nduwé cita-cita sing padha, lan padha-padha péngin ngutamakké gawéan nginjil, wong loro kuwi isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah sakwisé nikah. (Pkh. 4:9, 12) Gatèkna pengalamané Russell karo Elizabeth. Russell kandha, ”Pas pacaran, aku karo Elizabeth ngrembug arep ngapa sakwisé nikah bèn isa nyenengké Yéhuwah.” Elizabeth kandha, ”Aku karo Russell ngrembug kuwi bèn isa nggawé keputusan sing apik sakwisé nikah supaya cita-cita kuwi isa kelakon.” Merga ngupayakké kuwi, Russell karo Elizabeth isa pindhah ing Mikronesia kanggo mbantu gawéan nginjil ing kono.

Sedulur-sedulur sing lagi waé nikah isa terus ngutamakké Yéhuwah nèk nduwé cita-cita sing padha (Deloken paragraf 13)

13. Apa hasilé nèk suami istri mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah? (Mazmur 28:7)

13 Kaya Russell karo Elizabeth, akèh suami istri sing ngupaya urip sederhana bèn nduwé luwih akèh wektu kanggo nginjil lan mbantu wong liya sinau Alkitab. Nèk suami istri péngin mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah lan bareng-bareng ngupayakké kuwi, hasilé mesthi apik. Wong loro kuwi bakal ngrasakké dhukungané Yéhuwah, imané tambah kuwat, lan bener-bener bahagia.​—Wacanen Mazmur 28:7.

PERCAYA KARO YÉHUWAH KAYA PÉTRUS KARO BOJONÉ

14. Apa buktiné nèk Pétrus karo bojoné percaya karo janji sing ditulis ing Matius 6:25, 31-34?

14 Pétrus karo bojoné ya isa dadi conto sing apik kanggo pasangan suami istri. Enem sasi sakwisé ketemu Yésus pertama kali, Pétrus dijak dadi muridé Yésus. Tapi, wektu kuwi Pétrus isih dadi nelayan. Pétrus mesthi mikirké piyé carané isa nyukupi kebutuhané bojoné nèk dhèwèké mèlu Yésus. (Luk. 5:1-11) Tapi akhiré, Pétrus gelem dadi muridé Yésus lan kuwi keputusan sing apik. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk bojoné Pétrus mesthi ndhukung keputusané Pétrus kuwi. Alkitab nyebutké nèk sakwisé Yésus diuripké manèh, bojoné Pétrus ngancani Pétrus nginjil ing kutha-kutha liya. (1 Kor. 9:5) Merga bojoné Pétrus isa dadi conto sing apik kanggo istri-istri, kuwi sebabé Pétrus isa leluasa mènèhi naséhat kanggo suami lan istri. (1 Ptr. 3:1-7) Dadi, kétok cetha nèk Pétrus karo bojoné percaya karo Yéhuwah sing wis janji nèk bakal nyukupi kebutuhané wong-wong sing ngutamakké dhisik Kerajaané Gusti Allah.​—Wacanen Matius 6:25, 31-34.

15. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Tiago karo Esther?

15 Piyé carané suami istri sing wis beberapa taun nikah isa luwih semangat lan gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah? Salah siji carané, njenengan isa sinau saka pengalamané wong liya. Misalé, njenengan isa maca artikel ”Pengalaman” ing Warta Penting. Merga maca pengalaman-pengalaman sing kaya ngono, Sedulur Tiago saka Brasil karo Esther bojoné péngin nglayani ing dhaérah liya sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Tiago kandha, ”Sedulur-sedulur kuwi bahagia merga ngrasakké bantuané Yéhuwah. Aku ya péngin ngrasakké sing padha.” Akhiré pas taun 2014, Tiago karo Esther pindhah ing Paraguay lan nglayani ing jemaat basa Portugis. Esther kandha, ”Ayat favoritku kuwi Éfésus 3:20. Aku wis bola-bali ngrasakké nèk Yéhuwah mènèhi luwih akèh timbang sing tak jaluk.” Kaya Esther, akèh sedulur ya wis ngrasakké nèk janji sing disampèkké liwat Paulus kuwi pancèn bener.

Sedulur-sedulur sing lagi waé nikah isa terus ngutamakké Yéhuwah nèk njaluk saran saka sedulur-sedulur sing luwih pengalaman (Deloken paragraf 16)

16. Sedulur-sedulur sing lagi waé nikah isa njaluk sarané sapa?

16 Akèh suami istri sing wis nduduhké nèk bener-bener percaya karo Yéhuwah. Nèk njenengan lagi waé nikah, njenengan isa éntuk manfaat saka pengalamané sedulur-sedulur kuwi. Misalé, mungkin njenengan kenal karo pasangan suami istri sing wis puluhan taun merintis. Njenengan isa njaluk saran sing isa mbantu bèn cita-citané njenengan isa kelakon. Kuwi salah siji cara kanggo nduduhké nèk njenengan bener-bener percaya karo Yéhuwah. (WB. 22:17, 19) Sakliyané kuwi, para pinituwa ya isa nyemangati lan mbantu sedulur-sedulur sing lagi waé nikah bèn gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah.

17. Critakna pengalamané Klaus karo Marisa, lan apa sing isa dipelajari saka pengalaman kuwi?

17 Tapi kadhang, rencanané awaké dhéwé ora kelakon kaya sing diharapké. Contoné yaiku Klaus karo Marisa sing disebutké ing paragraf 5. Sakwisé telung taun nikah, wong loro kuwi pindhah kanggo mbantu proyèk pembangunan ing Kantor Cabang Finlandia. Tapi jebulé, Klaus karo Marisa mung isa enem sasi thok mbantu ing kono. Awalé, wong loro kuwi mémang kecéwa. Tapi ora suwé bar kuwi, Klaus karo Marisa diundang kantor cabang bèn mèlu kursus basa Arab. Saiki, Klaus karo Marisa nglayani ing negara liya lan mbantu salah siji jemaat basa Arab ing kono. Marisa ngomong, ”Aku sakjané wedi merga iki sesuatu sing anyar kanggo aku. Dadi, aku kudu bener-bener percaya karo Yéhuwah. Tapi, aku wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah selalu mbantu aku. Malah kadhang, Yéhuwah mbantu aku nganggo cara sing ora tak sangka-sangka. Saiki aku dadi tambah percaya karo Yéhuwah.” Pengalaman iki nduduhké nèk Yéhuwah bakal mberkahi njenengan nèk njenengan bener-bener percaya karo Yéhuwah.

18. Piyé carané bèn suami istri isa ngutamakké Yéhuwah?

18 Perkawinan kuwi hadiah saka Yéhuwah. (Mat. 19:5, 6) Yéhuwah péngin suami istri isa bahagia. (WB. 5:18) Nèk suami istri ngutamakké Yéhuwah, kuwi isa nggawé Yéhuwah seneng. Sedulur-sedulur sing lagi waé nikah, apa njenengan lagi ngupaya nyenengké Yéhuwah bareng karo bojoné njenengan? Nèk ngono, ndongaa karo Yéhuwah. Nggolèka tuntunané Yéhuwah liwat Alkitab. Terus, ngupayaa ngetrapké kuwi. Hasilé, njenengan karo bojoné njenengan bakal bahagia merga ngutamakké Yéhuwah.

LAGU 132 Aku Kowé Dadi Siji

^ par. 5 Keputusané awaké dhéwé kuwi ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Kuwi sebabé, sedulur-sedulur sing lagi waé nikah kudu nggawé keputusan sing apik bèn isa bahagia lan tetep cedhak karo Yéhuwah. Piyé carané? Artikel iki bakal ngrembug soal kuwi.

^ par. 5 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 10 Contoné, gatèkna ramalané Alkitab sing dirembug ing bab 6, 7, lan 19 ing buku Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh.