Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 47

Aja Mandheg Nglayani Yéhuwah

Aja Mandheg Nglayani Yéhuwah

”Aku percaya marang Njenengan, oh Yéhuwah.”​—MZM. 31:14.

LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Apa Yéhuwah péngin awaké dhéwé cedhak karo Dhèwèké?

 YÉHUWAH péngin awaké dhéwé cedhak karo Dhèwèké. (Yak. 4:8) Yéhuwah kuwi Gusti Allah, Bapak, lan Kancané awaké dhéwé. Yéhuwah ya ngrungokké dongané awaké dhéwé lan mesthi mbantu pas awaké dhéwé ana masalah. Liwat organisasiné, Yéhuwah mulang lan mbantu awaké dhéwé bèn cedhak karo Dhèwèké. Tapi, awaké dhéwé kudu piyé bèn isa cedhak karo Yéhuwah?

2. Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa cedhak karo Yéhuwah?

2 Bèn isa cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ndonga, maca Alkitab, terus ngrenungké kuwi. Sakliyané tambah cedhak, awaké dhéwé ya isa tambah sayang karo Yéhuwah. Terus merga ngerti nèk Yéhuwah kuwi mémang pantes dipuji lan disembah, awaké dhéwé mesthi ora bakal ngrasa nèk manut karo Yéhuwah kuwi dadi beban. (Why. 4:11) Nèk tambah kenal karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi isa tambah percaya karo Dhèwèké lan organisasiné.

3. Sétan péngin awaké dhéwé piyé, tapi awaké dhéwé isa terus nglayani Yéhuwah nèk piyé? (Mazmur 31:13, 14)

3 Tapi, Sétan ora péngin awaké dhéwé cedhak karo Yéhuwah. Malah, dhèwèké péngin awaké dhéwé mandheg nglayani Yéhuwah. Pas awaké dhéwé ngadhepi masalah, Sétan péngin awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Tapi, nèk terus percaya karo Yéhuwah lan nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé mesthi isa terus nglayani Yéhuwah.​—Wacanen Mazmur 31:13, 14.

4. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

4 Ing artikel iki, bakal dibahas telu cara sing isa dimanfaatké Sétan bèn awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Kok isa kuwi nggawé awaké dhéwé dadi mandheg nglayani Yéhuwah? Piyé carané bèn ora mandheg nglayani Yéhuwah?

PAS ANA MASALAH

5. Pas ngadhepi masalah, kok isa awaké dhéwé dadi ora percaya karo Yéhuwah lan organisasiné?

5 Pas ngadhepi masalah, misalé disengiti keluarga utawa ora nduwé gawéan, awaké dhéwé isa dadi ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Terus nèk masalahé ora rampung-rampung, awaké dhéwé isa waé dadi sedhih lan ora semangat. Sétan isa manfaatké kuwi bèn awaké dhéwé mikir nèk Yéhuwah ora sayang manèh karo awaké dhéwé. Sétan ya péngin awaké dhéwé mikir nèk masalah kuwi ana merga awaké dhéwé nglayani Yéhuwah. Mbiyèn, wong Israèl ya kaya ngono. Awalé, wong-wong kuwi mikir nèk Musa karo Harun wis dipilih Yéhuwah kanggo mbébaské wong Israèl saka Mesir. (Pa. 4:29-31) Tapi, pas Firaun nggawé wong Israèl dadi saya susah, wong Israèl nyalahké Musa karo Harun. Wong Israèl padha ngomong, ”Kowé wis nggawé Firaun lan para abdiné sengit karo aku lan wong Israèl. Gara-gara kowé, wong-wong kuwi dadi nduwé alesan kanggo matèni aku lan wong Israèl.” (Pa. 5:19-21) Dadi nèk masalahé njenengan ora rampung-rampung, njenengan kudu piyé bèn isa terus percaya karo Yéhuwah lan organisasiné?

6. Apa sing isa dipelajari saka Habakuk wektu dhèwèké ngadhepi masalah sing akèh? (Habakuk 3:17-19)

6 Critakna kabèh karo Yéhuwah. Mbiyèn, Nabi Habakuk tau ngadhepi masalah sing akèh. Habakuk nganti mikir nèk Yéhuwah ora perduli manèh karo dhèwèké. Terus, Habakuk ndonga nyritakké perasaané. Habakuk ngomong, ”Oh Yéhuwah, nganti kapan aku kudu njaluk tulung? Kapan Njenengan bakal ngrungokké aku? . . . Ngapa kok Njenengan meneng waé wektu ana sing nindhes liyané?” (Hab. 1:2, 3) Yéhuwah njawab dongané Habakuk. (Hab. 2:2, 3) Habakuk ya ngrenungké carané Yéhuwah mbantu umaté. Hasilé, Habakuk ora sedhih manèh lan yakin nèk Yéhuwah perduli lan gelem mbantu dhèwèké ngadhepi masalah. (Wacanen Habakuk 3:17-19.) Apa pelajarané? Nèk ngadhepi masalah, ndongaa karo Yéhuwah. Critakna kabèh sing njenengan rasakké. Terus, njaluka bantuané Yéhuwah. Yéhuwah mesthi bakal mènèhi njenengan kekuwatan bèn isa ngadhepi masalah. Terus, imané njenengan mesthi ya dadi tambah kuwat merga ngrasakké bantuané Yéhuwah.

7. Pas Sherli ngadhepi masalah, ana seduluré sing ngojok-ngojoki bèn Sherli piyé, tapi piyé carané Sherli isa tetep yakin nèk Yéhuwah perduli karo umaté?

7 Kudu tetep ndonga, maca Alkitab, nginjil, lan ngibadah. Gatèkna pengalamané Sedulur Sherli saka Papua Nugini. b Dhèwèké miskin banget, malah kadhang nganti kanggo mangan waé angèl. Terus, ana seduluré sing ngojok-ngojoki Sherli bèn ora nglayani Yéhuwah manèh. Seduluré kuwi ngomong, ”Jaréné Yéhuwah mbantu kowé nganggo roh suciné. Mbantuné piyé? Lha wong keluargamu waé isih miskin ngono kok. Buwang-buwang wektu kowé nginjil terus.” Sherli dadi mikir, ’Gusti Allah jané tenanan perduli apa ora, ta?’ Tapi Sherli langsung ndonga. Terus, dhèwèké maca Alkitab lan bacaan-bacaan saka organisasi. Dhèwèké ya tetep nginjil lan ngibadah. Sherli akhiré sadhar nèk Yéhuwah mémang perduli karo umaté. Terus, keluargané ya tetep isa mangan. Sherli ngomong, ”Yéhuwah njawab dongaku.” (1 Tim. 6:6-8) Pas ana masalah, awaké dhéwé kudu tetep ndonga, maca Alkitab, nginjil, lan ngibadah. Hasilé, awaké dhéwé ora bakal mandheg nglayani Yéhuwah.

PAS SEDULUR-SEDULUR SING NDUWÉ TANGGUNG JAWAB DIPENJARA

8. Sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing organisasi isa waé diapakké?

8 Wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah isa waé nyebarké berita sing ora bener soal sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing organisasi. Beritané kuwi mungkin kesebar liwat Internèt utawa média sosial. (Mzm. 31:13) Terus, isa waé ana sedulur-sedulur sing ditangkep lan dianggep kaya penjahat. Mbiyèn, Rasul Paulus ya tau dipenjara lan dianggep kaya penjahat. Terus, sedulur-sedulur wektu kuwi piyé?

9. Pas Paulus dipenjara ing Roma, ana sedulur-sedulur sing piyé?

9 Pas Paulus dipenjara ing Roma, ana sedulur-sedulur sing ninggalké dhèwèké. Mungkin, sedulur-sedulur kuwi isin soalé Paulus dianggep kaya penjahat. (2 Tim. 1:8, 15; 2:8, 9) Sedulur-sedulur kuwi ya isa waé wedi nèk bakal dianiaya. Mémang, awaké dhéwé ora ngerti pasti. Tapi, coba bayangna perasaané Paulus wektu kuwi. Dhèwèké wis akèh berkorban kanggo sedulur-sedulur lan malah nganti mèh mati. (Kis. 20:18-21; 2 Kor. 1:8) Aja nganti awaké dhéwé kaya sedulur-sedulur sing ninggalké Paulus kuwi. Terus, awaké dhéwé kudu piyé nèk ana sedulur-sedulur sing dipenjara?

10. Awaké dhéwé kudu terus mikirké apa nèk ana sedulur-sedulur sing dipenjara?

10 Terus mikirké apa alesané umaté Yéhuwah dianiaya. Ing 2 Timotius 3:12 disebutké, ”Kabèh wong sing dadi muridé Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah ya bakal dianiaya.” Sétan utamané bakal nyerang sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing organisasi. Tujuané, Sétan péngin nggawé awaké dhéwé wedi lan ora setya karo Yéhuwah.​—1 Ptr. 5:8.

Pas Rasul Paulus dipenjara, Onésiforus terus nguwatké Paulus. Kaya ing gambar iki, nèk ana sedulur-sedulur sing dipenjara, awaké dhéwé kudu terus ndhukung sedulur-sedulur kuwi. (Deloken paragraf 11-12)

11. Kaya Onésiforus, awaké dhéwé kudu piyé nèk ana sedulur-sedulur sing dipenjara? (2 Timotius 1:16-18)

11 Terus nguwatké sedulur-sedulur. (Wacanen 2 Timotius 1:16-18.) Pas Paulus dipenjara, ana sedulur sing nguwatké dhèwèké. Sedulur kuwi ora kaya sedulur-sedulur sing ninggalké Paulus. Sedulur kuwi jenengé Onésiforus. Ing Alkitab disebutké nèk dhèwèké ”ora isin senajan [Paulus] dipenjara”. Malah, dhèwèké nggolèki lan mbantu Paulus meskipun kuwi bahaya banget. Apa pelajarané? Awaké dhéwé kudu terus ndhukung sedulur-sedulur. (WB. 17:17) Aja nganti awaké dhéwé ninggalké sedulur-sedulur sing dipenjara mung merga wedi nèk bakal dianiaya. Sedulur-sedulur kuwi perlu terus dikuwatké lan didhukung.

12. Piyé carané niru sedulur-sedulur ing Rusia?

12 Sedulur-sedulur ing Rusia dadi conto sing apik soal nggatèkké sedulur-sedulur sing dipenjara. Pas ana sing digawa ing pengadilan, sedulur-sedulur liyané padha teka kanggo nguwatké. Piyé carané niru sedulur-sedulur kuwi? Nèk ana sedulur-sedulur sing ditudhuh, dianiaya, utawa dipenjara, aja wedi. Awaké dhéwé kudu ndongakké sedulur-sedulur kuwi lan nggatèkké keluargané. Terus, awaké dhéwé isa mikirké cara-cara liyané kanggo ndhukung sedulur-sedulur kuwi.​—Kis. 12:5; 2 Kor. 1:10, 11.

PAS DIÉCÉ

13. Pas diécé, kok isa awaké dhéwé dadi ora percaya karo Yéhuwah lan organisasiné?

13 Keluarga sing ora seiman, kanca kerja, utawa kanca sekolah mungkin tau ngécé awaké dhéwé. (1 Ptr. 4:4) Isa waé wong-wong kuwi ngomong, ”Aku ki bukané ora seneng karo kowé. Tapi, agamamu kuwi terlalu kaku. Apa-apa ora éntuk.” Wong-wong kuwi mungkin ngécé merga awaké dhéwé manut pathokan ing Alkitab soal ngetokké wong sing ora mertobat. Isa waé wong-wong kuwi ngomong, ”Jaré Seksi Yéhuwah kuwi apikan. Kok malah ngono?” Nah, omongan-omongan kaya ngono kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi ragu-ragu. Isa waé awaké dhéwé dadi mikir, ’Kayané pathokané Yéhuwah kok abot banget ya? Organisasiné Yéhuwah kok kakèhan aturan ya?’ Nèk njenengan piyé? Apa njenengan tau diécé nganti ragu-ragu kaya ngono? Terus, piyé carané bèn ora ninggalké Yéhuwah lan organisasiné?

Pas diécé kancané, Ayub ora gelem percaya karo omongané kancané kuwi. Dhèwèké péngin tetep setya karo Yéhuwah. (Deloken paragraf 14)

14. Piyé nèk ana sing ngécé merga awaké dhéwé manut karo Yéhuwah? (Mazmur 119:50-52)

14 Terus manut Yéhuwah. Ayub tau diécé merga manut karo Yéhuwah. Salah sijiné kancané ngomong nèk ora ana gunané Ayub manut karo Yéhuwah, soalé kanggoné Gusti Allah kuwi ora penting awaké dhéwé manut apa ora. (Ayb. 4:17, 18; 22:3) Tapi, Ayub ora gelem percaya karo omongané kancané kuwi. Dhèwèké péngin terus manut karo Yéhuwah. Ayub percaya nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing bener. Dhèwèké ya péngin terus setya karo Yéhuwah. (Ayb. 27:5, 6) Apa pelajarané? Nèk diécé, njenengan kudu tetep yakin nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing bener. Coba pikirna apa manfaat sing tau njenengan rasakké merga manut pathokané Yéhuwah. Njenengan ya kudu terus percaya karo organisasiné Yéhuwah. Hasilé meskipun diécé, njenengan ora bakal mandheg nglayani Yéhuwah.​—Wacanen Mazmur 119:50-52.

15. Kenapa Brizit diécé?

15 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Brizit saka India. Dhèwèké diécé keluargané merga dadi Seksi Yéhuwah. Bojoné Brizit kuwi ora seiman. Brizit dibaptis taun 1997. Ora let suwé, bojoné di-PHK. Terus, bojoné Brizit ngejak Brizit karo anak-anaké pindhah ing omahé wong tuwané. Maratuwané Brizit ya ora seneng merga Brizit dadi Seksi Yéhuwah. Terus merga bojoné Brizit durung nduwé gawéan manèh, Brizit kudu kerja saben dina kanggo nyukupi kebutuhan. Brizit ya bingung piyé carané isa teratur teka ngibadah, soalé jemaat sing paling cedhak karo omahé maratuwané kuwi jaraké kira-kira 350 kilomèter. Bar kuwi, Brizit karo anak bojoné pindhah manèh. Terus, bojoné Brizit mati. Anaké wédok sing umuré 12 taun ya mati merga kena kanker. Keluargané ngomong nèk kabèh kuwi kelakon merga Brizit dadi Seksi Yéhuwah. Tapi Brizit ora nyerah. Dhèwèké tetep percaya karo Yéhuwah lan organisasiné.

16. Apa hasilé merga Brizit terus percaya karo Yéhuwah lan organisasiné?

16 Merga omahé Brizit adoh banget, ana pinituwa wilayah sing mènèhi saran bèn Brizit nginjil ing dhaérah kono waé lan nganakké pertemuan ibadah ing omahé. Mémang awalé rasané abot banget. Tapi dhèwèké manut arahan kuwi. Dhèwèké nginjil marang tangga-tanggané, nganakké pertemuan ibadah ing omahé, lan ibadah keluarga karo anak-anaké. Hasilé, akèh sing gelem sinau Alkitab lan ana sing dibaptis. Taun 2005, Brizit dadi perintis biasa. Merga Brizit terus percaya karo Yéhuwah lan organisasiné, Yéhuwah mberkahi dhèwèké. Anak-anaké ya isa nglayani Yéhuwah, lan saiki ana loro jemaat ing dhaérah omahé Brizit. Brizit yakin nèk dhèwèké isa tetep kuwat meskipun diécé merga dibantu Yéhuwah.

TETEP NGLAYANI YÉHUWAH

17. Awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn apa?

17 Sétan péngin awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah ora bakal mbantu pas awaké dhéwé ngadhepi masalah. Terus, dhèwèké ya péngin awaké dhéwé nganggep nèk awaké dhéwé ora bakal bahagia nèk tetep dadi Seksi Yéhuwah. Nèk sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab difitnah, dianiaya, utawa dipenjara, Sétan péngin awaké dhéwé dadi wedi. Terus nèk awaké dhéwé diécé, Sétan péngin awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné. Tapi, awaké dhéwé wis ngerti siasat-siasaté Sétan. Mula, awaké dhéwé ora bakal kapusan. (2 Kor. 2:11) Awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn tetep setya karo Yéhuwah lan organisasiné. Yéhuwah mesthi bakal nulungi awaké dhéwé. (Mzm. 28:7) Dadi, aja nganti awaké dhéwé mandheg nglayani Yéhuwah, merga Yéhuwah ya ora bakal mandheg sayang karo awaké dhéwé.​—Rm. 8:35-39.

18. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?

18 Ing artikel iki wis dibahas cara-cara sing dimanfaatké Sétan bèn awaké dhéwé ora percaya karo Yéhuwah lan organisasiné. Tapi, Sétan isa manfaatké masalah-masalah liyané bèn awaké dhéwé ora semangat nglayani Yéhuwah. Piyé carané bèn isa berhasil ngatasi kuwi? Awaké dhéwé bakal mbahas kuwi ing artikel berikuté.

LAGU 118 Tulung Kuwatna Imanku

a Bèn isa tetep setya, awaké dhéwé kudu terus percaya karo Yéhuwah lan organisasiné. Sétan péngin awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah. Nah ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas telu cara sing isa dimanfaatké Sétan lan piyé carané bèn ora mandheg nglayani Yéhuwah.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.