Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

”Aku Péngin Nglayani Yéhuwah”

”Aku Péngin Nglayani Yéhuwah”

WEKTU kuwi, aku lagi nglayani ing dhaérah terpencil ing hutan cedhak désa Granbori, Suriname. Aku karo sedulur-sedulur numpak prau sing ana mesiné ngliwati Kali Tapanahoni. Terus, baling-balingé mesin prau kuwi nabrak watu. Bagéan ngarep prau kuwi kleleb. Suwé-suwé, banyuné mlebu ing prau. Terus, aku karo sedulur-sedulur ya mèh kleleb. Ya mémang, selama nglayani dadi pinituwa wilayah, aku wis kerep lunga nganggo prau. Tapi sakjané, aku ora isa renang.

Sakdurungé tak lanjutké critaku, ayo tak critani sik piyé aku isa dadi pinituwa wilayah.

Aku lair taun 1942 ing Kepulauan Karibia, Curaçao. Bapakku asliné Suriname. Tapi, dhèwèké pindhah ing Kepulauan Karibia kanggo nyambut gawé. Dhèwèké wis dadi Seksi Yéhuwah beberapa taun sakdurungé aku lair. Bapakku kuwi Seksi Yéhuwah sing awal-awal ing Curaçao. a Dhèwèké ngejak anak-anaké sinau Alkitab saben minggu, meskipun kadhang anak-anaké males sinau. Pas aku umur 14, bapakku ngejak anak-anaké pindhah ing Suriname kanggo ngrawat mbahku wédok.

NDUWÉ KANCA-KANCA SING APIK

Ing jemaat ing Suriname, aku nduwé kanca-kanca sing semangat nglayani Yéhuwah. Kanca-kancaku kuwi mung beberapa taun luwih tuwa saka aku, tapi wis padha merintis biasa. Kanca-kancaku kétok seneng pas nyritakké pengalamané wektu nginjil. Bar pertemuan ibadah, biasané aku karo kanca-kancaku ngobrol ing njaba. Merga nduwé kanca-kanca sing apik, aku dadi péngin nglayani Yéhuwah. Dadi, aku dibaptis pas umur 16. Terus pas umur 18, aku mulai merintis biasa.

ÉNTUK AKÈH PELAJARAN BERHARGA

Pas merintis ing Paramaribo

Selama nglayani dadi perintis biasa, aku éntuk akèh pelajaran sing berharga, misalé soal nglatih wong liya. Ana utusan Injil sing jenengé Willem van Seijl sing nglatih aku. b Sedulur kuwi ngandhani aku carané ngerjakké tugas-tugas ing jemaat. Kuwi berguna banget kanggo aku. Taun ngarepé, aku ditugaské dadi perintis istiméwa ing dhaérah terpencil ing hutan ing Suriname. Aku menghargai banget pelatihan saka Sedulur Willem. Aku dadi ngerti pentingé nglatih wong liya.

Sakliyané nglatih wong liya, aku éntuk pelajaran berharga liyané. Aku kudu nggawé rencana. Pas awal bulan, aku karo kancaku sing padha-padha perintis istiméwa bakal nulis apa waé sing dibutuhké kanggo sesasi kuwi. Terus, embuh aku apa dhèwèké bakal tuku barang-barang kuwi ing kota. Aku karo kancaku bener-bener ngupaya bèn dhuwit sing ditampa saka kantor cabang isa dienggo tuku kabèh barang sing tak butuhké. Aja nganti pas isih tengah bulan tapi barangé wis entèk. Ning nèk nganti ana sing entèk, ya mengko mesthi bakal ana sing nukokké. Dadi kèt isih enom, aku ngerti nèk kudu nggawé rencana. Hasilé, aku isa luwih fokus nglayani Yéhuwah.

Ana pelajaran liyané manèh. Jebulé, wong-wong luwih tertarik ngrungokké kabar apik nèk dikabari nganggo basa asliné. Basa sing biasa digunakké ing Suriname kuwi basa Belanda, Inggris, Papiamento, lan Sranantongo (biasa disebut basa Sranan). Ning ing dhaérah penugasanku, wong-wong luwih seneng dikabari nganggo basa asline, misalé basa Saramaka. Ning basané kuwi angèl banget, merga ana nada tinggi lan rendhahé. Nèk nadané béda, artiné ya isa béda. Tapi upayaku ana hasilé. Selama bertahun-tahun, ana akèh sing gelem dibaptis merga aku nginjil nganggo basa asliné wong-wong kuwi.

Pas isih sinau basa Saramaka, aku tau nggawé wong dadi salah paham. Wektu kuwi, aku takon karo sing sinau Alkitab apa wetengé isih lara. Tapi aku takoné apa dhèwèké lagi meteng. Aku isin banget, tapi aku ora nyerah. Aku terus ngupaya bèn luwih lancar ngomong nganggo basa Saramaka.

DADI PINITUWA WILAYAH

Taun 1970, aku ditugaské dadi pinituwa wilayah. Taun kuwi, aku ya mulai nyetèlké ”Visiting the World Headquarters of Jehovah’s Witnesses” kanggo wong-wong ing dhaérah terpencil. Kuwi kumpulan gambar-gambar sing nduduhké kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku karo sedulur-sedulur kudu numpak prau karo nggawa gènsèt, bènsin, lampu téplok karo peralatan kanggo nyetèlké gambar-gambar kuwi. Nèk wis tekan panggonané, peralatané kudu digawa mlebu ing hutan. Wong-wong sing ndelok gambar-gambar kuwi seneng banget. Meskipun rasané kesel, tapi aku ya seneng merga isa mbantu wong liya kenal Yéhuwah lan organisasiné.

TAMBAH CEDHAK KARO YÉHUWAH KAYA TALI RANGKEP TELU

Aku karo Ethel nikah September 1971

Mémang merga durung nikah, aku isa leluasa nèk arep ditugaské ing endi waé. Tapi, aku tetep péngin nduwé kanca sing isa terus ngancani aku nglayani Yéhuwah. Dadi, aku ndonga bèn isa nduwé bojo sing ngancani aku ngunjungi dhaérah-dhaérah sing angèl, misalé ing hutan ing Suriname. Kira-kira setaun bar kuwi, aku pacaran karo Ethel. Ethel kuwi perintis istiméwa sing semangat. Kèt cilik, dhèwèké péngin niru contoné Rasul Paulus sing réla berkorban kanggo nglayani Yéhuwah. Aku karo Ethel nikah sasi September 1971. Bar nikah, aku ditugaské dadi pinituwa wilayah. Saiki, aku ora dhèwèkan manèh ngunjungi sedulur-sedulur soalé aku dikancani bojoku.

Kèt cilik, Ethel kuwi wis kulina urip sederhana. Dadi kanggoné dhèwèké, ora angèl nèk kudu nggawé penyesuaian wektu ngunjungi sedulur-sedulur ing hutan. Misalé, Ethel ora nggawa barang-barang sing akèh. Terus, Ethel ya ora keberatan nèk kudu ngumbahi lan adus ing kali. Nèk soal mangan, aku karo Ethel ya isa mangan apa waé sing disedhiakké karo sing nduwé omah. Misalé, aku karo Ethel tau dimasakké iguana, piranha, utawa kéwan apa waé sing diburu ing hutan. Terus nèk ora ana piring, mangané ya nganggo godhong gedhang. Nèk ora ana séndhok karo garpu, mangané ya nganggo tangan. Merga padha-padha gelem berkorban kanggo Yéhuwah, aku karo Ethel isa tambah cedhak karo Yéhuwah. Kuwi kaya tali rangkep telu. (Pkh. 4:12) Aku karo Ethel ora tau menyesal wis berkorban kanggo Yéhuwah.

Pengalaman sing tak critakké ing awal mau kelakon bar aku ngunjungi sedulur-sedulur ing hutan. Aku karo sedulur-sedulur numpak prau. Terus merga arusé deres, prauné klebon banyu nganti mèh kleleb. Pas kuwi, aku karo sedulur-sedulur wis panik. Ya mémang, aku karo sedulur-sedulur nganggo jakèt pelampung. Terus, aku karo sedulur-sedulur kan nggawa bekal. Dadi isiné tak buwang, terus wadhahé tak enggo nyidhuki banyu sing mlebu ing prau mau.

Merga ora nduwé bekal manèh, akhiré aku karo sedulur-sedulur mancing. Tapi, ora ana sing éntuk iwak. Terus, aku ndonga karo Yéhuwah. Bar ndonga, ana salah siji sedulur sing mancing manèh lan berhasil éntuk iwak. Iwaké gedhé banget nganti cukup kanggo mangan wong lima.

NDUWÉ ANAK LAN TETEP DADI PINITUWA WILAYAH

Sakwisé limang taun dadi pinituwa wilayah, ora disangka-sangka aku karo Ethel bakal nduwé anak. Aku seneng banget meskipun ya rada kuwatir. Aku karo Ethel péngin tetep ing dinas sepenuh waktu. Taun 1976, anakku sing pertama lair, jenengé Ethniël. Rong taun setengah bar kuwi, adhiné lair, jenengé Giovanni.

Ndelok baptisan ing Kali Tapanahoni cedhak Godo Holo ing Suriname bagéan Timur taun 1983

Sakwisé nduwé anak, aku karo Ethel ditugaské ing salah siji jemaat. Tapi, aku tetep nglayani dadi pinituwa wilayah. Pas anakku isih cilik-cilik, jemaat sing kudu tak kunjungi ya luwih sithik. Dadi selama sebulan, aku mung ngunjungi loro utawa telu jemaat. Terus, merintis karo Ethel ing jemaatku dhéwé. Nèk jemaat sing kudu tak kunjungi kuwi cedhak omah, biasané anak bojoku mèlu. Ning nèk ngunjungi jemaat ing hutan apa nganakké pertemuan wilayah ing kono, aku dhèwèkan.

Pas kudu ngunjungi jemaat-jemaat ing dhaérah terpencil, aku kerep numpak prau

Sakliyané dadi pinituwa wilayah, aku ya kudu mandhu pelajaran keluarga saben minggu. Merga tugas-tugas sing akèh kuwi, mula aku kudu nggawé rencana. Nèk aku lagi ngunjungi jemaat sing adoh, ya Ethel sing bakal mandhu pelajaran keluarga. Terus, aku karo Ethel ya kerep dolan karo bocah-bocah, meskipun dolané mung cedhak omah. Aku ya kerep persiapan nganti bengi banget. Ethel selalu ndhukung aku. Dhèwèké kuwi bojo sing luar biasa, kaya sing disebutké ing Wulang Bebasan 31:15. Dhèwèké tangi pas isih peteng kanggo nyiapké sarapan, bèn aku sak keluarga isa mbahas ayat harian bareng sakdurungé bocah-bocah mangkat sekolah. Aku bersyukur banget karo Yéhuwah merga nduwé bojo sing isa terus ndhukung aku.

Aku karo Ethel ndhidhik anak-anak bèn sayang karo Yéhuwah lan seneng nginjil. Terus, aku karo Ethel ya péngin anak-anak isa nglayani sepenuh waktu. Ning kuwi kudu saka atiné, dudu merga dikongkon. Anak-anak ya kerep tak critani soal senengé isa nglayani Yéhuwah sepenuh waktu. Terus, aku karo bojoku ya kerep crita soal piyé carané Yéhuwah mbantu lan apa waé berkah-berkahé Yéhuwah. Aku karo Ethel ya ngupaya bèn anak-anakku isa nduwé kanca-kanca sing apik.

Yéhuwah selalu mbantu apa waé keadaané. Mémang, aku dhéwé ya kudu ngupaya. Mbiyèn sakdurungé nikah, aku kan tau ditugaské dadi perintis istiméwa. Pas kuwi, aku kudu ngirit bèn isa tuku kabèh barang sing dibutuhké. Nah pengalaman kuwi ya berguna pas aku wis nduwé anak. Tapi kadhang, meskipun wis ngupaya, dhuwité ya ora cukup. Pas ngalami kuwi, Yéhuwah mesthi mbantu. Misalé pas taun 1986 nganti 1992, ana kerusuhan ing Suriname. Pas taun-taun kuwi, bahan pangan éntuké angèl. Ning aku karo keluargaku ora tau kekurangan merga dibantu karo Yéhuwah.​—Mat. 6:32.

TETEP SIBUK NGLAYANI YÉHUWAH

Saka kiwa ing tengen: Karo bojoku, Ethel

Anakku sing pertama, Ethniël, karo bojoné, Natalie

Anakku Giovanni karo bojoné, Christal

Aku wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké umaté. Terus nèk nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé isa bener-bener bahagia. Aku seneng merga anak-anakku nglayani Yéhuwah. Ethniël karo Giovanni tau mèlu sekolah-sekolah saka organisasi. Terus saiki, wong loro kuwi nglayani ing kantor cabang Suriname bareng karo bojoné.

Meskipun wis tuwa, tapi aku karo Ethel isih sibuk nglayani Yéhuwah. Saiki, aku karo Ethel nglayani dadi perintis istiméwa. Malah saking sibuké, aku nganti durung sempet belajar renang. Nèk tak pikir-pikir manèh, keputusanku kanggo nglayani Yéhuwah sepenuh waktu kuwi keputusan sing paling apik.

b Pengalamané Sedulur Willem van Seijl ana ing Sedarlah! 8 Oktober 1999, judhulé ”Kenyataan Ternyata Melebihi Angan-Angan Saya”.