Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Mordekai sing disebutké ing buku Èster kuwi mémang ana tenan?

ING buku Èster dicritakké soal wong lanang sing jenengé Mordekai. Dhèwèké kuwi wong Yahudi sing nglayani ing istana Pèrsia taun 496 SM, yaiku ”pas jamané Ahaswéros” (mungkin maksudé Xerxes I). Pas kuwi, ana sing nggawé rencana kanggo matèni Raja. Mordekai ngerti soal kuwi lan nggagalké rencana kuwi. Merga wis dislametké Mordekai, Raja mènèhi dhèwèké penghormatan. Terus, ana wong jenengé Haman sing sengit karo Mordekai lan péngin matèni kabèh wong Yahudi. Tapi rencana kuwi gagal, lan Haman malah dipatèni. Bar kuwi, Raja nglantik Mordekai dadi kepalané para pejabat. Merga dadi kepala pejabat, Mordekai isa nggawé hukum sing isa nylametké wong Yahudi bèn ora dipatèni.—Èst. 1:1; 2:5, 21-23; 8:1, 2; 9:16.

Ana beberapa peneliti sejarah sing ngomong nèk kisah ing buku Èster kuwi mung dongèng lan Mordekai kuwi ora ana tenan. Tapi pas taun 1941, para peneliti barang-barang kuna nemokké bukti-bukti nèk Mordekai kuwi mémang ana tenan. Apa waé buktiné?

Misalé, para peneliti nemokké tulisan sing ditulis nganggo huruf paku Pèrsia sing isiné soal Marduka (utawa Mordekai). Ing kono disebutké nèk Mordekai nglayani dadi pejabat sing kétoké ngurusi keuangan istana ing Syusyan. Peneliti sing jenengé Arthur Ungnad ngomong nèk kuwi pertama kaliné Mordekai disebutké ing tulisan sing dudu bagéan saka Alkitab.

Bar kuwi, para peneliti mulai nerjemahké tulisan huruf paku liyané. Tulisan sing diterjemahké kuwi termasuk lèmpèngan-lèmpèngan sing ditemokké ing reruntuhan cedhak témbok kutha Pèrsépolis. Tulisan ing lèmpèngan-lèmpèngan kuwi nganggo basa Élam lan digawé pas jamané Xerxes I mréntah. Ing kono ana jeneng-jeneng sing ya disebutké ing buku Èster. a

Jeneng Mordekai (Marduka) sing ana ing tulisan huruf paku Pèrsia

Jeneng Marduka ditulis ing beberapa lèmpèngan Pèrsépolis. Ing kana disebutké nèk dhèwèké dadi sekretarisé raja sing kerja ing istana Syusyan pas Xerxes I mréntah. Terus, ing salah siji lèmpèngan ya ditulis nèk Marduka kuwi penerjemah. Katrangan kuwi cocog karo Alkitab. Ing Alkitab disebutké nèk Mordekai kuwi kerja ing istanané Raja Ahaswéros. Dhèwèké isa ngomong nganggo loro basa. Mordekai biasané lungguh ing gerbang istana ing Syusyan. (Èst. 2:19, 21; 3:3) Kuwi bangunan gedhé lan para pejabat biasané kerja ing kana.

Dadi, ana beberapa persamaan antara Marduka sing ditulis ing lèmpèngan karo Mordekai sing ana ing Alkitab. Misalé, loro-loroné urip ing jaman sing padha, manggon ing panggonan sing padha, lan gawéané ya padha. Katrangan-katrangan kuwi dadi bukti nèk Marduka karo Mordekai kuwi wong sing padha.

a Taun 1992, Profésor Edwin M. Yamauchi nulis artikel sing nyebutké soal sepuluh jeneng saka buku Èster sing ditulis ing lèmpèngan-lèmpèngan Pèrsépolis.