Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 48

Terus Ngupaya Nduwé Pikiran sing Jernih

Terus Ngupaya Nduwé Pikiran sing Jernih

’Aku péngin bèn kowé nduwé pikiran sing jernih.’​—2 PTR. 3:1.

LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Nèk ”nduwé pikiran sing jernih”, awaké dhéwé bakal piyé? (2 Pétrus 3:1)

 WEKTU ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa waé ngrasa nèk tetep setya karo Yéhuwah lan percaya karo organisasiné kuwi ora gampang. Terus, piyé carané bèn awaké dhéwé aja nganti kaya ngono? Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu nduwé pikiran sing jernih lan nduwé iman sing kuwat. (Wacanen 2 Pétrus 3:1.) Nèk nduwé pikiran sing jernih, awaké dhéwé bakal tetep tenang, ora mikir sing èlèk-èlèk sik, lan nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya ora bakal dikendhalèni karo perasaan.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing artikel sakdurungé wis dibahas cara-cara sing dimanfaatké Sétan bèn awaké dhéwé mandheg nglayani Yéhuwah. Saiki, awaké dhéwé bakal mbahas masalah-masalah liyané sing isa waé nggawé awaké dhéwé dadi ora setya karo Yéhuwah. Awaké dhéwé bakal ngrembug: (1) pas ana masalah karo sedulur-sedulur, (2) pas dinaséhati lan ora nduwé tugas-tugas manèh ing jemaat, lan (3) pas ana perubahan ing organisasi. Piyé carané isa nduwé pikiran sing jernih lan tetep setya karo Yéhuwah wektu ngadhepi masalah-masalah kuwi?

PAS ANA MASALAH KARO SEDULUR-SEDULUR

3. Pas ana masalah karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa waé piyé?

3 Apa njenengan tau lara ati karo sedulur liya utawa malah karo para pinituwa? Sedulur-sedulur kuwi mungkin ora sengaja nggawé awaké dhéwé dadi jèngkèl. (Rm. 3:23; Yak. 3:2) Meskipun ngono, awaké dhéwé isa waé kepikiran terus nganti ora isa turu. Mungkin awaké dhéwé mikir, ”Jaréné iki organisasiné Yéhuwah, tapi kok wong-wongé kaya ngono?” Sétan péngin awaké dhéwé mikir kaya ngono. (2 Kor. 2:11) Akibaté, awaké dhéwé isa ora setya karo Yéhuwah lan ora percaya manèh karo organisasiné. Dadi, pas ana masalah karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu piyé?

4. Pas dijahati karo kakang-kakangé, apa buktiné nèk Yusuf nduwé pikiran sing jernih, lan apa pelajarané? (Purwaning Dumadi 50:19-21)

4 Tetep sabar. Awaké dhéwé isa sinau saka Yusuf. Yusuf tau dijahati kakang-kakangé. Malah, ana sing nganti péngin matèni dhèwèké. (PD. 37:4, 18-22) Terus, Yusuf diedol dadi budhak. Merga perbuatané kakang-kakangé kuwi, selama 13 taun, Yusuf dadi budhak lan nglayani Firaun. Yusuf ora mikir sing èlèk-èlèk sik, misalé mikir nèk Yéhuwah ora sayang karo dhèwèké utawa ora gelem mbantu dhèwèké. Yusuf tetep sabar lan tetep tenang. Kuwi bukti nèk Yusuf nduwé pikiran sing jernih. Dhèwèké ora balas dendam lan malah gelem ngapura kakang-kakangé. (PD. 45:4, 5) Yusuf ya ora terus-terusan mikirké masalahé, tapi mikirké pandhangané Yéhuwah. (Wacanen Purwaning Dumadi 50:19-21.) Apa pelajarané? Nèk lara ati karo sedulur liya, aja mikir nèk Yéhuwah ora sayang utawa ora gelem mbantu awaké dhéwé. Coba pikirna piyé carané Yéhuwah mbantu pas awaké dhéwé ngadhepi masalah kuwi. Terus, awaké dhéwé ya kudu seneng ngapura.​—1 Ptr. 4:8.

5. Meskipun lara ati karo sedulur liya, tapi apa buktiné Sedulur Miko tetep nduwé pikiran sing jernih?

5 Gatèkna pengalamané Sedulur Miko sing nglayani dadi pinituwa ing Amerika Selatan. b Miko crita nèk tau ana pinituwa liya sing kasar karo dhèwèké. Dhèwèké crita, ”Aku kepikiran terus soal kuwi. Aku ora isa turu. Aku ora ngerti kudu piyé. Malah, aku ya tau nganti nangis.” Tapi, Sedulur Miko ngupaya bèn nduwé pikiran sing jernih lan tetep tenang. Dhèwèké ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah lan maca bacaan-bacaan saka organisasi bèn isa ngatasi perasaané. Apa pelajarané? Nèk lara ati karo sedulur liya, awaké dhéwé kudu tetep tenang lan aja mikir sing èlèk-èlèk sik. Isa waé awaké dhéwé ora ngerti tenan apa sebabé sedulur kuwi berbuat kaya ngono. Awaké dhéwé isa ndonga karo Yéhuwah bèn ngerti kira-kira kenapa sedulur kuwi kaya ngono. Hasilé, awaké dhéwé ora bakal gampang tersinggung lan isa ngapura sedulur kuwi. (WB. 19:11) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngerti tenan piyé perasaané awaké dhéwé. Dhèwèké ya bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa tetep sabar.​—2 Bb. 16:9; Pkh. 5:8.

PAS DINASÉHATI LAN ORA NDUWÉ TUGAS-TUGAS MANÈH ING JEMAAT

6. Pas éntuk naséhat utawa ora éntuk tugas-tugas manèh ing jemaat, awaké dhéwé aja nganti piyé, lan kenapa? (Ibrani 12:5, 6, 11)

6 Nèk éntuk naséhat utawa nganti ora éntuk tugas-tugas manèh ing jemaat, mesthi rasané sedhih banget. Tapi nèk terus-terusan ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé isa nganggep nèk kuwi berlebihan. Padahal kuwi sakjané bukti nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. (Wacanen Ibrani 12:5, 6, 11.) Pikiran-pikiran sing èlèk mau isa dimanfaatké karo Sétan. Sétan péngin bèn awaké dhéwé ngrèmèhké naséhat kuwi lan akhiré ora nglayani Yéhuwah manèh. Dadi nèk éntuk naséhat lan nganti ora éntuk tugas-tugas manèh ing jemaat, awaké dhéwé kudu piyé?

Pétrus gelem dikandhani lan gelem berubah. Akhiré, Pétrus isa terus nglayani Yéhuwah. (Deloken paragraf 7)

7. (a) Kaya gambar kanggo paragraf 7, merga gelem dinaséhati lan gelem berubah, akhiré Pétrus éntuk tugas apa waé? (b) Apa sing isa dipelajari saka Pétrus?

7 Ngrungokké naséhat lan gelem berubah. Yésus tau mènèhi naséhat sing tegas karo Pétrus nganti beberapa kali. Malah, Yésus mènèhi naséhat ing ngarepé rasul-rasul liyané. (Mrk. 8:33; Luk. 22:31-34) Pétrus mesthi isin banget. Tapi, dhèwèké ora gelem ninggalké Yésus. Pétrus gelem dikandhani lan ngupaya bèn ora mbalèni kesalahané manèh. Yéhuwah mberkahi Pétrus lan mènèhi dhèwèké tugas-tugas sing penting. (Yoh. 21:15-17; Kis. 10:24-33; 1 Ptr. 1:1) Apa sing isa dipelajari saka Pétrus? Kaya Pétrus, awaké dhéwé isa waé ngrasa isin pas éntuk naséhat. Tapi, awaké dhéwé kudu gelem dinaséhati lan gelem berubah. Hasilé, awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah lan tetep rukun karo sedulur-sedulur.

8-9. Sedulur Bernardo piyé pas éntuk naséhat sing tegas nganti ora dadi pinituwa manèh, terus kok isa dhèwèké dadi ora jèngkèl manèh?

8 Gatèkna pengalamané Sedulur Bernardo saka Mozambik. Dhèwèké éntuk naséhat sing tegas lan ora dadi pinituwa manèh. Sedulur Bernardo crita, ”Sakjané aku jèngkèl banget.” Terus, dhèwèké ya kuwatir sedulur-sedulur ing jemaat bakal mikir apa soal dhèwèké. Sedulur Bernardo ngomong, ”Aku isih jèngkèl nganti beberapa bulan. Tapi akhiré aku sadhar nèk iki bukti Yéhuwah sayang karo aku. Terus, aku ya isa percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné.” Kok isa Sedulur Bernardo ngatasi perasaané?

9 Sedulur Bernardo nyritakké pengalamané. Dhèwèké ngomong, ”Mbiyèn pas aku dadi pinituwa, aku nerangké Ibrani 12:7 pas njelaské soal dhidhikan saka Yéhuwah. Saiki aku mikir, ’Ayat iki sakjané kanggo sapa, ta? Ya kanggo kabèh umaté Yéhuwah, termasuk aku.’” Terus, dhèwèké luwih kerep maca Alkitab lan luwih tenanan ngrenungké kuwi. Meskipun kuwatir sedulur liya bakal mikir apa soal dhèwèké, tapi Sedulur Bernardo tetep nginjil lan tetep semangat mènèhi koméntar ing pertemuan ibadah. Akhiré, Sedulur Bernardo isa nglayani manèh dadi pinituwa. Nèk njenengan ya tau nduwé pengalaman sing padha karo Sedulur Bernardo, isa waé njenengan ngrasa isin. Tapi, aja terus-terusan ngrasa kaya ngono. Njenengan kudu gelem dinaséhati lan gelem berubah. c (WB. 8:33; 22:4) Nèk gelem ngrungokké naséhat lan gelem berubah, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi njenengan.

PAS ANA PERUBAHAN ING ORGANISASI

10. Ana perubahan apa ing jaman bangsa Israèl mbiyèn?

10 Kadhang, ing organisasiné Yéhuwah ana perubahan-perubahan, lan kuwi isa waé ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Mbiyèn pas jamané bangsa Israèl, ya ana perubahan-perubahan. Sakdurungé ana Hukum Musa, kepala keluarga isa mbangun mézbah dhéwé lan mènèhké korban ing kono. (PD. 8:20, 21; 12:7; 26:25; 35:1, 6, 7; Ayb. 1:5) Tapi pas Hukum Musa wis ana, sing éntuk mènèhké korban mung para imam saka keturunané Harun. Nèk ana kepala keluarga sing mènèhké korban padahal dhèwèké dudu keturunané Harun, wong kuwi isa dihukum mati. d (Km. 17:3-6, 8, 9) Ing Alkitab mémang ora disebutké apa kuwi alesané Korah, Datan, Abiram, lan 250 wong liyané padha nglawan Musa lan Harun. (Wi. 16:1-3) Tapi sing jelas, wong-wong kuwi ora setya karo Yéhuwah. Terus jaman saiki piyé? Nèk ana perubahan-perubahan ing organisasiné Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

Wong-wong keturunané Kohat tetep semangat nglayani Yéhuwah meskipun éntuk tugas sing anyar dadi penyanyi, penjaga gerbang, lan kepala kanggo gudhang-gudhang (Deloken paragraf 11)

11. Apa sing isa dipelajari saka keturunané Kohat?

11 Manut arahané organisasi. Selama ing padhang belantara, wong-wong saka keturunané Kohat nduwé tugas sing penting. Wong-wong kuwi tugasé ngangkut pethi perjanjian lan mlaku ing ngarepé wong Israèl. (Wi. 3:29, 31; 10:33; Yos. 3:2-4) Tapi, pas wong Israèl wis manggon ing Tanah Perjanjian, pethi kuwi wis ora perlu dipindhah-pindhah manèh. Terus pas Salomo dadi raja, keturunané Kohat kuwi éntuk tugas liyané. Ana sing dadi penyanyi, penjaga gerbang, lan dadi kepala kanggo gudhang-gudhang. (1 Bb. 6:31-33; 26:1, 24) Tapi, ing Alkitab ora disebutké nèk keturunané Kohat kuwi padha protès merga mbiyèn nduwé tugas sing penting. Apa pelajarané? Ing organisasi mesthi ya ana perubahan-perubahan, mungkin tugasé awaké dhéwé ya berubah. Nèk kaya ngono, awaké dhéwé kudu tetep manut. Awaké dhéwé ya kudu berusaha menikmati tugasé awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé isa tetep bahagia ora soal apa tugasé. Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga ora merga tugasé awaké dhéwé, tapi merga awaké dhéwé tetep manut karo Yéhuwah.​—1 Sam. 15:22.

12. Zaina piyé pas ditugaské dadi perintis istiméwa?

12 Gatèkna pengalamané Sedulur Zaina. Sakwisé nglayani 23 taun ing Bètel, dhèwèké ditugaské dadi perintis istiméwa. Dhèwèké kandha, ”Aku kagèt banget. Terus aku mikir, ’Aku salah apa ya?’” Sayangé, sedulur-sedulur ing jemaaté malah ngomong, ”Nèk kowé ora salah, ora mungkin kowé ditokké saka Bètel.” Akibaté, Zaina ngrasa sedhih banget. Dhèwèké nganti nangis saben dina. Ning Zaina ngomong, ”Aku péngin terus percaya karo Yéhuwah lan organisasiné.” Terus, piyé carané Zaina isa nduwé pikiran sing jernih?

13. Kok isa Sedulur Zaina ora terus-terusan ngrasa sedhih manèh?

13 Sedulur Zaina ora terus-terusan ngrasa sedhih manèh. Kok isa? Zaina maca artikel-artikel sing cocog karo situasiné. Misalé, dhèwèké maca artikel ing Menara Pengawal 1 Februari 2001 sing judhulé, ”Saudara Dapat Mengatasi Perasaan Kecil Hati”. Ing artikel kuwi disebutké soal Markus. Merga tau ninggalké Paulus lan Barnabas, Paulus ora gelem ngejak Markus manèh ing perjalanan utusan injilé. Isa waé Markus ngrasa sedhih lan dadi ora semangat. Zaina ngomong, ”Aku isa semangat manèh merga mikirké contoné Markus.” Zaina ya tetep cedhak karo sedulur-sedulur. Dhèwèké ora rumangsa dadi sing paling susah. Dhèwèké yakin nèk keputusan saka organisasi kuwi diarahké roh suci lan nèk sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing organisasi kuwi perduli karo dhèwèké. Terus, Zaina ya nganggep nèk sing paling penting kuwi gawéan ing organisasi isa tetep lancar.

14. Ana perubahan apa waé ing jemaaté Sedulur Vlado, terus piyé carané dhèwèké isa tetep manut karo arahan saka organisasi?

14 Gatèkna pengalaman liyané yaiku Sedulur Vlado saka Slovenia. Dhèwèké nglayani dadi pinituwa, lan umuré wis 73 taun. Sedulur Vlado bingung pas jemaaté digabung karo jemaat liya, terus Balai Ibadahé ora dienggo manèh. Dhèwèké ngomong, ”Aku bingung kenapa kok balainé ora dienggo manèh, padahal bar dirénovasi. Gawéanku kuwi tukang kayu, dadi aku ya mèlu nggawé barang-barang sing ana ing Balai Ibadah kuwi. Terus merga aku wis tuwa, nèk kudu gabung ing jemaat liya kuwi ora gampang.” Tapi Sedulur Vlado tetep manut. Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah mesthi bakal mberkahi nèk awaké dhéwé gelem manut karo arahan saka organisasiné. Manut kuwi mesthi akèh berkahé. Nèk saiki wis biasa manut, awaké dhéwé isa tetep manut nèk sukmbèn ana perubahan liyané manèh.” Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa jemaaté njenengan tau digabung karo jemaat liya, utawa apa njenengan tugasé berubah? Nèk iya, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ngerti tenan perasaané njenengan. Nèk tetep manut lan setya karo Yéhuwah, njenengan mesthi bakal diberkahi.​—Mzm. 18:25.

TERUS NDUWÉ PIKIRAN SING JERNIH

15. Apa buktiné nèk awaké dhéwé nduwé pikiran sing jernih?

15 Kaya sing wis dibahas ing artikel iki, ana beberapa hal sing isa waé nggawé awaké dhéwé dadi ora semangat nglayani Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé kudu terus nduwé pikiran sing jernih. Apa buktiné nèk nduwé pikiran sing jernih? Nèk ana masalah karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu tetep sabar. Nèk éntuk naséhat utawa ora éntuk tugas-tugas manèh ing jemaat, kudu gelem dinaséhati lan gelem berubah. Terus nèk ana perubahan ing organisasi utawa tugasé berubah, ya kudu tetep manut karo arahané organisasi.

16. Piyé carané bèn isa tetep setya karo Yéhuwah lan percaya karo organisasiné?

16 Wektu ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa tetep setya karo Yéhuwah lan percaya karo organisasiné. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu nduwé pikiran sing jernih. Maksudé, tetep tenang, ora mikir sing èlèk-èlèk sik, lan nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa sinau saka tokoh-tokoh Alkitab sing ngalami masalah sing padha. Terus, awaké dhéwé kudu ndonga karo Yéhuwah lan tetep cedhak karo sedulur-sedulur. Hasilé ora soal apa sing kelakon, Sétan ora bakal isa nggawé awaké dhéwé mandheg nglayani Yéhuwah.​—Yak. 4:7.

LAGU 126 Terus Kuwatna Imanmu

a Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas masalah-masalah liyané sing isa nggawé awaké dhéwé ora setya karo Yéhuwah lan organisasiné. Terus, awaké dhéwé ya bakal mbahas piyé carané isa tetep setya karo Yéhuwah lan percaya karo organisasiné wektu ngadhepi masalah-masalah kuwi.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Deloken saran-saran sing apik ing artikel ”Pernahkah Saudara Melayani? Dapatkah Saudara Melayani Lagi?” ing Menara Pengawal 15 Agustus 2009, halaman 30.

d Nurut Hukum Musa, wong Israèl éntuk mbelèh kéwan kanggo dipangan. Tapi, kéwané kuwi kudu digawa dhisik ing panggonan sing dipilih Yéhuwah, kecuali wong kuwi omahé adoh banget.​—PT. 12:21.