Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 45

Yéhuwah Bakal Ndhukung Njenengan Bèn Semangat Nginjil

Yéhuwah Bakal Ndhukung Njenengan Bèn Semangat Nginjil

”Wong-wong kuwi mesthi bakal ngerti nèk ana nabi ing antarané wong-wong kuwi.”​—YÈH. 2:5.

LAGU 67 Wartakna Kabar Apik

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Saiki akèh wong piyé nèk awaké dhéwé nginjil, tapi awaké dhéwé isa yakin soal apa?

 SAIKI, akèh wong sing ora seneng nèk awaké dhéwé nginjil. Malah, isa waé sukmbèn saya akèh wong sing ora seneng. (Dan. 11:44; 2 Tim. 3:12; Why. 16:21) Tapi, awaké dhéwé yakin nèk bakal dibantu karo Yéhuwah. Kenapa? Merga Yéhuwah wis mbantu umaté jaman mbiyèn. Misalé, Yéhuwah mbantu Nabi Yèhèzkièl sing kudu nyampèkké omongané Yéhuwah marang wong Yahudi sing ditawan ing Babilon. Ayo ngrembug soal kuwi.

2. Yèhèzkièl kudu nyampèkké omongané Yéhuwah marang sapa, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki? (Yèhèzkièl 2:3-6)

2 Pas kuwi, Yèhèzkièl kudu nyampèkké omongané Yéhuwah marang wong-wong sing ”kurang ajar”, ”ndableg”, lan ”seneng mbrontak”. Wong-wong kuwi dipadhakké kaya semak berduri lan kalajengking. Dadi, Yéhuwah bola-bali ngomong karo Yèhèzkièl, ”Aja wedi.” (Wacanen Yèhèzkièl 2:3-6.) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug nèk Yèhèzkièl isa semangat nyampèkké omongané Yéhuwah merga (1) ngerti nèk diutus Yéhuwah, (2) dibantu nganggo roh suciné Yéhuwah, lan (3) mikirké tenanan omongané Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn tetep semangat nginjil.

YÈHÈZKIÈL DIUTUS YÉHUWAH

3. Kata-katané Yéhuwah sing endi sing nguwatké Yèhèzkièl, lan apa buktiné Yèhèzkièl yakin nèk dhèwèké diutus karo Yéhuwah?

3 Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ”Kowé Tak utus marang wong Israèl.” Yéhuwah ya ngomong, ”Aku ngutus kowé.” (Yèh. 2:3, 4) Bar krungu omongané Yéhuwah kuwi, Yèhèzkièl mesthi ngrasa dikuwatké. Lha ngapa? Omongané Yéhuwah kuwi mèh padha kaya pas Yéhuwah ngutus Musa karo Yésaya. (Pa. 3:10; Yés. 6:8) Yèhèzkièl ya ngerti nèk Yéhuwah mbantu wong loro kuwi. Dadi, dhèwèké yakin nèk Yéhuwah mesthi ya bakal mbantu dhèwèké. Terus, apa buktiné Yèhèzkièl yakin nèk dhèwèké diutus karo Yéhuwah? Ing bukuné, Yèhèzkièl bola-bali nyathet ”Yéhuwah kandha marang aku” lan ”Yéhuwah ngomong manèh marang aku”. (Yèh. 3:16; 6:1) Sakliyané kuwi, bapaké Yèhèzkièl kuwi imam. Dadi, Yèhèzkièl mesthi dikandhani karo bapaké nèk Yéhuwah mesthi ndhukung umaté. Misalé, Yéhuwah tau ngomong karo Ishak, Yakub, lan Yérémia nèk bakal ”ndhukung” wong-wong kuwi.​—PD. 26:24; 28:15; Yér. 1:8.

4. Bèn isa nguwatké Yèhèzkièl, Yéhuwah ngomong apa waé?

4 Apa wong Israèl gelem ngrungokké Yèhèzkièl? Yéhuwah ngomong, ”Wong Israèl ora bakal gelem ngrungokké kowé, merga wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké Aku.” (Yèh. 3:7) Nèk wong Israèl ora gelem ngrungokké Yèhèzkièl, sakjané wong Israèl ora gelem ngrungokké Yéhuwah. Kuwi berarti Yèhèzkièl ora perlu sedhih utawa ngrasa wis gagal. Terus pas ramalané Yèhèzkièl kelakon, Yéhuwah ngomong nèk wong Israèl bakal ”ngerti nèk ana nabi ing antarané wong-wong kuwi”. (Yèh. 2:5; 33:33) Yèhèzkièl mesthi dikuwatké pas krungu omongané Yéhuwah kuwi.

AWAKÉ DHÉWÉ DIUTUS YÉHUWAH

Kaya jamané Yèhèzkièl, saiki akèh wong ora seneng karo awaké dhéwé. Tapi, Yéhuwah mesthi bakal ndhukung awaké dhéwé. (Deloken paragraf 5-6)

5. Kaya sing ditulis ing Yésaya 44:8, kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi?

5 Awaké dhéwé ya diutus Yéhuwah. Mulané, awaké dhéwé disebut ’seksiné’ Yéhuwah. (Yés. 43:10) Awaké dhéwé mesthi bangga isa dadi seksiné Yéhuwah. Terus, Yéhuwah ya ngandhani awaké dhéwé bèn ”aja wedi”. Kenapa ora perlu wedi? Merga kaya Yèhèzkièl, awaké dhéwé diutus Yéhuwah, lan Yéhuwah sing bakal nglindhungi awaké dhéwé.​—Wacanen Yésaya 44:8.

6. (a) Wektu ngadhepi masalah sing nggawé awaké dhéwé seolah-olah kesèrèt utawa kobong, Yéhuwah piyé? (b) Kenapa awaké dhéwé isa bahagia?

6 Yéhuwah janji nèk bakal terus ndhukung awaké dhéwé. Sakdurungé ngomong nèk awaké dhéwé ’seksi-seksiné’, Yéhuwah ngomong, ”Wektu kowé nyabrang laut, kowé bakal Tak tulungi. Wektu kowé nyabrang kali, kowé ora bakal kesèrèt. Wektu kowé mlaku ngliwati geni, kowé ora bakal gosong utawa kobong.” (Yés. 43:2) Pas nginjil, kadhang awaké dhéwé ngadhepi masalah seolah-olah kaya kesèrèt utawa kobong. Tapi merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep nginjil. (Yés. 41:13) Mémang kaya jamané Yèhèzkièl, akèh sing ora gelem ngrungokké awaké dhéwé. Tapi, kuwi ora berarti awaké dhéwé gagal. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé terus nginjil. Merga ngerti nèk wis nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé isa bahagia. Rasul Paulus tau kandha nèk saben wong bakal ”nampa upah sesuai karo gawéané dhéwé-dhéwé”. (1 Kor. 3:8; 4:1, 2) Sedulur wédok sing wis suwé dadi perintis tau kandha, ”Aku seneng banget merga Yéhuwah mberkahi upayaku.”

YÉHUWAH MBANTU YÈHÈZKIÈL NGANGGO ROH SUCINÉ

Yèhèzkièl éntuk wahyu soal krétané Yéhuwah. Merga mikirké wahyu kuwi, Yèhèzkièl mesthi dikuwatké bèn isa nyampèkké berita saka Yéhuwah (Deloken paragraf 7)

7. Pas mikirké soal wahyu sing ditampa, Yèhèzkièl dadi piyé? (Deloken gambar halaman 1.)

7 Yèhèzkièl ngerti nèk roh suciné Yéhuwah kuwi kekuwatan sing luar biasa. Dhèwèké éntuk wahyu nèk roh suci isa ngarahké malaékat-malaékat lan ngarahké rodha-rodha sing gedhé banget ing krétané Yéhuwah. (Yèh. 1:20, 21) Bar ndelok kuwi, Yèhèzkièl piyé? Yèhèzkièl ngomong, ”Pas ndelok kuwi, aku sujud.” Dhèwèké nggumun banget nganti sujud ing lemah. (Yèh. 1:28) Nèk mikirké soal wahyu sing didelok kuwi, Yèhèzkièl mesthi dikuwatké bèn isa nyampèkké berita saka Yéhuwah.

8-9. (a) Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl ngapa? (b) Bèn Yèhèzkièl bener-bener siap nyampèkké omongané Yéhuwah, piyé carané Yéhuwah mbantu Yèhèzkièl?

8 Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ”Hé anaké manungsa, ngadega bèn Aku isa ngomong karo kowé.” Bar diwènèhi préntah kuwi, Yèhèzkièl langsung ”éntuk roh suci sing nggawé [dhèwèké] isa ngadeg”. (Yèh. 2:1, 2) Yèhèzkièl terus dituntun karo ”kuwasané” Yéhuwah, maksudé roh suciné Yéhuwah. (Yèh. 3:22; 8:1; 33:22; 37:1; 40:1) Yèhèzkièl butuh kuwi merga dhèwèké nyampèkké omongané Yéhuwah karo wong-wong sing ”ndableg lan ora gelem manut”. (Yèh. 3:7) Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ”Aku wis nggawé wajahmu padha atosé karo wajahé wong-wong kuwi lan bathukmu padha atosé karo bathuké wong-wong kuwi. Aku wis nggawé bathukmu kaya intan, luwih atos timbang watu. Aja wedi karo wong-wong kuwi, lan aja wedi karo penampilané.” (Yèh. 3:8, 9, cathetan ngisor) Seolah-olah Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl, ’Wong-wong kuwi mémang ndableg. Kowé ora usah wedi. Aku bakal terus ndhukung kowé.’

9 Bar kuwi, Yèhèzkièl diarahké ing panggonané wong-wong sing kudu ngrungokké omongané Yéhuwah. Yèhèzkièl kandha, ”Kuwasané Yéhuwah nuntun aku nganggo cara sing luar biasa.” Dhèwèké butuh wektu pitung dina kanggo mikirké omongané Yéhuwah sing kudu disampèkké. (Yèh. 3:14, 15) Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl lunga ing lembah, lan ing kana Yèhèzkièl ”éntuk roh suci”. (Yèh. 3:23, 24) Saiki, Yèhèzkièl wis bener-bener siap nyampèkké omongané Yéhuwah.

YÉHUWAH MBANTU AWAKÉ DHÉWÉ NGANGGO ROH SUCINÉ

Kaya Yèhèzkièl, awaké dhéwé butuh apa bèn tetep semangat nginjil? (Deloken paragraf 10)

10. Awaké dhéwé butuh apa bèn isa tetep nginjil, lan kenapa?

10 Piyé carané Yéhuwah mbantu umaté saiki bèn terus semangat nginjil? Mbiyèn, Yéhuwah mbantu Yèhèzkièl pas kudu nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah mènèhi roh suciné kanggo Yèhèzkièl. Kaya Yèhèzkièl, awaké dhéwé ya butuh roh suciné Yéhuwah bèn isa terus semangat nginjil, soalé Sétan pénginé awaké dhéwé ora nginjil manèh. (Why. 12:17) Mémang, kétoké Sétan kuwi kuwat banget lan isa ngalahké umaté Yéhuwah. Tapi merga tetep nginjil, awaké dhéwé sakjané wis ngalahké Sétan. (Why. 12:9-11) Kok isa? Nèk awaké dhéwé terus nginjil, kuwi bukti nèk Sétan ora berhasil medèn-medèni umaté Yéhuwah. Terus, kuwi ya bukti nèk Yéhuwah mbantu umaté nganggo roh suciné lan nèk umaté wis nyenengké Yéhuwah.​—Mat. 5:10-12; 1 Ptr. 4:14.

11. Yéhuwah mènèhi roh suciné bèn awaké dhéwé isa piyé, lan piyé carané bèn isa éntuk roh suci?

11 Mbiyèn, Yéhuwah wis mènèhi roh suciné bèn Yèhèzkièl isa nyampèkké omongané. Saiki, Yéhuwah ya isa mènèhi roh suciné bèn awaké dhéwé isa ngadhepi masalah apa waé wektu nginjil. (2 Kor. 4:7-9) Tapi, piyé carané bèn isa terus éntuk roh suciné Yéhuwah? Awaké dhéwé kudu kerep ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah, merga Yéhuwah mesthi ngrungokké. Yésus ngomong, ”Terusa njaluk, . . . terusa nggolèk, . . . terusa dhodhog-dhodhog.” Hasilé, Yéhuwah mesthi bakal ”mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké”.​—Luk. 11:9, 13; Kis. 1:14; 2:4.

YÈHÈZKIÈL MIKIRKÉ OMONGANÉ GUSTI ALLAH

12. Kaya sing ditulis ing Yèhèzkièl 2:9–3:3, gulungan kuwi asalé saka ngendi, lan apa isiné?

12 Yèhèzkièl isa nyampèkké omongané Yéhuwah ora mung merga Yéhuwah mbantu nganggo roh suciné, tapi ya merga dhèwèké nggatèkké omongané Gusti Allah. Wektu kuwi, Yèhèzkièl ndelok ana sing ngulurké tangané, terus ing tangan kuwi ana gulungan. (Wacanen Yèhèzkièl 2:9–3:3.) Gulungan kuwi asalé saka ngendi? Isiné apa? Terus, apa gunané gulungan kuwi? Gulungan kuwi asalé saka takhtané Yéhuwah. Sing mènèhké gulungan kuwi mungkin malaékaté Yéhuwah sing didelok Yèhèzkièl mau. (Yèh. 1:8; 10:7, 20) Ing bagéan ngarep lan mburiné gulungan kuwi ana tulisané. Isiné gulungan kuwi yaiku berita sing kudu diumumké Yèhèzkièl marang wong Yahudi sing ditawan.​—Yèh. 2:7.

13. Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl ngapa, lan kenapa gulungan kuwi rasané legi?

13 Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl, ”Panganen gulungan sing Tak wènèhké marang kowé kuwi bèn kowé wareg.” Terus, Yèhèzkièl mangan gulungan mau. Kuwi maksudé apa? Yèhèzkièl kudu bener-bener ngerti berita sing arep disampèkké karo wong-wong. Dhèwèké ya kudu bener-bener percaya karo berita kuwi. Terus, Yèhèzkièl kandha nèk gulungan kuwi ”rasané legi kaya madu”. (Yèh. 3:3) Kenapa? Yèhèzkièl menghargai kesempatan isa nyampèkké omongané Yéhuwah. Kanggoné Yèhèzkièl, kuwi pengalaman sing nyenengké. (Mzm. 19:8-11) Dhèwèké ya seneng merga Yéhuwah nganggep dhèwèké pantes dadi nabiné.

14. Kenapa Yèhèzkièl isa nglakoni tugasé nganti rampung?

14 Terus Yéhuwah ngomong karo Yèhèzkièl ”Rungokna kabèh omongan-Ku, lan lebokna kuwi ing atimu.” (Yèh. 3:10) Kuwi berarti Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl ngéling-éling lan mikirké tenanan isiné gulungan kuwi. Hasilé, imané Yèhèzkièl dadi tambah kuwat. Terus, dhèwèké ya dadi ngerti berita apa sing kudu disampèkké kanggo wong Yahudi wektu kuwi. (Yèh. 3:11) Merga ngerti tenan lan bener-bener percaya karo omongané Yéhuwah, Yèhèzkièl isa nglakoni tugasé nganti rampung.​—Bandhingna karo Mazmur 19:14.

ISA TERUS NGINJIL NÈK MIKIRKÉ OMONGANÉ GUSTI ALLAH

15. Bèn isa terus semangat nginjil, awaké dhéwé kudu ’nglebokké’ apa ing ati?

15 Bèn isa terus semangat nginjil, awaké dhéwé ya kudu mikirké omongané Gusti Allah. Awaké dhéwé kudu ’nglebokké kuwi ing ati’. Saiki, Yéhuwah ngomong karo awaké dhéwé liwat Alkitab. Terus piyé carané bèn pikiran, perasaan, lan kepénginané awaké dhéwé sesuai karo Alkitab?

16. Piyé carané bèn isa ngerti tenan isiné Alkitab?

16 Awaké dhéwé kudu mangan bèn isa tetep séhat lan kuwat. Padha kaya ngono, nèk maca lan ngrenungké Alkitab, imané awaké dhéwé ya isa luwih kuwat. Awaké dhéwé kudu ngéling-éling apa sing isa dipelajari saka gulungan sing diwènèhké Yéhuwah kanggo Yèhèzkièl. Pas kuwi, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl ’mangan gulungan kuwi bèn wareg’. Maksudé, Yèhèzkièl kudu bener-bener ngerti isiné gulungan kuwi. Kaya Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti tenan isiné Alkitab nèk ndonga lan maca Alkitab, terus ngrenungké isiné. Awaké dhéwé kudu ndonga bèn ngerti apa sing diajarké Yéhuwah. Terus, kudu maca Alkitab lan ngrenungké tenanan apa sing wis diwaca mau. Hasilé, awaké dhéwé isa bener-bener ngerti sing diajarké Yéhuwah ing Alkitab, lan imané awaké dhéwé isa dadi luwih kuwat.

17. Apa manfaaté nèk maca lan ngrenungké isiné Alkitab?

17 Apa manfaaté nèk maca lan ngrenungké isiné Alkitab? Awaké dhéwé isa dadi luwih semangat nginjil lan ora wedi wektu kudu nyampèkké berita penghukuman saka Yéhuwah. Terus nèk ngrenungké sipat-sipaté Yéhuwah, awaké dhéwé ya dadi luwih cedhak karo Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé bakal luwih bahagia lan nganggep nèk nginjil kuwi nyenengké banget.​—Mzm. 119:103.

TERUS SEMANGAT NGINJIL

18. Sukmbèn wong-wong bakal ngerti soal apa?

18 Mémang ora kaya Yèhèzkièl, awaké dhéwé dudu nabi. Tapi, awaké dhéwé ya éntuk tugas kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah sing ana ing Alkitab. Yéhuwah bakal mastèkké kabèh wong ngerti soal kuwi. Dadi, sukmbèn ora ana sing isa ngomong nèk durung krungu berita saka Yéhuwah. (Yèh. 3:19; 18:23) Malah akhiré, wong-wong kuwi dadi ngerti nèk berita sing awaké dhéwé wartakké kuwi saka Gusti Allah.

19. Awaké dhéwé isa terus semangat nginjil nèk piyé?

19 Dadi, apa kesimpulané? Kaya Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa terus semangat nginjil merga ngerti nèk diutus Yéhuwah, dibantu nganggo roh suciné, lan mikirké tenanan omongané Gusti Allah. Yéhuwah bakal terus ndhukung umaté. Kuwi sebabé, awaké dhéwé mesthi péngin terus semangat nginjil lan ”setya nganti akhir”.​—Mat. 24:13.

LAGU 65 Terus Maju

a Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas piyé carané Yéhuwah mbantu Yèhèzkièl bèn isa tetep semangat wektu nyampèkké omongané Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé saiki.