Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 46

Yéhuwah Mbantu Awaké Dhéwé Bèn Sabar

Yéhuwah Mbantu Awaké Dhéwé Bèn Sabar

”Yéhuwah sabar ngentèni bèn isa apikan karo kowé, lan Dhèwèké bakal mesakké karo kowé.”​—YÉS. 30:18.

LAGU 3 Kekuwatan, Harapan, lan Sing Tak Percaya

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. (a) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki? (b) Apa Yéhuwah mémang bener-bener péngin mbantu awaké dhéwé? Jelasna.

 YÉHUWAH isa mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah lan tetep semangat nglayani Dhèwèké. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé bakal mbahas apa sing perlu diupayakké bèn isa dibantu Yéhuwah. Tapi, apa Yéhuwah bener-bener péngin mbantu awaké dhéwé?

2 Awaké dhéwé isa ngerti jawabané saka suraté Paulus. Paulus nulis, ”Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Manungsa isa tumindak apa marang aku?” (Ibr. 13:6) Salah siji terjemahan Alkitab nyebutké nèk ”sing nulungi” sing digunakké ing ayat kuwi berarti wong sing cepet-cepet mbantu pas ana sing njaluk tulung. Yéhuwah ya kaya ngono. Pas ana sing njaluk tulung, Yéhuwah bakal cepet-cepet nulungi. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mémang gelem nulungi awaké dhéwé. Nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi isa ngadhepi masalah apa waé.

3. Piyé carané Yéhuwah mbantu umaté bèn sabar wektu ngadhepi masalah?

3 Piyé carané Yéhuwah mbantu umaté bèn sabar wektu ngadhepi masalah? Jawabané ana ing buku Yésaya. Yésaya nulis akèh ramalan sing cocog kanggo awaké dhéwé saiki. Terus, perumpamaan sing dienggo Yésaya nggambarké Yéhuwah kuwi gampang dipahami. Misalé, gatèkna Yésaya bab 30. Ing kono dijelaské nèk Yéhuwah (1) gelem ngrungokké lan njawab dongané awaké dhéwé, (2) mènèhi arahan, lan (3) mberkahi umaté saiki lan ing masa depan. Ayo mbahas kuwi siji-siji.

YÉHUWAH NGRUNGOKKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

4. (a) Yéhuwah nyebut wong Israèl apa, lan wong-wong kuwi bakal ngalami apa merga ora gelem ngrungokké Yéhuwah? (b) Yésaya ngramalké apa soal wong-wong sing tetep setya karo Yéhuwah? (Yésaya 30:18, 19)

4 Ing Yésaya bab 30, Yéhuwah nyebut wong Israèl kuwi ’anak-anak sing ndableg sing dosané saya akèh’. Yéhuwah ya ngomong nèk ”wong-wong kuwi seneng mbrontak” lan ”ora gelem ngrungokké hukumé Yéhuwah”. (Yés. 30:1, 9) Merga ora gelem ngrungokké Yéhuwah, Yésaya ngramalké nèk wong-wong kuwi uripé bakal susah. (Yés. 30:5, 17; Yér. 25:8-11) Kuwi mémang kelakon tenan. Wong Israèl akhiré ditawan wong Babilon. Tapi, isih ana wong-wong sing tetep setya karo Yéhuwah. Yésaya kandha nèk Yéhuwah bakal mbébaské wong-wong kuwi saka Babilon. (Wacanen Yésaya 30:18, 19.) Kuwi ya kelakon tenan. Terus saka kata-kata ”Yéhuwah sabar ngentèni bèn isa apikan karo kowé”, awaké dhéwé ngerti nèk wong Israèl ora langsung dibébaské. Kenyataané, wong-wong kuwi ditawan ing Babilon nganti 70 taun. (Yés. 10:21; Yér. 29:10) Pas akhiré isa bali ing Yérusalèm, wong-wong kuwi mesthi seneng banget.

5. Saka kata-kata ing Yésaya 30:19, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

5 Saiki, awaké dhéwé ya isa terhibur karo janjiné Yéhuwah. Liwat Yésaya, Yéhuwah ngomong, ”Pas kowé njaluk tulung, Gusti Allah bakal apikan karo kowé.” (Yés. 30:19) Kuwi berarti Yéhuwah gelem ngrungokké tenanan pas awaké dhéwé njaluk tulung, lan Dhèwèké bakal njawab dongané awaké dhéwé. Yésaya ya kandha, ”Wektu krungu dongamu, Dhèwèké bakal langsung njawab.” Saka kata-kata kuwi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi gelem nulungi wong-wong sing njaluk tulung karo Dhèwèké. Merga ngerti soal kuwi, awaké dhéwé isa sabar wektu ngadhepi masalah.

6. Saka Yésaya 30:19, awaké dhéwé isa ngerti apa manèh? Jelasna.

6 Terus, awaké dhéwé isa ngerti apa manèh saka Yésaya 30:19? Nèk nggatèkké ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké dongané saben umaté. Kok isa? Ing ayat-ayat sakdurungé, kata ”kowé” kuwi maksudé bangsa Israèl. Tapi ing ayat 19, kata ”kowé” kuwi maksudé saben umaté Yéhuwah. Yésaya nulis, ”Kowé ora bakal nangis manèh”, ”Gusti Allah bakal apikan karo kowé”, lan ”Dhèwèké bakal langsung njawab [kowé]”. Yéhuwah ora seneng mbandhing-mbandhingké umaté. Dhèwèké perduli karo saben umaté. Dhèwèké ya tenanan nggatèkké dongané saben umaté.​—Mzm. 116:1; Yés. 57:15.

Kaya sing disebutké Nabi Yésaya, awaké dhéwé kudu ”terus ndonga marang Gusti Allah” (Deloken paragraf 7)

7. Yésaya karo Yésus nyebutké apa soal ndonga?

7 Pas ana masalah, biasané awaké dhéwé bakal ndonga, lan Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa ngadhepi masalah kuwi. Terus nèk masalahé ora rampung-rampung, awaké dhéwé mesthi bakal terus ndonga njaluk kekuwatan karo Yéhuwah. Yéhuwah mémang péngin awaké dhéwé kaya ngono. Liwat Nabi Yésaya, Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu terus ndonga marang Gusti Allah.” (Yés. 62:7) Awaké dhéwé mungkin dadi kèlingan karo perumpamaané Yésus soal ndonga. Kuwi dicathet ing Lukas 11:8-10, 13. Ing perumpamaan kuwi dicritakké nèk ana kanca sing ”ngotot” sing akhiré isa éntuk apa sing dibutuhké. Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono. Awaké dhéwé kudu ’terus njaluk’ roh suciné Yéhuwah lan tuntunan bèn isa nggawé keputusan sing apik.

YÉHUWAH NGARAHKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

8. Mbiyèn, kata-kata ing Yésaya 30:20, 21 kelakoné piyé?

8 Wacanen Yésaya 30:20, 21. Wektu kuwi, Yérusalèm dikepung Babilon selama siji setengah taun. Merga dikepung, keadaané mesthi susah banget. Kesusahan sing dialami wong-wong kuwi kaya roti lan banyu sing saben dina dipangan lan diombé. Tapi ing ayat 20 karo 21, Yéhuwah janji bakal mbantu nèk wong-wong kuwi berubah. Yésaya ngomong nèk Yéhuwah bakal dadi ’Guru sing hébat’. Maksudé, Yéhuwah bakal ngajari umaté carané bèn ibadahé isa nyenengké Dhèwèké. Kata-kata kuwi kelakon pas umaté Yéhuwah wis ora ditawan manèh. Yéhuwah bener-bener dadi Guru sing hébat kanggo wong-wong kuwi. Merga manut karo Yéhuwah, ibadahé umaté isa ditampa karo Yéhuwah. Jaman saiki ya kaya ngono. Yéhuwah isa dadi Guru sing hébat kanggo awaké dhéwé.

9. Yésaya nggambarké Yéhuwah kaya apa, terus piyé carané Yéhuwah mulang awaké dhéwé?

9 Ing Yésaya 30:20, 21, Yésaya nggambarké umaté Yéhuwah kaya murid sing lagi diwulang guruné. Ana loro carané Yéhuwah mulang awaké dhéwé. Sing pertama, Yésaya kandha nèk awaké dhéwé ’bakal ndelok Guru sing hébat’. Kuwi maksudé Yésaya nggambarké Yéhuwah kaya guru sing lagi ngadeg ing ngarepé murid-muridé. Terus, piyé carané Yéhuwah mulang awaké dhéwé? Yéhuwah mulang liwat organisasiné. Awaké dhéwé mesthi bersyukur isa diwulang karo Yéhuwah liwat organisasiné, misalé liwat pertemuan-pertemuan ibadah, bacaan, vidéo, JW Broadcasting®, lan liyané. Hasilé, awaké dhéwé isa tetep sabar wektu ngadhepi masalah.

10. Piyé carané Yéhuwah ngarahké awaké dhéwé saka ’mburi’?

10 Sing keloro, Yésaya nggambarké Yéhuwah kaya guru sing ngarahké muridé saka mburi. Yésaya kandha, ”Kowé bakal krungu swara ing mburimu.” Merga mlaku ing mburiné muridé, guru kuwi isa ngarahké muridé dalan endi sing kudu diliwati. Kaya guru kuwi, Yéhuwah ya ngarahké awaké dhéwé saka mburi. Piyé carané? Carané yaiku liwat Alkitab. Alkitab wis ditulis jaman mbiyèn. Dadi pas maca Alkitab, kuwi kaya awaké dhéwé lagi ngrungokké swara ing mburiné awaké dhéwé.​—Yés. 51:4.

11. Piyé carané bèn tetep sabar wektu ngadhepi masalah, lan kenapa?

11 Merga ngerti nèk Yéhuwah ngarahké umaté liwat organisasiné lan liwat Alkitab, awaké dhéwé kudu piyé? Gatèkna sing disebutké Nabi Yésaya. Yésaya kandha, ”Iki dalané. Mlakua liwat kéné.” (Yés. 30:21) Nèk mung ngerti dalané, kuwi ora cukup. Awaké dhéwé ya kudu mlaku ing dalan kuwi. Padha kaya ngono, awaké dhéwé isa ngerti kepénginané Yéhuwah nèk sinau Alkitab lan bahan-bahan saka organisasi. Tapi kuwi ora cukup. Awaké dhéwé ya kudu ngetrapké kuwi. Nèk wis ngono, awaké dhéwé isa sabar wektu ngadhepi masalah lan yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi.

YÉHUWAH MBERKAHI AWAKÉ DHÉWÉ

12. Nurut Yésaya 30:23-26, apa waé berkah-berkahé Yéhuwah kanggo umaté?

12 Wacanen Yésaya 30:23-26. Bar dibébaské saka Babilon, umaté Yéhuwah isa ngrasakké nèk ramalan ing ayat-ayat kuwi kelakon. Yéhuwah bener-bener mberkahi umaté. Misalé, Yéhuwah mènèhi hasil panèn sing limpah lan mbantu umaté bèn isa ngibadah manèh marang Yéhuwah. Dadi, umaté ora bakal kekurangan lan isa bener-bener bahagia. Berkah-berkahé kuwi akèh banget lan dipadhakké kaya cahaya. Malah nurut ayat 26, cahaya kuwi luwih padhang timbang cahaya matahari. Merga berkah-berkahé Yéhuwah kuwi, ’atiné umaté bakal seneng’. Hasilé, umaté isa semangat lan bahagia wektu nglayani Yéhuwah.​—Yés. 60:2; 65:14.

13. Apa buktiné nèk ramalan soal umaté Yéhuwah sing dibébaské saka Babilon ya kelakon jaman saiki?

13 Apa ramalan soal umaté Yéhuwah sing dibébaské saka Babilon kuwi ya kelakon jaman saiki? Iya. Apa buktiné? Kèt taun 1919, akèh wong dibébaské saka Babilon Gedhé, yaiku kumpulan agama palsu sak donya. Sakwisé dibébaské, umaté Yéhuwah seolah-olah ana ing panggonan sing luwih apik timbang Tanah Perjanjian panggonané wong Israèl mbiyèn. (Yés. 51:3; 66:8) Kenapa isa disebut luwih apik? Merga jaman saiki, umaté Yéhuwah sak donya isa bersatu nyembah Yéhuwah nganggo cara sing bener. Terus, mulai kapan kuwi kelakon, lan apa manèh sing dinikmati wong-wong kuwi?

14. Berkah-berkah apa sing dinikmati wong-wong sing dipilih munggah swarga lan ”domba-domba liyané”, terus awaké dhéwé isa menikmati kabèh kuwi nèk piyé?

14 Kèt 1919, wong-wong sing dipilih munggah swarga wis bersatu nglayani Yéhuwah. Terus wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi, yaiku ”domba-domba liyané”, ya bersatu nyembah Yéhuwah bareng karo sing dipilih munggah swarga. (Yoh. 10:16) Kabèh nampa arahan lan tuntunan sing dhasaré Alkitab, terus isa martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Umaté Yéhuwah ya isa cedhak karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Merga cedhak karo sedulur-sedulur, wong-wong kuwi isa tetep bahagia meskipun ngadhepi masalah. (Yés. 25:6; 65:13) Awaké dhéwé isa menikmati kabèh berkah kuwi nèk nyembah Yéhuwah nganggo cara sing bener lan niru sipat-sipaté Yéhuwah.

15. Berkah-berkah saka Yéhuwah kuwi apa mung ana ing sak panggonan thok? Jelasna.

15 Berkah-berkah saka Yéhuwah kuwi apa mung ana ing sak panggonan thok? Ora, soalé umaté Yéhuwah ana ing sak donya. Dadi ora soal manggon ing endi, awaké dhéwé isa terus menikmati berkah-berkah mau nèk ngutamakké ibadah marang Yéhuwah.

Awaké dhéwé kudu piyé bèn jemaat isa tetep bersatu? (Deloken paragraf 16-17)

16. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa tetep bersatu nyembah Yéhuwah?

16 Isa nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur sak donya kuwi kesempatan sing luar biasa. Tapi, piyé carané bèn isa terus menghargai kesempatan kuwi? Sedulur-seduluré awaké dhéwé mémang ora sampurna, tapi aja fokus karo kuwi. (Yoh. 17:20, 21) Misalé ngéné, ing taman sing indah ana wit sing macem-macem. Nèk digatèkké siji-siji, mesthi ana wit sing rantingé patah utawa godhongé layu. Njenengan arep nggatèkké ranting sing patah lan godhong sing layu kuwi utawa menikmati taman sing indah mau? (Yés. 44:4; 61:3) Padha kaya ngono, sipaté sedulur-sedulur kuwi ya macem-macem. Mesthi kabèh nduwé kelemahan lan tau nggawé salah. Meskipun ngono, kabèh sedulur tetep bersatu lan saling mbantu. Awaké dhéwé péngin nggatèkké sing endi? Sipat-sipaté sedulur-sedulur sing ora sampurna kuwi, utawa upayané bèn terus bersatu lan saling mbantu? Nèk terus nggatèkké upayané sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa tetep bersatu nyembah Yéhuwah.

17. Awaké dhéwé kudu piyé bèn jemaat isa tetep bersatu?

17 Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu piyé bèn jemaat isa terus bersatu? Awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané bèn rukun karo sedulur-sedulur. (Mat. 5:9; Rm. 12:18) Suasana ing jemaat mesthi dadi luwih nyenengké nèk kabèh padha bersatu lan rukun. Yéhuwah wis narik wong-wong dadi umaté, lan Yéhuwah nganggep nèk kabèh umaté kuwi berharga. (Hag. 2:7; Yoh. 6:44) Kuwi sebabé, Yéhuwah mesthi seneng banget nèk saben umaté ngupaya bèn isa terus rukun karo liyané.​—Yés. 26:3.

18. Apa waé sing kudu dipikirké tenanan, terus apa hasilé?

18 Yéhuwah wis mènèhi akèh berkah kanggo umaté. Kuwi termasuk apa sing wis dipelajari saka Alkitab lan bacaan-bacaan saka organisasi. Mula, awaké dhéwé kudu maca lan mikirké tenanan apa sing wis dipelajari kuwi. Hasilé, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat sing apik lan isa ’sayang karo sedulur-sedulur kaya karo keluargané dhéwé’. (Rm. 12:10) Terus, awaké dhéwé ya isa cedhak karo Yéhuwah lan yakin karo berkah-berkah sing bakal ditampa sukmbèn. Kuwi nggawé awaké dhéwé isa terus bahagia wektu nglayani Yéhuwah.

TETEP SABAR NGENTÈNI YÉHUWAH

19. (a) Nurut Yésaya 30:18, awaké dhéwé isa yakin soal apa? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa bahagia wektu nglayani Yéhuwah?

19 Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing adil”. (Yés. 30:18) Dadi, Dhèwèké mesthi bakal nyingkirké donya sing jahat iki pas ing wektuné. Terus, Yéhuwah ya bakal nylametké awaké dhéwé. (Yés. 25:9) Mula, awaké dhéwé kudu sabar ngentèni Yéhuwah. Nah karo ngentèni janji-janjiné Yéhuwah kelakon, awaké dhéwé kudu terus ndonga, sinau Alkitab lan ngetrapké sing dipelajari saka Alkitab. Awaké dhéwé ya kudu ngrenungké berkah-berkah sing wis ditampa. Hasilé, Yéhuwah mesthi bakal mbantu awaké dhéwé bèn bahagia wektu nglayani Yéhuwah.

LAGU 142 Yéhuwah Harapanku

a Kèt mbiyèn, Yéhuwah mesthi mbantu umaté bèn sabar wektu ngadhepi masalah. Piyé carané? Awaké dhéwé isa sinau saka Yésaya bab 30. Nèk nggatèkké Yésaya bab 30, awaké dhéwé bakal ngerti nèk kudu kerep ndonga, sinau Alkitab, lan ngrenungké berkah-berkah sing wis ditampa lan sing bakal ditampa sukmbèn.