Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bangsa Israèl Mbiyèn Mèlu Perang—Kenapa Awaké Dhéwé Ora?

Bangsa Israèl Mbiyèn Mèlu Perang—Kenapa Awaké Dhéwé Ora?

ANA tentara Nazi sing tau ngancem Seksi-Seksi Yéhuwah, ”Nèk kowé ora mèlu perang nglawan Prancis utawa Inggris, kowé kabèh bakal tak patèni.” Meskipun ngono, sedulur-sedulur kuwi tetep kendel lan tetep ora gelem mèlu perang. Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya ya kaya ngono. Awaké dhéwé ora gelem mèlu perang utawa ndhukung negara sing lagi perang meskipun diancam arep dipatèni.

Tapi, ora kabèh wong setuju karo pandhangan kuwi. Malah akèh sing mikir, ’Umaté Gusti Allah mbiyèn kan mèlu perang, kuduné saiki wong Kristen ya kaya ngono ta?’ Nèk ditakoni ngono, njenengan arep njawab apa? Njenengan isa njelaské nèk situasiné umaté Yéhuwah jaman mbiyèn karo wong Kristen saiki kuwi béda. Awaké dhéwé bakal ngrembug ana lima bédané.

1. UMATÉ GUSTI ALLAH MBIYÈN MUNG SAK BANGSA

Mbiyèn, Yéhuwah milih siji bangsa bèn dadi umaté yaiku bangsa Israèl. Yéhuwah nyebut wong Israèl kuwi ”umat-Ku sing istiméwa ing antarané kabèh bangsa”. (Pa. 19:5) Terus, wong Israèl ya diwènèhi wilayah sing dadi panggonané. Dadi, nèk Yéhuwah ngongkon wong-wong kuwi perang, perangé ora nglawan umaté Yéhuwah sing liyané. a

Saiki, umaté Yéhuwah ”asalé saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa”. (Why. 7:9) Nèk mèlu perang, kuwi berarti umaté Yéhuwah isa waé malah matèni sedulur seimané.

2. YÉHUWAH SING NGONGKON WONG ISRAÈL PERANG

Mbiyèn, Yéhuwah mènèhi préntah kapan wong Israèl kudu maju perang lan ngandhani apa alesané wong Israèl kudu maju perang. Misalé, pas wong Israèl arep mlebu Tanah Perjanjian, Yéhuwah ngongkon wong-wong kuwi perang nglawan wong Kanaan. Lha ngapa? Soalé wong Kanaan kelakuané bejat, nyembah brahala, lan malah ngorbanké anaké kanggo déwa-déwa. Yéhuwah ngongkon wong Israèl matèni kabèh wong Kanaan bèn wong Israèl ora kena pengaruh sing èlèk. (Km. 18:24, 25) Sakwisé wong Israèl manggon ing Tanah Perjanjian, Yéhuwah kadhang ngongkon wong-wong kuwi perang nglawan mungsuhé. (2 Sam. 5:17-25) Tapi, wong Israèl ora éntuk mutuské dhéwé kapan arep maju perang. Nèk mutuské dhéwé, mesthi ana akibaté.​—Wi. 14:41-45; 2 Bb. 35:20-24.

Saiki, Yéhuwah ora ngongkon wong-wong perang. Dadi, nèk ana bangsa sing perang, kuwi merga nuruti kepénginané dhéwé. Misalé, wong-wong kuwi péngin nguwasani wilayah tertentu, péngin nggawé negarané dadi sugih, utawa bèn éntuk dhukungan. Tapi, piyé nèk sing perang mikir perangé kuwi kanggo matèni mungsuhé Gusti Allah? Sakjané, Yéhuwah dhéwé sing bakal nglindhungi umaté lan nyingkirké kabèh mungsuh-mungsuhé sukmbèn pas perang Armagédon. (Why. 16:14, 16) Pas kuwi kelakon, sing perang kuwi para malaékat, dudu manungsa.​—Why. 19:11-15.

3. SING NDUWÉ IMAN KARO YÉHUWAH ORA DIPATENI

Apa wong-wong sing nduwé iman dislametké wektu perang kaya mbiyèn Yéhuwah nylametké Rahab lan keluargané?

Mbiyèn, wong Israèl ora matèni wong-wong sing nduwé iman karo Yéhuwah. Ana loro contoné. Pas Yéhuwah ngongkon bèn kutha Yérikho dihancurké, wong Israèl ora matèni Rahab karo keluargané merga Rahab nduwé iman marang Yéhuwah. (Yos. 2:9-16; 6:16, 17) Terus, wong Gibéon ya tau dislametké merga wedi karo Yéhuwah.​—Yos. 9:3-9, 17-19.

Saiki, kabèh isa dipatèni nèk ana perang, ora soal wong kuwi nduwé iman apa ora. Malah, wong-wong sing ora mèlu perang ya isa dadi korbané.

4. WONG ISRAÈL KUDU MANUT ATURANÉ YÉHUWAH SOAL PERANG

Mbiyèn, Yéhuwah péngin wong Israèl manut aturané soal perang. Misalé, sakdurungé perang nglawan mungsuh-mungsuhé, wong Israèl kudu ngandhani mungsuh-mungsuhé kuwi ”syarat-syaraté bèn ora diserang”. (PT. 20:10) Terus, Yéhuwah ya ngongkon wong Israèl sing arep mèlu perang bèn aja dadi najis lan perkémahané kudu resik. (PT. 23:9-14) Nèk bangsa-bangsa liya sing perang, biasané bakal memperkosa wong-wong wédok saka bangsa sing wis dikalahké kuwi. Tapi, wong Israèl ora éntuk kaya ngono. Yéhuwah ngomong nèk wong wédok saka bangsa sing wis dikalahké ora éntuk langsung didadèkké bojo. Wong Israèl kudu nunggu sesasi dhisik sakwisé bangsané wong wédok mau dikalahké.​—PT. 21:10-13.

Saiki, ya ana aturan soal perang. Aturan kuwi digawé bèn wong-wong sing ora mèlu perang ora dadi korban. Tapi sayangé, akèh negara nglanggar aturan kuwi.

5. YÉHUWAH MBANTU UMATÉ PAS PERANG

Apa Yéhuwah mbantu wong-wong sing perang kaya Yéhuwah mbantu wong Israèl ngalahké wong Yérikho?

Mbiyèn, Yéhuwah mbantu wong Israèl bèn menang perang. Malah kadhang ya nganggo mukjijat. Misalé, wong Israèl dikongkon ”mbengok banter banget” pas perang nglawan wong Yérikho. Terus, Yéhuwah nggawé ”témboké kutha kuwi ambruk nganti rata karo lemah”. (Yos. 6:20) Dadi, wong Israèl luwih gampang nyerang kutha Yérikho. Terus pas wong Israèl perang nglawan wong Amori, ’Yéhuwah nggawé udan watu gedhé saka langit nibani wong-wong kuwi’. Dadi, ”sing mati merga udan watu luwih akèh timbang sing dipatèni wong Israèl nganggo pedhang”.​—Yos. 10:6-11.

Saiki, Yéhuwah ora mbantu bangsa endi waé bèn menang perang. Kenapa? Soalé Kerajaané Gusti Allah sing rajané Yésus Kristus ”ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya”. (Yoh. 18:36) Terus, kabèh pamréntahan sing ana ing donya kuwi sing nguwasani Sétan. Kuwi sebabé saiki ana akèh perang.​—Luk. 4:5, 6; 1 Yoh. 5:19.

WONG KRISTEN KUWI SENENG RUKUN

Kaya sing wis dirembug mau, awaké dhéwé ora mèlu perang merga situasiné awaké dhéwé kuwi béda karo wong Israèl jaman mbiyèn. Tapi, ana manèh alesan liyané. Misalé Yéhuwah kandha nèk pas akhir jaman, umaté ”ora bakal ajar perang manèh”. (Yés. 2:2-4) Dadi, mesthiné umaté ora bakal mèlu perang. Terus, Yésus ya ngomong nèk murid-muridé ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yoh. 15:19) Mula, murid-muridé ora bakal ndhukung negara sing lagi perang.

Tapi ora mung kuwi. Yésus ngandhani murid-muridé bèn sak isa-isané aja marahi wong liya dadi jèngkèl utawa nesu. (Mat. 5:21, 22) Yésus ya ngomong nèk murid-muridé kudu ”seneng nggawé rukun” lan nresnani mungsuh-mungsuhé.​—Mat. 5:9, 44.

Piyé carané? Mémang, awaké dhéwé ora bakal mèlu perang. Tapi, apa awaké dhéwé tau ora seneng karo sedulur seiman nganti nganggep sedulur kuwi kaya mungsuh? Muga-muga awaké dhéwé ora nduwé perasaan kaya ngono.​—Yak. 4:1, 11.

Sakliyané ora mèlu perang, awaké dhéwé mesthi péngin ngupaya bèn terus rukun lan saling menyayangi. (Yoh. 13:34, 35) Awaké dhéwé ya kudu terus ngupaya bèn ora ndhukung negara sing lagi perang nganti akhiré Yéhuwah ngendhegké perang ing bumi kanggo saklawasé.​—Mzm. 46:9.

a Kadhang, ana perang ing antarané suku-suku Israèl. Kuwi nggawé Yéhuwah ora seneng. (1 Raj. 12:24) Tapi, nèk ana suku sing nggawé dosa sing gedhé, Yéhuwah isa ngongkon suku liyané bèn perang nglawan suku kuwi.​—PH. 20:3-35; 2 Bb. 13:3-18; 25:14-22; 28:1-8.