Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 43

Kawicaksanan saka Yéhuwah Kuwi Berharga

Kawicaksanan saka Yéhuwah Kuwi Berharga

”Kawicaksanan kuwi kaya wong sing lagi ngundang-ngundang ing dalan. Swarané saya banter ing lapangan.”​—WB. 1:20.

LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Akèh wong nganggep Alkitab kuwi piyé? (Wulang Bebasan 1:20, 21)

 ING beberapa dhaérah, ana sedulur-sedulur sing nginjil ing panggonan umum utawa dalan sing diliwati akèh wong. Apa njenengan tau mèlu nginjil nganggo cara kaya ngono kuwi? Nèk iya, mungkin njenengan dadi kèlingan karo gambaran ing buku Wulang Bebasan. Ing buku Wulang Bebasan disebutké nèk kawicaksanan kaya wong sing lagi ngundang-ngundang. (Wacanen Wulang Bebasan 1:20, 21.) Alkitab lan bacaan-bacaan saka organisasi kuwi isiné kawicaksanan saka Gusti Allah. Akèh wong kudu dikandhani soal kuwi bèn isa urip saklawasé. Kaya nginjil ing panggonan umum mau, awaké dhéwé mesthi seneng nèk ana wong sing gelem nampa bacaan saka organisasi. Ning, mesthi ya ana sing ora gelem. Sing liyané manèh, ngrèmèhké awaké dhéwé lan nganggep nèk Alkitab kuwi wis kuna. Wong-wong kuwi mikir nèk pathokan ing Alkitab kuwi wis ketinggalan jaman lan wong sing manut karo pathokan kuwi wong sing kaku. Tapi, Yéhuwah tetep gelem mbantu kabèh wong kuwi bèn isa ngerti endi sing bener. Piyé carané?

2. Yéhuwah ngandhani sing bener liwat apa waé, terus piyé tanggepané wong-wong?

2 Yéhuwah ngandhani wong-wong bèn ngerti sing bener liwat Alkitab. Mèh kabèh wong isa maca Alkitab nganggo basané dhéwé. Terus, ya ana bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab. Bacaan-bacaan kuwi ana ing luwih saka 1.000 basa. Wong-wong sing gelem maca lan ngetrapké kuwi bakal éntuk manfaat. Tapi sayangé, akèh wong ora gelem. Dadi pas kudu nggawé keputusan, wong-wong kuwi biasané ngendelké pengetahuané dhéwé utawa takon karo wong liya. Wong-wong kuwi mungkin ya ngrèmèhké awaké dhéwé merga awaké dhéwé manut karo pathokané Alkitab. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa wong-wong isa kaya ngono. Tapi, awaké dhéwé bakal ngrembug dhisik piyé carané bèn isa éntuk kawicaksanan saka Gusti Allah.

NDUWÉ PENGETAHUAN SOAL GUSTI ALLAH

3. Piyé carané bèn isa dadi wong sing wicaksana?

3 Wong sing wicaksana kuwi isa ngetrapké pengetahuan kanggo nggawé keputusan sing apik. Tapi sakjané ora mung kuwi. Ing Alkitab disebutké, ”Cara pertama bèn dadi wicaksana yaiku wedi marang Yéhuwah. Pengetahuan soal Sing Mahasuci kuwi disebut pemahaman.” (WB. 9:10) Dadi sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu ngerti pandhangané Yéhuwah utawa nduwé ”pengetahuan soal Sing Mahasuci”. Piyé carané? Awaké dhéwé isa sinau Alkitab lan bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab. Kuwi carané bèn isa dadi wong sing wicaksana.​—WB. 2:5-7.

4. Kenapa mung Yéhuwah sing isa mènèhi kawicaksanan?

4 Mung Yéhuwah sing isa mènèhi awaké dhéwé kawicaksanan. (Rm. 16:27) Kenapa? Pertama, Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé. Dadi, Dhèwèké sing paling ngerti kabèh soal ciptaané. (Mzm. 104:24) Keloro, saka kabèh perbuatané, kétok nèk Yéhuwah kuwi wicaksana banget. (Rm. 11:33) Ketelu, naséhat saka Yéhuwah mesthi bermanfaat nèk ditrapké. (WB. 2:10-12) Kuwi sebabé, awaké dhéwé isa dadi wong sing wicaksana nèk percaya mung Yéhuwah sing isa mènèhi kawicaksanan lan gelem mikirké pandhangané Yéhuwah sakdurungé nggawé keputusan.

5. Apa hasilé merga wong-wong ora gelem manut karo Yéhuwah?

5 Mémang, akèh wong ngomong nèk alam semesta iki luar biasa banget. Tapi, wong-wong kuwi ora percaya nèk kabèh iki ana sing nggawé. Sing liyané percaya nèk Gusti Allah kuwi ana, tapi nganggep nèk Alkitab kuwi ketinggalan jaman. Dadi, wong-wong kuwi ora gelem manut karo Alkitab. Terus, apa hasilé? Keadaan donya iki dadi tambah kacau merga wong-wong mung ngendelké pengetahuané dhéwé. Wong-wong kuwi ya ora bener-bener bahagia lan ora nduwé harapan. Kuwi cocog karo sing disebutké ing Alkitab, ”Wong sing nglawan Yéhuwah ora bakal nduwé kawicaksanan, pengertian, lan pemahaman.” (WB. 21:30) Mula, awaké dhéwé kudu terus njaluk karo Yéhuwah bèn diwènèhi kawicaksanan. Sayangé akèh sing ora gelem. Wong-wong sing kaya apa sing ora gelem manut karo Yéhuwah?

WONG-WONG SING KAYA APA SING ORA GELEM MANUT KARO YÉHUWAH?

6. Nurut Wulang Bebasan 1:22-25, wong-wong sing kaya apa sing ora gelem ngrungokké naséhat saka Yéhuwah?

6 Mau disebutké nèk kawicaksanan kuwi kaya ”wong sing lagi ngundang-ngundang ing dalan”. Tapi sayangé, akèh sing ora gelem ngrungokké. Ing Alkitab disebutké nèk wong-wong sing ora gelem ngrungokké kuwi ”wong sing ora nduwé pengalaman”, ”sing seneng ngécé”, lan ”sing bodho”. (Wacanen Wulang Bebasan 1:22-25.) Ayo ngrembug kuwi siji-siji lan gatèkna piyé carané bèn awaké dhéwé ora kaya wong-wong kuwi.

7. Kenapa ana wong-wong ”sing ora nduwé pengalaman” sing ora gelem berubah?

7 ”Wong sing ora nduwé pengalaman” kuwi biasané gampang percaya karo omongané wong liya lan gampang diapusi. (WB. 14:15) Awaké dhéwé mungkin tau ketemu karo wong sing kaya ngono pas nginjil. Misalé, ana akèh wong sing wis diapusi karo para pemimpin agama utawa pemimpin politik. Mémang, ana wong-wong sing ora seneng merga wis diapusi. Tapi, wong sing ora nduwé pengalaman sing disebutké ing Wulang Bebasan 1:22 kuwi ora gelem berubah merga ngrasa ora masalah wis diapusi. (Yér. 5:31) Wong-wong kuwi mung nuruti karepé dhéwé, terus ya ora gelem sinau Alkitab lan manut karo pathokané. Ana wong wédok saka Quebec, Kanada, sing ngomong ngéné, ”Nèk pendétaku ngapusi aku, ya kuwi salahé dhèwèké, dudu salahku.” Awaké dhéwé mesthi ora gelem niru wong-wong kuwi.​—WB. 1:32; 27:12.

8. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa nduwé pengalaman?

8 Tapi, piyé carané bèn awaké dhéwé isa nduwé pengalaman? Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu ”mikir kaya wong sing wis gedhé”. (1 Kor. 14:20) Awaké dhéwé isa nduwé pengalaman nèk ngetrapké pathokané Alkitab. Hasilé, awaké dhéwé isa ngrasakké nèk ngetrapké pathokané Alkitab kuwi mesthi ana manfaaté. Biasané, awaké dhéwé dadi ora kena masalah lan isa nggawé keputusan sing apik. Terus, awaké dhéwé ya kudu mikirké endi sing kudu diubah utawa endi sing kudu ditingkatké. Misalé, nèk wis suwé sinau Alkitab lan teka ing pertemuan ibadah, awaké dhéwé isa mikir, ’Kenapa kok aku isih ragu-ragu ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis?’ Terus nèk wis dibaptis, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku ngupaya bèn luwih trampil nginjil lan mulang? Apa keputusanku wis sesuai karo pathokané Alkitab? Apa aku sak isa-isané niru Yésus wektu urusan karo wong liya?’ Nèk ngerti endi sing kudu ditingkatké, awaké dhéwé kudu gelem berubah lan manut karo Yéhuwah merga ’hukumé Yéhuwah isa nggawé wong sing ora nduwé pengalaman dadi wicaksana’.​—Mzm. 19:7.

9. Apa buktiné ”wong sing seneng ngécé” ora gelem manut karo Yéhuwah?

9 Sing keloro, ”wong sing seneng ngécé” kuwi ya ora gelem manut karo Yéhuwah. Pas nginjil, mungkin awaké dhéwé tau ketemu karo wong sing seneng ngrendhahké lan ngécé wong liya. (Mzm. 123:4) Ing Alkitab disebutké nèk pas akhir jaman bakal ana akèh wong sing seneng ngécé. (2 Ptr. 3:3, 4) Wong-wong kuwi kaya mantu-mantuné Lot mbiyèn. Mantu-mantuné Lot ora gelem manut karo Yéhuwah lan malah ngécé Lot. (PD. 19:14) Wong sing seneng ngécé berbuat kaya ngono merga nuruti ”kepénginané sing jahat”. (Yud. 7, 17, 18) Mulané, wong sing seneng ngécé kuwi dipadhakké kaya wong murtad.

10. Nurut Mazmur 1:1, piyé carané bèn awaké dhéwé ora terpengaruh karo wong-wong sing seneng ngécé?

10 Piyé carané bèn awaké dhéwé ora terpengaruh karo wong-wong sing seneng ngécé kuwi? Salah sijiné, awaké dhéwé aja bergaul karo wong sing seneng protès. (Wacanen Mazmur 1:1.) Kuwi maksudé ora ngrungokké utawa maca bahan-bahan saka wong murtad. Apa akibaté nèk awaké dhéwé kaya ngono? Awaké dhéwé isa mèlu-mèlu seneng protès, ora percaya karo Yéhuwah, lan ragu-ragu karo arahan saka organisasi. Mula bèn aja nganti kaya ngono, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku kerep protès pas éntuk arahan utawa katrangan sing anyar saka organisasi? Apa aku seneng nggolèk-nggolèk salahé sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing jemaat?’ Nèk terus ngupaya bèn ora dadi wong sing kaya ngono, Yéhuwah mesthi bakal seneng.​—WB. 3:34, 35.

11. ”Wong sing bodho” nganggep pathokané Yéhuwah kuwi piyé?

11 Sing ketelu, wong-wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah kuwi ”wong sing bodho”. Wong-wong kuwi bodho merga ora gelem manut karo pathokané Yéhuwah soal sing bener lan sing salah, tapi malah nuruti sing dianggep bener karo wong-wong kuwi dhéwé. (WB. 12:15) Wong-wong kuwi ya ora gelem dituntun karo Yéhuwah. (Mzm. 53:1) Nèk pas nginjil, mungkin awaké dhéwé tau ketemu karo wong sing kaya ngono. Wong-wong kuwi isa waé ngèlèk-èlèk awaké dhéwé merga manut karo pathokané Alkitab. Tapi, wong-wong kuwi ya ora isa ngandhani naséhat liyané sing luwih apik. Ing Alkitab disebutké, ”Wong bodho ora isa nduwé kawicaksanan. Dhèwèké ora isa ngomong apa-apa ing gerbang kutha.” (WB. 24:7) Ora mungkin awaké dhéwé isa éntuk naséhat sing apik saka wong sing bodho. Mulané, Yéhuwah ngomong bèn awaké dhéwé ”ngedoh saka wong sing bodho”.​—WB. 14:7.

12. Piyé carané bèn awaké dhéwé terus manut karo Yéhuwah lan ora dadi wong sing bodho?

12 Ora kaya wong-wong kuwi, awaké dhéwé péngin terus manut karo Yéhuwah. Piyé carané? Awaké dhéwé isa mikirké apa akibaté nèk ora manut karo Yéhuwah lan apa manfaaté nèk manut. Biasané nèk nglanggar pathokané Yéhuwah, awaké dhéwé bakal kena masalah. Tapi nèk manut, hasilé mesthi apik.​—Mzm. 32:8, 10.

13. Apa Yéhuwah meksa wong-wong bèn manut karo Dhèwèké?

13 Yéhuwah sakjané mènèhi naséhat sing apik kanggo kabèh wong. Tapi, Yéhuwah ora meksa wong-wong bèn manut karo Dhèwèké. Yéhuwah mung ngandhani akibaté nèk ora gelem manut. (WB. 1:29-32) Wong-wong sing ora gelem manut bakal ”nampa akibat saka kelakuané”. Wong-wong kuwi uripé bakal susah, akèh masalah, lan akhiré disingkirké. Tapi nèk manut, wong-wong kuwi bakal éntuk manfaaté. Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing ngrungokké aku bakal ngrasa aman lan ora wedi karo bencana apa waé.”​—WB. 1:33.

NASÉHAT SING APIK SING BERMANFAAT

Nèk mènèhi koméntar pas pertemuan ibadah, awaké dhéwé isa tambah cedhak karo Yéhuwah (Deloken paragraf 15)

14-15. Ing Wulang Bebasan 4:23, ana naséhat apa?

14 Nèk ngetrapké naséhat saka Yéhuwah, mesthi ana manfaaté. Kaya sing wis dirembug mau, Yéhuwah mènèhi naséhat kanggo kabèh wong. Misalé ing Buku Wulang Bebasan, ana akèh naséhat sing apik. Nèk ditrapké, awaké dhéwé mesthi isa luwih bahagia. Coba gatèkna papat contoné.

15 Kudu njaga ati. Ing Alkitab disebutké, ”Saka kabèh sing kudu dijaga, sing paling penting kowé kudu njaga atimu, merga urip matimu bergantung karo atimu.” (WB. 4:23) Terus piyé carané isa njaga ati? Kuwi isa dipadhakké karo upayané awaké dhéwé bèn tetep séhat. Bèn tetep séhat, awaké dhéwé kudu akèh mangan sayur, olahraga, akèh ngombé banyu putih, lan aja nganti kurang turu. Nah, njaga ati ya kaya ngono. Saben dina, awaké dhéwé kudu maca Alkitab, terus ya kudu persiapan kanggo pertemuan ibadah. Pas mèlu pertemuan ibadah, ya kudu ngupaya bèn isa mènèhi koméntar. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu sregep nginjil. Terus, aja nganti awaké dhéwé nonton sing saru-saru utawa nduwé kanca-kanca sing mènèhi pengaruh sing èlèk.

Kudu puas karo apa sing diduwèni lan aja terlalu kuwatir (Deloken paragraf 16)

16. Apa manfaaté nèk ngetrapké naséhat ing Wulang Bebasan 23:4, 5?

16 Kudu puas karo apa sing diduwèni. Ing Alkitab disebutké, ”Kerjamu aja kebangeten mung merga péngin sugih. . . . Harta kuwi kaya manuk elang sing nduwé sayap, terus mabur ing langit. Lagi waé mbok delok, kuwi wis ilang.” (WB. 23:4, 5) Harta utawa dhuwit sing diduwèni wong isa cepet entèké. Tapi ora soal sugih utawa ora, akèh wong saiki péngin nduwé dhuwit luwih akèh. Sayangé mung merga péngin sugih, akèh wong ora mikirké wong liya, réputasiné, lan keséhatané. (WB. 28:20; 1 Tim. 6:9, 10) Tapi nèk manut karo naséhat ing Alkitab, awaké dhéwé ora bakal terlalu kuwatir. Hasilé, awaké dhéwé bakal bahagia lan puas karo apa sing diduwèni.​—Pkh. 7:12.

Kudu mikir sik sakdurungé ngomong bèn ora nglarani wong liya (Deloken paragraf 17)

17. Piyé bèn omongané awaké dhéwé isa kaya ”omongané wong sing wicaksana” sing disebutké ing Wulang Bebasan 12:18?

17 Kudu mikir sik sakdurungé ngomong. Nèk ora ngati-ati, omongané awaké dhéwé isa nglarani wong liya. Ing Alkitab disebutké, ”Omongan sing ora dipikir kuwi kaya pedhang sing ditusukké, ning omongané wong sing wicaksana isa nambani.” (WB. 12:18) Bèn isa tetep rukun, awaké dhéwé aja ngomongké sing èlèk-èlèk utawa kesalahané wong liya. (WB. 20:19) Terus bèn isa ngomongké sing apik-apik, awaké dhéwé ya kudu teratur maca lan ngrenungké Alkitab. (Luk. 6:45) Nèk ngrenungké Alkitab, omongané awaké dhéwé isa dadi kaya ”sumberé kawicaksanan” sing isa nguwatké lan menghibur wong liya.​—WB. 18:4.

Kudu manut arahan saka organisasi bèn luwih trampil nginjil (Deloken paragraf 18)

18. Nurut Wulang Bebasan 24:6, piyé carané bèn awaké dhéwé berhasil wektu nginjil?

18 Kudu manut arahan. Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu manut karo tuntunan sing wicaksana wektu perang, lan kowé isa berhasil nèk nduwé akèh penaséhat.” (WB. 24:6, ctn.) Pikirna apa manfaaté merga awaké dhéwé manut arahan wektu nginjil. Awaké dhéwé mesthi ora péngin nginjil sak karepé dhéwé. Tapi, awaké dhéwé mesthi péngin isa manut arahan-arahan saka organisasi, misalé sing ana ing pertemuan ibadah. Pas pertemuan ibadah, awaké dhéwé isa sinau saka sedulur-sedulur sing nyampèkké bagéané. Terus, organisasiné Yéhuwah ya nyedhiakké bahan-bahan sing apik, termasuk buku, majalah, lan vidéo, bèn wong-wong isa luwih gampang ngerti isiné Alkitab. Awaké dhéwé mesthi péngin isa luwih trampil nggunakké bahan-bahan kuwi.

19. Njenengan nganggep naséhat ing Alkitab kuwi piyé? (Wulang Bebasan 3:13-18)

19 Wacanen Wulang Bebasan 3:13-18. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget isa ngerti naséhat saka Yéhuwah sing ana ing Alkitab. Nèk ngetrapké kuwi, mesthi bakal bahagia. Ing artikel iki, awaké dhéwé wis ngrembug beberapa naséhat ing buku Wulang Bebasan. Tapi, sakjané ora mung kuwi thok. Ing Alkitab isih ana akèh naséhat liyané. Meskipun akèh sing ora menghargai naséhat saka Alkitab, tapi awaké dhéwé mesthi péngin ngetrapké naséhat-naséhat sing apik kuwi. Hasilé, awaké dhéwé bakal ’terus bahagia’.

LAGU 36 Ayo Terus Njaga Ati

a Kawicaksanan saka Yéhuwah kuwi berharga banget. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kata-kata ing buku Wulang Bebasan soal kawicaksanan. Ing kono, kawicaksanan dipadhakké kaya wong sing lagi ngundang-ngundang. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug: Piyé carané bèn dadi wong sing wicaksana? Wong-wong sing kaya apa sing ora gelem manut karo Yéhuwah? Naséhat apa waé sing bermanfaat kanggo awaké dhéwé?