Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 35

Menghargai Sedulur-Sedulur sing Lansia

Menghargai Sedulur-Sedulur sing Lansia

”Uwané wong sing tumindaké bener kuwi kaya mahkota sing apik banget.”​—WB. 16:31.

LAGU 138 Uwan Iku Makutha

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Nurut Wulang Bebasan 16:31, piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé karo sedulur-sedulur lansia? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

 BERLIAN sing durung diasah kuwi bentuké kaya watu biasa lan ora mengkilap. Dadi wong sing ndelok mungkin ora bakal njupuk kuwi merga ora sadhar nèk kuwi sakjané watu sing berharga.

2 Sedulur-sedulur sing lansia ya isa dipadhakké kaya berlian sing berharga. Alkitab kandha nèk uwané sedulur-sedulur kuwi kaya mahkota sing apik banget. (Wacanen Wulang Bebasan 16:31; 20:29) Tapi, awaké dhéwé isa waé ora sadhar nèk sakjané sedulur-sedulur kuwi berharga. Padahal, awaké dhéwé isa éntuk akèh manfaat saka pengalamané sedulur-sedulur kuwi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Kenapa kok Yéhuwah nganggep sedulur-sedulur sing wis lansia kuwi berharga? Kenapa sedulur-sedulur kuwi berharga kanggo organisasiné Yéhuwah? Piyé carané bèn isa éntuk manfaat saka pengalamané sedulur-sedulur kuwi?

SEDULUR-SEDULUR LANSIA BERHARGA KANGGO YÉHUWAH

Sedulur-sedulur sing lansia berharga kanggo Yéhuwah lan sedulur-sedulur ing jemaat (Deloken paragraf 3)

3. Kenapa sedulur-sedulur sing lansia berharga kanggo Yéhuwah? (Mazmur 92:12-15)

3 Sedulur-sedulur lansia berharga kanggo Yéhuwah. Yéhuwah ngerti tenan nèk sedulur-sedulur kuwi nduwé sipat-sipat sing apik. Yéhuwah ya seneng wektu sedulur-sedulur kuwi nyritakké pengalamané karo sedulur-sedulur sing luwih enom. (Ayb. 12:12; WB. 1:1-4) Yéhuwah bakal terus éling karo kesetiaané sedulur-sedulur kuwi. (Mal. 3:16) Meskipun ngadhepi masalah, imané sedulur-sedulur kuwi tetep kuwat. Sedulur-sedulur kuwi ya yakin nèk sukmbèn Yéhuwah bakal nggawé bumi iki dadi Firdaus. Yéhuwah ya sayang karo sedulur-sedulur kuwi merga ”senajan wis tuwa”, tapi tetep semangat martakké kabar apik.​—Wacanen Mazmur 92:12-15.

4. Kenapa sedulur-sedulur sing wis lansia ora perlu cilik ati?

4 Nèk njenengan tambah tuwa, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal lali karo pengorbanané njenengan. (Ibr. 6:10) Yéhuwah seneng banget merga njenengan terus semangat nginjil. Njenengan ya sabar wektu ngadhepi masalah, manut karo pathokané Alkitab, kerja keras ing organisasiné Yéhuwah, lan gelem nglatih sedulur-sedulur liya. Terus, njenengan ya manut arahan saka organisasi lan gelem ndhukung sedulur-sedulur sing nglayani sepenuh-waktu. Yéhuwah sayang banget karo njenengan merga njenengan wis setya. Yéhuwah janji nèk ”ora bakal ninggalké wong sing setya”. (Mzm. 37:28) Terus, Yéhuwah ya janji, ”Nganti rambutmu putih, Aku bakal tetep ndhukung kowé.” (Yés. 46:4) Dadi, meskipun njenengan wis tuwa, aja cilik ati. Njenengan tetep berharga kanggo organisasiné Yéhuwah.

SEDULUR-SEDULUR LANSIA BERHARGA KANGGO ORGANISASINÉ YÉHUWAH

5. Sedulur-sedulur sing wis lansia isa éling soal apa?

5 Sedulur-sedulur sing wis lansia kuwi berharga kanggo organisasiné Yéhuwah. Meskipun mungkin wis ora kuwat kaya mbiyèn, tapi sedulur-sedulur kuwi nduwé akèh pengalaman. Saiki, ayo ndelok conto-conto saka Alkitab sing nduduhké nèk Yéhuwah menghargai wong-wong sing wis tuwa. Terus, awaké dhéwé ya bakal ndelok pengalaman-pengalaman saka jaman saiki sing nduduhké nèk sedulur-sedulur lansia berharga kanggo organisasiné Yéhuwah.

6-7. Wènèhana conto abdiné Yéhuwah sing tetep dianggep berharga meskipun wis tuwa.

6 Ing Alkitab, ana abdiné Yéhuwah sing tetep semangat nglayani meskipun wis tuwa. Contoné Musa. Umuré Musa wis 80 taun pas dikongkon Yéhuwah dadi nabi lan mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir. Danièl ya isih dadi nabiné Yéhuwah meskipun umuré wis luwih saka 90 taun. Terus, Rasul Yohanes nulis buku Wahyu pas umuré 90-an.

7 Sakliyané kuwi, ya ana abdiné Yéhuwah sing kisahé ora akèh dicathet ing Alkitab. Mungkin, wong-wong kuwi dianggep kurang penting. Ning sakjané, Yéhuwah tetep nganggep wong-wong kuwi berharga. Misalé Siméon. Dhèwèké mung disebutké sepisan ing Alkitab. Tapi, Yéhuwah kenal tenan karo dhèwèké lan nganggep dhèwèké ”wong sing bener lan wedi marang Gusti Allah”. Yéhuwah ya mènèhi kesempatan karo Siméon bèn isa ndelok Yésus sing isih bayi lan mènèhi ramalan soal Yésus lan Maria ibuné Yésus. (Luk. 2:22, 25-35) Sakliyané kuwi, ana nabi wédok sing jenengé Hana. Umuré Hana wis 84 taun lan bojoné ya wis mati. Tapi, Hana tetep ”rajin teka ing bait”. Merga rajin ngibadah, akhiré Hana ya nduwé kesempatan isa ndelok Yésus sing isih bayi. Kuwi bukti nèk Yéhuwah nganggep Siméon lan Hana berharga.​—Luk. 2:36-38.

Sedulur Lois Didur sing umuré wis 80-an tetep semangat nglayani Yéhuwah (Deloken paragraf 8)

8-9. Critakna pengalamané sedulur wédok sing tetep semangat nglayani Yéhuwah meskipun bojoné wis mati.

8 Saiki, ya akèh sedulur-sedulur lansia sing dadi conto sing apik kanggo sedulur-sedulur sing luwih enom. Misalé, gatèkna pengalamané Sedulur Lois Didur. Pas umuré 21, dhèwèké wis nglayani dadi perintis istiméwa ing Kanada bareng karo bojoné, yaiku John. Terus, John dilantik dadi pinituwa wilayah. Sakwisé beberapa taun, Lois karo John diundang ing Bètel Kanada lan nglayani ing kono nganti luwih saka 20 taun. Pas umuré Lois 58, Lois karo John dikon pindhah ing Ukraina. Terus piyé? Apa Lois karo John mikir nèk wis terlalu tuwa nèk kudu pindhah ing negara liya? Ora. Lois karo John nampa tugas kuwi, lan John nglayani dadi Panitia Cabang ing Ukraina. Pitung taun sakwisé kuwi, John mati. Ning, Lois tetep gelem nglayani ing Bètel. Saiki, umuré Lois wis 81. Tapi, Lois tetep dadi anggota keluarga Bètel Ukraina, lan sedulur-sedulur ing kana ya sayang karo dhèwèké.

9 Kaya Lois, ana sedulur-sedulur wédok sing bojoné wis mati. Sedulur-sedulur kuwi mungkin ora terlalu digatèkké kaya nèk pas bojoné isih urip. Ning, sedulur-sedulur kuwi tetep berharga kanggo Yéhuwah. Yéhuwah seneng merga sedulur-sedulur wédok kuwi wis ndhukung bojoné, lan nganti saiki tetep semangat nglayani Yéhuwah. (1 Tim. 5:3) Sedulur-sedulur kuwi mesthi ya nggawé sedulur-sedulur sing luwih enom dadi luwih semangat.

10. Critakna pengalamané Sedulur Tony.

10 Sedulur-sedulur lansia sing ora isa lunga ing endi-endi ya berharga kanggo Yéhuwah. Salah sijiné yaiku Sedulur Tony. Dhèwèké dibaptis Agustus 1942 ing Pennsylvania, Amerika Serikat. Wektu kuwi, umuré isih 20 taun. Ora suwé sakwisé dibaptis, dhèwèké dipenjara nganti loro setengah taun merga ora gelem mèlu perang. Sakwisé kuwi, dhèwèké nikah karo Hilda. Tony nduwé anak loro, lan kabèh nglayani Yéhuwah. Selama bertahun-tahun, Tony dadi pengawas umum (saiki disebut koordinator pinituwa) ing telu jemaat lan pengawas ing pertemuan wilayah. Tony ya kerep nginjil ing penjara lan ana beberapa tahanan sing gelem sinau Alkitab karo dhèwèké. Malah, Tony ya isa mandhu pertemuan ibadah ing kono. Saiki, umuré Tony wis 98 lan dhèwèké manggon ing panti jompo. Tapi, Tony tetep semangat nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur ing jemaaté.

11. Piyé carané bèn para sedulur lansia sing ora isa lunga ing endi-endi tetep ngrasa digatèkké?

11 Piyé carané bèn para sedulur lansia sing ora isa lunga ing endi-endi tetep ngrasa digatèkké? Mungkin sedulur-sedulur kuwi manggon dhéwé utawa manggon karo keluargané sing dudu Seksi Yéhuwah. Nèk ngono, para pinituwa isa mbantu bèn sedulur-sedulur kuwi isa tetep mèlu pertemuan ibadah lan nginjil. Awaké dhéwé ya isa ngunjungi utawa nélpon sedulur-sedulur kuwi. Terus nèk omahé adoh, awaké dhéwé ya kudu tetep nggatèkké sedulur-sedulur kuwi. Ana sedulur-sedulur lansia sing mungkin ngrasa ora kepénak nèk crita akèh soal pengalamané. Nèk ngono, awaké dhéwé isa takon-takon karo sedulur-sedulur kuwi. Nèk wis gelem crita, awaké dhéwé ya kudu ngrungokké tenanan. Awaké dhéwé mesthi isa dikuwatké nèk ngrungokké pengalamané sedulur-sedulur kuwi.

12. Nèk ngupaya luwih kenal, awaké dhéwé isa ngerti apa soal sedulur-sedulur sing lansia?

12 Awaké dhéwé mungkin ora nyangka nèk jebulé ana sedulur-sedulur lansia sing nduwé pengalaman sing apik. Gatèkna pengalamané Sedulur Harriette. Dhèwèké wis suwé nggabung ing salah siji jemaat ing New Jersey, Amerika Serikat. Merga wis tuwa, dhèwèké kudu pindhah lan manggon ing omahé anaké wédok. Sedulur-sedulur ing jemaat sing anyar péngin luwih kenal karo Harriette. Pas ngobrol karo Harriette, sedulur-sedulur kuwi dadi ngerti nèk Harriette nduwé pengalaman sing apik. Harriette kandha nèk dhèwèké mulai sinau Alkitab kira-kira taun 1925. Harriette crita nèk wektu kuwi sedulur-sedulur isa waé dicekel polisi lan dipenjara merga nginjil. Mula, dhèwèké selalu nggawa sikat gigi pas nginjil kanggo jaga-jaga nèk dhèwèké dipenjara. Mémang pas taun 1933, dhèwèké dipenjara selama seminggu merga nginjil, lan kuwi kelakon nganti ping pindho. Meskipun bojoné Harriette dudu Seksi Yéhuwah, tapi dhèwèké ndhukung Harriette. Buktiné, pas Harriette dipenjara, dhèwèké ngopèni telu anaké sing isih cilik-cilik. Awaké dhéwé mesthi péngin menghargai sedulur-sedulur sing setya kaya Harriette.

13. Kenapa sedulur-sedulur lansia berharga kanggo awaké dhéwé?

13 Sedulur-sedulur sing wis lansia kuwi berharga kanggo Yéhuwah lan organisasiné. Sedulur-sedulur kuwi wis nampa akèh berkah saka Yéhuwah lan ndelok dhéwé nèk Yéhuwah nuntun organisasiné. Sedulur-sedulur kuwi mungkin ya tau nggawé kesalahan. Tapi, sedulur-sedulur kuwi ngupaya bèn ora mbalèni kesalahan sing padha. Merga nduwé akèh pengalaman, sedulur-sedulur kuwi kaya ”sumberé kawicaksanan”. Mula, awaké dhéwé péngin ngupaya luwih kenal karo sedulur-sedulur kuwi. (WB. 18:4) Hasilé, awaké dhéwé bakal éntuk akèh manfaat saka pengalamané sedulur-sedulur kuwi, lan imané awaké dhéwé saya dikuwatké.

ÉNTUK MANFAAT SAKA PENGALAMANÉ SEDULUR-SEDULUR LANSIA

Èlisa éntuk manfaat merga terus ngancani Èlia. Awaké dhéwé ya isa éntuk manfaat nèk ngrungokké pengalamané sedulur-sedulur sing wis suwé nglayani Yéhuwah (Deloken paragraf 14-15)

14. Nurut Pangandharing Torèt 32:7, awaké dhéwé kudu piyé karo sedulur-sedulur lansia?

14 Awaké dhéwé isa ngejak ngobrol sik sedulur-sedulur sing wis lansia. (Wacanen Pangandharing Torèt 32:7.) Mémang, mungkin sedulur-sedulur kuwi penglihatané wis berkurang, mlakuné ora isa cepet, lan nèk ngomong swarané ya alon. Tapi sakjané, sedulur-sedulur kuwi semangat nglayani Yéhuwah lan péngin nduwé ”jeneng sing apik”. (Pkh. 7:1) Yéhuwah sayang banget karo sedulur-sedulur kuwi merga sedulur-sedulur kuwi wis nggawé akèh pengorbanan. Mulané, awaké dhéwé ya kudu menghargai sedulur-sedulur kuwi. Mbiyèn, Èlisa péngin terus ngancani Èlia nganti Èlia éntuk tugas sing anyar. Nganti ping telu, Èlisa ngomong karo Èlia, ”Aku ora bakal ninggalké njenengan.” (2 Raj. 2:2, 4, 6) Kaya Èlisa, awaké dhéwé ya péngin terus ndhukung sedulur-sedulur sing wis lansia.

15. Awaké dhéwé isa takon apa waé karo sedulur-sedulur sing lansia?

15 Awaké dhéwé ya isa takon-takon pengalamané sedulur-sedulur lansia. (WB. 1:5; 20:5; 1 Tim. 5:1, 2) Misalé, awaké dhéwé isa takon, ”Kenapa kok njenengan isa yakin nèk ajarané Alkitab kuwi bener?” ”Pengalaman apa sing nggawé njenengan luwih akrab karo Yéhuwah?” ”Apa rahasiané kok njenengan isa tetep seneng nglayani Yéhuwah?” (1 Tim. 6:6-8) Terus, awaké dhéwé ya kudu ngrungokké tenanan nèk sedulur-sedulur kuwi mulai nyritakké pengalamané.

16. Kenapa sedulur-sedulur sing lansia lan sing luwih enom isa saling nguwatké nèk kerep ngobrol?

16 Sedulur-sedulur lansia lan sedulur-sedulur sing luwih enom isa saling nguwatké nèk kerep ngobrol. (Rm. 1:12) Sedulur-sedulur sing luwih enom isa tambah yakin nèk Yéhuwah perduli karo umaté sing setya. Terus, sedulur-sedulur lansia ya isa ngrasakké nèk sedulur-sedulur sayang karo dhèwèké. Sedulur-sedulur kuwi bakal seneng nyritakké pengalaman-pengalamané wektu nglayani Yéhuwah.

17. Kenapa sedulur-sedulur lansia tetep berharga kanggo Yéhuwah?

17 Mémang, sedulur-sedulur sing lansia kuwi mungkin wis ora ayu lan ora nggantheng manèh kaya mbiyèn. Tapi kanggoné Yéhuwah, sedulur-sedulur kuwi tetep berharga. (1 Tés. 1:2, 3) Sedulur-sedulur kuwi wis manut arahan roh suciné Yéhuwah lan ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing apik. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin luwih kenal, menghargai, lan gelem sinau saka pengalamané sedulur-sedulur kuwi.

18. Apa sing bakal dirembug ing artikel berikuté?

18 Jemaat isa bersatu nèk sedulur-sedulur sing luwih enom karo sing lansia saling menghargai. Ing artikel iki, awaké dhéwé wis ngrembug piyé carané sedulur sing luwih enom menghargai sedulur-sedulur sing wis lansia. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané sedulur-sedulur sing lansia menghargai sedulur-sedulur sing luwih enom.

LAGU 144 Kuwi Isa Kok Percaya

^ par. 5 Sedulur-sedulur lansia kuwi kaya harta sing berharga. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn awaké dhéwé luwih sayang lan menghargai sedulur-sedulur kuwi. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa éntuk manfaat saka pengalamané sedulur-sedulur kuwi. Saka artikel iki, sedulur-sedulur sing lansia ya bakal ngerti nèk dianggep berharga karo Yéhuwah lan organisasiné.