Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 36

Menghargai Sedulur-Sedulur sing Luwih Enom

Menghargai Sedulur-Sedulur sing Luwih Enom

”Sing dibanggakké cah enom kuwi kekuwatané.”​—WB. 20:29.

LAGU 88 Ajarana Aku

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé carané sedulur-sedulur sing lansia isa mbantu cah-cah enom ing jemaat?

 MERGA wis tambah tuwa, sedulur-sedulur lansia mungkin wis ora kuwat manèh kaya mbiyèn. Sedulur-sedulur kuwi mungkin ya sedhih merga ana tugas-tugas tertentu sing saiki ora isa dikerjakké. Tapi sakjané, sedulur-sedulur kuwi isa nggunakké pengetahuan lan pengalamané kanggo mbantu cah-cah enom bèn siap nampa tugas apa waé ing organisasiné Yéhuwah. Ana sedulur sing wis suwé dadi pinituwa sing kandha, ”Merga aku wis tambah tuwa, ana tugas-tugas sing ora isa tak kerjakké manèh kaya mbiyèn. Mula, aku seneng merga ana cah-cah enom sing isa ngerjakké tugas-tugas kuwi.”

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug nèk cah-cah enom isa éntuk manfaat nèk akrab karo sedulur-sedulur lansia. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug nèk sedulur-sedulur lansia kudu rendah hati, sadhar karo keterbatasané, menghargai bantuané wong liya, lan apikan bèn isa mbantu cah-cah enom ing jemaat. Nèk kuwi diupayakké, kabèh sing ing jemaat bakal éntuk manfaat.

RENDAH HATI

3. Nurut Filipi 2:3, 4, wong sing rendah hati bakal piyé, lan apa hasilé nèk sedulur-sedulur lansia rendah hati?

3 Sedulur-sedulur lansia kudu rendah hati nèk péngin mbantu cah-cah enom. Nurut Alkitab, wong sing rendah hati bakal nganggep wong liya luwih unggul. (Wacanen Filipi 2:3, 4.) Merga rendah hati, sedulur-sedulur lansia bakal sadhar nèk ana akèh cara sing ora nglanggar pathokané Alkitab kanggo ngrampungké tugas. Mulané, sedulur-sedulur kuwi ora bakal meksa wong liya nggunakké cara sing padha karo dhèwèké. (Pkh. 7:10) Mémang, sedulur-sedulur lansia kuwi nduwé akèh pengalaman. Tapi, sedulur-sedulur kuwi ya sadhar nèk situasi isa ”berubah” lan kudu gelem nggawé penyesuaian.​—1 Kor. 7:31, ctn.

Sedulur sing lansia isa nggunakké pengalamané kanggo mbantu sedulur-sedulur sing luwih enom (Deloken paragraf 4-5) *

4. Piyé carané sedulur-sedulur sing mbiyèn nglayani dadi pinituwa wilayah isa niru semangaté wong Lèwi?

4 Sedulur-sedulur lansia ya perlu sadhar nèk saiki wis ora kuwat kaya mbiyèn. Contoné, organisasiné Yéhuwah mènèhi arahan nèk pinituwa wilayah sing umuré wis 70 ora ditugaské ngunjungi jemaat-jemaat manèh. Mémang kuwi ora gampang, merga sedulur-sedulur kuwi seneng isa nglayani ing jemaat-jemaat liya. Tapi, sedulur-sedulur kuwi ya ngerti nèk tugas iki luwih apik diwènèhké sedulur-sedulur sing luwih enom. Awaké dhéwé isa sinau saka wong Lèwi pas jamané bangsa Israèl mbiyèn. Nèk umuré wis 50, wong Lèwi ora éntuk nglayani ing tabernakel manèh. Tapi, wong-wong kuwi tetep seneng merga isih isa ndhukung wong-wong Lèwi liyané sing nglayani ing tabernakel. (Wi. 8:25, 26) Sedulur-sedulur sing mbiyèn nglayani dadi pinituwa wilayah isa niru semangaté wong-wong kuwi. Nèk ditugaské ing siji jemaat, sedulur-sedulur kuwi bakal tetep seneng merga isa ndhukung lan nyemangati sedulur-sedulur ing jemaat kuwi.

5. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Dan lan Katie?

5 Gatèkna pengalamané Sedulur Dan sing nglayani dadi pinituwa wilayah selama 23 taun. Pas umuré Dan 70 taun, dhèwèké karo bojoné, yaiku Katie, ditugaské dadi perintis istiméwa. Apa kuwi nggawé Dan sedhih merga ora nglayani dadi pinituwa wilayah manèh? Ora. Dan kandha nèk dhèwèké seneng isa mbantu luwih akèh ing jemaat. Dhèwèké mbantu sedulur-sedulur lanang bèn isa nglayani dadi abdiné jemaat. Dhèwèké ya nglatih sedulur-sedulur bèn isa trampil nginjil ing dhaérah métropolitan lan ing penjara. Ora soal nglayani sepenuh-waktu utawa ora, sedulur-sedulur sing lansia tetep isa mbantu sedulur-sedulur liyané. Piyé carané? Sedulur-sedulur kuwi isa nggawé penyesuaian, nggawé rencana sing sesuai karo kemampuan, lan fokus karo pelayanané sing saiki.

SADHAR KARO KETERBATASAN

6. Apa manfaaté nèk sadhar karo keterbatasané awaké dhéwé? Wènèhana perumpamaan.

6 Wong sing sadhar karo keterbatasané bakal siap nggawé penyesuaian. Kuwi isa dipadhakké kaya mobil sing munggah tanjakan. Bèn isa nanjak, mobil kuwi kudu nggunakké gigi rendah. Nèk nggunakké gigi rendah, mobilé tetep isa nanjak meskipun mlakuné alon-alon. Padha kaya ngono, wong sing sadhar karo keterbatasané ya bakal ngerti kapan kudu nggawé penyesuaian. Hasilé, dhèwèké bakal bahagia merga tetep isa nglayani Yéhuwah lan mbantu wong liya sesuai karo kemampuané.​—Flp. 4:5.

7. Apa buktiné nèk Barzilai sadhar karo keterbatasané?

7 Gatèkna contoné Barzilai. Pas umuré 80 taun, dhèwèké dijak Raja Daud manggon ing istana. Tapi, Barzilai sadhar nèk dhèwèké ora isa mbantu Raja Daud merga wis tuwa. Mula, Barzilai nolak tawarané Raja Daud. Barzilai ya nyaranké Raja Daud bèn ngejak Khimham waé, merga Khimham isih enom. (2 Sam. 19:35-37) Kaya Barzilai, sedulur-sedulur sing lansia mesthi ya seneng nèk cah-cah enom éntuk kesempatan kanggo ngerjakké tugas-tugas ing organisasiné Yéhuwah.

Meskipun ora éntuk mbangun bait, tapi Daud tetep ndhukung keputusané Yéhuwah (Deloken paragraf 8)

8. Apa buktiné nèk Daud sadhar karo keterbatasané?

8 Daud ya sadhar karo keterbatasané. Dhèwèké péngin banget mbangun bait kanggo Yéhuwah. Tapi Yéhuwah ngomong nèk sing bakal mbangun bait kuwi Salomo, dudu Daud. Daud ndhukung keputusané Yéhuwah lan mbantu nyiapké bahan-bahan sing dibutuhké kanggo mbangun bait. (1 Bb. 17:4; 22:5) Daud ya ora ngrèmèhké Salomo meskipun Salomo ”isih enom lan ora pengalaman”. (1 Bb. 29:1) Daud ngerti nèk bait isa berhasil dibangun kuwi dudu merga umur utawa pengalamané sing mbangun, ning merga kuwi diberkahi Yéhuwah. Kaya Daud, sedulur-sedulur lansia mesthi péngin terus semangat nglayani Yéhuwah meskipun tugasé wis berubah. Sedulur-sedulur kuwi ya ngerti nèk Yéhuwah bakal mberkahi cah-cah enom sing éntuk tugas nggantèni sedulur-sedulur kuwi.

9. Apa buktiné nèk Sedulur Shigeo sadhar karo keterbatasané?

9 Gatèkna pengalamané Sedulur Shigeo. Dhèwèké dilantik dadi Panitia Cabang ing taun 1976 pas umuré 30 taun. Terus pas taun 2004, dhèwèké ditugaské dadi koordinator Panitia Cabang. Ning, dhèwèké sadhar nèk saiki wis tambah tuwa lan kerjané ora isa cepet kaya mbiyèn manèh. Mula, dhèwèké nyritakké perasaané karo Yéhuwah. Shigeo ya ngrasa nèk luwih apik ana sedulur sing luwih enom sing nggantèni dhèwèké dadi koordinator Panitia Cabang. Meskipun saiki wis ora dadi koordinator, tapi Shigeo tetep gelem kerja sama karo anggota Panitia Cabang liyané. Kaya Barzilai, Daud, lan Shigeo, sedulur-sedulur lansia mesthi ora péngin ngrèmèhké cah-cah enom mung merga cah-cah enom kuwi kurang pengalaman. Sedulur-sedulur kuwi ya sadhar nèk cah-cah enom ya nduwé kelebihan. Merga sadhar karo keterbatasané, sedulur-sedulur sing lansia bakal gelem kerja sama lan ora nganggep cah-cah enom kuwi saingané.​—WB. 20:29.

MENGHARGAI SEDULUR-SEDULUR SING LUWIH ENOM

10. Piyé perasaané sedulur-sedulur lansia karo cah-cah enom sing nglayani ing jemaat?

10 Sedulur-sedulur lansia nganggep nèk cah-cah enom kuwi hadiah saka Yéhuwah lan menghargai kerja kerasé cah-cah enom. Merga saiki wis ora kuwat manèh kaya mbiyèn, sedulur-sedulur lansia mesthi bersyukur banget ana cah-cah enom sing gelem nglayani ing jemaat.

11. Nurut Rut 4:13-16, apa berkahé merga Naomi gelem dibantu karo Rut, lan apa pelajarané?

11 Ing Alkitab, ana contoné wong sing wis tuwa tapi tetep menghargai bantuané wong sing luwih enom. Misalé Naomi. Bar anaké mati, Naomi ngongkon mantuné, yaiku Rut, bèn bali ing omahé dhéwé. Tapi, Rut ora gelem lan malah péngin mèlu Naomi bali ing Bètlehèm. Akhiré, Naomi gelem dikancani Rut. (Rut 1:7, 8, 18) Merga Naomi gelem dikancani Rut, akhiré wong loro kuwi diberkahi Yéhuwah. (Wacanen Rut 4:13-16.) Kaya Naomi, sedulur-sedulur lansia perlu rendah hati bèn isa nampa bantuané wong liya.

12. Apa buktiné nèk Rasul Paulus menghargai bantuané wong liya?

12 Rasul Paulus ya menghargai bantuané wong liya. Misalé, Paulus menghargai wong-wong Kristen ing Filipi sing ngirim bantuan kanggo dhèwèké. (Flp. 4:16) Terus, Paulus ya muji Timotius merga Timotius wis mbantu dhèwèké. (Flp. 2:19-22) Sakliyané kuwi, pas Paulus arep diadili ing Roma, ana sedulur-sedulur sing teka marani dhèwèké. Merga ngrasa dikuwatké, Paulus ngucap syukur karo Gusti Allah. (Kis. 28:15) Paulus kuwi wongé mémang semangat. Dhèwèké tau lunga ing dhaérah sing adoh bèn isa nginjil lan nguwatké sedulur-sedulur ing kana. Tapi, dhèwèké ora gèngsi nampa bantuané sedulur-sedulur seimané.

13. Piyé carané sedulur-sedulur lansia nduduhké nèk menghargai sedulur-sedulur sing luwih enom?

13 Piyé carané sedulur-sedulur lansia nduduhké nèk menghargai sedulur-sedulur sing luwih enom? Mungkin, ana cah-cah enom sing péngin mbantu, misalé ngeterké ing dokter, mblanjakké, utawa mènèhi bantuan-bantuan liyané. Nèk ngono, njenengan ora perlu nolak. Bantuané sedulur-sedulur kuwi sakjané bukti nèk Yéhuwah sayang karo njenengan. Njenengan ya isa ngupaya bèn luwih akrab karo sedulur-sedulur kuwi. Terus, njenengan isa mbantu cah-cah enom bèn dadi luwih akrab karo Yéhuwah lan muji semangaté. Sakliyané kuwi, critakna pengalamané njenengan karo sedulur-sedulur kuwi. Kuwi kabèh dadi bukti nèk njenengan ”ngucap syukur” karo Yéhuwah lan menghargai cah-cah enom sing wis ditarik Yéhuwah ing organisasiné.​—Kol. 3:15; Yoh. 6:44; 1 Tés. 5:18.

APIKAN

14. Apa buktiné nèk Daud apikan?

14 Sedulur-sedulur sing lansia isa niru contoné Daud sing apikan. Daud gelem mènèhi sumbangan sing akèh kanggo mbangun baité Yéhuwah. (1 Bb. 22:11-16; 29:3, 4) Meskipun mengko baité disebut bait Salomo, tapi Daud tetep gelem nyumbang. Piyé sedulur-sedulur lansia isa niru contoné Daud? Mémang, sedulur-sedulur lansia mungkin wis ora kuwat manèh nèk kudu mèlu proyèk pembangunan ing organisasiné Yéhuwah. Tapi, sedulur-sedulur lansia isa nyumbang dhuwit semampuné. Terus, sedulur-sedulur sing lansia isa nggunakké pengalamané kanggo mbantu cah-cah enom.

15. Apa buktiné nèk Paulus apikan karo Timotius?

15 Sedulur-sedulur sing lansia ya isa niru contoné Paulus sing apikan karo Timotius. Misalé, Paulus gelem ngejak Timotius mèlu ing perjalanan utusan injilé. Paulus ya gelem ngajari Timotius carané nginjil lan mulang wong liya. (Kis. 16:1-3) Merga dilatih, Timotius dadi isa trampil. (1 Kor. 4:17) Terus, Timotius ya isa ngajari liyané bèn trampil nginjil.

16. Kenapa Shigeo gelem nglatih sedulur sing luwih enom?

16 Sedulur-sedulur sing wis lansia ya kudu gelem nglatih sedulur-sedulur sing luwih enom lan ora perlu wedi nèk sukmbèn tugasé bakal diwènèhké sedulur-sedulur kuwi. Contoné yaiku Shigeo sing disebutké mau. Selama bertahun-tahun, dhèwèké nglatih anggota Panitia Cabang sing luwih enom. Dhèwèké gelem kaya ngono merga péngin gawéan nginjil ing negara kuwi tetep lancar. Akhiré, ana siji sedulur sing dilatih Shigeo sing dilantik dadi koordinator Panitia Cabang. Tapi, Shigeo tetep gelem kerja sama karo sedulur kuwi. Merga wis 45 taun nglayani dadi Panitia Cabang, pengalamané Shigeo bener-bener bermanfaat kanggo anggota Panitia Cabang liyané. Awaké dhéwé mesthi seneng merga isa nduwé sedulur-sedulur sing apikan kaya Shigeo.

17. Sedulur-sedulur lansia isa nyritakké apa karo sedulur-sedulur sing luwih enom? (Lukas 6:38)

17 Sedulur-sedulur sing lansia, njenengan dadi conto sing apik kanggo sedulur-sedulur sing luwih enom merga terus setya karo Yéhuwah. Saka pengalamané njenengan, sedulur-sedulur dadi ngerti nèk sinau lan ngetrapké naséhaté Alkitab kuwi akèh manfaaté. Meskipun nduwé akèh pengalaman, njenengan tetep gelem nggawé penyesuaian pas ana perubahan. Sedulur-sedulur sing lansia sing lagi waé dibaptis ya tetep isa mbantu liyané. Sedulur-sedulur kuwi mesthi seneng merga saiki isa nglayani Yéhuwah. Pengalaman kuwi isa dicritakké karo sedulur-sedulur sing luwih enom. Sedulur-sedulur sing luwih enom mesthi seneng ngrungokké pengalamané njenengan. Nèk njenengan ”seneng” nyritakké pengalamané njenengan, Yéhuwah bakal mènèhi akèh berkah.​—Wacanen Lukas 6:38.

18. Piyé carané sedulur-sedulur lansia lan sing luwih enom saling nguwatké?

18 Nèk sedulur sing lansia akrab karo sing luwih enom, sedulur-sedulur kuwi isa saling nguwatké. (Rm. 1:12) Sedulur-sedulur sing lansia nduwé akèh pengalaman sing bermanfaat kanggo sedulur-sedulur sing luwih enom. Terus, sedulur-sedulur sing luwih enom ya isa nggunakké kekuwatané kanggo mbantu sedulur-sedulur lansia. Nèk sedulur-sedulur sing lansia kerja sama lan akrab karo sedulur-sedulur sing luwih enom, jenengé Yéhuwah bakal diluhurké lan jemaat bakal bersatu.

LAGU 90 Nguwatké Siji lan Sijiné

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi seneng merga ana akèh cah enom ing jemaat sing nglayani Yéhuwah. Sedulur-sedulur sing lansia isa mbantu bèn cah-cah enom kuwi isa terus semangat nglayani Yéhuwah.

^ par. 55 GAMBAR: Sedulur iki nglayani dadi pinituwa wilayah. Tapi pas umuré 70, dhèwèké ora isa dadi pinituwa wilayah manèh lan ditugaské ing siji jemaat. Merga nduwé akèh pengalaman, dhèwèké lan bojoné isa nglatih lan nyemangati sedulur-sedulur sing luwih enom ing jemaaté.