Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 39

Nèk Ana Keluargané Njenengan sing Ditokké saka Jemaat

Nèk Ana Keluargané Njenengan sing Ditokké saka Jemaat

”Wong-wong kuwi  . . . nglarani atiné [Gusti Allah].”​—MZM. 78:40.

LAGU 102 Ayo Mbantu sing Cilik Atiné

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé perasaané sedulur-sedulur nèk ana keluargané sing ditokké saka jemaat?

 NJENENGAN mesthi sedhih banget nèk ana keluargané njenengan sing ditokké saka jemaat. Sedulur wédok sing jenengé Hilda kandha, ”Aku wis nikah 41 taun karo bojoku. * Dadi pas dhèwèké mati, aku sedhih banget. Tapi aku luwih sedhih manèh pas anakku ditokké saka jemaat lan ninggalké anak bojoné.”

Yéhuwah ngerti perasaané njenengan lan mèlu sedhih wektu keluargané njenengan ditokké saka jemaat (Deloken paragraf 2-3) *

2-3. Nurut Mazmur 78:40, 41, piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing ora manut karo Dhèwèké?

2 Yéhuwah sedhih wektu ana malaékat-malaékat sing ora gelem nglayani Dhèwèké manèh. (Yud. 6) Yéhuwah ya lara ati, utawa sedhih, wektu wong Israèl bola-bali mbrontak nglawan Dhèwèké. (Wacanen Mazmur 78:40, 41.) Dadi, nèk ana keluargané njenengan sing ditokké saka jemaat, Yéhuwah ya mèlu sedhih. Yéhuwah ngerti perasaané njenengan. Yéhuwah ya ngrasa mesakké lan péngin mbantu njenengan.

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané isa ndhukung sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat. Ning saiki, ayo ngrembug sik kenapa kok njenengan ora perlu ngrasa bersalah nèk ana anggota keluarga sing ditokké saka jemaat.

ORA PERLU NGRASA BERSALAH

4. Piyé perasaané wong tuwa nèk anaké ora gelem manut karo Yéhuwah?

4 Nèk anaké njenengan ora manut karo Yéhuwah, mungkin njenengan ngrasa bersalah. Njenengan mungkin mikir nèk kuduné isa mbantu anaké njenengan. Sedulur Luke sing anaké ditokké saka jemaat ngomong ngéné, ”Aku ngrasa nèk iki salahku. Malah, aku ya nganti mimpi buruk. Kadhang aku nangis merga sedhih banget.” Sedulur Elizabeth sing anaké ya ditokké saka jemaat ngomong ngéné, ”Aku ngrasa gagal merga ora isa ndhidhik anakku bèn sayang karo Yéhuwah.”

5. Nèk ana sing ora manut karo Yéhuwah, kuwi salahé sapa?

5 Awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah ora meksa wong-wong kudu nglayani Dhèwèké. Dadi, awaké dhéwé isa milih arep manut karo Yéhuwah apa ora. Contoné, ana cah-cah enom sing gelem nglayani Yéhuwah meskipun wong tuwané ora mènèhi conto sing apik. Tapi ya ana wong tuwa sing wis ngupaya tenanan ndhidhik anaké bèn sayang karo Yéhuwah, ning pas wis déwasa anaké ora gelem nglayani Yéhuwah. Dadi, saben wong kudu mutuské dhéwé arep nglayani Yéhuwah utawa ora. (Yos. 24:15) Kuwi sebabé, nèk anaké njenengan ora manut karo Yéhuwah, aja nganggep nèk kuwi salahé njenengan.

6. Piyé perasaané anak-anak sing wong tuwané ditokké saka jemaat?

6 Tapi ya ana wong tuwa sing ora gelem manut karo Yéhuwah lan ninggalké anak bojoné. (Mzm. 27:10) Nèk kuwi kelakon, anak-anaké mesthi sedhih banget merga isih mbutuhké bimbingan wong tuwané. Gatèkna pengalamané Sedulur Esther sing bapaké ditokké saka jemaat. Esther crita, ”Sakwisé bapakku ditokké saka jemaat, aku kerep nangis. Aku ya sedhih banget merga bapakku ora gelem manut karo Yéhuwah manèh. Aku sayang karo bapakku lan nguwatirké keadaané. Saking kuwatiré, aku ya nganti beberapa kali kena serangan panik.”

7. Piyé perasaané Yéhuwah karo cah enom sing bapak utawa ibuné ditokké saka jemaat?

7 Cah-cah enom, nèk bapak utawa ibumu ditokké saka jemaat, sedulur-sedulur ya mèlu sedhih. Yéhuwah ya ngerti apa sing mbok rasakké. Yéhuwah sayang karo kowé lan péngin kowé terus nglayani Dhèwèké. Sedulur-sedulur ing jemaat ya péngin kowé ngupayakké kuwi. Mau wis disebutké nèk Yéhuwah ora meksa wong kudu nglayani Dhèwèké. Dadi nèk bapak utawa ibumu ora gelem manut karo Yéhuwah, kuwi dudu salahmu merga saben wong sing wis dibaptis kudu ”mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé”.​—Gal. 6:5.

8. Nèk ana anggota keluarga sing ditokké saka jemaat, njenengan kudu ngupaya bèn apa? (Deloken kothak ” Kembalilah kepada Yehuwa”.)

8 Nèk ana keluargané njenengan sing ditokké saka jemaat, njenengan mesthi péngin bèn dhèwèké sukmbèn gelem nglayani Yéhuwah manèh. Ning saiki, njenengan kudu ngupaya bèn tetep cedhak karo Yéhuwah. Kuwi isa dadi conto sing apik kanggo keluargané njenengan, termasuk sing ditokké saka jemaat mau. Kuwi ya isa mbantu njenengan bèn ora terus-terusan sedhih. Saiki, ayo ngrembug beberapa saran sing isa diupayakké.

TETEP CEDHAK KARO YÉHUWAH

9. Piyé carané bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah? (Deloken kothak ” Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké Nèk Keluargané Njenengan Ditokké saka Jemaat”.)

9 Njenengan kudu ngupaya bèn njenengan lan keluargané njenengan tetep cedhak karo Yéhuwah. Piyé carané? Njenengan kudu maca lan ngrenungké Alkitab saben dina. Njenengan ya kudu teka ing pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Sedulur Joanna sing bapak lan mbakyuné ditokké saka jemaat kandha, ”Aku dadi luwih tenang wektu maca kisahé Abigail, Èster, Ayub, Yusuf, Yésus, lan tokoh-tokoh Alkitab liyané. Aku ngrasa dikuwatké lan ora mikir sing èlèk-èlèk manèh. Terus, aku ya ngrungokké lagu-lagu saka JW Broadcasting bèn isa luwih semangat.”

10. Nurut Mazmur 32:6-8, awaké dhéwé kudu piyé nèk sedhih utawa kuwatir?

10 Pas sedhih utawa kuwatir, njenengan kudu ndonga karo Yéhuwah. Njaluka bantuané Yéhuwah bèn isa ngerti piyé pandhangané Yéhuwah nèk ana sing ditokké saka jemaat. Yéhuwah wis janji arep ’mènèhi pemahaman lan ngajari bèn isa nindakké sing bener’. (Wacanen Mazmur 32:6-8.) Mémang pas nyritakké kuwi karo Yéhuwah, njenengan isa waé dadi sedhih. Tapi, Yéhuwah ngerti apa sing njenengan rasakké. Yéhuwah sayang banget karo njenengan lan péngin njenengan nyritakké perasaané njenengan marang Dhèwèké.​—Pa. 34:6; Mzm. 62:7, 8.

11. Nurut Ibrani 12:11, kenapa awaké dhéwé kudu ndhukung keputusané para pinituwa nèk ana sing ditokké saka jemaat? (Deloken kothak ”“ Bukti Katresnané Yéhuwah”.)

11 Ndhukung keputusané para pinituwa. Yéhuwah ngongkon bèn wong sing ora mertobat ditokké saka jemaat. Kuwi tujuané kanggo nglindhungi sedulur-sedulur saka pengaruh sing èlèk lan mbantu wong sing dosa kuwi bèn mertobat. (Wacanen Ibrani 12:11.) Mungkin ana sing ngomong nèk keputusané para pinituwa kuwi klèru. Tapi wong sing ngomong kaya ngono kuwi biasané péngin nggawé bèn sing dosa ora kétok salah. Awaké dhéwé kan ora ngerti apa sing sakjané kelakon. Dadi luwih apik, awaké dhéwé percaya karo para pinituwa sing dadi anggota panitia pengadilan merga sedulur-sedulur kuwi wis ngupaya manut karo petunjuké Alkitab wektu ngadili ”kanggo Yéhuwah”.​—2 Bb. 19:6.

12. Apa hasilé nèk manut karo keputusané para pinituwa?

12 Nèk ndhukung keputusané para pinituwa, njenengan isa mbantu keluargané njenengan sing ditokké saka jemaat bèn gelem nglayani Yéhuwah manèh. Sedulur Elizabeth sing disebutké mau kandha, ”Rasané abot banget ora isa omong-omongan karo anakku lanang. Tapi sakwisé mbalik ing jemaat, anakku ngomong nèk keputusané para pinituwa kuwi pancèn wis bener. Dhèwèké ya ngomong nèk selama ditokké saka jemaat, dhèwèké dadi isa ngrenungké kesalahané lan isa sadhar nèk kudu berubah. Saiki aku ngerti nèk keputusané para pinituwa kuwi demi kebaikané anakku dhéwé.” Mark, bojoné Elizabeth, ya ngomong, ”Anakku kandha nèk dhèwèké gelem mbalik ing jemaat manèh kuwi merga aku karo bojoku blas ora gelem omong-omongan karo dhèwèké. Aku bersyukur merga Yéhuwah wis mbantu aku karo bojoku bèn manut karo keputusané para pinituwa.”

13. Piyé carané bèn njenengan isa luwih semangat?

13 Critakna perasaané njenengan karo sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Sedulur-sedulur kuwi isa mbantu bèn njenengan dadi luwih semangat. (WB. 12:25; 17:17) Joanna, sing disebutké mau, crita, ”Sakjané aku sedhih merga bapak lan mbakyuku ditokké saka jemaat. Tapi merga aku isa crita karo sedulur-sedulur sing isa tak percaya, aku dadi ora ngrasa kesepian.” Ning, piyé nèk ana sedulur-sedulur sing omongané nggawé njenengan dadi tambah sedhih?

14. Kenapa ”kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané”?

14 Njenengan kudu sabar. Merga ora sampurna, sedulur-sedulur ya isa salah. (Yak. 3:2) Dadi aja nggumun nèk ana sedulur-sedulur sing mungkin bingung kudu ngomong apa utawa malah salah ngomong. Awaké dhéwé isa mikirké naséhaté Rasul Paulus. Dhèwèké kandha, ”Senajan ana alesan kanggo tersinggung, kowé kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané.” (Kol. 3:13) Sedulur wédok sing anaké lanang tau ditokké saka jemaat ngomong ngéné, ”Wektu kuwi, ana sedulur-sedulur sing sakjané péngin nguwatké aku. Tapi merga sedulur-sedulur kuwi salah omong, aku dadi lara ati. Yéhuwah mbantu aku bèn isa ngapura sedulur-sedulur kuwi.” Saiki, ayo ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa ndhukung sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat.

NDHUKUNG SEDULUR-SEDULUR SING KELUARGANÉ DITOKKÉ SAKA JEMAAT

15. Awaké dhéwé kudu piyé nèk ana sedulur sing keluargané lagi waé ditokké saka jemaat?

15 Awaké dhéwé kudu tetep apikan karo sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat. Gatèkna pengalamané Sedulur Miriam sakwisé adhiné lanang ditokké saka jemaat. Miriam crita, ”Sakdurungé mangkat ing pertemuan ibadah, aku sakjané kuwatir mengko sedulur-sedulur bakal piyé karo aku. Tapi jebulé, akèh sedulur sing ngomong nèk mèlu sedhih. Terus, ya ora ana sing ngèlèk-èlèk adhiku. Aku bersyukur merga sedulur-sedulur isa memahami perasaanku.” Sedulur wédok liya crita, ”Wektu anakku lanang ditokké saka jemaat, sedulur-sedulur padha marani aku. Ana sing nangis lan ya ana sing nulis surat kanggo nguwatké aku. Mémang sedulur-sedulur kuwi ana sing bingung arep ngomong apa. Tapi, sedulur-sedulur kuwi wis nggawé aku luwih semangat.”

16. Piyé carané isa terus ndhukung sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat?

16 Awaké dhéwé ya kudu terus ndhukung lan nggawé sedulur-sedulur kuwi ngrasa disayangi. (Ibr. 10:24, 25) Tapi, mungkin ana sing ora gelem omong-omongan utawa bergaul manèh karo sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat. Awaké dhéwé mesthi ora gelem kaya ngono merga kuwi isa nggawé sedulur-sedulur kuwi tambah sedhih. Nèk ana cah enom sing bapak utawa ibuné ditokké saka jemaat, awaké dhéwé isa muji dhèwèké merga tetep gelem nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu nyemangati dhèwèké. Sedulur Maria sing bojoné ditokké saka jemaat lan ninggalké keluargané crita, ”Ana sedulur-sedulur sing teka ing omahku lan masakké kanggo aku. Aku ya dikancani pas sinau Alkitab karo anak-anakku. Sedulur-sedulur kuwi memahami aku lan mèlu nangis karo aku. Terus, sedulur-sedulur kuwi ya mbéla pas ana sing ngrasani aku. Aku bener-bener ngrasa dikuwatké.”​—Rm. 12:13, 15.

Awaké dhéwé kudu ndhukung sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat (Deloken paragraf 17) *

17. Piyé carané para pinituwa isa nguwatké sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat?

17 Para pinituwa nduwé tanggung jawab kanggo menghibur lan nguwatké sedulur-sedulur sing keluargané ditokké saka jemaat. (1 Tés. 5:14) Piyé carané? Bèn isa nguwatké, para pinituwa isa ngejak ngobrol sedulur-sedulur kuwi sakdurungé utawa sakwisé pertemuan ibadah. Terus, para pinituwa ya isa mara ing omahé sedulur-sedulur kuwi lan ndonga bareng. Sakliyané kuwi, para pinituwa isa ngejak sedulur-sedulur kuwi nginjil utawa ibadah keluarga bareng. Nèk para pinituwa apikan lan perduli, sedulur-sedulur kuwi mesthi ngrasa dikuwatké lan disayangi.​—1 Tés. 2:7, 8.

TETEP SABAR LAN PERCAYA KARO YÉHUWAH

18. Nurut 2 Pétrus 3:9, Yéhuwah péngin wong sing dosa piyé?

18 Yéhuwah ”ora péngin ana wong sing disingkirké” lan ”péngin kabèh wong mertobat”. (Wacanen 2 Pétrus 3:9.) Nèk ana sing nggawé dosa sing gedhé terus akhiré ditokké saka jemaat, Yéhuwah isih nganggep dhèwèké berharga. Yéhuwah wis gelem ngorbanké Anaké bèn isa dadi tebusan kanggo kabèh wong, termasuk kanggo wong sing dosa kuwi. Mulané, Yéhuwah péngin mbantu wong kuwi bèn isa mbalik ing jemaat. Yéhuwah bener-bener berharap wong kuwi gelem nglayani Dhèwèké manèh, lan kuwi kétok saka perumpamaané Yésus soal anak sing ilang. (Luk. 15:11-32) Akèh sedulur sing akhiré gelem nglayani Yéhuwah manèh, lan sedulur-sedulur ing jemaat seneng isa nyambut sedulur-sedulur kuwi. Sedulur Elizabeth sing disebutké mau seneng banget pas anaké isa mbalik ing jemaat. Dhèwèké kandha, ”Aku bersyukur merga sedulur-sedulur terus nguwatké aku bèn sabar ngentèni nganti anakku gelem nglayani Yéhuwah manèh.”

19. Kenapa awaké dhéwé kudu terus percaya karo Yéhuwah?

19 Awaké dhéwé kudu percaya karo Yéhuwah merga préntahé mesthi bermanfaat kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi sayang, apikan, lan mesakké karo wong-wong sing nglayani Dhèwèké. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké njenengan. (Ibr. 13:5, 6) Sedulur Mark sing disebutké mau kandha, ”Yéhuwah ora bakal ninggalké lan bakal mbantu wektu awaké dhéwé ngalami masalah.” Yéhuwah bakal mènèhi ”kekuwatan sing luar biasa sing asalé saka Gusti Allah”. (2 Kor. 4:7) Mula, njenengan mesthi isa tetep setya lan sabar ngentèni nganti keluargané njenengan gelem nglayani Yéhuwah manèh.

LAGU 44 Donga Wektu Susah Atiné

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi sedhih banget nèk keluargané awaké dhéwé ana sing ditokké saka jemaat. Saka artikel iki, awaké dhéwé bakal ngerti piyé perasaané Yéhuwah nèk kuwi kelakon. Nèk ana keluargané njenengan sing ditokké saka jemaat, saran-saran ing artikel iki bakal bermanfaat kanggo njenengan. Awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn ora terus-terusan sedhih lan tetep cedhak karo Yéhuwah wektu ana anggota keluarga sing ditokké saka jemaat. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané sedulur-sedulur ing jemaat isa ndhukung.

^ par. 1 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 79 GAMBAR: Sedulur lanang sing ora manut karo Yéhuwah lan ninggalké keluargané bakal nyusahké anak bojoné.

^ par. 81 GAMBAR: Loro pinituwa teka kanggo nguwatké sedulur wédok lan anak-anaké.