Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 38

Terus Sayang karo Yéhuwah lan Sedulur-Sedulur

Terus Sayang karo Yéhuwah lan Sedulur-Sedulur

”Aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu.”​—YOH. 20:17.

LAGU 3 Kekuwatan, Pangarep-arep, Percayaku

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kabèh sing nglayani Yéhuwah isa nganggep Yéhuwah kaya sapa?

 KABÈH sing nglayani Yéhuwah kuwi isa dipadhakké kaya keluarga. Contoné, ing swarga ana Yésus, ”anak pertama saka kabèh ciptaan”, lan para malaékat. (Kol. 1:15, ctn.; Mzm. 103:20) Pas ing bumi, Yésus ya tau ngomong ngéné karo murid-muridé, ”Aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu.” (Yoh. 20:17) Kata ”Bapakku lan Bapakmu” nduduhké nèk muridé Yésus ya isa nganggep Yéhuwah dadi Bapaké. Terus sakwisé dibaptis, awaké dhéwé ya nduwé sedulur-sedulur seiman sing dadi kaya keluargané awaké dhéwé.​—Mrk. 10:29, 30.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Tapi, mungkin ana sing angèl nganggep Yéhuwah kaya Bapaké. Sing liyané mungkin ora ngerti carané nduduhké nèk sayang karo sedulur-sedulur. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug conto-conto saka Yésus sing nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé ya bakal nggatèkké contoné Yéhuwah supaya isa sayang karo sedulur-sedulur.

YÉHUWAH SAYANG KARO AWAKÉ DHÉWÉ

3. Apa buktiné nèk Yésus péngin awaké dhéwé nganggep Yéhuwah kaya wong tuwa sing apikan?

3 Yéhuwah kuwi sayang karo awaké dhéwé. Yésus ora péngin awaké dhéwé nganggep Yéhuwah kaya penguasa sing senengé mung mènèhi préntah lan kudu dituruti. Kuwi kétok wektu Yésus ngajari murid-muridé ndonga. Yésus sakjané isa waé ngongkon murid-muridé bèn nyebut Yéhuwah ”Sing Mahakuwasa”, ”Sing Nyiptakké”, utawa ”Raja sing Langgeng”. (PD. 49:25; Yés. 45:18; 1 Tim. 1:17) Sebutan-sebutan kuwi mémang cocog kanggo Yéhuwah lan tau digunakké ing Kitab Suci. Tapi pas ngajari ndonga kuwi, Yésus ngongkon murid-muridé nyebut Yéhuwah ’Bapak’. (Mat. 6:9) Kuwi nduduhké nèk Yésus péngin awaké dhéwé nganggep Yéhuwah kaya wong tuwa sing apikan lan gampang dicedhaki.

4. Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin cedhak karo awaké dhéwé?

4 Tapi, mungkin ana sing ngrasa angèl nganggep Yéhuwah kuwi kaya Bapak sing sayang karo awaké dhéwé. Kuwi mungkin merga wong tuwané ora sayang karo anak-anaké. Ning, Yéhuwah ngerti apa sing awaké dhéwé rasakké lan kenapa awaké dhéwé ngrasa kaya ngono. Yéhuwah péngin cedhak karo awaké dhéwé. Alkitab kandha, ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.” (Yak. 4:8) Wektu mikirké soal kuwi, awaké dhéwé mesthi seneng isa kenal Yéhuwah. Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan péngin awaké dhéwé bahagia.

5. Nurut Lukas 10:22, kenapa awaké dhéwé isa luwih cedhak karo Yéhuwah nèk nggatèkké contoné Yésus?

5 Saka contoné Yésus, awaké dhéwé ya isa luwih cedhak karo Yéhuwah. Kok isa? Yésus kenal tenan karo Yéhuwah lan isa niru kabèh sipaté Yéhuwah. Mulané Yésus ngomong, ”Sapa waé sing wis ndelok aku ya wis ndelok Bapak.” (Yoh. 14:9) Pas ing bumi, Yésus ngandhani awaké dhéwé carané bèn isa nyenengké Yéhuwah lan apa waé sing isa nggawé Yéhuwah sedhih. Tapi sing paling penting, saka contoné Yésus, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi apikan lan sayang karo awaké dhéwé. (Wacanen Lukas 10:22.) Ayo digatèkké conto-contoné.

Merga sayang karo Yésus, Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké Yésus (Deloken paragraf 6) *

6. Apa buktiné nèk Yéhuwah ngrungokké dongané Yésus?

6 Yéhuwah ngrungokké dongané para abdiné. Contoné Yésus. Pas ing bumi, Yésus kerep ndonga. (Luk. 5:16) Misalé, Yésus ndonga pas arep nggawé keputusan sing penting, termasuk pas milih 12 rasulé. (Luk. 6:12, 13) Terus, Yésus ya ndonga merga kuwatir karo apa sing bakal dialami sakwisé dikhianati karo Yudas. Yéhuwah ngrungokké dongané Yésus kuwi. Buktiné, Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké Yésus.​—Luk. 22:41-44.

7. Piyé perasaané awaké dhéwé merga Yéhuwah gelem ngrungokké dongané awaké dhéwé?

7 Yéhuwah gelem ngrungokké dongané awaké dhéwé. Yéhuwah ya njawab dongané awaké dhéwé ing wektu sing pas lan nganggo cara sing paling apik. (Mzm. 116:1, 2) Gatèkna pengalamané sedulur wédok saka India. Merga kerep ngrasa kuwatir sing berlebihan, dhèwèké ndonga karo Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Ing JW Broadcasting® Mei 2019, ana saran-saran sing isa mbantu aku ngatasi rasa kuwatir. Aku ngrasa nèk kuwi jawaban kanggo donga-dongaku.”

8. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo Yésus?

8 Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé kaya Yéhuwah sayang karo Yésus. (Yoh. 5:20) Pas Yésus ing bumi, Yéhuwah mbantu Yésus bèn imané tetep kuwat, nguwatké Yésus pas ngalami masalah, lan nyedhiakké kabèh sing dibutuhké Yésus. Yéhuwah ya ngomong nèk sayang karo Yésus lan nèk Yésus wis nggawé Yéhuwah seneng. (Mat. 3:16, 17) Merga Yéhuwah sayang lan ora tau ninggalké Yésus, mulané Yésus isa percaya karo Yéhuwah.​—Yoh. 8:16.

9. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé?

9 Yéhuwah ya sayang karo awaké dhéwé. Buktiné, Yéhuwah wis narik awaké dhéwé dadi umaté, mènèhi sedulur-sedulur sing apikan, lan nyemangati awaké dhéwé pas ana masalah. (Yoh. 6:44) Yéhuwah ya mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep nduwé iman sing kuwat lan nyedhiakké kabèh sing dibutuhké. (Mat. 6:31, 32) Wektu ngrenungké kuwi kabèh, awaké dhéwé mesthi tambah sayang karo Yéhuwah.

SAYANG KARO SEDULUR-SEDULUR

10. Merga Yéhuwah sayang karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu piyé?

10 Umaté Yéhuwah kuwi asalé saka latar belakang lan kebudayaan sing béda-béda. Terus merga ora sampurna, awaké dhéwé ya isa nggawé wong liya jèngkèl. Kuwi sebabé, awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk sayang karo sedulur-sedulur kuwi isa waé angèl. Tapi, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah sayang karo sedulur-sedulur. Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn tetep sayang karo sedulur-sedulur. Awaké dhéwé isa niru contoné Yéhuwah. (Éf. 5:1, 2; 1 Yoh. 4:19) Ayo ngrembug beberapa contoné.

11. Apa buktiné nèk Yésus niru Yéhuwah?

11 Yéhuwah ”mesakké” wektu ndelok wong-wong sing susah. (Luk. 1:78) Merga mesakké, Yéhuwah mèlu sedhih wektu ndelok wong-wong ngalami masalah lan péngin mbantu. Yésus ya niru Yéhuwah. (Yoh. 5:19) Misalé, Yésus ngrasa mesakké wektu ndelok wong-wong sing ”digawé sengsara lan ora diopèni kaya domba tanpa gembala”. (Mat. 9:36) Merga mesakké, Yésus ya gelem mbantu wong-wong kuwi. Yésus marèkké sing lara lan nguwatké ”kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot”.​—Mat. 11:28-30; 14:14.

Awaké dhéwé niru Yéhuwah nèk mesakké lan gelem apikan karo sedulur-sedulur (Deloken paragraf 12-14) *

12. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé mesakké karo sedulur-sedulur?

12 Awaké dhéwé isa mesakké nèk mikirké masalah sing lagi diadhepi sedulur-sedulur. Contoné, mungkin ana sedulur wédok sing lagi lara. Meskipun ora tau sambat, tapi dhèwèké mungkin butuh bantuan lan mesthi seneng nèk ana sing mbantu. Mungkin, awaké dhéwé isa masak kanggo keluargané utawa ngresiki omahé. Sakliyané kuwi, mungkin ana sedulur sing bar di-PHK. Nèk ngono, awaké dhéwé isa meneng-meneng mènèhi dhuwit kanggo mbantu nyukupi kebutuhan keluargané nganti sedulur kuwi éntuk gawéan manèh.

13-14. Piyé carané awaké dhéwé niru Yéhuwah sing apikan?

13 Yéhuwah kuwi apikan. (Mat. 5:45) Merga sayang, Yéhuwah gelem nyedhiakké kabèh sing awaké dhéwé butuhké. Contoné, Yéhuwah nggawé matahari terbit kanggo kabèh wong, termasuk sing ora nglayani Yéhuwah. Saben dina kan awaké dhéwé ora perlu njaluk Yéhuwah bèn matahari isa terbit, ta? Awaké dhéwé mesthi sayang karo Yéhuwah merga Yéhuwah apikan. Piyé carané niru Yéhuwah? Awaké dhéwé ora perlu ngentèni nganti sedulur-sedulur njaluk tulung karo awaké dhéwé. Nèk ngerti ana sedulur sing susah, awaké dhéwé isa langsung mbantu.

14 Merga péngin niru Yéhuwah, sedulur-sedulur apikan karo liyané. Misalé pas taun 2013, ana Topan Super Haiyan ing Filipina. Akibaté, akèh sedulur sing omahé hancur lan dadi ora nduwé apa-apa. Tapi sedulur-sedulur, termasuk sing saka negara liya, langsung mbantu. Ana sing nyumbang dhuwit lan ya ana sing teka langsung kanggo mbantu sedulur-sedulur ing kono. Hasilé, ora nganti setaun, ana kira-kira 750 omahé sedulur-sedulur sing didandani utawa dibangun manèh. Terus selama wabah COVID-19, umaté Yéhuwah ya ngupaya bèn isa saling mbantu. Kuwi kabèh bukti nèk awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur.

15-16. Nurut Kolose 3:13, apa salah siji cara kanggo niru Yéhuwah?

15 Yéhuwah kuwi seneng ngapura. (Wacanen Kolose 3:13.) Saben dina, Yéhuwah ngapura awaké dhéwé. (Mzm. 103:10-14) Yésus ya seneng ngapura. Meskipun murid-muridé kerep nggawé kesalahan, Yésus gelem ngapura murid-muridé. Malah, Yésus réla ngorbanké uripé bèn dosané awaké dhéwé diapura. (1 Yoh. 2:1, 2) Merga Yéhuwah lan Yésus seneng ngapura, awaké dhéwé mesthi péngin luwih cedhak karo Yéhuwah lan Yésus.

16 Awaké dhéwé isa tambah sayang karo sedulur-sedulur nèk ”tulus ngapura”. (Éf. 4:32) Tapi merga kuwi isa waé ora gampang, mula awaké dhéwé kudu terus ngupaya tenanan bèn isa ngapura. Ana siji sedulur wédok sing éntuk manfaat sakwisé maca artikel ing Menara Pengawal sing judhulé ”Ampunilah Satu Sama Lain dengan Lapang Hati”. * Sedulur wédok kuwi kandha, ”Saka artikel kuwi, aku dadi ngerti kudu piyé nèk ana sedulur liya sing nggawé aku jèngkèl. Ing kono disebutké nèk ngapura kuwi ora berarti awaké dhéwé ora éntuk jèngkèl utawa nganggep nèk wong kuwi ora salah. Ngapura kuwi maksudé ora terus-terusan jèngkèl utawa dendam karo wong sing nggawé awaké dhéwé lara ati.” Nèk gelem ngapura sedulur-sedulur, kuwi berarti awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur kuwi lan gelem niru Yéhuwah.

BERSYUKUR MERGA DADI UMATÉ YÉHUWAH

Ora soal wis tuwa apa isih enom, kabèh umaté Yéhuwah saling menyayangi (Deloken paragraf 17) *

17. Kaya sing disebutké ing Matius 5:16, piyé carané isa ngluhurké Yéhuwah?

17 Awaké dhéwé mesthi bersyukur isa nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur sing sayang karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi ya péngin wong liya isa mèlu nglayani Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn perbuatané awaké dhéwé aja nganti nggawé wong liya dadi ngèlèk-èlèk Yéhuwah utawa organisasiné. Awaké dhéwé kudu terus berbuat apik supaya wong liya dadi péngin ngerti luwih akèh soal Yéhuwah.​—Wacanen Matius 5:16.

18. Kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi nèk arep njelaské kepercayaané awaké dhéwé?

18 Tapi merga manut karo Yéhuwah, mungkin ana sing ngèlèk-èlèk utawa nganiaya awaké dhéwé. Pas ngalami kaya ngono, awaké dhéwé isa waé dadi wedi nèk arep njelaské kepercayaané awaké dhéwé. Tapi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah lan Yésus bakal mbantu. Awaké dhéwé ora perlu kuwatir soal apa sing kudu diomongké utawa piyé carané ngomong, merga Yésus wis janji, ”Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké. Dudu kowé sing ngomong, tapi kuwasané Bapakmu ing swarga sing bakal mbantu kowé.”​—Mat. 10:19, 20.

19. Critakna pengalamané Sedulur Robert.

19 Gatèkna pengalamané Sedulur Robert pas dhèwèké lagi waé sinau Alkitab. Dhèwèké seneng merga isa kenal karo Yéhuwah. Merga ora gelem mèlu perang, dhèwèké digawa ing pengadilan. Meskipun wektu kuwi pengetahuan Alkitabé isih sithik, tapi Robert wani njelaské karo hakim nèk dhèwèké ora gelem mèlu perang merga sayang karo sedulur-seduluré. Terus, hakimé takon karo Robert, ”Lha sedulur-sedulurmu kuwi sapa?” Robert ora nyangka nèk hakimé bakal takon kaya ngono. Tapi, ujug-ujug Robert kèlingan ayat harian dina kuwi, yaiku Matius 12:50. Ing kono disebutké, ”Sapa waé sing nindakké karepé Bapakku ing swarga kuwi adhiku lanang, adhiku wédok, lan ibuku.” Dadi meskipun Robert lagi waé sinau Alkitab, tapi roh suciné Yéhuwah mbantu dhèwèké bèn isa njawab pertanyaan-pertanyaan sing ora disangka-sangka. Yéhuwah mesthi bangga karo Robert. Awaké dhéwé ya kudu percaya karo Yéhuwah wektu njelaské kepercayaané awaké dhéwé karo wong-wong sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Kuwi isa nggawé Yéhuwah bangga.

20. Apa tékadé awaké dhéwé? (Yohanes 17:11, 15)

20 Awaké dhéwé mesthi seneng isa dadi bagian saka organisasiné Yéhuwah. Awaké dhéwé nduwé Yéhuwah sing sayang karo awaké dhéwé lan sedulur-sedulur sing apikan. Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé bersyukur. Sétan lan para pengikuté péngin nggawé awaké dhéwé bèn mikir nèk Yéhuwah ora sayang karo awaké dhéwé. Sétan ya ngupaya bèn umaté Yéhuwah ora bersatu. Tapi, Yésus tau ndonga bèn Yéhuwah njaga umaté supaya tetep bersatu. (Wacanen Yohanes 17:11, 15.) Yéhuwah njawab dongané Yésus. Kaya Yésus, muga-muga awaké dhéwé terus yakin nèk Yéhuwah sayang lan bakal ndhukung awaké dhéwé. Muga-muga awaké dhéwé ya terus sayang karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur.

LAGU 99 Akèh Banget Sedulurku

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi seneng dadi umaté Yéhuwah. Sedulur-sedulur wis dadi kaya keluargané awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi péngin tambah sayang karo sedulur-sedulur. Piyé carané? Awaké dhéwé isa niru Yéhuwah, Yésus, lan sedulur-sedulur sing pengalamané dibahas ing kéné.

^ par. 57 GAMBAR: Pas Yésus ing Taman Gètsemani, Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké Yésus.

^ par. 59 GAMBAR: Selama wabah COVID-19, akèh sedulur sing mbantu nyukupi kebutuhané sedulur liya.

^ par. 61 GAMBAR: Ibu sing mbantu anaké wédok nggawé gambar kanggo nyemangati sedulur-sedulur sing dipenjara.