Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 40

Berjuang Bèn Isa Terus Nglayani Yéhuwah, Kaya Pétrus

Berjuang Bèn Isa Terus Nglayani Yéhuwah, Kaya Pétrus

”Aku ora pantes ana ing cedhakmu Gusti, merga aku wong sing dosa.”—LUK. 5:8.

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Piyé perasaané Pétrus bar ndelok mukjijaté Yésus?

 WIS sewengi muput Pétrus nggolèk iwak, tapi ora éntuk-éntuk. Terus Yésus ngomong karo Pétrus, ”Gawanen prauné ing panggonan sing jero, lan tebarna jalamu ing kono.” (Luk. 5:4) Pétrus manut meskipun awalé ragu. Bar jalané diuncalké, éntuké iwak akèh banget nganti jalané mèh suwèk. Merga ngerti nèk kuwi mukjijat, Pétrus karo kanca-kancané dadi ”nggumun banget”. Pétrus ngomong, ”Aku ora pantes ana ing cedhakmu Gusti, merga aku wong sing dosa.”—Luk. 5:​6-9.

2. Ngapa kok contoné Pétrus kuwi apik kanggo dipelajari?

2 Ngapa kok Pétrus ngrasa nèk dhèwèké ”wong sing dosa”? Ing Alkitab disebutké nèk Pétrus bola-bali nggawé salah. Apa njenengan ya tau ngrasa kaya Pétrus? Apa njenengan lagi berjuang ngatasi kelemahan lan sifat-sifat sing èlèk? Nèk iya, ayo sinau saka contoné Pétrus. Sakjané, isa waé kesalahané Pétrus kuwi ora ditulis ing Alkitab. Tapi, kuwi ditulis merga ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. (2 Tim. 3:​16, 17) Saka perjuangané Pétrus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ora nuntut kesempurnaan saka awaké dhéwé. Yéhuwah pénginé awaké dhéwé terus berjuang bèn tetep setya meskipun nduwé kelemahan.

3. Ngapa kok kudu terus berjuang?

3 Ngapa kok ora éntuk putus asa, tapi kudu terus berjuang? Gambarané ngéné. Wong isa trampil main gitar merga latihan bertaun-taun. Selama dhèwèké ajar, mesthi kerep salah. Tapi merga latihan terus, suwé-suwé dadi luwih apik mainé. Bahkan pas wis trampil, dhèwèké ya isa waé nggawé salah. Makané kudu latihan terus bèn dadi luwih apik manèh. Padha kaya ngono, mungkin awaké dhéwé wis berhasil ngatasi kelemahan tertentu. Tapi ya isa waé gagal manèh. Nah, awaké dhéwé kudu terus berjuang. Nèk ora putus asa, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé dadi wong sing luwih apik. (1 Ptr. 5:10) Saiki, ayo ngrembug piyé Pétrus berjuang ngatasi kelemahané lan piyé Yésus selalu mbantu dhèwèké.

PÉTRUS BERJUANG LAN NAMPA BERKAH

Nèk njenengan dadi Pétrus, njenengan bakal piyé? (Deloken paragraf 4)

4. Ing Lukas 5:​5-10, Pétrus ngrasa piyé, tapi Yésus ngomong apa?

4 Ing Alkitab ora disebutké Pétrus nggawé salah apa nganti ngomong nèk dhèwèké kuwi ”wong sing dosa”. (Wacanen Lukas 5:​5-10.) Mungkin Pétrus wis tau nggawé dosa gedhé. Yésus ngerti nèk Pétrus wedi merga ngrasa ora pantes. Tapi Yésus ya ngerti nèk Pétrus isa tetep setya. Makané Yésus ngomong, ”Aja wedi.” Omongané Yésus kuwi nggawé Pétrus dadi semangat. Akhiré, Pétrus karo Andréas réla ninggalké gawéané, terus dadi muridé Yésus. Yéhuwah ngekèki meréka akèh berkah.—Mrk. 1:​16-18.

5. Merga Pétrus ora terus-terusan ngrasa ora pantes lan gelem mèlu Yésus, apa waé berkahé?

5 Pas dadi muridé Yésus, Pétrus éntuk akèh pengalaman sing luar biasa. Dhèwèké ndelok Yésus nambani wong lara, ngusir wong jahat, lan nguripké manèh wong mati. b (Mat. 8:​14-17; Mrk. 5:​37, 41, 42) Pétrus ya ora bakal lali pas ndelok wahyu soal Yésus sing bakal dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah. (Mrk. 9:​1-8; 2 Ptr. 1:​16-18) Pétrus mesthi seneng banget. Nèk misalé Pétrus terus-terusan ngrasa ora pantes, dhèwèké mesthi ora bakal ngrasakké berkah-berkah kuwi.

6. Critakna apa buktiné nèk Pétrus isih kudu berjuang ngatasi kelemahané.

6 Meskipun wis ndelok peristiwa-peristiwa kuwi, Pétrus isih kudu berjuang ngatasi kelemahané. Contoné, pas Yésus ngomong nèk menurut ramalan dhèwèké kudu sengsara lan mati, Pétrus malah ngélikké Yésus. (Mrk. 8:​31-33) Pétrus karo murid-murid liyané ya bola-bali padu soal sapa sing paling penting. (Mrk. 9:​33, 34) Bengi sakdurungé Yésus mati, Pétrus ya tau nyerang lan nyabet kupingé Malkhus nganti pothol. (Yoh. 18:10) Terus bengi kuwi, merga wedi karo wong-wong, Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. (Mrk. 14:​66-72) Bar kuwi Pétrus nangis lan sedhih banget.—Mat. 26:75.

7. Bar Yésus diuripké manèh, Pétrus éntuk kesempatan apa?

7 Yésus terus nyemangati Pétrus bèn ora cilik ati. Bar diuripké manèh, Yésus ngekèki Pétrus kesempatan mbuktèkké nèk isih sayang Yésus. Yésus ngongkon Pétrus ngopèni domba-dombané. (Yoh. 21:​15-17) Pétrus gelem. Terus pas Péntakosta, dhèwèké ya ana ing Yérusalèm lan termasuk sing nampa roh suci.

8. Pas ing Antiokhia, Pétrus nggawé kesalahan apa?

8 Meskipun wis diurapi roh suci, Pétrus isih nduwé kelemahan. Taun 36 M, Gusti Allah ngekèki roh suci kanggo Kornélius, wong sing dudu Yahudi. Kuwi bukti nèk ’Gusti Allah ora mbédak-mbédakké’ lan nèk saiki wong sing dudu Yahudi wis éntuk dadi wong Kristen. Pas peristiwa kuwi, Pétrus ya ana ing kono. (Kis. 10:​34, 44, 45) Makané, bar kuwi Pétrus mulai gelem mangan bareng karo wong sing dudu Yahudi. (Gal. 2:12) Tapi, ana wong Kristen Yahudi sing ngomong nèk ora éntuk mangan bareng karo sing dudu Yahudi. Pas wong-wong kuwi teka ing Antiokhia, Pétrus dadi wedi, terus ora gelem mangan bareng manèh karo sing dudu Yahudi. Paulus ora seneng ndelok Pétrus munafik. Makané, Paulus langsung ngélikké Pétrus ing ngarepé wong akèh. (Gal. 2:​13, 14) Meskipun wis nggawé salah, Pétrus ora putus asa tapi berjuang manèh. Apa sing marakké dhèwèké tetep semangat?

SING MARAKKÉ PÉTRUS TETEP SEMANGAT

9. Menurut Yohanes 6:​68, 69, apa buktiné nèk Pétrus setya karo Yésus?

9 Pétrus bertékad tetep setya karo Yésus. Kuwi terbukti pas Yésus ngomongké sesuatu sing ora dipahami murid-muridé. Wektu kuwi, murid-murid liyané ora takon tapi langsung ninggalké Yésus. Tapi nèk Pétrus, dhèwèké tetep setya karo Yésus lan ngomong nèk ’mung omongané Yésus sing isa mènèhi urip saklawasé’.—Wacanen Yohanes 6:​68, 69.

Yésus isih terus percaya karo Pétrus. Ngapa kok kuwi nguwatké awaké dhéwé? (Deloken paragraf 10)

10. Apa buktiné nèk Yésus yakin Pétrus bakal tetep setya? (Deloken gambar kanggo paragraf 10.)

10 Yésus terus nguwatké Pétrus. Bengi sakdurungé mati, Yésus ngerti nèk Pétrus lan murid-murid liyané bakal ninggalké dhèwèké. Tapi Yésus yakin nèk Pétrus bakal balik lan tetep setya karo Yésus. (Luk. 22:​31, 32) Yésus ngerti, ”senajan wong semangaté gedhé, ning awaké ora kuwat nglakoni”. (Mrk. 14:38) Makané, Yésus tetep nguwatké Pétrus meskipun wis ora diakoni Pétrus. Bar diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus pas Pétrus lagi dhèwèkan. (Mrk. 16:7; Luk. 24:34; 1 Kor. 15:5) Pétrus sing mauné lagi putus asa, bar kuwi mesthi dadi semangat manèh.

11. Bèn Pétrus yakin nèk Yéhuwah isa ngopèni dhèwèké, Yésus ngapa?

11 Bar diuripké manèh, Yésus nggawé mukjijat. Pétrus karo murid-murid liyané isa éntuk iwak akèh banget. (Yoh. 21:​4-6) Merga mukjijat kuwi, Pétrus mesthi dadi yakin nèk Yéhuwah isa nyukupi kebutuhané. Pétrus mungkin kèlingan kata-katané Yésus nèk Yéhuwah bakal ngopèni wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. (Mat. 6:33) Makané, bar kuwi Pétrus dadi luwih ngutamakké nginjilé timbang gawéané. Pas Péntakosta 33 M, Pétrus semangat banget ngekèki ceramah, lan hasilé ana éwonan sing gelem nampa kabar apik. (Kis. 2:​14, 37-41) Terus, dhèwèké ya ngajari akèh wong Samaria lan sing dudu Yahudi soal Yésus. (Kis. 8:​14-17; 10:​44-48) Liwat Pétrus, Yéhuwah mbantu wong-wong saka akèh bangsa bèn dadi umaté.

APA SING ISA DIPELAJARI?

12. Nèk lagi berjuang ngatasi kelemahan kaya Pétrus, awaké dhéwé isa éling apa?

12 Yéhuwah ya isa nguwatké awaké dhéwé bèn terus berjuang ngatasi kelemahan, terutama sing wis bertaun-taun. Kadhang-kadhang perjuangané awaké dhéwé malah luwih abot timbang Pétrus. Tapi Yéhuwah isa ngekèki kekuwatan bèn ora nyerah. (Mzm. 94:​17-19) Misalé, ana sedulur lanang sing mbiyèné homosèks. Meskipun dhèwèké wis ora kaya ngono, kadhang kepénginan sing salah kuwi muncul manèh. Apa sing marakké dhèwèké isa berjuang ngatasi kelemahané? Dhèwèké crita, ”Yéhuwah sing nguwatké aku. Merga roh suciné Yéhuwah . . . , aku dadi ngerti nèk aku mesthi isa nglakoni sing dikarepké Yéhuwah . . . Meskipun aku nduwé akèh kelemahan, Yéhuwah terus nguwatké lan nganggep aku berharga.”

Horst Henschel mulai merintis kèt 1 Januari 1950. Menurut njenengan, apa dhèwèké menyesal merga ngutamakké Yéhuwah? (Deloken paragraf 13, 15) d

13. Apa sing isa ditiru saka contoné Pétrus ing Kisah 4:​13, 29, 31? (Deloken gambar kanggo paragraf 13.)

13 Kaya sing wis dibahas, Pétrus bola-bali nggawé salah merga wedi karo manungsa. Tapi merga ndonga, Pétrus isa dadi kendel. (Wacanen Kisah 4:​13, 29, 31.) Nèk pas wedi, awaké dhéwé isa niru contoné Pétrus. Misalé pengalamané Horst, cah enom sing manggon ing Jerman pas Perang Donya II. Merga wedi, dhèwèké beberapa kali nyerah lan ngomong ”Heil Hitler”. Wong tuwané ora nyenèni, tapi ngejak Horst ndonga, njaluk Yéhuwah mbantu bèn dadi kendel. Merga dibantu wong tuwané lan percaya karo Yéhuwah, Horst akhiré dadi kendel. Horst ngomong, ”Yéhuwah selalu nguwatké aku.” c

14. Piyé pinituwa isa nyemangati sedulur-sedulur sing lagi cilik ati?

14 Yéhuwah karo Yésus péngin terus nyemangati awaké dhéwé. Bar ora ngakoni Yésus, Pétrus isa waé dadi bingung. Dhèwèké kudu milih, arep ninggalké Yésus utawa arep terus mèlu Yésus. Yésus wis ndonga bèn Yéhuwah mbantu Pétrus tetep setya. Terus Yésus ngandhani Pétrus soal dongané kuwi. Yésus ya ngomong nèk Pétrus mengko bakal nguwatké sedulur-sedulur liyané. (Luk. 22:​31, 32) Omongané Yésus kuwi mesthi nguwatké Pétrus. Kadhang-kadhang, awaké dhéwé ya isa kaya Pétrus, bingung lan kudu nggawé pilihan arep tetep setya nglayani Yéhuwah apa ora. Yéhuwah bakal nguwatké awaké dhéwé liwat para pinituwa sing kaya gembala. (Éf. 4:​8, 11) Sedulur Paul, sing wis suwé dadi pinituwa, seneng nyemangati sedulur-sedulur sing lagi cilik ati. Dhèwèké berusaha mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn kèlingan manèh pas pertama kali kenal Yéhuwah. Dhèwèké ya ngyakinké nèk Yéhuwah mesthi nguwatké bèn meréka isa terus berjuang. Dhèwèké ngomong, ”Ana akèh sedulur-sedulur sing mauné ora semangat akhiré dadi semangat manèh merga dibantu Yéhuwah.”

15. Apa buktiné nèk janjiné Yéhuwah ing Matius 6:33 mesthi ditepati?

15 Kaya Pétrus karo murid-murid liyané sing diopèni Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal diopèni Yéhuwah nèk ngutamakké Dhèwèké. (Mat. 6:33) Bar Perang Donya II, Horst sing disebutké mau, nduwé rencana arep merintis. Tapi merga mlarat banget, dhèwèké ragu apa isa merintis. Terus dhèwèké piyé? Dhèwèké péngin nguji Yéhuwah apa Yéhuwah bakal bener-bener ngopèni dhèwèké. Pas kunjungan pinituwa wilayah, dhèwèké nginjil terus selama seminggu. Bar rampung kunjungané, pinituwa wilayah kuwi tiba-tiba ngekèki Horst amplop sing isiné dhuwit saka sedulur sing ora gelem disebutké jenengé. Dhuwité cukup kanggo dhèwèké merintis nganti beberapa bulan. Horst dadi yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal ngopèni dhèwèké. Horst terus ngutamakké Yéhuwah nganti mati.—Mal. 3:10.

16. Ngapa kok kudu nggatèkké conto lan surat-suraté Pétrus?

16 Pétrus mesthi bersyukur banget merga Yésus terus nguwatké dhèwèké. Yésus terus nglatih Pétrus nganti akhiré dhèwèké dadi rasul sing setya lan dadi conto kanggo sedulur-sedulur. Sing dhèwèké pelajari kuwi akhiré ditulis ing loro surat sing dikirimké kanggo jemaat-jemaat. Loro surat kuwi ya bermanfaat kanggo awaké dhéwé. Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

LAGU 126 Terus Kuwatna Imanmu

a Artikel iki kanggo wong-wong sing lagi berjuang ngatasi kelemahané bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah.

b Ayat-ayat ing artikel iki akèh-akèhé dikutip saka Injil Markus. Tapi Markus ora ndelok dhéwé peristiwané. Sing ngandhani dhèwèké kuwi Pétrus.

c Pengalamané Sedulur Horst Henschel ditulis ing artikel ”Dimotivasi oleh Loyalitas Keluarga Saya pada Allah” ing Sedarlah! 22 Februari 1998.

d GAMBAR: Adegan ulang wong tuwané Horst Henschel ngejak dhèwèké ndonga bareng bèn dhèwèké dadi kendel.