Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 38

Cah Enom, Piyé Bèn Kowé Isa Bahagia?

Cah Enom, Piyé Bèn Kowé Isa Bahagia?

”Pertimbangan sing apik bakal nglindhungi kowé.”—WB. 2:11.

LAGU 135 Anak-Ku, Gawéa Seneng Ati-Ku

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Kesulitan apa sing diadhepi Yéhoas, Uzzia, karo Yosia?

 BAYANGNA nèk misalé kowé dadi raja, nduwé kuwasa, nduwé wewenang, lan kudu mréntah umaté Yéhuwah, padahal kowé isih cilik. Kira-kira kowé isa ora? Ing Alkitab dicritakké kisahé cah-cah enom sing dadi raja Yéhuda. Misalé, Yéhoas dadi raja pas umur 7, Uzzia pas umur 16, terus Yosia pas umur 8. Mesthi kuwi ora gampang. Tapi meskipun ngono, Yéhuwah karo wong-wong liyané gelem mbantu.

2. Ngapa kok kisahé Yéhoas, Uzzia, karo Yosia kuwi apik kanggo dipelajari?

2 Mémang awaké dhéwé dudu raja utawa ratu. Tapi, ana akèh sing isa dipelajari saka Yéhoas, Uzzia, lan Yosia. Saka kisahé cah telu kuwi, awaké dhéwé isa ngerti ngapa kok kudu milih kanca sing apik, kudu terus rendah hati, lan kudu terus nggolèk tuntunané Yéhuwah.

MILIH KANCA SING APIK

Kowé kudu ngrungokké naséhaté kanca sing apik (Deloken paragraf 3, 7) c

3. Apa buktiné nèk Yéhoyada mbantu Yéhoas nggawé pilihan sing bener?

3 Yéhoas nggawé pilihan sing bener. Pas Yéhoas isih enom, bapaké mati. Terus, dhèwèké digedhèkké karo Imam Agung Yéhoyada. Dhèwèké diajari soal Yéhuwah. Merga manut karo Yéhoyada, Yéhoas akhiré isa nggawé pilihan sing bener. Dhèwèké nglayani Yéhuwah lan mbantu rakyaté bèn ya nglayani Yéhuwah. Dhèwèké ya ngatur bèn baité Yéhuwah didandani.—2 Bb. 24:​1, 2, 4, 13, 14.

4. Apa manfaaté nèk manut préntahé Yéhuwah? (Wulang Bebasan 2:​1, 10-12)

4 Nèk wong tuwamu utawa wong liya ngajari kowé soal Yéhuwah lan pathokané, kowé éntuk hadiah sing berharga. (Wacanen Wulang Bebasan 2:​1, 10-12.) Carané wong tuwa ngajari kuwi ana akèh. Misalé bapaké Katya. Saben dina, karo ngeterké sekolah, bapaké ngejak Katya mbahas ayat harian. Katya ngomong, ”Merga mbahas ayat harian karo Bapak, pas ing sekolah ana masalah, aku dadi ngerti sing bener kudu piyé.” Tapi, piyé nèk aturané wong tuwa sing sakjané saka Alkitab kuwi marahi kowé ngrasa ora bébas? Piyé carané bèn isa tetep manut? Sedulur sing jenengé Anastasia crita nèk mbiyèn wong tuwané mesthi njelaské sik ngapa kok ngekèki aturan tertentu. Dhèwèké ngomong, ”Aku dadi ngerti wong tuwaku ngekèki aturan kuwi dudu merga péngin ngatur-ngatur, tapi merga sayang lan péngin nglindhungi aku.”

5. Nèk kowé manut, wong tuwamu lan Yéhuwah piyé? (Wulang Bebasan 22:6; 23:​15, 24, 25)

5 Nèk kowé ngetrapké naséhat ing Alkitab saka wong tuwamu, wong tuwamu bakal seneng. Terus, ora mung kuwi. Gusti Allah ya seneng, lan kowé isa dadi luwih akrab karo Dhèwèké. (Wacanen Wulang Bebasan 22:6; 23:​15, 24, 25.) Dadi, contoné Yéhoas pas isih enom kuwi mémang apik kanggo ditiru.

6. Bar Yéhoyada mati, Yéhoas luwih seneng ngrungokké naséhaté sapa, terus apa akibaté? (2 Babad 24:​17, 18)

6 Yéhoas nggawé pilihan sing salah. Sakwisé Yéhoyada mati, Yéhoas milih kanca-kanca sing ora apik. (Wacanen 2 Babad 24:​17, 18.) Dhèwèké milih ngrungokké para pejabat Yéhuda. Kuduné Yéhoas ora kekancan karo wong-wong kuwi, soalé meréka ora sayang Yéhuwah lan kelakuané ora nggenah. (WB. 1:10) Malah, pas diélikké sepupuné, Zakharia, Yéhoas péngin matèni dhèwèké. (2 Bb. 24:​20, 21; Mat. 23:35) Yéhoas wis nggawé pilihan sing salah. Mbiyèn Yéhoas kuwi raja sing setya, tapi bar kuwi dhèwèké ninggalké Yéhuwah lan malah dadi pembunuh. Akhiré, dhèwèké dipatèni para abdiné dhéwé. (2 Bb. 24:​22-25) Nèk dhèwèké tetep ngrungokké Yéhuwah lan manut naséhaté wong-wong sing sayang Yéhuwah, mesthi dhèwèké ora bakal ngalami kaya ngono. Apa pelajarané?

7. Kowé kudu milih kanca sing kaya apa? (Deloken gambar kanggo paragraf 7.)

7 Pelajarané, kudu milih kanca sing marakké awaké dhéwé dadi wong sing apik, yaiku kanca sing sayang Yéhuwah lan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Kancané ora kudu sing sak umuran. Yéhoas waé kekancan karo Yéhoyada, sing umuré luwih tuwa. Pikirna, ’Apa kanca-kancaku marakké aku dadi tambah percaya Yéhuwah? Apa kanca-kancaku manut Yéhuwah lan nyemangati aku bèn ya manut Yéhuwah? Pas ngobrol, apa kanca-kancaku sering ngomongké Yéhuwah lan Alkitab? Nèk aku salah, apa kanca-kancaku gelem ngandhani aku?’ (WB. 27:​5, 6, 17) Sakjané, kowé ora perlu kekancan karo wong-wong sing ora sayang Yéhuwah. Tapi karo wong-wong sing sayang Yéhuwah, kowé kudu luwih akrab karo meréka. Meréka bakal selalu mbantu kowé.—WB. 13:20.

8. Nèk kowé nganggo média sosial, apa waé sing kudu dipikirké?

8 Média sosial kuwi bermanfaat kanggo komunikasi karo keluarga lan kanca. Tapi, saiki akèh-akèhé malah dienggo posting foto utawa vidéo bèn isa pamèr. Nèk kowé nganggo média sosial, pikirna, ’Tujuanku nganggo média sosial kuwi apa? Apa bèn isa nyemangati wong liya utawa bèn wong liya terkesan karo aku? Apa koméntar utawa postingané wong-wong ing média sosial marakké omongan, pikiran, lan tingkah lakuku dadi ora bener?’ Sedulur Nathan Knorr, sing tau dadi Pengurus Pusat, ngekèki naséhat, ”Nèk tujuanmu mung arep nyenengké manungsa, kowé ora bakal isa nyenengké sapa-sapa. Tapi nèk kowé nyenengké Yéhuwah, kowé isa nyenengké kabèh sing sayang Yéhuwah.”

KUDU RENDAH HATI

9. Yéhuwah wis mbantu Uzzia ngapa waé? (2 Babad 26:​1-5)

9 Uzzia nggawé pilihan sing bener. Pas isih enom, Raja Uzzia kuwi rendah hati. Dhèwèké ”wedi marang Gusti Allah sing bener”. (Wacanen 2 Babad 26:​1-5.) Uzzia urip nganti 68 taun. Selama dhèwèké manut karo Yéhuwah, Yéhuwah terus mberkahi dhèwèké. Uzzia isa ngalahké akèh mungsuhé lan nggawé pertahanané Yérusalèm luwih kuwat. (2 Bb. 26:​6-15) Kuwi kabèh merga bantuané Yéhuwah. Raja Uzzia mesthi seneng banget.—Pkh. 3:​12, 13.

10. Uzzia akhiré dadi piyé?

10 Uzzia nggawé pilihan sing salah. Merga wis kulina ngongkon-ngongkon wong, mungkin Uzzia dadi mikir nèk dhèwèké isa sak karepé dhéwé. Wektu kuwi, Uzzia mlebu ing baité Yéhuwah, terus mbakar dupa ing mézbah. Padahal sing éntuk mbakar dupa kuwi mung imam. (2 Bb. 26:​16-18) Pas diélikké Imam Agung Azaria, Uzzia malah nesu. Merga Uzzia wis ora setya, akhiré Yéhuwah ngukum dhèwèké. Dhèwèké kena kusta. (2 Bb. 26:​19-21) Nèk Uzzia terus rendah hati, dhèwèké mesthi ora bakal ngalami sing kaya ngono.

Nèk éntuk tugas-tugas tambahan, aja sombong. Tapi, kudu bersyukur karo Yéhuwah. (Deloken paragraf 11) d

11. Nèk rendah hati, awaké dhéwé piyé? (Deloken gambar kanggo paragraf 11.)

11 Pas kerajaané dadi tambah kuwat lan makmur, Uzzia lali nèk kuwi kabèh merga Yéhuwah. Apa pelajarané? Kudu éling, nèk éntuk tugas-tugas tambahan utawa hal-hal liyané sing apik kuwi asalé saka Yéhuwah. Dadi ora éntuk sombong, tapi kudu bersyukur karo Yéhuwah. b (1 Kor. 4:7) Kudu rendah hati ngakoni nèk ora sampurna lan butuh naséhat. Ana sedulur lanang sing umuré 60 ngomong, ”Wektu dinaséhati, aku belajar bèn ora gampang tersinggung. Aku gelem nampa naséhat, terus berupaya memperbaiki kesalahanku.” Nèk manut karo Yéhuwah lan terus rendah hati, awaké dhéwé isa bener-bener bahagia.—WB. 22:4.

TERUS NGGOLÈK TUNTUNANÉ YÉHUWAH

12. Apa buktiné nèk Yosia nggolèk tuntunané Yéhuwah? (2 Babad 34:​1-3)

12 Yosia nggawé pilihan sing bener. Yosia mulai nggolèk tuntunané Yéhuwah kèt umur 16. Dhèwèké seneng sinau soal Yéhuwah lan gelem manut karepé. Pas dhèwèké mréntah, wong-wong akèh sing nyembah allah-allah palsu. Tapi, dhèwèké kendel mbantu rakyaté bèn nglayani Yéhuwah manèh. Pas umuré kira-kira 20, Yosia mulai nyingkirké ibadah palsu saka bangsané.—Wacanen 2 Babad 34:​1-3.

13. Menurutmu, nglayani Yéhuwah kuwi maksudé apa?

13 Meskipun kowé isih cilik, kowé isa niru Yosia sing seneng sinau soal Yéhuwah lan sifat-sifaté. Mengko, kowé bakal dadi péngin nglayani Yéhuwah nganti saklawasé. Apa maksudé nglayani Yéhuwah saklawasé? Luke, sing dibaptis pas umur 14 taun, ngomong, ”Mulai saiki, aku arep ngutamakké Yéhuwah lan berupaya nggawé Dhèwèké seneng.” (Mrk. 12:30) Nèk nglayani Yéhuwah, kowé bakal diberkahi.

14. Critakna pengalamané cah-cah enom sing niru Raja Yosia.

14 Apa waé tantangan sing mungkin diadhepi cah-cah enom? Johan, sing dibaptis pas umur 12, crita nèk dhèwèké dipeksa kanca-kancané nge-vape. Bèn isa nolak, dhèwèké mikirké nèk nge-vape kuwi ora apik kanggo keséhatané lan marakké Yéhuwah ora seneng. Rachel, sing dibaptis pas umur 14, ya crita piyé carané ngadhepi tantangan ing sekolahan. Dhèwèké ngomong, ”Pas ngadhepi situasi tertentu, aku langsung ngubungké kuwi karo Yéhuwah utawa Alkitab. Misalé, pas pelajaran sejarah, aku langsung kèlingan kisah utawa ramalan ing Alkitab. Utawa pas omong-omongan, aku langsung kèlingan ayat sing isa tak critakké kanggo wong liya.” Mémang, tantanganmu isa waé ora padha karo sing diadhepi Raja Yosia. Tapi, kowé isa niru dhèwèké sing setya lan berupaya nglakoni sing bener. Nèk saiki waé kowé isa ngadhepi tantangan, sukmbèn kowé mesthi luwih siap ngadhepi tantangan liyané.

15. Apa sing marakké Yosia dadi péngin nglakoni sing bener? (2 Babad 34:​14, 18-21)

15 Pas umuré 26, Raja Yosia mulai ndandani bait. Nah wektu kuwi, ana sing nemu ”buku Hukum Yéhuwah sing diwènèhké liwat Musa”. Bar diwacakké, Yosia dadi péngin ngetrapké sing ditulis ing kono. (Wacanen 2 Babad 34:​14, 18-21.) Apa kowé ya péngin maca Alkitab saben dina? Nèk wis, apa kowé menikmati pembacaan Alkitabmu? Terus nèk ana ayat-ayat sing menarik, apa kuwi mbok cathet? Luke, sing disebutké mau, seneng nggawé cathetan sing isiné hal-hal menarik sing dhèwèké temokké pas sinau Alkitab. Nah, kowé isa niru carané Luke kuwi. Kuwi isa marakké kowé dadi gampang ngéling-éling ayat lan pelajarané. Nèk kowé tambah ngerti isiné Alkitab lan menikmati maca Alkitab, kowé ya dadi tambah péngin nglayani Yéhuwah. Terus kaya Raja Yosia, kowé ya dadi péngin nglakoni sing bener.

16. Yosia nggawé kesalahan apa, terus apa pelajarané?

16 Yosia nggawé pilihan sing salah. Pas umuré kira-kira 39, Yosia ora nggolèk tuntunané Yéhuwah tapi ngendelké kekuwatané dhéwé. Akibaté, dhèwèké mati. (2 Bb. 35:​20-25) Pelajarané, ora soal umuré pira utawa wis suwé sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu terus nggolèk tuntunané Yéhuwah. Kuwi berarti kudu rajin ndonga, sinau Alkitab, lan gelem ngrungokké naséhaté sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Nèk ngupayakké kuwi, kowé isa dadi luwih bahagia. Terus, kuwi ya isa nglindhungi bèn kowé aja nganti nggawé kesalahan sing gedhé.—Yak. 1:25.

CARANÉ BÈN ISA BAHAGIA

17. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Yéhoas, Uzzia, lan Yosia?

17 Ana akèh kesempatan sing isa dinikmati wektu isih enom. Kisahé Yéhoas, Uzzia, lan Yosia kuwi dadi bukti nèk cah enom isa nggawé pilihan sing bener lan nggawé Yéhuwah seneng. Mémang, cah telu kuwi tau nggawé kesalahan. Tapi, ya isih ana hal-hal apik sing isa ditiru. Nèk ngupayakké kuwi, kowé isa bahagia.

Pas isih enom, Daud akrab karo Yéhuwah, nggawé Dhèwèké seneng, lan uripé bahagia (Deloken paragraf 18)

18. Contoné sapa manèh sing isa dipelajari? (Deloken gambar kanggo paragraf 18.)

18 Ing Alkitab ya ana kisahé cah-cah enom liyané sing akrab karo Yéhuwah, nggawé Dhèwèké seneng, lan uripé bahagia. Salah sijiné Daud. Pas isih enom, dhèwèké milih nglayani Yéhuwah, terus dadi raja sing setya. Meskipun beberapa kali Daud nggawé kesalahan, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing setya. (1 Raj. 3:6; 9:​4, 5; 14:8) Nèk mempelajari kisahé Daud, kowé isa dadi péngin terus setya nglayani Yéhuwah. Terus, kowé ya isa mempelajari kisahé Markus lan Timotius. Meréka nglayani Yéhuwah kèt isih enom lan terus setya karo Yéhuwah. Merga milih nglayani Yéhuwah, meréka bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng.

19. Bèn isa bener-bener bahagia, kowé kudu piyé?

19 Pilihanmu saiki isa mempengaruhi masa depanmu. Nèk kowé ngendelké Yéhuwah dudu kesanggupanmu dhéwé, Yéhuwah bakal mbantu bèn kowé isa nggawé pilihan sing bener. (WB. 20:24) Kowé isa ngrasa puas lan bahagia. Élinga nèk apa waé sing mbok upayakké kuwi dihargai Yéhuwah. Ora ana sing isa marakké kowé bener-bener bahagia selain nglayani Yéhuwah.

LAGU 144 Terus Diharapké

a Cah-cah enom, Yéhuwah ngerti nèk bèn isa terus nglakoni sing bener lan akrab karo Dhèwèké kuwi ora gampang. Bèn isa nggawé pilihan sing bener lan nggawé Yéhuwah seneng, kudu piyé? Ayo sinau contoné cah-cah enom telu sing dadi raja ing Yéhuda.

b Deloken kothak ”Apa Kowé Kétoké Rendah Hati Ning Sakjané Sombong?” sing ana ing artikel jw.org ”Apa Terkenal ing Média Sosial Kuwi Penting?”

c GAMBAR: Sedulur wédok ngekèki naséhat kanggo cah enom.

d GAMBAR: Sedulur wédok sing diwawancara ing pertemuan wilayah. Dhèwèké ngendelké Yéhuwah lan péngin bèn Yéhuwah waé sing dipuji.