Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cobanen Iki

Cobanen Iki

Kegiatan kanggo Bocah-Bocah

Wong tuwa kuwi tanggung jawabé ngajari anak-anak soal Yéhuwah. (Éf. 6:4) Kanggo bahan ngajariné, organisasi wis nyedhiakké akèh artikel, vidéo, lan lagu. Piyé carané wong tuwa isa nganggo bahan-bahan kuwi?

  • Mbukak JW.ORG. Ing situs wèb kuwi ana akèh bahan-bahan kanggo cah enom, termasuk vidéo lan artikel. a Carané nggolèki, ketiken ”Bocah-Bocah” utawa ”Cah Enom” ing kothak pencarian.

  • Milih bahan sing cocog. Ing bagéan ”Bocah-Bocah” isa milih vidéo, lagu, lan artikel sing sesuai karo kebutuhan anaké njenengan.

  • Mbahas bareng karo anak-anak. Vidéo lan bahan-bahan ing jw.org ora dirancang mung bèn anak-anak nduwé kegiatan. Kuwi kudu dibahas bareng bèn anak-anak isa tambah akrab karo Yéhuwah.

a Vidéo lan artikel kuwi ya ana ing JW Library®.