Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 37

Kaya Simson, Selalu Ngendelké Yéhuwah

Kaya Simson, Selalu Ngendelké Yéhuwah

”Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku.”—PH. 16:28.

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Ngapa kok kisahé Simson kuwi apik kanggo dipelajari?

 NÈK krungu jeneng Simson, apa sing njenengan bayangké? Mungkin langsung kebayang nèk dhèwèké kuwi wong sing kuwat banget. Tapi menurut Alkitab, dhèwèké tau nggawé kesalahan. Tapi Yéhuwah ndelok upayané dhèwèké bèn tetep setya. Mulané, kisahé ditulis ing Alkitab.

2 Yéhuwah milih Simson kanggo mbébaské bangsa Israèl. Sakwisé Simson mati, Yéhuwah ngongkon Paulus nulis jenengé Simson ing daftar wong-wong sing imané kuwat. (Ibr. 11:​32-34) Simson ngendelké Yéhuwah meskipun situasiné ora gampang. Contoné Simson kuwi apik banget. Ayo awaké dhéwé mbahas piyé carané niru Simson.

SIMSON PERCAYA KARO YÉHUWAH

3. Simson dikèki tugas apa?

3 Pas Simson lair, bangsa Israèl lagi dikuwasani lan ditindhes wong Filistin. (PH. 13:1) Wong Filistin kuwi kejem banget, makané bangsa Israèl sengsara. Yéhuwah milih Simson kanggo ”nylametké Israèl saka wong Filistin”. (PH. 13:5) Tugas kuwi angèl banget. Makané bèn berhasil, Simson kudu bener-bener ngendelké Yéhuwah.

Simson percaya Yéhuwah. Dhèwèké gelem nganggo apa waé sing ana bèn karepé Yéhuwah kelakon. (Deloken paragraf 4-5)

4. Bèn Simson ora sida dicekel wong Filistin, Yéhuwah mbantuné piyé? (Para Hakim 15:​14-16)

4 Ayo ndelok buktiné nèk Simson percaya lan ngendelké Yéhuwah. Wektu kuwi, wong Filistin arep nyekel Simson ing Lèhi, ing Yéhuda. Wong-wong Yéhuda wedi. Makané, Simson ditalèni nganggo tali loro sing isih anyar, terus Simson diserahké ing wong Filistin. (PH. 15:​9-13) Tapi, ”roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan”. Makané, tali-tali mau isa pedhot saka tangané. Bar kuwi Simson njupuk ”tulang rahang keledai lanang sing lagi waé mati” kanggo matèni wong Filistin 1.000.—Wacanen Para Hakim 15:​14-16.

5. Apa buktiné nèk Simson ngendelké Yéhuwah?

5 Simson matèni wong Filistin nganggo tulang rahang keledai. Sakjané kuwi bukti nèk dhèwèké ngendelké Yéhuwah. Kok isa? Tulang rahang keledai kuwi dudu senjata kanggo perang. Simson ngerti nèk sing marakké menang kuwi Yéhuwah, dudu senjatané. Mulané, dhèwèké nganggo apa waé sing ana wektu kuwi bèn karepé Yéhuwah kelakon. Dadi, merga bener-bener ngendelké Yéhuwah, Simson isa menang.

6. Kaya Simson, bèn isa berhasil ngrampungi tugas-tugas, awaké dhéwé kudu piyé?

6 Saiki, Yéhuwah ya isa ngekèki kekuwatan bèn awaké dhéwé isa ngrampungi akèh tugas. Bahkan, termasuk tugas sing abot. Malah, Yéhuwah ya isa mbantu nganggo cara sing ora tau awaké dhéwé pikirké. Kaya Simson, awaké dhéwé ya mesthi isa berhasil nèk percaya lan ngendelké Yéhuwah.—WB. 16:3.

7. Critakna conto ngapa kok kudu nggolèk petunjuké Yéhuwah.

7 Akèh sedulur-sedulur sing mbantu proyèk pembangunan ya mbuktèkké nèk percaya lan ngendelké Yéhuwah. Mbiyèn, carané organisasi nggawé Balai Ibadah kuwi mbangun saka awal. Tapi, merga ana luwih akèh sing gabung ing organisasi, awaké dhéwé butuh luwih akèh Balai Ibadah. Mulané, para pengawas ndonga njaluk petunjuk saka Yéhuwah, terus nyoba cara-cara anyar. Misalé, tuku bangunan sing wis ana, bar kuwi dirénovasi. Sedulur Robert, sing wis beberapa taun mbantu akèh proyèk pembangunan ing sak donya ngomong, ”Awalé, perubahan iki ora gampang kanggo beberapa sedulur. Merga, carané béda banget karo sing sakdurungé, sing wis bertaun-taun dilakoni. Tapi, merga sedulur-sedulur manut lan gelem nyoba cara sing anyar, Yéhuwah mberkahi.” Iki salah siji conto piyé Yéhuwah nuntun umaté bèn sing Dhèwèké karepké kelakon. Awaké dhéwé kudu terus mikirké, ’Apa aku selalu nggolèk petunjuk saka Yéhuwah lan berupaya manut karo petunjuk sing paling anyar?’

SIMSON MANFAATKÉ KABÈH PERSEDIAANÉ YÉHUWAH

8. Pas ngelak banget, Simson piyé?

8 Ing Alkitab ya dicritakké nèk Simson tau matèni singa dhèwèkan, terus matèni wong Filistin 30 dhèwèkan ing kutha Askélon. (PH. 14:​5, 6, 19) Simson ngerti nèk dhèwèké isa kaya ngono merga Yéhuwah. Apa buktiné? Bar matèni wong Filistin 1.000, Simson ngelak banget. Tapi dhèwèké ora nggolèk banyu dhéwé, ning njaluk tulung karo Yéhuwah.—PH. 15:18.

9. Piyé Yéhuwah njawab dongané Simson? (Para Hakim 15:19)

9 Yéhuwah njawab dongané Simson. Yéhuwah nggawé lubang, terus ana banyu mili saka kono. Pas Simson ngombé, ”tenagané dadi pulih, lan dhèwèké dadi seger manèh”. (Wacanen Para Hakim 15:19.) Kétoké, sumber banyu kuwi isih ana pas Nabi Samuèl nulis buku Para Hakim. Wektu ndelok sumber banyu kuwi, wong Israèl dadi éling nèk Yéhuwah bakal nulungi umaté sing ngendelké Dhèwèké.

Tenagané Simson isa pulih manèh merga ngombé banyu saka Yéhuwah. Awaké dhéwé isa terus semangat nglayani Yéhuwah nèk gelem nampa kabèh persediaané Yéhuwah liwat organisasiné. (Deloken paragraf 10)

10. Kudu piyé bèn isa nampa bantuané Yéhuwah? (Deloken gambar kanggo paragraf 10.)

10 Ora soal bakat, ketrampilan, utawa pengalaman apa sing diduwèni, awaké dhéwé kudu selalu njaluk bantuané Yéhuwah. Kudu rendah hati ngakoni nèk isa berhasil kuwi mung nèk ngendelké Yéhuwah. Tenagané Simson isa pulih manèh merga ngombé banyu saka Yéhuwah. Awaké dhéwé isa terus semangat nglayani Yéhuwah nèk gelem nampa kabèh persediaané Yéhuwah liwat organisasiné.—Mat. 11:28.

11. Bèn éntuk akèh manfaat saka bantuané Yéhuwah, kudu piyé? Kèkana conto.

11 Contoné, Sedulur Aleksey saka Rusia. Meskipun dianiaya, dhèwèké isa tetep semangat. Kok isa? Dhèwèké karo bojoné rajin sinau Alkitab lan ngibadah. Aleksey crita, ”Aku berupaya bèn isa rutin pelajaran pribadi lan maca Alkitab saben dina. Saben ésuk, aku karo bojoku mbahas ayat harian lan ndonga bareng.” Apa sing isa dipelajari? Kudu luwih ngendelké Yéhuwah daripada kemampuané dhéwé. Carané, kudu rajin sinau Alkitab, ndonga, teka ing pertemuan ibadah, lan nginjil. Yéhuwah bakal mberkahi upayané awaké dhéwé kanggo nglayani Dhèwèké. Kaya Yéhuwah wis nguwatké Simson, Yéhuwah ya bakal nguwatké awaké dhéwé.

SIMSON BERTÉKAD TERUS NGLAYANI YÉHUWAH

12. Simson nggawé keputusan apa, lan ngapa kok kuwi salah?

12 Simson kuwi ya manungsa sing ora sampurna, dadi dhèwèké tau nggawé keputusan sing salah. Sakdurungé, Yéhuwah ”nggolèk kesempatan arep nglawan wong Filistin”. Dadi Simson dikon nikah karo wong wédok Filistin. Terus, Simson ya tau manggon ing omahé pelacur ing kutha Gaza ing Filistin. Pas ing kono, Yéhuwah ngekèki Simson kekuwatan bèn isa nyopot gerbangé kutha kuwi. Akhiré, kutha kuwi isa dikalahké. (PH. 14:​1-4; 16:​1-3) Tapi bar kuwi, dhèwèké malah ”kepéncut karo wong wédok saka Lembah Sorèk. Jenengé Délila”. (PH. 16:4) Kuwi dudu karepé Yéhuwah, soalé Délila dudu wong Filistin.

13. Délila ngapa waé nganti akhiré Simson kélangan kekuwatané lan ditinggalké Yéhuwah?

13 Délila dibayar wong Filistin bèn mengkhianati Simson. Dadi saben dina Délila meksa Simson bèn ngandhani rahasia kekuwatané. Mungkin merga saking sayangé, Simson percaya waé karo Délila, terus akhiré crita. Akibaté, Simson kélangan kekuwatané lan Yéhuwah ninggalké dhèwèké.—PH. 16:​16-20.

14. Apa akibaté merga Simson luwih percaya Délila?

14 Merga luwih percaya Délila timbang Yéhuwah, Simson dadi sengsara. Dhèwèké dicekel wong Filistin, terus mripaté dicungkil. Simson dipenjara ing Gaza, padahal wong-wong ing kono mbiyèné tau diisin-isinké Simson. Ing penjara, dhèwèké dadi budhak lan dikon nggiling gandum. Bar kuwi, wong Filistin nggawé pésta dienggo Dagon, déwané, merga nganggep nèk Dagon sing marakké Simson isa kecekel. Simson digawa ing pésta kuwi kanggo ”diécé” lan diisin-isinké ing ngarepé wong akèh.—PH. 16:​21-25.

Yéhuwah ngekèki Simson kekuwatan bèn isa ngalahké wong Filistin (Deloken paragraf 15)

15. Apa buktiné Simson ngendelké Yéhuwah manèh? (Para Hakim 16:​28-30) (Deloken gambar halaman 1.)

15 Meskipun wis nggawé kesalahan, Simson tetep péngin nglayani Yéhuwah. Dhèwèké nggolèk kesempatan ngalahké wong Filistin merga kuwi karepé Yéhuwah. (Wacanen Para Hakim 16:​28-30.) Simson ndonga, ”Oh Gusti Allah, tulung aku éntuk mbales wong Filistin.” Yéhuwah njawab dongané Simson, terus akhiré dhèwèké nduwé kekuwatan manèh. Hasilé, Simson isa matèni wong Filistin luwih akèh timbang sing dhèwèké patèni sakdurungé.

16. Apa sing isa dipelajari saka Simson?

16 Meskipun sengsara merga kesalahané, Simson berupaya bèn terus nglakoni karepé Yéhuwah. Nèk tau nggawé salah, terus didisiplin, utawa ora éntuk tugas-tugas tambahan ing jemaat manèh, awaké dhéwé kudu tetep semangat nglayani Yéhuwah. Kudu éling nèk Yéhuwah seneng ngampuni. (Mzm. 103:​8-10) Meskipun tau nggawé salah, awaké dhéwé tetep dianggep berguna karo Yéhuwah.

Kaya Simson, meskipun tau nggawé kesalahan, kudu bertékad tetep nglayani Yéhuwah (Deloken paragraf 17-18)

17-18. Apa sing isa dipelajari saka contoné Michael? (Deloken gambar kanggo paragraf 17-18.)

17 Ana sedulur lanang enom jenengé Michael. Dhèwèké nglayani dadi abdiné jemaat lan perintis biasa. Tapi dhèwèké nggawé kesalahan, terus akhiré ora éntuk tugas tambahan manèh ing jemaat. Michael crita, ”Mbiyèn aku sibuk banget kanggo Yéhuwah. Tapi saiki aku ngrasa ora berguna manèh kanggo Yéhuwah. Ya aku ngerti Yéhuwah ora bakal ninggalké aku, tapi aku ya mikir, ’Apa isa aku akrab manèh karo Yéhuwah kaya mbiyèn?’ Terus, ’Apa isa aku éntuk tugas-tugas tambahan manèh ing jemaat?’”

18 Michael crita, ”Aku berupaya bèn isa akrab manèh karo Yéhuwah. Aku kerep ndonga, lan kerep sinau lan ngrenungké Alkitab.” Akhiré, Michael éntuk tugas tambahan manèh ing jemaat. Saiki, dhèwèké dadi pinituwa lan perintis biasa. Dhèwèké ngomong, ”Sedulur-sedulur, terutama para pinituwa, terus nyemangati aku. Aku dadi ngrasakké nèk Yéhuwah isih sayang karo aku. Aku isa nglayani manèh ing jemaat, terus hati nuraniku ya pénak. Aku dadi ngerti nèk Yéhuwah mesthi gelem ngampuni wong sing bener-bener mertobat.” Meskipun tau nggawé kesalahan, tapi nèk mertobat, ora mbalèni manèh kesalahané, lan terus ngendelké Yéhuwah, awaké dhéwé isih berguna kanggo Yéhuwah. Yéhuwah ya bakal mberkahi awaké dhéwé.—Mzm. 86:5; WB. 28:13.   

19. Bar mbahas kisahé Simson iki, apa njenengan ngrasa dikuwatké? Lha ngapa?

19 Awaké dhéwé wis mbahas kisahé Simson. Meskipun ora sampurna lan tau nggawé salah, Simson tetep semangat nglayani Yéhuwah. Yéhuwah ya isih gelem ngekèki tugas lan mbantu Simson. Yéhuwah nganggep Simson kuwi wong sing imané kuwat. Makané, jenengé ditulis ing daftar sing ana ing Ibrani Bab 11. Rasané seneng banget isa nglayani Gusti Allah sing seneng nguwatké, terutama pas awaké dhéwé lemah. Kaya Simson, awaké dhéwé isa ngomong karo Yéhuwah, ”Tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku.”—PH. 16:28.

LAGU 3 Kekuwatan, Harapan, lan Sing Tak Percaya

a Simson kuwi tokoh Alkitab sing terkenal. Bahkan wong-wong sing ora patia ngerti soal Alkitab waé biasané ngerti kisahé. Soalé, kisahé wis tau digawé drama, lagu, lan film. Tapi, kisahé Simson kuwi ora mung crita. Ana akèh sing isa dipelajari saka Simson.